You are on page 1of 2

TUGAS PIDATO BAHASA JAWA

Nama : Qonita Avissa Rahma


Kelas/No. Absen : XI MIPA 2
Tema : Kesehatan Gigi dan Mulut

Kesehatan Waja lan Tutuk

Assalamualaikum Wr. Wb. Sugeng enjing panjenengan sedaya.


Ingkang terhormat, Bapak Dr. Moh. Edi Suyanto, M.Pd., kepala SMA Negeri 1
Jember. Ingkang kula hormati, Ibu Adhana Fathoniah, S.Pd., guru piwulang Basa Jawa
kelas XI MIPA 2 SMA Negeri 1 Jember, lan rencang-rencang sedaya sing kula tresnani.
Kaping pisan, monggo sedaya kabeh amung kunjuk marang kehadirat Gusti
Agung Allah SWT., mulane kita sedaya bisa kumpul dhateng ruangan niki ingkang
keadaan sehat wal afiat lan diparingi kenikmatan kanthi kebak ing kawilujengan. Kaping
pindho, sholawat lan salam sedaya aturaken marang junjungan kita, Nabi Agung
Muhammad SAW., amargi syafaatipun, kula lan panjenengan saged mlampah lurus
tumuju surganipun Gusti Allah SWT.
Wonten kesempatan puniki, kula, Qonita Avissa Rahma, badhe ngaturaken
pidhato enggal marang panjenengan sedaya bab kesehatan waja lan tutuk.
Kita (kula lan panjenengan sedaya) dados manungsa mesthi mbutuhaken
dhaharan kanggo nutrisi sadinten-dinten. Sedayaning dhaharan puniku kita kunyah
(dipunmamah) wonten lebeting tutuk ngagem waja supaya gampil dicerna. Nanging,
mboten sakedhik tiyang ingkang kathah dhaharipun nanging mboten peduli bab
kabersihan lan kesehatan waja. Kesehatan niku bab utami ing panguripan ingkang perlu
dipunjagi.
Saben sesampunipun dhahar, dhaharan sing dipunmamah mbentuk sisa-sisa
alit ingkang nyangkut ing waja. Sisa-sisa menika ingkang saged ngrisak lan ngganggu
kesehatan waja. Menawi sampun terganggu, waja ajeng berlubang lan bisa munculaken
raos sakit sanget. Waja berlubang niku penyakit kerisakan ing jaringan atos utawi sora
ing waja. Kados pundi saged berlubang? Nah, dhaharan ingkang kita lebetaken dhateng
tutuk ngandhut kadar gula sing saged ebah dados asam menawi keparing bakteri
wonten tutuk. Asam puniku bisa bereaksi kalih waja lan ngrisak jaringanipun, mulaniku
waja saged berlubang.
Panjenengan sedaya, waja ingkang berlubang bisa nyebabaken mambet tutuk,
waja bengkak, mboten napsu dhahar, lan sisah sare amargi gerah sanget. Mulaniku,
bab napa mawon sing kedah dupintindakaken supados waja mboten risak? Ingkang
pertami, giyataken sikat waja kaping pindho sadinten, sesampunipun sarapan enjing
lan dalu saderengipun sare kangge nyegah sisa dhaharan nempel lan munculaken
karang waja.
Ingkang kaping kalih, kathahaken dhahar dhaharan berserat lan ngandhut
kalsium inggil. Mboten kersa sering-sering dhahar dhaharan ingkang legi sanget.
Kaping katiga, periksakaken waja dhateng dokter waja minimal 6 wulan sapisan
kangge ngontrolaken kesehatan waja lan tutuk.
Panjenengan sedaya, waras niku larang regane. Amargi puniku, jagi kesehatan
waja lan tutuk supados kita mboten ajeng terganggu ing kagiyatan sadinten-dinten.
Mungkin puniku mawon ingkang saged kula sanjangaken ing pidhato dinten niki.
Menawi wonten kelepatan kula nuwun pangapunten, amargi sejatosipun kesempurnaan
niku namung gadhahipun Gusti Allah SWT.
Numpak sepur malah lali mudun
Arep lungguh malih malah dikon metu
Maturnuwun kawigatosanipun
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like