You are on page 1of 4

SDI DARUT TAQWA SURABAYA

Jl. Dukuh Kupang XXIII/ 14 A Surabaya


PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP
MATA PELAJARAN : BASA JAWA KELAS : I/…
WAKTU : 60 Menit HARI/TGL : Jumat, 11 Maret 2022

TTO TTG NILAI


NAMA LENGKAP : ……………………………….

PLESIR ING PESISIR KENJERAN


Saiki preian sekolah.
Aku, Ibu, Bapak lan mbak Dewi dolan menyang pesisir Kenjeran.
Atiku seneng banget.
Weruh sesawangan endah ing sakiwa tengene dalan.
Jam 11 aku tekan Kenjeran.
Rame banget swasanane.
Aku karo mbak Dewi banjur dolanan wedhi.
Nalika dolanan ora sengaja gambare mbak Dewi dakrusakake.
“Sepurane ya mbak, aku ngrusakake gambarmu.”
“Iya dhi, ora apa-apa.”
Sawise cukup, aku sakluarga mulih.
I. WANGSULANA PITAKON IKI !
1. Kapan Bima, Ibu, Bapak, lan mbak Dewi dolan ? ____________________________

2. Olehe dolan menyang ngendi ? ___________________________________________

3. Jam pira tekane pesisir ? ________________________________________________

4. Gambare sapa sing rusak ? ______________________________________________

5. Kepriye swasanane ing pesisir Kenjeran ? __________________________________

II. WENEHANA TANDHA (X) ING AKSARA JAWABAN SING BENER !


6. Plesir ing pesisir Kenjeran. Tembung plesir tegese ….
A. dolan B. mulih C. sepedhahan
7. “Matur nuwun ya Siti, wingi wis dikancani dolan”. Ukara kuwi kalebu ukara ….
A. pangapura B. panuwun C. pitakon
8. “Bima, sepurane aku budhal dhisik ya”. Ukara kuwi kalebu ukara ….
A. pangapura B. panuwun C. pitakon
9. Ukara pangapura digunakake kanggo ….
A. njaluk pangerten B. njaluk pitulungan C. njaluk sepura

10. Bapak : “Ayo di, tak rewangi masang dolananmu”.


Adi : ……………………………………………..

Ukara sing kudu diucapake Adi marang Bapak yaiku …


A. Nggih Pak, maturnuwun.
B. Ora usah Pak, suwun ya.
C. Aku wis iso dewe pak.

GUGUR GUNUNG
Saiki dina Minggu.
Warga desa Sukamaju nganakake kerja bakti utawa gugur gunung.
Warga padha tangi esuk.
Kabeh ngumpul ing bale desa banjur senam dhisik.
Sawise senam warga nyiapake alat sing digawa.
Ana sing nggawa pacul, arit, sapu korek, gunting suket, lan garu.
Warga kerja bakti ngresiki uwuh, suket sing thukul dhuwur, lan got.
Semangat banget anggone resik-resik.
Warga ngerti yen karesikan nuwuhake kasarasan.

11. Gugur gunung yaiku ….


A. kerja bakti B. lomba C. senam

12. Warga padha gumregah tangi ….


A. awan B. isuk C. sore

13. Karesikan bisa nuwuhake ….


A. kapinteran B. kasarasan C. ketrampilan

14. Rini nyapu latar nganggo ….


a. b. c.

15.

Gambar ing dhuwur kuwi jenenge …..


A. arit B. pacul C. sapu
III. TATANEN TEMBUNG ING NGISOR IKI SUPAYA DADI UKARA KANG BENER !

16. Pitakonan : Pak Joni ngapura nyuwun

Wangsulan : ………… ………… …………

17. Ibu – ana – masak – pawon

18. Bima – latar – resik-resik

IV. TULISEN UKARA ATUR PANUWUN UTAWA NYUWUN PANGAPURA SING MATHUK!

19.

Ukaraku ………………………………………………

20.

Ukaraku ………………………………………………
V. NYOCOGAKE GAMBAR !

1. Nyapu jogan

2. Nyirami latar

Nyapu latar
3.

Nyidhuk banyu
4.

Nutuk paku
5.

You might also like