You are on page 1of 2

JAKA TARUB

Nama : Shelyn Nur Rofiqoh

Nomer : 30

Kelas : XI IPS 2

Ing desa Tarub, enten mbok rondo ingkang paring asmo Mbok Rondo Tarub. Dhekwene manggon
kiambang, mulane Mbok Rondo Tarub banjur ngangkat bocah lanang sing jenenge Jaka Tarub.
Mobok Rondo ngurus anak angkat saking wiwit cilik nganti diwasa, kanti seneng kaya anake dewe.
Nalika sampun diwasa, Jaka Tarub tuwuh dadi bocah enom sing rajin nulungi ibune. Jaka Tarub ugo
gadah rai seng apik banget. Dhekwene sering mburu kewan ing alas gunakne sumpit. Katone
prayoga lan ndamel bocah wadon katresnan (kecathol), nanging Jaka Tarub mboten purun nginep.
Mbok Rondho aring ujar menawi dhekwene kepingin Jaka Tarub Nikah cepet.Nganti sakwijining
dinten, Mobk Rondo tiwas amergi lara, dan Jaka Tarub durung kawin. Wiwit cilik mpun ngramut Jaka
Tarub, gawe Jaka Tarub sedih. Utamine ngelingi dhekwene durung rabi, nganti Mobok Rondho mati.
Banjur Jaka Tarub maleh dadi wong kesed, asring lamaran amergi rumongsa semangat uripe bakal
ilang.Ing setunggaling awan, kaya biasane Jaka Tarub turu ing omahe. Nalika turu dhewekne ngimpi
mangan kijang seng lembut lan enak. Nalika tangi, dhekwene kroso luwe lan kepingn mangan dagin
kijang. Banjur Jaka Tarub menyang alas kanggo golek kidang.

Damel tumbak, kanti alon-alon ing jero alas mengintai mbok menawi enten kidang. Nanging wes
suwe kliaran ing jero alas, dhekwene orang memu kewan masio siji. Senajan dhekwene wes mlebu
neng jero alas sing durng nate ditekani. Amergi sampun ngraos kesel, banjur Jaka Tarub lungguh lan
relen ing sawijining watu gedhe. Mboten sadar Jaka Tarub tilem maleh amergi kesel. Pas tilem
kemriyip Jaka Tarub mireng suwara-suwara wong wadon seng lagi guyonan. Dhekwene banjur tangi
lan madosi asale suwara niku wau.

Sawise nggoleki arah swarane, pungkasane Jaka Tarub ngerti yen swara kasebut saka tlaga. Banjur
dhekwene ngumpet ing mburine watu gedhe pinggire telaga. Sangking mburi watu kasebut, Jaka
ndeleng enten 7 wadon seng ayu banget lagi adus. Dhekwene kaget heran, kepiye carane bisa ana
pitu wanita seng ayu bisa dus ing tengah alas.Pintu wanita kasebut pancen ayu banget. Jaka ora tau
ndeleng wanita seng rupane ayu, koyo bidadari niku. Mula Jaka Trub kepingin nikah kalih salah
setunggaling wanita kasebut.

Bareng weruh enten selendang 7 sing enten ing pinggir telaga. Banjur Jaka Tarub mendet setunggal
selendang, banjur didelekne.Ameh sore pitu bidadari wau ngrampungke adus. Wong wadhon seng
ayu-ayu mau langsung damel klambi, damel slendang. Dhekwene banjur miber teng
khayangan.Salah sawijining wanita sing jenenge Nawang Wulang, ketok bingung goleki sawal.
Makayune wes podo miber neng khayangan, Nawang Wulan nangis misek-misek. Nawang Wulan
ngroso wedi amergi mboten kiyat urip teng dunia manungsa. Delengi kadadean kasebut, Jaka Tarub
banjur nyedeki, damel ngajak kenalan lan nawari pitulung.Akhire Dewi Nawang Wulan ngnep ing
daleme Jaka Tarub. Mboten dangu, banjur Jaka Tarub lan Nawang Wulan rabi lan urip seneng. Nopo
malih Nawang Wulan mbobot banjur nglairne bayi wadon, seng diparingi jeneng Nawangsih.

Senajan urip seneng kalian anak lan bojone, Jaka Tarub wis suwe gumun, amergi lumbung pari pergi
dhekwene ora tau sudo malah nambah. Sabendinten bojone masak kanti mendet beras sangking
lumbung parine, nanging lumbung parine mboten kelong sitik wae.Nganti ngi sawijining dinten,
garwane lagi masak nasi, nanging gadah keperluan ing kali. Banjur Nawang Wulan gadah pesen
damel garwane supoyo njogo geni lan mboten angsal mbikak tutup kukusan sego.Amergi ora bisa
nahan roso penasaran, banjur Jaka Tarub mbikak kukusan nasi. Dhekwene ngroso kaget, amergi seng
dikukus bojone namung enten sebutir beras.Nalikane nawang wulan bali sangking kali, dhekwene
neen ing jero kukusan mung enten sebutir beras.Nawang Wulan tibake gadah kekuatan seng
mboten diduweni manungsa biasa. Nawang Wulan bisa masak sebutir pari, dados sewakul sego.
Akhire Nawang Wulan ngertos yen bojone bukak kukusan kasebut. Asile, kesaktian engkang
diduweni Dewi Nawang Wulan engkang didelekne akhire musnah. Dadose sakniki Nawang Wulan
gudu kerjo kaya manungsa biasa, kayata mumbuk pari, menampi ngantos masak beras ngantu dadi
sego. Selot suwe lumbung pari pergi Jaka Tarub entek.Sakwijining dina Nawang Wulan badhe
mendet beras ing lumbung pari. Nanging sayange, mong anan titik pari seng kasedhiya. Nalika
njupuk sisa-sisa beras, dumadakan muncul slendang sing wus suwe ilang.

Nawang Wulan akhire kelingan lan nesu ngerti sejatine bojone seng ndhelikne selendang kasebut.
Nawang Wulan lansung ngagem slendang kasebut, banjur cepet-cepet nemono bojone.Jaka Tarub
rumangsa sedhih lan nyesel karo perbuatane dewe. Jaka Tarub langsung damel dangau ing cedeke
umah. Lan sesuai kalian panjaluke bojone, dhekwene ndekek Nawangsih saben wengi ing dangau,
supoyo disusui dateng Nawang Wulan.

You might also like