You are on page 1of 4

ENY LESTARI, S.Pd.

/ SMK NEGERI 3
JOMBANG

BERMAIN PERAN / DRAMA


Drama mujudake seni pertunjukan sing dipentasake, ing ngendi ana ing pamentasan
drama kasebut akeh nggunakake ragam basa lisan. Ragam basa lisan yaiku ragam basa sing
diwedharake lumantar media lisan, kaiket anane papan panggonan lan wektu kanthi pangajab
kahanan sing digambarake bisa menehi pambiyantu anggone mahami alure carita.
Titikane ragam basa lisan yaiku : mbutuhake mitra wicara, unsur gramatikal ora
diwedarake kanthi jangkep, kailet papan panggonan lan wektu, uga gumantung saka endek
dhuwure suara.
Maca sastra kapantha ana ing maca estetis yaiku maca sing sesambungan karo seni
lan kaendahan. Ana ing sajroning maca sastra, penikmat sastra diajab kanggo ngaktifake
imajinasi lan kreativitase supaya bisa mangerteni isine wacan.
Bab-bab sing kudu ditindakake paraga supaya bisa meranake drama slaras karo
dapukane ana ing pamentasan drama yaiku :
1. Maca naskah drama
2. Mahami isi naskah drama
3. Njiwani watak paraga sing arep diperanake.

 UNSUR-UNSUR DRAMA
a. Unsur Intrinsik Drama
1. Tema : ide sawijining crita (punjering cerita)
2. Alur (plot) : urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita
- Alur maju
- Alur mundur
- Alur maju-mundur/ campuran
3. Paraga
- Paraga utama (dadi punjering crita)
- Paraga sampingan (dadi penyengkuyung crita)
- Paraga protagonist (paragakang asipat apik)
- Paraga antagonis (paraga kang sifat ala/jahat).

BAHASA JAWA’ 2020


ENY LESTARI, S.Pd. / SMK NEGERI 3
JOMBANG
4. Dhialog
Pacelathon antarane paraga siji karo paraga liyane. Pamilahe pacelathon ing pentas
drama yaiku :
- Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih.
- Monolog : pacelathon dhewean.
- Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing wiwitan pentas drama.
- Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing pungkasan pentas drama.

b. Unsur Ekstrinsik
Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku:
1. Busana/ kostum lan rias
2. Panggung/ papan pentas
3. Gamelan

Pagelaran drama mbutuhake anane sutradara. Sutradara iku salah sijiningpawongan kang
ngendalekake pamentasan drama lan uga ngendhalekake paragasajrone crita. Sing kudu
ditindakake dening paraga sadurunge meragakake drama,yaiku :
(1) Maca naskah drama kanthi mangerteni isine.
(2) Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah kang arep diperagakake.
(3) Nyiapake papan panggonan (setting).
(4) Milih lan nemtokake paraga.
(5) Akting (carane paraga berekspresi).
(6) Bloking : tata posisi paraga ing panggung.
(7) Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana, lan pangaturane lampu.

Supaya bisa nggawe naskah drama, ana bab - bab sing kudu digatekake :
1. Nemtokake tema
2. Nemtokake konflik / masalah
3. Nggawe sinopsis
4. Nemtokake kerangka karangan

BAHASA JAWA’ 2020


ENY LESTARI, S.Pd. / SMK NEGERI 3
JOMBANG
5. Nemtokake protagonis
6. Nemtokake pungkasan carita
7. Nulis drama.

Babagan isi crita sing asring dipentasake ing pagelaran drama umume ngenani carita
rakyat sing wis misuwur kadadean ing masyarakat. Crita rakyat miturut isine kaperang dadi 4
jenis yaiku:
1. Legendha : crita rakyat sing ana gegayutane karo prastawa sejarah lan ana sambung rapete
karo sawijine paraga, asal-usule papan panggonan, lan diyakini dening akeh bebrayan yen
prastawa iku nate kedaden.
Tuladha : Mula bukane kutha Jombang, asal-usule desa Karang Kejambon, kedadeane
Gunung Tunggarana, lsp.
2. Mithe : crita rakyat sing dianggep suci (sakral). Dene isine gegayutan karo samubarang
perkara sing aneh, ajaib. Dene paragane para Dewa, Dewi, utawa manungsa setengah
Dewa lan nduweni kaluwihan lan diyakini dening akeh bebrayan yen iku pancen temen-
temen kedaden.
Tuladha : Dewi Sri ( Dewi sing njaga pari), Nyai Rara Kidul, Jaka Tarub lan Dewi
Nawangwulan, Kamajaya lan Dewi Ratih, lsp.
3. Sage : crita rakyat sing ana gandheng cenenge karo sejarah, nanging wis akeh wuwuhane,
ora kaya crita sabenere (khayalane/fantasine) manungsa. Crita iki nyritakake manungsa
sing pinunjul, sekti mandraguna, lan awatak satriyatama.
Tuladha : Arya Penangsang, Gajah Mada, Jaka Tingkir, Kian Santang, Bandung
Bandawasa lan Rara Jonggrang, lsp.
4. Dongeng : crita rakyat sing isine ngayawara (ora karuwan jothoke), ora duwe paugeran
sing gumathok, tanpa kasunyatan. Tujuwane kanggo ngisi wektu lodhang, kanggo
panglipur wong akeh. Nanging dongeng iki isih dilestarekake lan diuri-uri dening
mbebrayan Jawa. Nyatane isih akeh sing gelem nulis tur kaemot ing kalawarti, mligine
kalawarti Basa Jawa, kayata : Jaya Baya, Panjebar Semangat, Joko Lodhang, Pari Kesit.
Jenise dongeng ana 3 :
a. Fabel : dongeng sing paragane awujud kewan sing tindak tanduk lan watak
wantune kaya dene manungsa.
Tuladha : Serat Kancil, Manuk Glathik, Dongeng Sato Kewan, lsp.
b. Dongeng lugu : dongeng sing isine lucu, sarwa aneh, ora nalar.
Tuladha: Jaka Kendhil, Timun Emas, Cindhelaras, Naga Baru Klinthing, lsp.
c. Dongeng gegedhug/wiracarita : dongeng sing nyritakake para paraga linuwih lan
pinunjul ing jaman kuna makuna. Isine akeh sing ditambah-tambahi, jalaran
paragane banget dipepuja-puja, pinundhi-pundhi, diunggul-unggulake.

BAHASA JAWA’ 2020


ENY LESTARI, S.Pd. / SMK NEGERI 3
JOMBANG
Tuladha: Lutung Kesarung, Damarwulan, Andhe Andhe Lumut, lsp.

BAHASA JAWA’ 2020

You might also like