You are on page 1of 9

CRITA WAYANG

Dening :

Indah Uci Wulandari, S.Pd


A.◤ Pangerten lan Mula Bukane Wayang
▪ Wayang yaiku jenenge tontonan kanthi pepethan uwong, kewan kang
digawe saka walulang utawa kulit kewan, kayu, godhong, kain lan
sapanunggalane.

▪ Wayang iku ana wiwit taun 939 jaman Sri Jaya Baya jumemeng nata ing
Kedhiri, wektu iku wayang digawe saka godhong tal, banjur ditutugake
Raden Panji ing Jenggala.

▪ Ing jaman para sunan, salah sawijining sunan ana kang migunakake
wayang kanggo sarana dakwah nepungake agama islam yaiku Sunan
Kalijaga.

B. Unsur-unsur Crita Wayang
▪ Unsur-unsur crita wayang padha karo crita cekak utawa crita fiksi liyane.
Unsur-unsur kang mbangun crita wayang dijlentrehake ing ngisor iki:

1. Tema : yaiku ide kang dadi dhasaring crita

2. Paraga lan Watake (karakter tokoh) : watak wantun kang diduweni saben
paraga. (bleger, pocapan, polah tingkah; protagonis, antagonis, tritagonis)

3. Latar (Setting) : nuduhake katrangan-katrangan kang ana gayutane karo crita


(latar Panggonan, wektu, swasana carita)

4. Alur (Plot) : yaiku urutaning prastawa ing sajrone carita. Jinise alur : maju, mundur,
maju mundur/campuran.

5. Sudut Pandang (Point of View) : carane pangripta nglakokake paraga ing


crita iku.

6. Amanat : Piwulang kang bisa dijupuk saka sajroning crita.


▪ Wujude Wayang kaperang dadi 2, yaiku:

Wayang 2 dhimensi
yaiku wayang kang di gawe saka kulit
utawa lulang kewan. Tuladhane wayang
kulit/purwa.

Wayang 3 dhimensi
yaiku wayang kang di gawe saka kayu
kang ditutu lan digawe dadi kaya wujud
wong utawa kewan. Tuladhane wayang
golek.

C. Jinising Wayang

1. Wayang Purwa/ 2. Wayang Wong 3. Wayang Golek


Wayang Kulit Crita wayang kulit Digawe saka kayu
Digawe saka kulit sapi kang dipragakake dientha (dibentuk)
sing wis dioleh, ditatah dening wong kaya manungsa ing
(diukir) banjur (manungsa). tokoh wayang.
disungging (dilukis). Tuladha: Bima, Bawor,
Biasane critane Semar.
dijupuk saka epos
Mahabarata lan
Ramayana.

4. Wayang Menak 5. Wayang Wahyu 6. Wayang Potehi


Wayang dibentuk Digawe saka kulit meh Digawe nganggo
cengkorongane padha karo wayang seng baja kang
padha wayang golek, kulit kang nyritakake diwenehi magnet ing
digawe saka kayu, tokoh-tokoh ngisore (bagian sikil).
disungging (dilukis). perkembangan Wayang jinis iki uga
Critane nggambarake agama Kristen. Wujud diarani wayang China
tokoh-tokoh blegere digawe kaya amarga critane
ke-Islaman ing tanah tokoh-tokoh njupuk saka
Jawa klebu manungsa kasebut. tokoh-tokoh China.
walisanga.

7. Wayang Beber 8. Wayang Suluh 9. Wayang


Wayang sing critane Wayang kanggo Klithik/Krucil
digambar/dilukis ing sesuluh/penerangan Wayang ukiran sing
kain amba sing sing nggelar diwadhahi kothak.
wujude geber utawa tokoh-tokoh sing kudu Yen pentas wayang
tonil. Yen pentas dimangerteni sakothak digawa lan
utawa pagelaran masyarakat. dipindhah-pindhah
nggelar geber sing kaya ngamen uga
saben kain isine siji nggawa gamelan
crita. Tuladha: crita nanging maksimal 5
Jaka Tarub, Raden instrumen bae.
Panji lsp.
D. Paraga
◤ sing Nyengkuyung Pagelaran Wayang

DHALANG
yaiku sing nglakokake
lakuning pagelaran.

SINDHEN/WARANGGANA
yaiku sing nglagokake
tembang-tembang ngrengga
iramaning gamelan.

NIYAGA/PENGRAWIT
yaiku paraga sing nabuh
gamelan anut larasing
gendhing.

E. Piranti pagelaran Wayang
Kelir, nggambarake langit utawa angkasa

Blencong, nggambarake srengenge rembulan lan


lintang

Debog, nggambarake bumi

Kothak, nggambrake sangkan paran

Cemala, nggambarake samsitaning urip.

Keprak, nggambarake ilining banyu utawa getih,

Wayang, nggambarake manungsa

Gamelan, nggambarake mobah mosiking kahanan


jagad saisine.
Kayon, nggambarake gunung, alas, geni, segara,
prhara, angina, lan sapanunggalane.

You might also like