You are on page 1of 5

SOAL UJIAN SEKOLAH

SMA ISLAM DIPONEGORO SURAKARTA


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ Program : XII MIPA IPS
Hari/Tanggal :
Waktu :
A. Choose the correct option by giving crosswise mark (X) on the A,B,C,D, or E.
1. Wacana ingkang beberaken analisis proses kanthi narasi
A. Teks narasi C. Teks deskripsi D. Teks eksposisi
B. Teks persuasi E. Teks argumentasi

2. Ingkang boten kalebet pola pengembangan paragraf eksposisi


A. contoh, perbandingan C. proses D. analogi
B. urutan wektu E. sebab akibat

3. Wewaler tegesipun
A. ora ilok B. larangan C. ora apik D. pituduh E.budaya

4. Aja ngidoni sumur, mengko ....


A. lambene suwing C. lambene gatel D. lambene abuh
B. lambene nggula satemplik E. dadi kembang lambe

5. Aja nglungguhi bantal, mengko ....


A. Setruken C. wudunen D. kankeren
B. Jantungen E. koronanen

6. Aja mangan karo turon, mengko dadi …


A. ayam B. jaran C. ula D. kethek E. kucing

7. Yen nyapu ora resik, mengko bojone …


A. kumisen B. gundul C. brewokan D. gondrong E. jenggoten

8. Aja dolanan beras, mengko drijine …


A. kotor B. kithing C. gatel D. dawa E. kraket

9. Aja mangan ing tengah lawing, mengko jodhone …


A. balik maneh B. seneng C. akeh D. susah E. gampang pegatan

10. Aja payungan ing jero omah, mengko …


A. dikira edan C. diguyu wong D. disamber bledhek
B. diomong wong E. nyamplok lampu

11. Yen isih jaka utawa prawan aja mangan kebel,mengko jodhone …
A. adoh B. duda C. randha D. junga E. mlayu

12. Aja dolan wayah surup/sandikala/maghrib, mengko ....


A. digondhol kuntilanak C. digondhol jin D. digondhol tuyul
B. digondhol kalongwewe E. digondhol pocong
13. Yen ngandhut aja metu wayah purnama, mengko …
A. jabang bayine dipangan kurawa D. jabang bayine dipangan buta
B. jabang bayine dipangan rahwana E. jabang bayine dipangan dewa
C. jabang bayine dipangan batharaa kala

14. Aja singsot wayah bengi, iku ngundhang ….


A. mala B. setan C.bahaya D. bencana E. prakara

15. Yen nuding kuburan, drijine kudu ....


A. diemut B. dilat C. dicokot D. dicucrup E. didamuni

16. Yen wia aweh aja dijaluk maneh, mengko …


A. gondhoken C. amandel D. gulunedawa
B. telake radang E. ngomonge pelo

17. Aja nganggo klambi ijo ing gisik utowo pante, mengko ….
A. digeret ombak C. digeret prau D. digeret iwak
B. digeret nelayan E. digeret Rara Kidul

18. Aja ngetoki kuku wayah ….


A. esuk B. sore C. awan D. bengi E. bedhug

19. Yen lagi ngandhut aja mateni kewan, mengko …


A. anake duraka C. anake nakal D. anake cacad
B. anake aleman E. anake mati

20. Aja dol tinuku …. ing wayah bengi


A. dom B. kaca C. jungkat D. benang E. sembako

21. Yen maem kudu dientekake, yen ora mundhak pitik ing kendang mati. Artine…..
A. Kalau kita makan, semua ayam di kandang akan mati
B. Kalau makan,jangan dihabiskan, nanti ayam di kandang mati
C. Kalau makan harus di habiskan agar tidak mubadzir
D. Kalau makan harus di habiskan, kalau tidak nanti semua ayam akan mati
E. Kalau makan jangan di habiskan, kalau tidak nanti semua ayam akan mati

22. Aja Tangi Kawanen Mundhak Rejekine Ditothol Pitik.tegase.


A. Jangan bangun kesiangan nanti rejekinya diambil ayam
B. Bangun kesiangan itu baik dan dapat rejeki dari ayam
C. Kita harus rajin bangun pagi, agar rejeki tidak direbut orang
D. Bangun kesiangan membuat rejeki seseorang naik.
E. Jangan bangun kesiangan nanti dipatok ayam.

23. Ngisor iki klebu bebendu kang ora percaya wewaler, kajaba ….
A. Bisa adoh rejekine C. Tansah lelara D. Ora kedawa uripe
B. Uripe tansah sengsara E. Entuk pituduh saka Gusti

24. Wewaler lumrahe ditujokake kanggo ….


A. Wong tuwa B. Leluhur C. Pamong D Para mudha E. Kaum alit
25. Ngisor iki kang ora klebu titikane teks eksposisi yaiku ….
A. Wose wacan adedhasar kasunyatan D. Wose duweni sipat subjektif
B. Ngemot sawijining panemu E. Didhapuk kanthi analisis
C. Duweni struktur tesis, argumentasi, lan dudutan

26. Kuku punika wangunipun gepeng landhep, menawi kangge kukur-kukur saged ngrisakaken
kulit. Menapa malih anggenipun kukur-kukur saweg pinuju tilem, lajeng kesupen dhateng
raos sakit, namung sakeca raos gatel kinukur. Wekasan babak ing wanci siyang punika lajeng
ngungun getun.
Wewaler kang trep kanggo pratelan ing dhuwur yaiku ….
A. Ajanggunting kuku wayah wengi D. Aja ngingu kuku nganti dawa
B. Aja ngingu kuku mundhak dipanggoni setan E. Aja sok ngingu kuku mundhak lelara
C. Aja sok ngingu kuku yen ceklek mundhak getun

27. Gugun tuhon salugune kayadene crita dongeng kuno kang medharake bocah sukerta menawa
ora diruwat bakal dipangan dening Bathara Kala
Ngisor iki kang diarani bocah sukerta sarimpi yaiku ....
A. Bocah lanang siji tanpa tunggal D. Bocah wadon siji tanpa tunggal
B. Bocah papat lanang kabeh kakang adhi E. wadon loro kakang adhi
C. Bocah papat wadon kakang adhi

28. Pratelan ing ngisor iki kang ora klebu wewaler yaiku ….
A. Mulih layat adus kramas D. Turu kemulan slimut
B. Mbedholi pitik karo guneman E. Nglunggahi bantal mundhak wudunen
C. Mangan ora entek mundhak pitike mati

29. Kang diarani gugon tuhon yaiku...


A. samubarang kang bisa nyembadani prakara
B. samubarang sing gawe rasa was sumelang
C. kanggo pengajarane wong Jawa
D. kapercayan wong Jawa marang sawenehing bab
E. samubatang kang bisa digugu lan dituhoni dening wong Jawa

30. kang kalebu bocah sukerta yaiku...


A. Bocah cilik C. Bocah ontang-anting D. Bocah lara-laranen
B. Bocah lima lanang kabeh E. Bocah rambut gimbal

Wewaler Luhur Uri ping Madyaning Bebrayan


Manungsa urip ing alam donya ora bisa uwal saka tepa slira lan samad sinamadan. Kudu
nggatekake marang welinge para leluhur kang kebak ing kautaman. Para leluhur wis akeh paring
patuladhan becik marang turune kang awujud wewaler utawa pitutur kabecikan.
Minangka anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwa kaya dene wewaler wong jawa
aja sira wani marang wong atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka kang murbeng dumadi.
Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone wong jawa , wong tuwa iku utama
ateges kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan ngurmati ateges diarani anak sing bekti.
Menawa matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa kang alus lan kepenak
dirungokake, ya mesthine nganggo basa jawa karma. Aja pisan- pisan wani marang wong tua
amarga wani marang wong tuwa iku bisa diarani ana kang duraka lan bisa kuwala. Penganggepe
wong jawa wong tuwa kang nandhang tatu atine amarga saka tumindak duraka anake, apa kang
kewetu saka pangucape bisa malati tumrap anak.

31. Tulisen pokok- pokok isine teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!

32. Tulisen isine teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!

33. Tulisen pitutur luhur kang ana ing teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!

34. Tulisen gegayutane pitutur luhur kang ana ing teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!
karo kahanan bebrayan wektu saiki!

35. Wenehana panemumu marang isine teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan!
Kunci
Paragraf I
Manungsa urip ing donya kudu tepa slira
Paragraf II
Anak kudu urmat marang wong tuwa
Paragraf III
Matur marang wong tuwa nganggo basa kang alus

Teks wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan isine ngancarake menawa manungsa urip ing
donya kudu nduwe tepa slira marang wong liya utamane karo wong tuwane dhewe kudu tansah
ngajeni lang ngormati wong tua.

 Uri ping donya kudu nduwe tepa slira marang wong liya
 Anak kudu urmat marang tuwa
 Menawa matur nganggo basa sing sopan
 Anak kudu bekti marang wong tuwane

Ing jaman saiki akeh anak kang ora bekti marang tuwane, ana anak kang ora gelem ngakoni
wong tuwane

Wewaler Luhur Ing Madyaning Bebrayan iku isine cocok karo kahanan ing jaman saiki amarga
saiki akeh anak kang wes ngalekake unggah ungguh utamane marang wong tuwane dhewe

You might also like