You are on page 1of 7

SOAL UTS 1 BASA JAWA KELAS XI

1. Serat Wedhatama menika salah setunggaling karya sastra Jawa ingkang dipun anggit
dening ....
A. Kanjeng Gusti Pangeran Aryo Adipati Mangkunegara IV
B. Kanjeng Pangeran Gusti Aryo Adipati Mangkunegara IV
C. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo Mangkunegara IV
D. Gusti Kanjeng Pangeran Adipati Aryo Mangkunegara IV
E. Gusti Pangeran Adipati Kanjeng Aryo Mangkunegara IV
2. Serat Wedhatama miturut L. Mardiwasito inggih menika saking salah setunggaling tembung
tama, tegesipun ....
A. becik
B. putra
C. pitutur
D. pathokan
E. ilmu pangerten
3. Tama miturut R. Tanojo tegesipun ....
A. becik
B. putra
C. pitutur
D. pathokan
E. ilmu pangerten

Gatekaken jinising tembang Macapat ing ngandhap menika!


1. Maskumambang
2. Mijil
3. Kinanthi
4. Sinom
5. Asmaradana
6. Gambuh
7. Dhandhanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
4. Tembang ingkang wonten ing Serat wedhatama inggih menika ....
A. 3-6-7-9-11
B. 2-4-6-9-11
C. 2-5-6-9-10
D. 2-7-9-10-11
E. 3-4-6-9-11
5. Wose/isi kawicaksanaan sejati ingkang wonten Serat Wedhatama minangka saking
tembang ....
A. Durma
B. Pangkur
C. Pocung
D. Megatruh
E. Dhandhanggula
6. Tembang ingkang gadhai watek lucu inggih menika ....
A. Durma
B. Pocung
C. Megatruh
D. Dhandhanggula
E. Maskumambang

7. Cacahing larik saben sapada tembang dipunwastani ....


A. Guru lagu
B. Guru gatra
C. Guru swara
D. Guru wilangan
E. Guru lumaksita

Gatekaken tembang macapat ing ngandhap menika!


Pocung
Basa ngelmumupakate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah Jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara
8. Tegesipun gatra ingkang kaping sekawan inggih menika....
A. Satriya saking Tanah Jawi
B. Kedah prihatos nalika madosi ngelmu
C. Madosi ngelmu kedah sabar lan ikhlas
D. Rumiyin ingkang dados cecepengan tigang perkawis
E. Gesang wonten ing alam donya kedah kaliyan ngelmu
9. Amanat menapa ingkang saged dipun pendhet saking tembang ing nginggil....
A. Madosi ngelmu kanthi temen
B. Madosi ngelmu menika wajib hukume
C. Narima ing pandum
D. Dados tiyang kedah sabar
E. Dados murid kedah hormat dhateng guru

10. Novel menika salah setunggaling karya sastra modern kang awujud ....
A. rima
B. sajak
C. cerkak
D. parikan
E. gancaran
11. Gagasan ingkang dados dhasaring cariyos wonten novel dipunwastani....
A. alur
B. tema
C. paraga
D. amanat
E. sudut pandang
12. Piwulang utawi pitutur luhur ing salebeting cariyos inggih menika unsur intrinsik novel
ingkang dipunwastani ....
A. alur
B. tema
C. paraga
D. mandhat
E. sudut pandang

Gatekaken wacan ing ngandhap menika!


GEGER WONG NDEKEP MACAN
....................................................................................................................................................
.....
Nartem gumun karo bujangan sing urip dhewekan neng gubug ndhuwur mbalong,
merga nduwe jasa sing gedhe banget aring wong-wong padhukuhan Puncrit. Siki dadi wis
padha ora tau mikuli ember isi banyu sekang Kali Lanang maning. Dheweke sing ngada-ada
ngunggahna banyu kali Lanang aring padhukuhan Puncrit. Kambi kabeh warga, dheweke
mbendung kali Lanang karo mbangun kincir angin.Banyune banjur detandhon aring bak
gedhe.Kambi talang sekang pring petung, desalurna aring padhukuhan Puncrit.Neng warga
nggo pranti ngombe, adus, ngumbahi klambi, asah-asah grabah, nyirami tanduran karo nggo
ngengu iwak.
Polatane sing nduwe balong kalem pisan, uga ora kakehan omong, ningen temindak
apike aring warga padhukuhan Puncrit ngadhug-adhug. Dheweke sregep ngurusi
keperluwane tangga teparone, nganti awake dhewek kapiran ora keurus. Klambi regede
pating klemburug neng njogan, merga gole ngumbahi kantru.Grabah kotore pating
mbesasah, merga ora kober asah-asah grabah.Liwet, masak karo mangan delakoni
dhewekan. Mula kuwe Nartem banjur kepengin ngabekti, kadar padha dene wong legan ikih.
Jalaran wis kadhung konangan, siki dadi ora isin-isinan maning nyemplungna runtah
restoran aring mbalonge. Uga, ora isin-isinan ngrobyok mbalonge angger panthuran guangan
banyune bebel merga kesumpel lontop. Kambi bilah dheweke ngogrok-ogrok panthurane.
Nartem dudu siji sijine nonoman Gegerbuta sing ngodhe njongos neng restoran, uga
si Sarwen anake Lik Madkastam, ningen ora tunggal senggon. Sarwen deojok-ojoki kon
melunyemplungna runtah restoran. Merga solider, aring mbatir dheweke manut, ben batire
entuk pengalem-alem sekang sing nduwe balong. Basa sing nduwe balong ngerti Sarwen
melu-melu nyemplungna, malah runtah restoran debayar. Bungahe sarwen ora eram merga
teyeng entuk sripilan nggo tuku benges kambi parem. Semana uga sing nduwe balong, uga
bungah pisan merga gramehe entuk ekstra pudding orakur sekang Nartem.
Kabar runtah restoran ana pengajine ora kur nyebar aring kupinge warga padhukuhan
Puncrit, uga tekan kuping-kupinge warga Gegerbuta liyane. Selot suwe sing nyemplunge ora
kur Nartem karo Sarwen.
......................................................................................................................................................
....
13. Nartem gumun karo bujangan sing urip dhewekan neng nggubug ndhuwur mbalong, merga
nduwe jasa sing gedhe banget aring wong-wong padhukuhan Puncrit. Tembung mbalong ing
ukara kasebut tegesipun ....
A. kali
B. sawah
C. sumur
D. kebon
E. kolam iwak
14. Miturut wacan ing nginggil, kenging napa saliranipun bujangan menika kapiran boten
keurus ....
A. amargi boten nate siram
B. amargi asring dhateng sabin
C. amargi boten kagungan garwa
D. amargi agemanipun pating nglemburuk
E. amargi asring ngurusi keperluwan tangginipun
15. Menapa pendamelanipun Nartem....
A. juragan ulam
B. jongos ing restoran
C. juragan balong
D. juragan ing peken
E. juragan ing restoran
16. Sifate nartem miturut wacan ing nginggil inggih menika ....
A. sabar
B. iklas
C. ora jujur
D. pekerja keras
E. seneng nolong uwong
17. Punjering crita/sudut pandang ingkang dipun ginakake inggih menika ....
A. wong sepisan pelaku utama
B. wong sepisan pelaku sampingan
C. wong keloro
D. wong ketelu selaku pengamat
E. wong ketelu serba ngerti

Gatekaken wacan ing ngandhap menika!


Kunarpa Tan Bisa Kandha
....................................................................................................................................................
.....
Ing sawijining dina, ana bocah jenenge Pipin. Dheweke nduwe 2 sedulur, jenenge
Riris lan Manik. Bocah telu kae saben dinane ora bisa akur. Mesthi ana bae perkarane.
Ningen, nek pas bocah telu mau padha reyang, ibune mesthi luwih mbela Pipin. Amarga
Pipin kuwe anak kandunge, ningen Riris lan Manik kuwe anak tiri.
Pipin nganakna pesta ulang taun cilik-cilikan ing omahe, Jalan Suroyo Probolinggo.
Lagi ramene pesta, ibune menyang kamar mandi, njerit, tiba krungkup, bathuke benjut,
semaput. Degotong rame-rame menyang kamare. Banjur seda. Saka kedadean kuwe, para
warga melu penasaran amarga sedane Bu Sulun, ibune Pipin.
Banjur Detektip Handaka detekakna. Dheweke nyelidhiki nemokake barang-barang
nek sedane ibune Pipin amarga depateni. Sing mateni mesthi ya tamu ing pestane Pipin.
Ningen, kabeh uwong ana ing pestane Pipin ora ana sing ngaku. Malah padha ribut amarga
melu khawatir. Bar kuwe, Pipin kelingan nek dheweke nduwe sedulur, Riris lan Manik.
Detektip Handaka banjur marani bocah loro kuwe mau ing ngomahe.
Ngesuke, pas arep deslidhiki, bocah loro kae malah dolan ing omahe kancane. Kabeh
warga sing arep nonton dadi ora melu nonton. Banjur Detektip Handaka lunga dhewek arep
nylidhiki kuwe mau. Jerene Handaka, sedulur telu Pipin, Riris lan Manik, kayak ora susah
ibune seda, malah katon seneng. Saka bukti kuwe mau, Detektip Handaka nyimpulake nek
sing mateni Bu Sulun kuwe yaiku anak tiri dheweke, Riris lan Manik. Boca kae mau ngaku,
dheweke mateni Bu Sulun amarga ora seneng karo sifate sing mesthi mbela Pipin.
Mbengine, bocah loro kuwe mau dilebokna ing penjara amarga uwis mateni ibune dhewek.
...........................................................................................................................................
....
18. Alur ingkang dipun ginakake saking sinopsis novel ing nginggil inggih menika ....
A. maju
B. mundur
C. campuran
D. seneng
E. susah
19. Tema saking sinopsis novel ing nginggil inggih menika ....
A. katresnan
B. perjuangan
C. kejujuran
D. pendidikan
E. kekeluargaan
20. Watek Pipin miturut sinopsis novel ing nginggil inggih menika ....
A. apik, sayang karo ibune
B. ala, ora sayang karo ibune
C. ala, ningen sayang karo ibune
D. apik, ningen ora sayang karo sedulure
E. apik, ningen ora sayang karo ibune
21. Watek Bu Sulun miturut sinopsis novel ing nginggil inggih menika ....
A. pilih kasih karo riris
B. pilih kasih aring pipin
C. sayang karo anak-anake
D. ora sayang karo anak-anake
E. senenge kesuh aring Pipin
22. Watek Riris lan Mimin miturut sinopsis novel ing nginggil inggih menika ....
A. apik, sayang karo ibune
B. ala, ora sayang karo ibune
C. ala, ningen sayang karo ibune
D. apik, ningen ora sayang karo sedulure
E. apik, ningen ora sayang karo ibune
Gatekaken cengkorongan sesorah ing ngandhap menika!
1. Salam pambuka
2. Atur puji syukur
3. Atur panuwun
4. Atur pakurmatan
5. Wasana basa
6. Surasa basa
7. Salam panutup
23. Cengkorongan ing nginggil supados runtut kanthi sahe inggih menika ....
A. 1-4-2-3-6-5-7
B. 1-4-2-3-5-6-7
C. 1-4-3-2-6-5-7
D. 1-2-4-3-6-5-7
E. 1-2-4-3-5-6-7

Gatekakaen sesorah ing ngandhap menika!

Assalamuallaikum Wr. Wb.


Ingkang dhahat kinurmatan para sepuh, pinisepuh.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya.
Ingkang sepisan, mangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukake raos syukur wonten ngarsa
Dalem Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan
sahengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing acara menika kanthi
manggih rahayu kalis ing sambekala.
Kula wonten mriki minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapak saha Ibu
Mintaraga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun
kersa rawuh, mugi-mugi rawuh panjenengan sami pikantuk piwales ingkang matikel-tikel
saking Dalem Gusti Ingkang Maha Agung.
24. Sesorah wonten nginggil mujudakeperangan …
a. surasa basa
b. wasana basa
c. purwaka basa
d. salam panutup
e. pangajeng – ajeng

Gatekakaen sesorah ing ngandhap menika!


Bapak, ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula,
kirang prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau
nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.
25. Sesorah wonten nginggil mujudakeperangan …
A. surasa basa
B. wasana basa
C. purwaka basa
D. salam panutup
E. pangajeng – ajeng

You might also like