You are on page 1of 7

Ringkasane Cerita

Baru Klinting

Jaman mbiyen ing Desa Ngasem ana wong wedok kang nduweni jeneng
Endang Sawitri. Warga Desa ora ana sing weruh yen Endang Sawitri nduwe bojo,
nanging dheweke meteng lan ora suwe dheweke nglairne kedadean iku ngagetake
warga amarga sing dilahirne dudu menungsa ananging naga. Naga iku bisa omong
kaya manungsa liya-liyane. Naga iku nduweni jeneng Baru Klinting.

Sakwise Baru Klinting gedhe deweke diutus ibuke nggoleki bapake sing
jenenge Ki Hajar Salokantara ing guwa. Ibuke ngutus dheweke nggawe klinthing
sing dikalungne ing gulune supaya bapake percaya yen Batu Klinting nemoake
Bapake iku. Kepriye perjalanan e Baru Klinting sing akeh rintangan kang diadepi.
Simaken cerita iki.
Para Paraga

No Jeneng Umur Watak


1. Baru Klinting 17 taon Becik
2. Endang Sawiti 45 taon Becik
3. Ki Hajar Salokantara 50 taon Radi angkuh
4. Simbah Randa 70 taon Becik
Baru Klinting

Babak 1

Ing salah sawijining omah seng ono ing Desa Ngasem ana bocah kang nduweni
jeneng Baru Klinthing seng urip karo ibune, sawijining dina Baru Klinting takon marang
ibune ngeneni bapak e.

Baru Klinting: "Ibu apa aku iki nduwe bapak lan sopo bapakku sak tenane?"

Ibu: "Bapakmu saktenane yaiku sawijining raja sing saiki lagi tapa ing Guwa Lereng
Gunung Telomaya, wes wektune koe nggoleki lan nemoni bapakmu. Tak ijinake koe
rono lan nggowo o klinthing iki kanggo bukti paninggalan bapakmu mbiyen."

(karo seneng atine, baru klinting budal ing pertapaan Ki Hajar Salokantara yaiku
Bapake Baru Klinting).

Babak 2

Pirang pirangane sasi Baru Klinting ngubengi gunung nggoleki bapake akhire ono
asile, sak wis e teko Baru Klinting mlebu guwo lan tekon ing ngarepe Ki Hajar
Salokantara.

Baru Klinting: "Nopo iki bener panggone tapa Ki Hajar Salokantara?"

Ki Hajar Salokantara: "Bener, iki pancen panggon tapaku, lan aku iki Ki Hajar
Salokantara, ana apa koe ngolek i aku?"

(Banjur Baru Klinting bersyukur karo sembah sujud ing ngarepe Ki Hajar)

Baru Klinting: "Berarti panjenengan iku pancen bapakku seng wes sue tak golek-golek
i, kulo putrane panjenengan saka Endang Sawitri sangking Deso Ngasem lan iki
klinthingan sing mbiyen dawuhe ibu paninggalane panjenengan."
Ki Hajar Salokantara: "Bener, karo bukti klinthing kui. Nanging aku butuh bukti siji
maneh yen koe pancen anakku. Njajal koe nglingkari Gunung Telomaya iki, yen iso
koe berarti bener-bener anakku."

Jebule baru klinting bisa nglingkari lan Ki Hajar ngakoni yen dheweke bener bener
anake. Ki Hajar banjur ngongkon Baru Klinting tapa ing njero alas lereng gunung.

Babak 3

Sawijining dino warga Deso Pathok arepe ngenekake pesta sedekah bumi sakwis e
panen. Warga deso arep ngenekake pertujukan yaiku reno-reno tarian, kanggo
ngramekake pesta banjur rakyat rame-rame golek kewan.

Warga 1: "Ayo golek lan mburu kewan ing alas kanggo pesta sedekah bumi mengko."

Warga 2: "Ayo-ayo saiki budal menyang alas."

Suwe lehne golek kewan ananging ora oleh kewan siji wae seng biso diburu. Akhire
warga nemokake siji kewan, kewan iku tibak e sawijining naga gedhe sing lagi tapa.

Warga 1: "He, opo kae kok ana kewan guedhe?"

Warga 2: "Hahh, endi-endi kewane?"

Warga 3: "Kae lo ana Naga gedhe banget, ayo dibeleh bareng-bareng banjur digowo
muleh lan dimasak kanggo pesta sedekah bumi mengko."

Warga 2: "Ayo-ayo cepet."

Warga deso akhir e mbeleh naga seng ternyata kui naga Baru Klinting seng lagi tapa
ing alas gunung iki.
Babak 4

Ing acara pesta iki teko jelmaan sawijing bocah yaiku Baru Klinting, bocah iku melu
ing njero rame-ramean lan pengen melu nikmati pangganan seng ana ing kono. Karo
sikap e sing acuh lan sinis warga deso mekso ngusir bocah kui amergo dianggep
pengemis sing nggilani.

Warga 1: "Loh, sopo kui kok nggilani?kongkonen ngaleh sangka kene!"

Warga 2: "He, sopo koe ngalih o saka pesta iki!"

Kabeh warga: "Ngalih, ngalih o kono saka pesta iki apa ora krungu koe ki dikongkon
ngaleh saka kene!"

Karo ati seng mangkel bocah kui ngalih sangka pesta, bocah kui ketemu simbah tua
lan rondo sing apik atine. Bocah iku dijak neng omah e rondo tuo iku, simbah
ndadekne bocah kui koyo tamu seng dihormati lan dicepak i panganan.

Simbah Randa: "Ono apa le kok nelongso?"

Baru Klinting: "Mboten nopo-nopo mbah."

Simbah Randa: "Yowes ndang dipangan lan diombe suguhane le."

Baru Klinting: "Nggeh maturnuwun mbah sampun nampi kula teng mriki."

Ing omah e Simbah Randa, bocah iku pesen marang Simbah Randa

Baru klinting: "Mbah, yen panjenengan keprungu suara gumuruh simbah kudu
nyiapake lesung supaya selamat."

Simbah Randa: "Iyo le, nanging saktenane ana apa ta?

Baru Klinging: "Mboten napa-napa mbah, ananging panjenengan manut wae apa
seng kula pesenake."
Simbah Randa: "Iyo le."

Banjur simbah iling lan nuruti apa pesen e Baru Klinging mau

Babak 5.

Sedhela bocah kui mbalek maneh neng pesta nyobo melu lan njaluk panganan ing
njero pesta sing dienekake karo warga desa. Nanging warga tetep ora nrimo bocah
kui, bocah kui ditendang supaya ngalih teko panggon pesta kui.

Warga 1: "Nyapo koe rene meneh?"

Warga 2: "Bocah kok angel omongane!"

Warga 3: "Wis ngalih o!" (karo nendang Baru Klinting)

Karo ati mangkel Baru Klinting ngenekake sayembara. Bocah kui nancepake sodo ing
lemah.

Baru Klinting: "Sopo warga desa kene seng iso nyabut sada iki?"

Warga 1: "Heleh mong sak sodo wae kabeh yo iso."

Baru Klinting: "Jajal cobonen siji-siji!".

Banjur warga desa njajal nyabut sada sing wis ditancepne baru klinting ing lemah,
warga desa siji-siji pada nyabut sada kui.

Warga 1: "Kepiye iki kok uabot padahal mung sak sodo"

Warga 2: "Cobo ganti aku, sodo opo iki abot e ora kiro-kiro, jajal cabuten dewe koe
mesti ora iso"
(ora ono omongan opo-opo Baru Klinting langsung nyabut sodo sing di tancepake ing
lemah iku)

Tibane bolongan iku muncul banyu kang deres, tambah gede lan banjiri desa iku

Warga 1: "Lohhh, banyu opo iki kok muncul soko kene"

Warga 2: "Banyune soyo gede - banyune soyo gedeeee!” (warga desa podo geger)

Warga 3: "Ayo mlayu kabehhh nylametake awake dewe-dewe!”

Warga kabeh kelelep, kejaba simbah tua iku mlebu lesung lan iso selamat, kabeh
desa dadi rawa-rawa.

Amarga banyune bening banget, dadi diarani "Rawa Pening" kang ana ing Kabupaten
Semarang, Jawa Tengah.

You might also like