You are on page 1of 9

A.

Pangertene Wayang
Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah ana
ing Nuswantara (Indonesia). Rikala taun 2004 wayang
ditetepake minangka warisan dunia dening UNESCO,
kanthi mangkono wayang bisa dipirsani dening manungsa
sajagad lan dipatenake minangka kesenian darbeke
Indonesia. Sajroning pagelaran wayang sedalu natas iku
ngandhut tontonan, tuntunan, lan tatanan kang
mujudake wewayangan uriping manungsa ing alam donya.
Ing jagading pewayangan tinemu sakehing kagunan kang
endah lan edi peni. Endah, amarga manawa kadulu
(dilihat) bisa agawe reseping ati. Edi peni, amarga bisa
kanggo sarana ngalusake budi pekerti.
B. Jinis-jinise Wayang
1) Wayang Purwa: nyritakake lakon-lakon wayang saka kitab Ramayana lan
Mahabharata.
2) Wayang Madya: nyritakake lakon wayang saka Parikesit nganti Jayabaya.
3) Wayang Gedhog: nyritakake lakon wayang saka crita Panji.
4) Wayang Klithik (Wayang krucil): nyritakake lakon jaman kraton Pajajaran nganti
Majapait, Prabu Brawijaya pungkasan, kang kondhang lakon Damarwulan-
Menakjingga.
5) Wayang Menak: nyritakake lakon crita saka tanah Arab, kayadene: Menak
Sarehas, Menak Dhemis, Menak Ambyah, lsp.
6) Wayang Suluh: nyritakake werna-werna lakon kanggo menehi sesuluh agama
(biasane kaum Nasrani).
7) Wayang Kancil: nyritakake crita kewan, yaiku dongeng kancil.
8) Wayang Golek: nyritakake lakon wayang kang ana ing kitab Mahabharata, adate
ana ing tataran Sundha Jawa Kulon.
9) Wayang Wong: nyritakake lakon wayang kang kajupuk saka kitab Ramayana lan
Mahabharata, kang diparagakake dening wong.
10) Wayang Beber: crita wayang kang kajupuk saka crita Panji kang awujud gambar-
gambar ing kain mori kang kabeber banjur dicritakake.
11) Wayang Potehi: wayang kang wujude golekan (boneka) kang dicritakake ngenani
Dewa-dewa mitologi bangsa Cina.
C. Lakone Wayang
Lakon wayang, yaiku crita kang bakal dipentasake
(diandharake) dening ki dhalang. Crita wayang
tuladhane kaya:

Epos Ramayana : Anoman Obong, Rama Tambak,


Kumbakarna Gugur, lsp.
Epos Mahabharata: Pandhawa Dhadhu, Bima Suci,
Gathotkaca Gugur, lsp.
D.Prabot Ubarampene
(perlengkapan) Pakeliran
1) Kelir → awujud kain putih, pralambange langit.
2) Gedebog → wit gedhang, pralambange bumi.
3) Blencong → lampu sorot, pralambange srengenge.
4) Kothak → wadhah wayang, pralambange sangkan paraning
dumadi.
5) Cempala → thuthuk bakale saka sungu/ kayu, pralambange
jantung.
6) Kepyak → blebekan kuningan/ wesi, pralambange lakuning urip.
7) Kayon (Gunungan)
8) kayon minangka pralambange agesang (kehidupan) kang
ambabarake sakabehe isen-isening donya.
9) Gamelan → piranti musik kang dumadi saka pirang-pirang jinis
ricikan, pralambange maneka wernane kabutuhaning manungsa
E. Tataraning Perang
1) Perang ampyak → perang sing kawitan sabubare jejer I utawa
jejer II. Umume supaya katon rame, ora nuwuhake raja mati.
2) Perang gagal → perang kang durung ana sing menang lan
durung ana sing kalah, amarga para wadya bala mung papasan
ing dalan.
3) Perang kembang → adegan perang ing antarane raseksa Cakil
lan sawijing satriya kang dikantheni dening Panakawan. Adate
reseksa Cakil kinanthenan dening Pragalba, Galiuk kang uga
awujud raseksa.
4) perang brubuh → perang kang pungkasan, yaiku perang kang
mbuktekake gagale durangkara, nuduhake unggule tumindak
kang bener lan suci. Perang iki wis ngasilake salah sawijining
pihak kang unggul sarta cacahe kurban kang akeh. Perang iki
tumindak ing wanci gagat rahina (arep shubuh).
TULADHA KARAKTER WAYANG
KULIT
Tuladha Karakter Wayang
Kulit
TULADHA KARAKTERE WAYANG
KULIT
Tuladha karakter wayang
kulit

You might also like