You are on page 1of 12

PEMERINTAH KABUPATEN SUKOHARJO K - 13

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN UTAMA


SMP KABUPATEN SUKOHARJO

UJIAN SEKOLAH
SMP KABUPATEN SUKOHARJO
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IX (sembilan)
Hari, Tanggal :
Waktu :

PANUNTUN UMUM :
1. Tulisen luwih dhisik nomer ujianmu ing kolom lembar jawaban
2. Wangsulana ana ing lembar kang wis sumadya !
3. Wacanen saben pitakon kanthi premati sadurunge kowangsuli !
4. Wangsulana pitakon kang koanggep gampang luwih dhisik !
5. Titinen maneh garapanmu sadurunge koaturake marang pengawas !
6. Manawa ana wangsulan kang koanggep luput, lan kepengin mbenerake, coreken mawa
garis loro banjur wenehana tandha ping (X) ing pilihan kang koanggep bener !
Tuladha :
Pilihan sepisan : a b c d
Dibenerake dadi : a b c d

PANUNTUN MLIGI :
I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d kang, koanggep paling bener ing
lembar jawab sing wis cumawis!

Kanggo soal nomer 1 - 3


Sandiwara sekolah
Hartadi : “Ilham, sida apa ora, mengko bengi menyang omahku, jare arep sinau bareng.
Sisan garap PR ya?”
Ilham : “Ya mesthi, aku sida menyang omahmu. Omahmu rak sing gedhe lan jembar.
Mengko bengi jam pitu ya?”
Intan : “Aku melu lho, Har. Aku uga kepengin oleh biji apik. Apa maneh awake dhewe wis
kelas 9, tugas lan tanggung jawabe luwih gedhe tinimbang kelas 7 lan 8.”
Nunuk : “ Aku kok ora dijak, piye? Aku ya kepengin sinau bebarengan.”
Margaret : “Ya wis, mengko bengi Nunuk dakampiri ya?”
Nunuk : “Ya, aku rencana numpak sepedha motor wae supaya cepet.”
Rita : “Lha aku piye?”

1. Paraga protagonis saka naskah sandiwara sekolah kasebut yaiku ....


a. Nunuk lan Intan
b. Ilham lan Dhimas
c. Hartadi
d. Rita lan Margaret

2. Isine pethilan dialog / pacelathon sandiwara sekolah kasebut, yaiku ....


a. Sinau bareng lan garap PR
b. Dhiskusi bab OSIS
c. Sinau bareng lan rapat OSIS
d. Mung kangen-kangenan wae

3. Miturut pacelathon kasebut anggone arep sinau bareng mapan ing omahe ....
a. Nunuk
b. Margaret
c. Intan
d. Hartadi

Kanggo soal nomer 4 - 7


Dewi Shinta sampun kalampahan dipunboyong dening Rahwana inggih Dasamuka
ingkang lunyu ilate dhateng keraton Ngalengkadiraja. Dewi Shinta dipunpapanaken wonten
Taman Keputren. Sang Dewi mboten kersa dhahar ugi mboten kersa ngunjuk, saengga
badanipun kuru aking. Rikmanipun ingkang ketingal gimbal amargi dangu boten siram. Sedaya
kalawau katindakaken supados Rahwana boten kasengsem malih dhumateng Sang Dewi.
Tindak dhateng pundi kemawon, Dewi Shinta tansah ngasta cundrik utawi keris alit kangge
njagi keslametanipun. Sawanci-wanci Rahwanadiraja nggadho ati lan rawuh badhe
ngrudhapeksa, Shinta bakal pejah suduk salira.
4. Ing pethikan crita kasebut Dewi Shinta ora kersa dhahar, ngunjuk lan siram nganti rambute
gimbal. Kabeh mau ditindakake Shinta supaya ….
a. Prabu Rahwana ora kesengsem
b. Prabu Rama tetep kemutan
c. Prabu Rahwana nebihi
d. Prabu Rahwana boyong

5. Dewi Shinta sampun kalampahan dipun boyong dening Rahwana inggih Dasamuka
ingkang lunyu ilate dhateng Keraton Ngalengkadiraja. Tembung kang kacithak miring
kalebu tuladhane tembung ….
a. garba
b. entar
c. saroja
d. kerata basa

6. Dewi Shinta sampun kalampahan dipun boyong dening Rahwana inggih Dasamuka
ingkang lunyu ilate dhateng Keraton Ngalengkadiraja. Tembung lunyu ilate iku duweni
teges ….
a. Ilate lunyu
b. Akeh omonge
c. Mencla-mencle
d. Akeh mangane

7. Sawanci-wanci Rahwana nggadho ati lan rawuh badhe ngrudhapeksa, Shinta bakal pejah
suduk salira. Ing ngisor iki sing dudu dasanamane tembung ati yaiku ….
a. kartika
b. tyas
c. galih
d. nala

8. Ing ngisor iki ukara kang mawa basa krama alus, yaiku ….
a. Saben dina Syifa tuku jenang sum-sum kanggo simbah.
b. Ahmad dipundhawuhi bapak nyaosaken arta dhumateng Pak RT.
c. Mau bengi omahe Susi kebanjiran nganti tekan dengkul.
d. Ngendikane Eyang aku kudu sregep sinau supaya pinter.

Kanggo soal nomer 9 - 11


Dene atur salajengipun, awit saking anggen kula ngangsu kawruh ing pawiyatan menika
sampun paripurna, pramila kula kanthi andhap asoring manah, nyuwun pamit sinartan nyuwun
donga pangestu, mugi kula saha para kadang kanthi gampil pikanthuk pasinaon ingkang
langkung inggil laras kaliyan pangangen-angen saha gegadhangan kula sedaya.

9. Topik utawa tema pidhato ing dhuwur, yaiku …


a. tanggap warsa
b. mantu
c. kelulusan
d. perpisahan kelas

10. Pratelan pidhato ing dhuwur minangka perangan ….


a. surasa/isi
b. panutup
c. pambuka
d. salam panutup

11. Pramila kanthi andhap asoring manah, kula nyuwun pamit sinartan nyuwun donga
pangestu.
Tembung kang kacithak kandel ing ukara kasebut kalebu tuladhane tembung ….
a. entar
b. saroja
c. garba
d. saloka
12. Nuwun para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah satuhu kinabekten, para tamu kakung putri
ingkang luhuring budi. Sedaya tamu ingkang kepareng rawuh ingkang bagya mulya.
Pethikan perangan pidhato ing dhuwur diarani …
a. atur pakurmatan
b. surasa basa
c. atur puji syukur
d. wasana basa

Kanggo soal nomer 13 - 14


Ngadhepi malem 1 Sura, iring-iringan 7 kebo bule Kyai Slamet metu saka gerbang weta n Kori
Kamandhungan Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Piyayi lima “semut ireng” ngiringi lan
nyebar tela kanggo pakan kebo-kebo kasebut.
Kebo cacah pitu ana ing urutan wiwitan kanggo mbukak dalan arak-arakan kirab pusaka
dumadi saka para wanita metu saka lawang utama Kori Kamandhungan kanthi ngasta sesaji
kanggo kebo kang cacah pitu mau. Sabanjure puluhan abdi dalem, kerabat kraton lan keluarga
kraton miyos ngasta pusaka kraton.
Masyarakat antusias, jejel riyel ngebaki wilayah kraton Surakarta Hadiningrat.
13. Wacan ing ndhuwur iku nyritakake upacara .... ing kraton Surakarta Hadiningrat.
a. Kirab pusaka
b. Kirab kebo pitu
c. Kirab kebo bule
d. Kirab Kyai Slamet

14. Masyarakat padha antusias, jejel riyel ngebaki wilayah kraton Surakarta Hadiningrat. Tembung
jejel riyel iku kalebu tembung .….
a. sabawa
b. sanepa
c. saloka
d. saroja

15. Kangge nikelaken karaharjanipun masyarakat ing Gumpang, kecamatan Kartasura,


lumantar pados tambahipun wulu pawetu kulawarga, kanthi ngawontenaken gladhen
kerajinan tangan saking bahan sampah tumrap umur produktif ngiras pantes kangge
ngirangi pengangguran ing daerahipun.
Ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggapan tumrap pokok pikiran ing dhuwur ….
a. Masyarakat Gumang kecamatan Kartasura arep nikelake wulu pawetu.
b. Masyarakat Gumang kecamatan Kartasura arep dianakake gladhen kerajinan tangan.
c. Masyarakat Gumang kecamatan Kartasura wargane akeh umur produktife.
d. Aku setuju jalaran kanthi cara mangkono bisa ngurangi pengangguran masyarakat.

Kanggo soal nomer 16 - 18

Ing jaman semana ana kraton kang misuwur yaiku Kraton Jenggala, kanthi raja jejuluk
Raden Putra. Raden Putra kagungan garwa prameswari kang sulistya ing warni, uga ayu
atine. Uga garwa selir kang ayu rupane nanging ala atine. Katitik garwa selir kadunungan
watak meri lan srei. Amarga watak kang ala iku banjur nduweni niat kang ala marang garwa
praweswari. Selir kuwi nduweni cara kanggo nyingkirake prameswari kanthi cara njaluk
tulung marang tabib ing kraton.

16. Pethikan crita Cindhelaras iku, paraga kang duwe watak ora becik yaiku ....
a. Garwa Prameswari
b. Tabib Kraton
c. Garwa Selir
d. Raden Putra

17. Raden Putra kagungan garwa prameswari kang sulistya ing warni, uga ayu atine. Ukara
kasebut menawa diowahi menyang basa krama alus, dadi ....
a. Raden Putra kagungan garwa prameswari ingkang sulistya ing warni, ugi ayu
manahipun.
b. Raden Putra kagungan garwa prameswari ingkang sulistya ing warni, ugi ayu atinipun.
c. Raden Putra nggadhahi garwa prameswari ingkang sulistya ing warni, ugi ayu
manahipun.
d. Raden Putra nggadhahi garwa prameswari ingkang sulistya ing warni, ugi ayu atinipun.

18. Amarga watak kang ala iku banjur nduweni niat kang ala marang garwa praweswari.
Pangrimbage tembung nduweni ing ukara kasebut yaiku ….
a. n + du + we + ni
b. an + duwe + i
c. an + duwe + ni
d. na + duwe + i

Kanggo soal nomer 19 - 20

“WIT-WITAN PINGGIR DALAN”


(Sumono Sandy Asmon)
..........................................................
godhongmu sing ngrembuyung
kaya dadi payung alam
ngresep panas sing teka..
ngalangi udan sing mara..
nanging atiku nangis..
nyawang sliramu sing wis ilang dadi bangunan

19. Manut geguritan kasebut pangripta ngrasakake kahanan .…


a. kang nyenengake
b. hawa kang seger
c. kang mrihatinake
d. dalan kang resik

20. Nyawang sliramu sing wis ilang dadi bangunan


Tembung sliramu ing geguritan iku tegese ....
a. kowe
b. wit-wit pinggir dalan
c. Sumono Sandy Asmon
d. bangunan pinggir dalan
Kanggo soal nomer 21 - 24
Nora nana panggawe kang luwih gampang
Kaya wong mamaoni
Sira ling-elinga
Aja sugih waonan
Den samya raharjeng budi
Ingkang prayoga
Singa-singa kang lali

21. Tembang sapada ing dhuwur klebu tembang macapat Durma dene paugerane
a. (12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i)
b. (12a, 8i, 6a, 8a, 8i, 5a, 7i)
c. (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u)
d. (10i, 10a, 7e, 8u, 9i, 7a, 6u)

22. Aja sugih waonan, gatra iki nduweni teges ...


a. Aja akeh ngomong wae
b. Aja seneng gawe onar
c. Aja seneng nyacat/maido
d. Aja akeh meneng

23. Kaya wong mamaoni, tembung mamaoni klebu tembung rangkep ...
a. Dwilingga
b. Dwipurwa
c. Dwilingga salin swara
d. Dwiwasana

24. Den samya raharjeng budi,


Tembung raharjeng asale saka tembung raharja + ing, iku kalebu tuladhane tembung …
a. entar
b. garba
c. lingga
d. sanepa

25. Tema poster ing dhuwur iku, yaiku ….


a. penghijauan
b. lingkungan
c. kesehatan
d. keindahan

26. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake unggah-ungguh basa krama yaiku ….
a. Aku wae sing ngabani, … Siap ya mbak, …. Siji … loro … telu.
b. Matur nuwun nggih … Sedaya mawon… Matur nuwun… Matur nuwun.
c. Nembangake Pocung ya mbak. …. Kanca liyane niroake bareng.
d. Sawise rampung nembang, …. Kabeh banjur padha keplok-keplok

27. Ukara ing ngisor iki sing migunakake unggah-ungguh basa ngoko yaiku ….
a. Sawise rampung nembang, …. Kabeh banjur padha keplok-keplok
b. Matur nuwun nggih … Sedaya mawon… Matur nuwun… Matur nuwun.
c. Salajengipun giliran mbak Elfa ngaturaken pidato babagan narkoba.
d. Sumangga mbak Elfa …. Wekdal kula aturaken…… nuwun.

Kanggo soal nomer 28 – 31

Pangkur
Sekar pangkur kang winarna.
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip.
Ala lan becik puniku.
Prayoga kawruhana.
Adat waton puniku dipunkadulu.
Miwah ingkang tata krama.
Den kaesthi siyang ratri.

28. Guru wilangan lan guru lagu tembang pangkur, yaiku….


a. ( 8a, 10i, 8u, 7a, 12u, 8u, 8i )
b. ( 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i )
a. ( 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8u, 8a )
b. ( 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8u, 8i )

29. Manut isine tembang Pangkur kasebut ngrembug babagan ….


a. barang kang becik
b. barang kang ala
c. adat istiadat
d. tata krama

30. M anut tembang kasebut tata krama iku prayogane digegulang ing saben wayah…
a. esuk, sore
b. awan, bengi
c. esuk, awan
d. sore, bengi

31. Sing ngripta tembang Pangkur ing Serat Wulangreh yaiku ....
a. Sri Susuhunan Paku Buwana IV
b. R. Ng. Rangga Warsita
c. R. Ng. Yasadipura II
d. Mangkunegara IV

Kanggo soal nomer 32 - 34


Asal-usule Candi Prambanan
’’... Bandhung Bandhawasa kaget penggalihe lan ora percaya yen wis padhang / esuk,
amarga Bandhawasa iku salah sijine piyayi kang ora gampang dipaeka. Tindak-tanduke
Rara Jonggrang dipirsani dening Bandhung Bandhawasa. Dheweke rumangsa dipaeka/
digaweni, mulane duka banget lan rumangsa diece. Kagawa rasa duka kaya
mangkono ,Bandhung Bandhawasa duka lan kumecap: ” Sliramu wis dora/ ngapusi karo
awakku, aku wis koece. Mulane kanggo ngganepi dadi 1000 candhi.awakmu sing dakenggo
ngganepi. Awakmu wiwit saiki ingsun sabda dadi reca supaya dadi ganep 1000 reca jumbuh
karo panjalukmu. .... ”

32. Dongeng utawa crita “ asal-usule candhi Prambanan ” iku kalebu crita ....
a. Fabel
b. Mithe
c. Legendha
d. Sage

33. Manut crita kasebut Rara Jonggrang gelem digarwa dening Bandhung Bandawasa,
nanging kudu digawekake ....
a. candhi cacah sewu
b. reca cacah sewu
c. kraton
d. taman keputren

34. Karana Bandhung Bandawasa rumangsa wis dipaeka utawa diece karo Rara Jonggrang
mula banjur duka banget, banjur Rara Jonggrang di sabda dadi .... supaya ganep sewu.
Kanggo ngganepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku . . . .
a. candhi
b. reca
c. pepethan
d. prawan kasep

35. Kula sampun ... pak guru, ugi sampun ... pangapunten amargi kesupen boten nggarap PR.
Tembung krama sing trep karo ukara kasebut yaiku
a. matur, nyuwun,
b. ngendika, nyuwun
c. sanjang, mundhut
d. matur, mundhut

Kanggo soal nomer 36 - 38


Aja nganti kebanjur,
Barang polah ingkang nora jujur,
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
Becik ngupayaa iku,
Pitutur ingkang sayektos

36. “Yen kebanjur sayekti kojur tan becik”


Pethikan tembang Gambuh iku tegese yaiku . . .
a. Tumidak becik iku kojur
b. Tumidak kang kebacut iku becik
c. Tumindak kang kebacut iku ora becik.
d. Tumindak kang kebacut iku bakal cilaka lan ora becik
37. Guru lagu iku kalebu paugeraning tembang macapat. Guru lagu ing tembang macapat uga
sinebut . . .
a. dhong dhong
b. dhoking
c. dhong dhing
d. aksara swara

38. Becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos. Gatra kasebut manawa didadekake
gancaran yaiku ...
a. Luwih becik golek piwulang sing bener
b. Supaya gelem golek piwulang.
c. Pitutur iku kabeh bener.
d. Wong urip kudu golek pitutur.

Kanggo soal nomer 39 - 41


Upacara Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang
ateges angka pitu. Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi kandhutanipun priyantun
estri, sampun ngancik umur pitung wulan saha nembe ngandhut sepisan.Upacara
tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kagem
nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing
kandhutan dumugi diwasa.Sadangunipun ngandhut kathah sanget perkawis ingkang
asipat sae ingkang kedah dipuntindakaken dening biyungipun saha kedah nebihaken
saking perkawis ingkang boten sae. Punika mengku teges supados putra ingkang badhe
dipunlairaken dados putra ingkang sae.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembe ngandhut pitung wulan
dipunsiram ngangge toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi
kagem biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng
Gusti Ingkang Maha Agung supados tansah paring rahmatipun satemah bayi ingkang
badhe dipunlairaken slamet boten wonten wonten alangan satunggalpunapa.

39. Manut isi wacan ing ndhuwur, tingkeban uga diarani mitoni amarga ....
a. katindakake ing wektu bayi ing kandhutan ngancik pitung sasi
b. siraman nganggo banyu kembang pitung werna
c. katindakake ing wektu wis ndungkap jam pitu
d. ganti busana nganti kaping pitu

40. Upacara tingkeban iku ditindakake kanthi ancas nepangaken bilih pendhidhikan menika
katindakaken....
a. wiwit bayi bisa nyelathu/ngomong
b. wiwit bayi umur 7 taun
c. wiwit bayi ana kandhutan
d. wiwit bayi dilairake

41. Biyung ingkang nembe ngandhut dipunsiram ngangge toya sekar setaman ingkang
dipunparingi dedonga, iku mengku pasemon mugi bayi ingkang dipunkadhut lair ….
a. dados lare ingkang resik pakulitanipun
b. benjingipun dados lare ingkang pinter
c. wilujeng boten wonten alangan
d. kanthi lancer
42. Petis manis, sarpa langking sak umpama
Aja ngucap, yen to amung samudana

Wangsalan petis manis, iku tebusane aja ngucap dene batangane ….

a. yen ta amung
b. kecap
c. aja ngucap
d. mung

43. Petis manis, yen ngucap sing ati-ati


Dadi kanthi, nyata bebrayan sejati.

Parikan kasebut nduweni pola ….

a. (4,4) x 2
b. (4,6) x 2
c. (6,8) x 2
d. (4,8) x 2

44. ?jtyutek[np]lynulu=sinT.
Ukara kasebut latine dadi ....
a. Jatayu tekan pralaya nulung Sinta.
b. Jatayu tekane pralaya nulung Sinta.
c. Jatayu tekane pati nulung Sinta.
d. Jatayu tekaning pralaya nulung Sinta.

45. Dewi Sinta dicidra Rahwana. Menawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku ....
a. ?[fwisivTficid]rhwn.
b. ?[dwisinTdif]rhwn.
c. ?[dwisinTdicid]rhwn.
d. ?[fwisinTficif]rhwn.

Kanggo soal nomer 46 - 48


?finTenKm/fikn\,
?b=sI[nDo[nsiyme/fik[wonTenHi=su/y:17;AgusT|s\;1945;. p]mil sbenT=gl\ :17: AgusT|sB=s
I[nDo [nsiy [mzetTifinTenKm/fikn\, b=s I[nDo[nsiy ai=taunMenik [mzetTi
finTenKm/fiknHi=k=kpi= :75;. b=s I[nDo[nsiy smenik k2betNegri be/kemB=, tugsPr [g[nrsi mud
ai=k= kefh amB|fifymurih b=sI[nDo[n siy f[fosL=ku=mj_.
Dinten kamardikan
Bangsa Indonesia merdika wonten ing surya 17 Agustus 1945. Pramila saben tanggal
17 Agustus Bangsa Indonesia mengeti dinten kamardikan. Bangsa Indonesia ing tahun
menika mengeti dinten kamardikan ingkang kaping 75. Bangsa Indonesia kalebet negari
berkembang, tugas para generasi mudha ingkang kedah ambudidaya murih bangsa
Indonesia dados langkung majeng.

46. ?b=sI[nDo[nsiyme/fik[wonTenHi=su/y:17;AgusT|s\;1945;.
Ukara kasebut menawa ditulis jawa dadi…
a. Bangsa Indonesia mardika wonten ing surya 17 Agustus 1945.
b. Bangsa Indonesia merdika wonten ing surya 17 Agustus 1945.
c. Bangsa Indonesia merdika wonten ing tanggal 17 Agustus 1945.
d. Bangsa Indonesia mardika wonten ing tanggal 17 Agustus 1945.
47. Saben tanggal 17 Agustus Bangsa Indonesia mengeti dinten kamardikan. Yen ditulis Jawa
….
a. ?sbenT=gl\:1a:AgusT|sB=s I[nDo [nsiy[mzetTifinTenKm/fikn\,
b. ?sbenT=gl\:1y:AgusT|sB=s I[nDo [nsiy[mzetTifinTenKm/fikn\,
c. ?sbenT=gl\:18:AgusT|sB=s I[nDo [nsiy[mzetTifinTenKm/fikn\,
d. ?sbenT=gl\:15:AgusT|sB=s I[nDo [nsiy[mzetTifinTenKm/fikn\,
48. ?b=s I[nDo[nsiy ai=taunMenik [mzetTifinTenKm/fiknHi=k=kpi= ….

a. :a3;.

b. :72;.

c. :a2;.

d. :75;.

49. Kanggo panandha ing wiwitan karangan/ buku kang kababar mawa tembang.migunakake
tandha purwa pada, wujude yaiku ….
a. ¦¡¦
b. ¦¢¦
c. ¦£¦
d. §¦
50. Ukara ngisor iki menawa diurutake supaya bisa dadi paragraph arupa tembang Durma
kang becik yaiku ….
1. Para kanca kabeh padha wigatekna
2. Ayo dha mbasuh tangan
3. Ya njaga jarak
4. Penyakit korona
5. Lagi mangsa pandhemi
6. Murih sehat lestari
7. Nganggo masker datan lali

a. 1–3–5–4–2–6–7
b. 1–5–4–2–7–3–6
c. 1–5–3–4–7–2–6
d. 1–2–3–4–5–7–6

II. Wangsulana pitakon –pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ana lembar jawab kang
cumawis !

Kanggo soal nomer 1 - 2


Nanging yen sira nggeguru kaki,
Amilia manungsa kang nyata,
Ingkang becik martabate,
Sarta kang wruh ing kukum,
Kang ibadah lan kang wirangi,
Sokur oleh wong tapa,
Iya kang wus mungkul,
Tan mikir paweweh ing lyan,
Iku pantes yen den guronana kaki,
Sartane kawruhana.

51. Tembang Dhandhanggula sapada ing dhuwur tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru
lagune!

52. Terangna/gancarna isine tembang Dhandhanggula kasebut nganggo basamu dhewe!

53. Paragrap ing ngisor iki dadekna krama alus!


Saiki lagi mangsa pandemi penyakit covid-19 utawa corona. Mula awake dhewe kudu
bisa njaga dhiri supaya ora ketaman sesakit iku. Kanthi cara njaga karesikan yaiku mbasuh
tangan nganggo sabun, ora lali nganggo masker lan njaga jarak ing pasrawungan.

54. Gawea ukara atur panutup ing pidhato/sesorah!

55. Ukara ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa!


Nanging yen sira nggeguru kaki, amilia manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum.

You might also like