You are on page 1of 18

DRAMA BAHASA JAWA

KELAS X
SEMESTER GASAL
SMA NEGERI 2 SURABAYA
Pangerten Drama
• Drama utawa sandiwara(Yunani Kuna:
δρᾶμα) iku salah sawijine karya sastra
sing dipentasake déning paraga aktor.
Sandiwara saka tembung basa Jawa yaiku
sandi ingkang ateges rahasia lan tembung
warah ateges panggulawenthah (ajaran)
Sujarah Drama
• Drama pinangka tontonan wis ana wiwit
zaman nenek moyang biyen. Bukti tinulis kang
bisa dipertanggung jawabake njlentrehne
menawa drama wis ana wiwit abad-5
SM.Kahanan iki didhasarake temuan naskah
drama kuno ing Yunani. Panulise Aeschylus
kang kang urip watara tahun 525-456 SM. Isi
lakone arupa sesembahan kanggo muja
marang dewa-dewa.
Sujarah laire drama ing Indonesia ora adoh
bedane kalawan laire drama ing Yunani.
Kahanane drama ing negara kita uga diwiwiti
kanthi anane upacara keagamaan kang
disengkuyung dening para pemuka agama.
Intine, panjenengane ngucapkake mantra lan
doa.
Unsur (Perangan) Drama
• Naskah drama/ Drama Script
• Paraga (aktris utawa Aktor)
• Papan tontonan (teater)
• Penonton.
Unsur-Unsur Drama
• Tema
• Alur
• Tokoh
• Watak
• Latar/setting
• Amanat
Jinis Drama miturut naskah
A. Drama Tradhisional (Klasik) yaiku drama
khayalan (fiksi)kang biyasane nyritakake
kasektene salah sawijining wong.
B. Drama Modhern, yaiku drama kang duweni
ancas (tujuan) menehi panggulawenthah
(pendidikan) tumrap masyarakat lan duweni
tema penguripane ing saben dinane
Jinis Drama miturut Sajian Lakon
 Tragedi: drama kang kebak dening kasungkawan
 Komedi: drama kang penuh dening lelucon.
 Tragekomedi: gabungan antara drama tragedi lan
komedi.
 Opera: drama kang pacelathone ditembangake kanthi
iringan musik.
 Melodrama: drama kang pacelathone diucapkake kanthi
iringan melodi/musik.
 Farce: drama kang memba dhagelan, ananging ora
sakabehe dhagelan.
 Tablo: jjnis drama kang ngutamakake solah (gerak), para
paragane ora ngucapkake pacelathon, ananging mung
nindakake solah bawa.
 Sendratari: gabungan antara seni drama lan seni tari.
Jinis Drama miturut Sarana Pentas
 Drama Panggung: drama kang dimainkan dening para
aktor ing panggung.
 Drama Radio: drama radio tidak bisa didelok lan
digrayahi, ananging mung bisa mirengake.
 Drama Televisi: meh padha karo drama panggung,
mung bedane drama televisi tora bisa digrayahi.
 Drama Film: drama film nggunakake layar amba lan
biyasane tontonake ing bioskop.
 Drama Wayang: drama kang diiringi pagelaran wayang.
 Drama Boneka: para tokoh drama digambarkan dengan
boneka kang dimainake dening saperangan wong.
Ciri-Ciri Drama
1. Tinulis kanggo di pentasake ing ngarepe
penonton.
2. Ngemot pacelathon.
3. Ngemot putuduh ngenani apa kang kudu
ditindakake paraga drama ing panggung, kayata
kapan dheweke mlebu lan metu ing panggung.
4. Ngemot panemu (saran), watara liya ngenani
piye becike pacelathon diucapkake, busana apa
kang kudu dienggo, sarta kaya apa panggung
ditata (setting).
Kaidah Naskah Drama
1. Kabeh critane arupa pacelathon
2. Dijangkepi putuduh tinamtu kayata solah
bawa, ekspresi, sikap paraga, latar, tata
lapu, swasana, lansapanunggalane.
Pituduh teknik ditulis mawa aksara sing
beda (kapital, miring, kandel, warna, lsp)
3. Jenenge tokoh didekek ing dhuwur utawa
sisih kiwa pacelathon
Teknik Nulis Naskah
Nemtokake wosing crita (ide)
• Ide crita iku minangka gegambaran umum
crita drama iku.Ide crita arupa sawijining
konflik, supaya ora malehi (bosan). Ide
crita bisa dijupuk saka pangupan saben
dina, cerpen, novel, cerita rakyat, film, dan
sapanunggalane.
• Sawise nemu ide crita, tulisen ide crita
kasebut ing sajroning sinopsis cendek.
Dawane watara setengah nganti sakaca
(sahalaman). Sinopsis ini ngemot
gegambaran umum saka ide crita kang wis
sumadya. Critakna prastawa kang dumadi
sing dadi sumber crita. Dari kana bisa
diweruhi, prastawa apa wae kang dumadi.
Kajaba iku bisa dikira-kira sapa wae kang
dadi paraga (tokoh) cerita, ing ngendi lan
kapan kedadeyane. Saka kene uga isa
ditemtokake alur (plot) kang dipingini
• Kabeh wis sumadya! Mung kari nulisake
wae. Tulisaen apa wae kang kapikir ing
kapisanan ing pikiranmu. Aja kuwatir
salah. Ana wektu kanggo ndandani. Kang
penting saiki nulisa wae adhedhasar
sinopsis kang wis digawe.
Revisi
Sawise mari nulis, saiki wayahe ndandani.
Wiwit saka ejaan, tandha wacan, nganti
masalah ide crita. Crita bisa berkembang lan
owah kairing kalawan ngrembakane
pemahaman. Nanging, kang kudu dieling-eling
saka proses revisi yaiku kudu ditemtokake
kapan wayah mandheg ndandani. Dadi
temtokna wates wektu ndandani. Ora masalah
karya kita elek, kita bisa nulis maneh kang
anyar lan luwih apik.
• Teknik Muncul :
 Teknik muncul yaiku cara sawijining paraga
(pemain) metu/muncul wiwitan ing panggung
nalika wis ana tokoh liya utawa dheweke
mlebu kanthi tokoh liya
• Teknik Menehi Isi
 Pocapan tinamtu kanggo menehi isi kahanan
(sungkawa, seneng, jengkel)
 Tuladha “Kowe kudu lunga”. Kanthi tekanan
pocapan kang beda bisa nggambarake
kahanan beda
• Nyiptakake Peran
 Paraga kudu sadhar yen dheweke iku lagi
nindakake peran, saengga sifat lan watak
kudu cocog kalawan tokoh kang diperanake.
KEPUSTAKAAN
• http://jv.wikipedia.org/wiki/Drama, diakses tanggal 17
November 2014
• http://ardiwasilachandra.blogspot.com/2014/04/pengertian-
unsur-ciri-drama.html, diakses tanggal 17 November 2014
• http://sdn1-
rantaujayaudik.blogspot.com/2014/01/pengertian-ciri-dan-
jenis-drama.html
• http://adeku-bahasaku.blogspot.com/2011/12/teknik-
bermain-drama.html
• http://yolandahaniyah.blogspot.com/2013/11/kaidah-
penulisan-naskah-drama.html
• http://banknaskah-fs.blogspot.com/2012/12/langkah-
langkah-menulis-naskah-drama.html

You might also like