You are on page 1of 12

Wewatakane Paraga Utama Sajrone Naskah Papaka Mong Mwa Wanari

Kharisma Maulida Kurniasari

Jurusan Pendidikan Bahasa Dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa Dan Seni,
Universitas Negeri Surabaya.
kharisma.17020114004@mhs.unesa.ac.id

Abstrak

Reriptan sastra yaiku reriptan kang diandharake kanthi komunikatif ngenani maksud
panulis kanggo tujuwan estetika. Salah sawijine tuladha reriptan sastra yaiku naskah.
Naskah Papaka Mong Mwa Wanari kalebu naskah dongeng kanggo bocah-bocah
kang awujud prosa lan nggunakake basa Jawa Tengahan. Naskah Papaka Mong Mwa
Wanari iki kalebu crita dongeng sajrone Tantri Kamandaka. Sajrone panliten iki bakal
ngandharake bab wewatakane paraga utama sajrone Papaka Mong Mwa Wanari.
Panliten iki gunakake tintingan struktural, Tintingan struktural yaiku ngangkat apa
sing onjo sajrone cerkak. Mula panliti ndadekake wewatekan paraga minangka dadi
unsur sing paling onja lan bisa ngembangake topik tema sajrone cerkak iki. Asile
panliten iki yaiku wewatakan paraga utamane yaiku Wanari nduweni sipat apik,
wujdue yaiku 1) tulung tinulung, 2) cerdhas, 3) eklas. Dene Papaka nduweni sipat ala,
wujud sipat alane yaiku 1) kadurjanan arupa mateni Wanari lan kaloro anake, 2) apus-
apus. Paraga-paraga panyengkuyung sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari
yaiku singa, kaloro anake Wanari yaiku Wardawai lan Wardawi, Bhatara Suci lan
Resi Pitu.

Kata Kunci : reriptan sastra, naskah papaka mong mwa wanari, wewatekan

1. Purwaka
Manungsa anggone nglakoni kauripan ora bisa uwal saka kabudayan
minangka asil cipta, rasa lan karsa. Sakabehing kabudayan minangka wujud nyata
anane pamikiran manungsa kang diandharake jaman biyen. Salah sawijine asile

1
kabudayan yaiku reriptan sastra. Reriptan sastra yaiku reriptan kang diandharake
kanthi komunikatif ngenani maksud panulis kanggo tujuwan estetika. Reriptan sastra
iki asring nyritakake crita, sajrone sudhut pandhang pawongan wong katelu utawa
wong kapisan, kanthi plot lan liwat prangkat sastra kang ana gayutane karo wektu
dheweke. sastra ora bakal karipta yen ora ana kreatifitas saka manungsa. Minangka
reriptan kreatif, sastra kudu bisa nglairake kreasi kang endah lan ngupaya gawe
nyalurake kabutuhan manungsa (Semi,1988:8)
Naskah minangka wujud otentik Reriptan sastra kabudayan Jawa ing jaman
semana. Naskah menehi kawruh luwih akeh tinimbang tinggalan kabudayan liyane
kang arupa bangunan candi, petilasan, kraton lan liya-liyane, amarga ngandhut
maneka warna kawruh sajrone urip. Naskah lumrahe awujud tulisan tangan. Sajrone
naskah ana teks kang kebak maneka werna piwulangan. Piwulangan kasebut
gegayutan klawan bebrayan, moral, filsafat, agama lan unsur nilai.
Sajrone panliten iki bakal ngonceki sawijine naskah jawa kanthi irah-irahan
Papaka Mong Mwa Wanari. Naskah iki kalebu naskah dongeng kanggo bocah-bocah
kang awujud prosa lan nggunakake basa Jawa Tengahan. Naskah Papaka Mong Mwa
Wanari iki kalebu crita dongeng sajrone Tantri Kamandaka. Sajrone siji judul crita
ngemu babagan-babagan crita kang diwenehi judul maneh adhedhasar kedadeyan
kang dicritakake. Tuladhane yaiki crita Papaka Mong Mwa Wanari kang nyritakake
antarane Sang Papaka (Pemburu) lan Sang Wanari (Kethek). Crita Papaka Mong
Mwa Wanari ngandhut nilai-nilai kang wigati kanggo diwulangake marang bocah-
bocah. Sajrone naskah iki bakal ditliti kanthi tintingan struktural kanggo ngonceki
luwih jero ngenani paraga. Anggone nliti iku mau amarga anane unsur-unsur kang
bakal karembug sajroning novel, yaiku ngenani tema, paraga lan wewatakane, alur,
lan setting.
Kang narik kawigaten sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari yaiku
ngenani wewatekane paraga-paragane kang onja kanggo mbangun alur crita. Pramila
ing panliten iki bakal ngonceki wewatekane paraga-paraga mligine paraga utama.
Wewatakan nduweni teges kang bedha-bedha, yaiku minangka paraga-paraga crita
kang disuguhake lan minangka sikap, kepengenan, emosi, lan prinsip moral kang

2
diduweni dening paraga-paraga kasebut. (Stanton ing Nurgiantoro,2007:165).
Panliten iki ditindakake kanthi tintingan struktural, Teeuw (sajrone Arista, 2012:9)
ngandharake ngenani struktural yaiku sawijining sistem minangka kaseluruhan.
Sistem kawujud saka unsur-unsur kang nduweni sesambungan (yen ngowahi unsur
siji bisa ndadekake owahe sakabehe), asipat munjer ing karya sastra iku dhewe lan
ora mbutuhake prekara sanjabane. Saliyane iku, panliten iki milih naskah Papaka
Mong Mwa Wanari amarga crita iki narik kawigaten, critane apik banget, tur bisa
menehi piwulangan sajrone kauripan.

2. Metodhe Panliten
Metodhe bisa diarani cara kanggo nggarap sawijining bab kang nduweni
sistem supaya nggampangake anggone nindakake panliten. Panliten iki kalebu
panliten kualitatif deskritif. Miturut Endraswara (2011:18) panliten deskritif yaiku
panliten kang ora ngutamakake angka ananging luwih ngenani intrinsik klawan
konsep kang dikaji kanthi empiris. Panliten iki kalebu panliten kualitatif amarga
panliten iki nintingi sawijine kedadeyan utawa lakon sajrone karya sastra.
Naskah Papaka Mong Wanari bakal ditintingi strukturalis. Panliten iki bakal
nggunakake metodhe deskriptif kualitatif kanggo nintingi naskah Papaka Mong
Wanari kasebut. Panliten kualitatif deskriptif digunakake amarga bisa menehi
gambaran kang gamblang lan objektif ngenani wewatekan paraga sajrone naskah
Papaka Mong Wanari. Dhata kang digunakake yaiku Naskah Papaka Mong Mwa
Wanari yaiku crita dongeng fabel tradisional kanggo bocah. Naskah Papaka Mong
Mwa Wanari iki kalebu crita dongeng sajrone Tantri Kamandaka, sajrone siji judul
crita ngemu babagan-babagan crita kang diwenehi judul maneh adhedhasar
kedadeyan kang dicritakake. Tuladhane yaiki crita Papaka Mong Mwa Wanari kang
nyritakake antarane Sang Papaka (Pemburu) lan Sang Wanari (Kethek). Naskah
Papaka Mong Mwa Wanari nduweni 30 bait awujud prosa lan nggunakake basa Jawa
Tengahan.
Trap-trapan kang ditindakake kanggo nglumpukake data ing panliten iki yaiku
kanthi iventarisasi naskah, maca naskah Papaka Mong Mwa Wanari lan studi

3
pustaka. Trap-trapan kanggo nganalisis naskah ditindakake kanti cara maca naskah,
transliterasi, deskripsi naskah, panglumpuke dhata, pangolahe data pata lan menehi
dudutan.

3. Andharan
Wewatakan kang bisa dimangerteni kanthi karakter utawa wewatakan,
mengacu ing panempatane paraga-paraga tartamtu kanthi watak tartamtu. Saengga
wewatekan bisa dimangerteni minangka gegambaran kang jelas ngenani pawongan
kang disuguhake sajrone carita. (Nurgiyantoro, 2007:176). Miturut Aminuddin
(1987:80) kanggo mangerteni lan mahami marang watak paraga, sajrone crita bisa
dimangerteni saka:
1) Tuturan langsung saka pangripta ngenani karakteristik paragane,
2) gegambaran kang diwenehake pangripta saka deskripsi bab kahanan paraga
ana satengahing bebrayan, utawa carane gawe busana,
3) gambaran tumindake paraga,
4) saka kepriye kahanane paraga kuwi ngomongake ngenani dheweke-dhewe,
5) saka paraga liya kang diomongake paraga utama,
6) saka kepriye pamikirane paraga,
7) kepriye carane paraga liya nalika caturan karo paraga utama,
8) saka paraga-paraga liya kang wenehi reaksi marang paraga utama.
9) saka kepriye paraga utama kuwi menehi reaksi marang paraga liyane.

Paraga-paraga sajrone crita fiksi bisa dibedhakake adhedhasar saka sudut


pandhang lan tinjauan. Ing ngisor iki bakal diandharake wewatekan sajrone naskah
Papaka Mong Mwa Wanari :

1) Paraga Utama
Paraga utama yaiku paraga kang utama dicritakake sajrone crita kang
gegayutan. Paraga utama minangka paraga kang paling akeh dicritakake lan kerep
metu sajrone crita. Paraga utama yaiku paraga kang kalebu unsur kang wigati lan
kerep dicritakake saengga dadi dominasi sajrone crita (Suyanto, 2012:49). Paraga

4
utama kerep dicritakake lan nduweni gegayutan karo paraga-paraga liyane. Babagan
kuwi kang namtokaken pangembangane plot sekabehe crita. Dheweke asring metu
minangka paraga utawa kang didadekake ngalami kedadean lan konflik wigati kang
gegayutan pangembangane plot. Wewatekan bisa dimangerteni minangka
gegambaran kang cetha ngenani sipat lan karakter paraga-paraga tartamtu.
Ing naskah Papaka Mong Mwa Wanari kacarita paraga utamane yaiku Papaka
lan Wanari. Papaka yaiku pawongan pemburu ing alas lan Wanari yaiku kethek
wadon. Naskah iki nyritakake ngenani Sawijining dina ing Alas Wanari kang urip ing
kana ketemu karo Papaka kang lagi golek kewan buron. Wanari mbiyantu Papaka
nalika dheweke (Papaka) diserang karo singa. Kawiwitan crita kuwi kang ndandekake
anane konflik sajrone Papaka lan Wanari.
Paraga utama kang ana sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari yaiku
Papaka lan Wanari . kaloro paraga iki ora bisa dipisahake sajrone crita amarga padha
nduwene peran kang onja, mula ing kene para utamane ana loro. Wewatekan kang
diduweni dening paraga yaiku :

a. Wanari
Wanari yaiku gambaran paraga utama kang asring metu sajrone crita. Wanari
mujudake paraga kang wigati sajrone crita amarga Wanari salah sijine paraga utama
lan paraga kang nduweni watak protagonis. Watak protagonis yaiku paraga kang
disenengi, kang salah siji jinise dianggep popular lan apik saengga akeh kang
nyenengi. Wanari yaiku awujud kethek kang nduweni watak apik lan seneng nulung.
Ing ngisor iki bakal diandharake kang dadi watak utawa sipat saka Wanari.

a) Tulung Tinulung
Aweh pitulungan marang liyan kang mbutuhake mujudake tumindak becik
kang bisa ditindakake dening saben pawongan. Sajrone bebrayan tulung tinulung
tumrap masyarakat Jawa wis dadi titikan khas. Mligine masyarakat tradhisional kang
manggon ana ndesa, isih kang akeh ngugemi ada tulung tinulung. Sajrone naskah
Papaka Mong Mwa Wanari ana paraga kang nduweni sipat saling mbiyantu iki yaiku

5
Wanari kang nulung Papaka nalika ing alas. Bab kasebut bisa diandharake ing ngisor
iki.

Mojar ikang papaka ri sang wanari, lingnya: “E sang wanari, den tulus
denta sambega ngulun, ibungku sang wanari, aterakena ngulun ring enu
gandong denta ngulun. Bhagya ta yan datang ring grena mami; tan sangsaya
n datang ring sabha ngke; awedi ngulun yan liwata ring wana sabha”. Yata
ginandong ikang papaka de sang wanari sinerepaken ring grehanya de sang
Wanari. (Papaka Mong Mwa Wanari: 2-3)

Ujare Papaka menyang Wanari, ucape: “He sang Wanari, yen tulus anggone
nulungi aku, dhuh sang Wanari, terna aku menyang dalan kanthi digendong.
Kowe seneng yen aku teka mrene, ora sumeleng teka ing panggon kene, aku
wedi yen liwat alas kene”. Banjur, Papaka digendong sang Wanari lan digawa
menyang omahe.” (Papaka Mong Mwa Wanari: 2-3)

Cuplikan ing ndhuwur bisa dimangerteni yen sang Wanari nduweni watak
yaiku tulung tinulung. Papaka kang njaluk pitulungan marang Wanari kanggo
ngeterne menyang dalan kanthi cara gendong. Amarga Papaka ora weruh dalan lan
wedi anggone ngliwati alas. Dhasare Wanari kang nduweni watak tulung tinulung
banjur gendong Papaka lan nggawa Papaka menyang omahe disek, sadurunge
ngeterake menyang dalan.

Mangke ngulun mameta wowohan, panger sakareng mitra, lawan anaku wre
kalih, away inumbaraken, mamy ameta sarwa phala pinaka bhuktianta.
(Papaka Mong Mwa Wanari: 7)

Mengka jupuka wowohan, kanggo saperangan sedulur, karo anakku loro


jaganen. Aku bakal golek wowohan kang kakeh kanggo panganan. (Papaka
Mong Mwa Wanari: 7)

Cuplikan ing ndhuwur yaiku bukti kaloro yen Wanari nduweni sipat tulung
tinulung yaiku arupa seneng aweh. Ing cuplikan dicritakake yen Wanari bakal meneei
panganan yaiku arupa wowohan buwah-buwahan kanggo digawa Papaka muleh,
mengka bisa diwenehake kanggo saperangan sedulure Papaka.

b) Cerdhas

6
Cerdhas yaiku sampurna akal budine (kanggo mikir, mangerteni), lan landhep
pikire (KBBI,1996:56). Pawongan kang nduweni kacerdasan bakal gampang anggone
mujudake apa wae kang dadi kekarepane lan kanthi kacerdasan uga bisa kanggo
nulungi dhiri pribadhi lan wong liya. Mula saka iku, manungsa urip ing donya iku
kudu nduwe kacerdhasan amrih uripe bisa kaleksanan kaya apa kang dikarepake.
Sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari, Paraga Wanari digambarake nduweni
watak cerdhas . salah sawijining crita kasebut nyritakake yen Papaka ngapusi Wanari,
amarga Wanari kang bisa mikir cerdhas lan nganalisis apus-apuse Papaka, Wanari ora
bisa diapusi lan mangerteni kahanan kasunyatane. Kahanan kang kaya mengkana bisa
kadeleng saka pethikan crita ing ngsor iki.

Mingis pecah sang Wanari, rumenge wuwus tikang papaka. Uwus wruh sang
wanari yan sang papaka mejahi anaknya, apan ikang tuha buru wus
makauripnya ikang mrega. Wruh sang wanari yan anaknya kalih pinangan de
sang papaka. (Papaka Mong Mwa Wanari: 7)

Sang Wanari katon pecah, krungu omongane papaka. Wis weruh sang wanari
yen sang papaka mateni anake, Papaka wis arep panguripane kang kidang,
sang Wanari weruh yen anake loro dipangan dening papaka. (Papaka Mong
Mwa Wanari: 7)

Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen sang Wanari nduweni watak cerdhas.
Wanari ora bisa diapusi dening Papaka, amarga dheweke bisa nganalisis kahanan yen
sejatine ujare Papaka mong apus-apus, dheweke weruh sing mateni anake yaiku
Papaka dhewe. Amarga Wanari meruhi dhewe Papaka kang lagi mangan anake nalika
dheweke pas teko omah.

c) Eklas
Eklas yaiku temen-temen terusing ati, karep kang becik. Sipat eklas kasebut
uga mujudake sipat menehi kanthi tulus, ora pamrih. Sipat eklas panggonane ana ing
niyati ati. Sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari, Wanari digambarake nduweni
watak eklas. Dheweke ikhlasake nalika anak lorone mati lan ora sedhih marang Sang
Hyang Widhi. Ing ngisor iki bakal dianadharake.

7
iwa mangkana yaya tan karasa de sang wanari. Mateguh manggege dede
dharma ning samitranya; dadi sang wanari mojar, lingnya majaraken: “Tan sih
ning widhi ri ngulun matangnya n paratra weka mami kalih…..” . (Papaka
Mong Mwa Wanari: 14-15)

Mangkana ora sedhih sang Wanari. Kudu tetep apik ing kancane, dadi sang
Wanari ujare, ucape : “Ora welas ing Widhi ing aku amarga anakku loro mati.
Ora sedhih ing aku…..”. (Papaka Mong Mwa Wanari: 14-15)

Cuplikan ing nduwur nuduhake yen Wanari nduweni sipat eklas. Wanari
ngeklasake anak lorone mati, dheweke ora sedhih marang Sang Hyang Widhi. Masiya
anake mati sebabe ora karna kebakar ing omah ananging dipateni lan dipangan
dening Papaka. Wanari tetep apik ing Papaka.

b. Papaka
Papaka iku mujudake paraga utama kang nduweni watak ala. Papaka sajrone
naskah Papaka Mong Mwa Wanari yaiku paraga kang digambarake antagonis. Paraga
antagonis mujudake paraga kang jahat, saengga akeh pamaos kang ora simpati
marang paraga iki. Ing ngisor iki bakal diandharake watak-watak saka paraga Papaka
sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari.

a) Kadurjanan
Kadurjanan utawa krimininalitas yaiku prekara-prekara kang nduweni sipat
Kriminal kang sesambungan karo tumindak jahat utawa kang bisa gawe cilakane
liyan (Sudaryanto,471:2011). Kang kalebu tumindak kadurjanan iki kayata Merjaya,
nekek nganti korbane mati, nyerang, ngrampok, ngruda peksa, nyolong, nglanggar
aturan lan saliyane akeh kang gegayutan karo tumindak kang ala. Sajrone naskah
Papaka Mong Mwa Wanari, Paraga Papaka nduweni watak kadurjanan iki. Ing ngisor
iki bakal diandharake.

Dak paranken ing swargagni, ling nikang papaka, dening moha. Kuhakanya
buddhinya tan keneng welas. Apan ikang Papaka tuha-buru, nica-buddhi,
hingsa-krama. Uwus rateng pwa denyanumu anak nikang Wanari, tumuly
agelis denyamangan, ri wedinya kawenangan de sang Wanari, tan

8
sakewedinya ri ya manawa pinakaewa sang wanari. Wyakti luput mene
denyangupaya jiwanya. (Papaka Mong Mwa Wanari: 11)

Banjur, daktebakake ing geni, Durhaka budhine Papaka ora bisa diwelasi,
nista budhina, nuli kena seksa. Banjur wis wateng anake 2 Wanari mau. Age-
age dipangan, amarga wedhi kawenangan Wanari. Ora diwedeni yen dheweke
bakal ora disenengi Wanarai, satemene luput kuwi wis ngupayani jiwane.
(Papaka Mong Mwa Wanari: 11)

Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen Papaka nduweni sipat ala yaiku
kadurjanan. Kadurjanan kang ditindakake dening Papaka ing kene yaiku mateni
anake lorone Wanari kanthi cara dibong ing omahe. Sebabe Papaka tumindak
kadurjanan kuwi amarga dheweke rumangsa luwe lan ora kuwat ngenteni Wanari
kang lagi golek panganan. Anggone nindakake kaluputan kuwi Papaka ora rumangsa
nyesel malah age-age mangan daginge anak loro Wanari supaya ora kaweruhan Ibune
(Wanari).

Sangsaya singset denyangol gulu sang wanari: umangen-angen ikang papaka


ring dalem atinya: rwang dina saratri ngulun tan polih mrega, tan ana ulih
ulihangku ring anak-rabingku; iki mangke ulih-ulihangkwa.Yata
rinabassanya ta sang wanari. Mojar ikang wanari: “Away singset, mitra,
denyang rangkul gulu mami”. Mangkin asingset denyang rangkul: teher ika
sinuduknya ring warayang pangeempit sang wanari denikang Papaka. Pejah
ta sang Wanari katiganaknya. (Papaka Mong Mwa Wanari: 22-25)

Saya kenceng gulune Wanari dirangkul, dheweke mbatin, wis sedina sewengi
aku ora oleh buron, ora ana asile kanggo anak-anakku, iki mengko asilku.
Nalika si Wanari disiksa, Wanari ujar : “Saya singset, kanca, nalika nekek
guluku.” Saka singsete Papaka ngrangkul, langsung disuduk ing emparing
pangempit Wanari dening papaka, katelune kethek lan anak-anake padha mati.
(Papaka Mong Mwa Wanari: 22-25)

Cuplikan crita ing nduwur nuduhake yen Papaka nindakake tumindak


kadurjanan yaiku mateni Wanari. Sebabe Papaka tumindhak sipat ala iki amarga
dheweke kang rumangsa wis sedina swengi anggone buron ora oleh apa-apa. Banjur
Wanari kang ana sandhinge dipateni kanthi cara dirangkul gulune lan ditekek sarta
langsung disuduk ing jemparin pangempite sang Wanari. Wanari banjur mati lan

9
nyusul keloro anake sing wis mati dhisik uga saka tumindaka kadurjanane sang
Papaka.

b) Apus-Apus
Apus-apus utawa mbujuki yaiku tumindak utawa omongan kang ora sabenere.
Miturut KBBI, apus-apus yaiku ora sesuai kanthi bab utawa kadaean kang ora
sabenere (dhusta) ora jujur. Tumidak ala iki ditindakake dening Papaka. Papaka
ngapusi Wanari ngenani matine kaloro anake.

Sumahur ikang tuha-baru lingnya: tan wrin ulun panangka nikang agni, meh
tan derya mami, mitra. Tan kahur mamy atulung anakta, katunw ing apuy
sedeng ujjwla, mami meh pejaha, yaya tan samanya idep ning ulun ri ilang
ning anakta kalih. Katon tan yatna ning mami rumaksa ring wekanta kalih,
arep mami tumwan tisaya ning agni. Ingalap ing kala mretyu anakta, ri
pangidep mami. (Papaka Mong Mwa Wanari: 22-25)

Papaka mangsuli, ucape: aku ora weruh asale kang geni, aku meh ora slamet,
kanca. Aku ora sempet nulung anakmu, ketara ing geni nalika murub, aku arep
mati, bapa ora lumrah madhep ing aku anakmu loro ilang. Ora ketara nyawa
ing aku jaga ing wetengane loro, aku kudu mikir banget ing geni. Nalika
anakmu lanang wadon mati, madhep ing aku. (Papaka Mong Mwa Wanari:
22-25)

Cuplikan ing ndhuwur nuduhake yen Papaka nindakake sipat ala yaiku apu-
apus. Dheweke ngapusi Wanari ngenani kadadean kang nyebabake keloro anake
Wanari mati. Papaka ujar menyang Wanari yen keloro anake mati amarga kelelep
geni. Papaka ora mangerteni asale genine kuwi saka ngendhi lan Papaka ora sempet
nulungi. Kedadean kang sabenere yaiku kaloro anake Wanari dipateni karo Papaka
ora liya kanthi cara ngebong kalorone ing geni banjur dipangan.

2) Paraga Panyengkuyung
Paraga panyengkuyung yaiku paraga kang asipat pelengkap. Paraga
panyengkuwung ora kerep metu sajrone crita. Paraga-paraga panyengkuyung sajrone
naskah Papaka Mong Mwa Wanari yaiku singa, kaloro anake Wanari yaiku Wardawai
lan Wardawi, Bhatara Suci lan Resi Pitu.

10
4. PANUTUP
Sajrone andharan-andharan ing ndhuwur bisa didudut yen naskah Papaka
Mong Mwa Wanari kalebu naskah dongeng kanggo bocah-bocah kang awujud prosa
lan nggunakake basa Jawa Tengahan. Naskah Papaka Mong Mwa Wanari iki kalebu
crita dongeng sajrone Tantri Kamandaka. Metodhe kang digunake sajrone panliten iki
yaiku metodhe kualitatif deskriptif lan ditintingi nganggo struktural.
Adhedhasar saka analisis kang wis ditindakake ing bab telu bisa kadudut
wewatakan para paraga utama. Saka naskah Papaka Mong Mwa Wanari paraga
utamane yaiku Wanari nduweni sipat apik, wujdue yaiku 1) tulung tinulung, 2)
cerdhas, 3) eklas. Dene Papaka nduweni sipat ala, wujud sipat alane yaiku 1)
kadurjanan arupa mateni Wanari lan kaloro anake, 2) apus-apus. Paraga-paraga
panyengkuyung sajrone naskah Papaka Mong Mwa Wanari yaiku singa, kaloro anake
Wanari yaiku Wardawai lan Wardawi, Bhatara Suci lan Resi Pitu.

KAPUSTAKAN
Aksan, Hermawan.2015. Proses Kreatif Menulis Cerpen. Bandung: Nuansa Cendekia.

Aminuddin. 1987. Pengantar Karya sastra. Bandung: Sinar baru Argesindo.

Emmy Puspitasari. 2009. Tokoh Utama Dalam Cerkak Mancanegara “Serenada


Schubert” Terjemahan Moechtar [Skripsi]. Semarang. Universitas Negeri
Semarang

Endraswara, Suwardi.2003. Metode Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka


Widyatama.

Khanif Wahyu Priyambada. 2017. Analisis Penokohan dan Latar dalam Kinderroman
Herr Der Diebe Karya Cornelia Funke [Skripsi]. Yogyakarta. Universitas
Negeri Yogyakarta.

Nurgiyantoro, Burhan.2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada


University Press.

Rosih Ngesti Wahyuni. 2013.Wewatakane Para Paraga Sajroning Novel Nalika Prau
Gonjing Anggitane Ardini pangastuti (Kajian Struktural). Jurnal Bharadha.
Vol 1, No 3.

11
Teuw, A. 1998. Sastra dan Ilmu Sastra; Pengantar Teori Sastra. Jakarta:Gramedia

Yuni Siti Mardiani. 2016. Penokohan dalam Novel Rembang Jingga Karya TJ. Oetoro
dan Dwiyana Premadi Serta Rancangan Pembelajaran Sastra Di SMA
[Skripsi]. Bandar Lampung. Universitas Lampung.

Zakky. 2018. 8 Unsur Intrinsik Cerpen Beserta Pengertian dan Contohnya[Lengkap]


Sajrone https://www.Zonareferensi.com/unsur-intrinsik-cerpen diakses
tanggal 28 Maret 2020.

12

You might also like