You are on page 1of 2

1.

Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV iku tokoh kraton Surakarta
ingkang sampun kawentar amargi kapinteran lan kecerdasanipun. Salah satunggaling
peniggalan yaiku Serat Wedhatama, uga serat punika duweni teges tulisan, wedha
yaiku ajaran utawa piwulang lan tama yaiku utama. Coba sebutna piwulang utawa
ajaran kang ana ing sajroning serat wedhatama !

2. Sajroning serat wedhatama wonten satus pada kang kadhapuk saka gangsal pupuh.
Sawijining pupuh kinanthi. Coba sebutna ajaran utawa piwulang pupuh kinanthi ing
serat wedhatama !

3. Gatekna pupuh kinanthi ing ngisor iki !


Ingkang becik kojahipun,
sira anggoa kang pasthi,
ingkang ala singgahana,
aja sira anglakoni,
lan den awas wong akojah,
iya ing masa puniki,
Saka tembang pupuh ing dhuwur coba analisisa :
a. Tembang Kinanthi ing dhuwur mapan ana ing pada ?
b. Apa tegese ?
1) kojah
2) anggoa
3) singgah
4) nglakoni
5) den awas
c. Coba tulisen makna tembang ing dhuwur mau kanthi gunaake basa mu dhewe !

4. Saben tembang mesthi dhuweni paugeran kang beda beda, kaya dene paugeran
tembang kinanthi yaiku kadhapuk saka lima gatra, guru wilangane yaiku kabeh 8 uga
guru lagune beda beda yaiku u, i, a, i, a, i. Coba saka paugeran mau, gawea tembang
kinanthi kanthi tema kamerdikan ( Digrahayu Repulik Indonesia ) !
5. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi premati !
ombaking segara ngelus gisiking ati
nyolong gurit kang sumampir ing senar pancing
binuncang nyiram lungka-lungka ketiga
awang-awang koncatan lintang
rembulan surem tanpa guwaya
kepengin lumban ing beninge samudra
angin sumilir nyambung pangrasa
ngudang pitakon kapan kelakon
awan lan bengi dadi salembar
sapa aruh linambaran godhong suruh
kangene suwung cinindra mendhung
saben klebate nyolong jantung ndhedher wuyung
Coba analisasa struktur geguritan ing dhuwur mau . . . . .
a. Rima
b. Lelewaning Basa / Majas
c. Swasana
d. Amanat

6. Sajroning gawe geguritan kudu gateake pinten pinten tahapan kayadene nemtoake
tema, milih irah-irahan, uga milih diksi utawa tetembungan kang apik bisa kanthi
gunaake rima, majas lan susastra liyane. Coba gawea “Geguritan” kanthi
pengimajinasimu dhewe-dhewe uga tetep ngandhut tema “Tresna Marang Negera
( Nasionalisme )”. !

Sugeng Makarya

You might also like