You are on page 1of 1

JAMAN EDAN

1. Jaman edan tingkah titah gal-ugalan, dajal setan jejogedan … keturutan;


Antuk bala wong kadonyan, wangkal mring dhawuh Pangeran.

2. Tumrap jalma kang duraka luber dosa, tan weruh ana nugraha … king
Kuwasa;
Al-Masih ya Mahdi kita wus tedhak ing marcapada.

3. Imam Mahdi kautus dening Ilahi, mecah salib mbrasta babi … ya ngadili;
Sadaya rupi agami. Namung Islam kang hakiki.

4. Siswane Al-Masih wajib sregep tabligh. Mring sesame welas asih .. tanpa
pamrih;
Luwih nulung wong kang ringkih. Nugraha sigra kepanggih.

5. Wong jemaat kang taat nizham khilafat. Krasa nikmat antuk berkat … lan
ma‘rifat;
Contonen para sahabat. Ndarbeni tekat kang kuat.

6. Para da‘i ing negari kita iki. Ing bab tabligh aywa lali … kang taberi;
Nuhoni mring dhawuh suci. Jihad ing margi Ilahi.

7. Indonesia kudu pikantuk nugraha, iki dina tata-tata … amakarya;


Program bai‘at sadonya. Insya Allah kita jaya.

8. Kang prayitna dajal nyebarke pawarta. Gusti Allah apeputra … nyata dora;
Tumrap jalma kang percaya. Wismanira aneng neraka.

9. Nasara nyata sulaya king agama. Gusti Allah ana tiga … syirik kubra;
Yesus isih ing angkasa. Ahmadi ora percaya.

10. Keh ulama tingkahe na‘udzubillah. Tansah mitnah Ahmadiyah … nadyan


kathah;
Para korban mubahalah kenging laknat Gusti Allah.

11. Wong kang turu tan mituhu marang guru. Anak putu aywa niru .. iku kleru;
Ayo mlaku terus maju. Nggayuh ilmu kang satuhu.

Semarang, 2 Oktober 2016.


Suko Zatmiko

You might also like