You are on page 1of 1

.

Sahabat Kang Becik

Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Inda sing wes gak
melbu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku si Inda iku loro tipes, terus aku due ide
urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Inda. Aku lan koncoku liane
numpak sepedah bareng mergakne omae Inda ugo gak adoh tekan sekolahan.

Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku. “Do, pedahku kok
kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Dodo !! “Lha emange konopo?” jawabe Dodo.
“Sek jajal mandek tak delok e disek”, balesku. Terus aku karo Dodo jajal mandek gawe
ndelok pedahku sak temene kenek opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek
sing eruh. Mbasan di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso ditumpaki.

Akire aku dikancani Dodo nuntun pedah goleki tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui
tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing omae salah siji
warga cedak kunu. Terus aku di gonceng Dodo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek
menyang omae Andi. Aku matur suwun banget karo Dodo, amergo Dodo salah sijine
sahabtku kang becik atine. Dodo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan. Setelah
kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan.

You might also like