You are on page 1of 3

Rawa Pening

Kanggo sampurnane ngelmu sangkan paraning dumadi, Ki Ajar Salokantara


budhal saka Gedhongsanga menyang pucuke Gunung Merbabu. Nalika arep budhal
Ki Ajar ninggal weling marang wong-wong wadon ing kono supaya ora mangku
gaman nalika rajang-rajang. Nanging kepriye bae manungsa kuwi nggendong lali.
Mangkono uga Nyi Endang Kirana iya lali marang welinge Ki Ajar Salokantara.
Pinuju rewang wong duwe gawe salagine ngiris-ngiris daging, pesone diselehke ing
pangkone. Awit ngrajang wewaler, Nyi Endang Kirana banjur ngandhut. Tumekaning
wektu lairan, Endang Kirana ora nglairke jabang bayi nanging nglairke ula gedhe
aran Baru Klinthing.
Ki Ajar Salokantara sing pranyata sidik paninggale, mesem ngandika lirih
“Aneh tenan kadadeyan iki. Mara rungokna Baru Klinthing. Lamun kowe bisa
nglekeri Gunung Merbabu tepung gelang, kowe dakaku anak. Nanging yen ora bisa
bakal mati.”
Krungu ngendikane Ki Ajar, Baru Klinthing nyaguhi. Sarta banjur wiwit
nglekeri Gunung Merbabu. Baru Klinthing tleser-tleser mlaku. Dalan diambah dadi
legok dawa banget. Banjur dadi kali. Marga saka dawane kali iku diarani Kali
Panjang.
Baru Klinthing nglekeri gunung, awake melar saya dawa, kaya karet bae.
Kurang sailat bae bisa gathuk. Nanging awake ora bisa melar maneh. Najan dipeksa-
peksa tetep ora gaduk. Baru Klinthing banjur ngeletakae ilate kanggo nyambung
bisane gathuk tekan buntute.
Ki Ajar periksa ilate ula dipeletake. Kanthi trengginas ilat dikethok. Ki Ajar
banjur ndhawuhi Baru Klinthing supaya mertapa ing kono amarga ora kasil olehe
nglekeri gunung. Sanalika awake Baru Klinthing lemes, nglempuruk ora bisa lunga-
lunga. Awit saka lawase, nganti kagubet oyot-oyotan lan katutupan ing thetulukan.
Kocapa ing Banarawa, desa sakelore Gunung Merbabu. Pengarepe wong desa
kono diarani Ki Juru Mathokan. Ing wektu iku lagi mandhegani wong desa sing
padha mbebedhag kanggo kapreluane memetri desa. Nanging nganti awan durung
oleh beburon. Kabeh padha gumun dene ing nalika iku ora weruh kumliwere kewan.
Saka kesele anggone padha mlaku, banjur padha leren. Ki Juru Mathokan ngiris-
ngiris oyot sing dilungguhi kanggo leren. Sapira kagete dene oyot sing dilungguhi
mau ngetoke getih. Sawise cetha yen daging, terus dadi rayahan lan diberek-berek
wong sing padha mbebedhag. Sawise oleh bagian daging, wong-wong mau padha
bali. Dheweke ora padha ngerti yen atemene daging mau ya saka ula gedhe kangaran
Baru Klinthing.
Siji bae ora ana sing ngira yen mulihe ditutake bocah bajang. Satekane
Banarawa si bajang clingukan. Ora ana sing dijujug. Saka bingunge mung klitar-kliter
ing desa kono. Ngiras ngenteni matenge daging.
Bareng wis sawetara wektu, kira-kira olehe padha mangsak daging wis padha
mateng, bocah bajang mau mara ana ing omahe Ki Juru Mathokan njaluk daging.
Krungu, tembunge Si Bajang Ki Juru nesu, kawetu tembunge kasar “Jebul mung
arep ngemis bae. Ora melu kangelan melu enake. Kana lunga ! Adoh-adoh saka
kene!”.
Si Bajang klintih-klintih lunga. Saben omah sing diparani padha siya-siya,
ora ana sing gelem menehi daging batang sairis. Si Bajang banjur marani omah
bobrok, gedheg kang cagake wis padha reyot. Sing manggon ing omah reyot iku
wong wadon tua aran Mbok Randa Lebak. Sanajan Mbok Lebak uga kacingkrangan
nanging atine loma, seneng tetulung marang liyan. Si Bajang dijak mangan bareng,
sing ngladeni karo sumeh kaya kaluwargane dene.
Sadurunge lunga si Bajang aweh pesen marang Mbok Lebak “Yen ana banjir
bandang, nungganga lesung karo enthong ya Mbok.” Mbok Lebak mara prelu neges
nanging si Bajang mak klepat wis ora katon gegere.
Tanpa sabawa bocah bajang nancepake sada ing latar kanggo sayembara sapa
sing bisa mbedhol. Wiwitane bocah-bocah cilik sing padha dolanan sing nyoba
mbedhol. Nanging siji wae ora ana sing bisa. Suwe-suwe wong-wong tuwa sing
kendhuri uga pengin nyoba. Ewa semana ora ana sing bisa. Sanajan uwis padha
ngetokake kasektene lan akeh sing ngrewangi mbedhol bebarengan. Sadane kaya-
kaya malah saya ambles.

Si Bajang, sukmane Baru Klinthing, ngguyu cekakakan karo malang kandhak


kawetu tembunge,”He, wong Banarawa, sing wuta marang kabecikan, aja dumeh lagi
bisa banjur gumedhe. Elinga menawa urip iku mung sakedhepe netra, nanging kebak
duraka. Yen ora ngati-ati, bakal sengsara tekan neraka.”
Sada banjur dicabut dening Bajang dewe. Tilase dadi tuk kang gedhe banget,
wetuning banyu. Desa Banarawa geger puyengan. Sadhela bae sirep. Desa sakisine
kaleban banyu, dadi rawa. Kesuwur aran Rawa Pening. Mung Mbok Lebak sing
slamet. Klakon nunggang lesung welahan enthong nganti tekan Demak.
Kapethik saking Buku Ajar Basa Kelas 3

You might also like