You are on page 1of 21

BREGADA PRAJURIT DALEM

KRATON NGAYOGYAKARTA
Anggota :
1. Dian Kharisma Rahmawati
2. Farfalni Rismanti Hidayah
3. Ferdina Ramadansyah
4. Lily Fadila
5. Nowanda Avito
Wirabrajan
(Lombok Abang)
a) Jejibahanipun minangka cucuking ngajurit
salebeting perang.
b) Prajurit wirabraja ngginakaken busana
sikepan, lonthong ( sabuk ) satin, lan clana
panji warni sedaya abrit. Sepatu pantopel
cemeng, kaos kaki pethak, songkok kudhup
turi.
c) Klebet / gendera/ bregada prajurit wirabraja
winastan Gula Klapa,
d) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Santri lan
Kanjeng Kyai Slamet.
e) Tetabuhanipun gendhing Dayungan lan
Ratadedali
f) Papan dunungipun prajurit punika winastan
Wirabrajan.
Daeng
a) Prajurit punika asalipun saking Makassar,
ngginakaken busana lan clana warni
pethak, kanthi garis abrit ing perangan
jajanipun, ngginakaken songkok
mancungan warni cemeng, kanthi
rerenggan wulu ayam warni abrit pethak.
b) Klebet bregada prajurit daeng winastan
Bahningsari.
c) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai
Jatimulyo ( Doyok ).
d) Tetabuhanipun gendhing Ondhal Andhil
lan Kenaba.
e) Papan dunungipun prajurit menika
winastan Daengan.
Patangpuluh
a) Ngginakaken busana sikepan lurik khas
patangpuluh, clana cendhak abrit lan
clana panjang abrit, sepatu lars
cemeng, songkok awarni abrit lan
cemeng.
b) Klebet bregada patangpuluh winastan
Cakragora.
c) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai
Trisula.
d) Tetabuhanipun Gendhing Mars Bulu-
Bulu lan Gendera.
e) Papan dunungipun prajurit punika
winastan Patangpuluhan.
Jagakarya
a) Ngginakaken busana sikepan lurik khas
jagakarya, kanthi kutang ( rompi ) jene
emas, sepatu pantopel cemeng, kaos
kaki biru sepuh, songkok cemeng.
b) Klebet bregada jagakarya winastan.
c) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai
Trisula.
d) Tetabuhanipun Gendhing Mars Bulu-
Bulu lan Gendera.
e) Papan dunungipun prajurit punika
winastan Jagakaryan.
Prawiratama
a) Ngginakaken busana sikepan cemeng,
clana cendhak abrit lan clana panjang
abrit, sepatu lars cemeng, songkok
awujud kerang awarni cemeng.
b) Klebet bregada prawirataman winastan
Geniroga/Banteng Ketaton.
c) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai
Trisula.
d) Tetabuhanipun Gendhing Mars
Pandeburg lan Balang.
e) Papan dunungipun prajurit punika
winastan Prawirataman.
Nyutra
a) Prajurit Nyutra 1 ngginakaken busana kutang
(rompi) abrit, celana panji cemeng, kampuh biru
sepuh, kuluk cemeng lan udheng cemeng.
b) Prajurit Nyutra 2 ngginakaken busana kutang
(rompi) cemeng, clana Panjang abrit, kampuh
biru sepuh, kuluk abrit, udheng abrit.
c) Klebet/gendera bregada Nyutra 1 winastan
Padma Sri Krisna.
d) Klebet/gendera bregada Nyutra 2 winastan
Podhang Ngisep Sari.
e) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula.
f) Tetabuhanipun Gendhing Surengprang lan
Tamtama Balik.
g) Papan dunungipun prajurit punika inastan
nyutran.
Ketanggung
a) Prajurit Ketanggung ngginakaken busana
sikepan khas ketanggung, clana cemeng
pethak, sepatu lars cemeng, songkok
mancungan awarni cemeng.
b) Klebet/gendera bregada Ketanggung
winastan Cakraswandana.
c) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai
Nenggala.
d) Tetabuhanipun Gendhing Bergola
Milir/Lintrik Emas lan Harjuna
Mangsah/Bima Kurda.
e) Papan dunungipun prajurit menika
winastan ketanggungan.
Mantrijero
a) Prrajurit Mantrijero ngginakaken
busana sikepan lurik khas
Mantrijero, clana panji lurik,
sepatu pantopel cemeng, kaos kaki
pethak, songkok awujud
mancungan cemeng.
b) klebet/gendera bregada Mantrijero
inastan Purnamasidhi.
c) Papan dunungipun prajurit punika
winastan Mantrijeron.
Bugis
a) Prajurit Bugis asalinipun saking
Makassar.
b) Ngginakaken busana kurung cemeng,
clana Panjang cemeng, sepatu
pantopel cemeng, songkok awarni
cemeng.
c) Klebet bregada Bugis winastan
Wulandadari.
d) Dwajanipun anama Kanjeng Kyai
Trisula.
e) Papan dunungipun prajurit punika
winastan Bugisan.
Surakarsa
a) Prajurit Surakarsa ngginakaken
busana sikepan pethak, lan clana
Panjang pethak, kain sapit urang,
songkok cemeng lan trompah.
b) Klebet bregada surakarsa
winastan Pareanom.
c) Papan dunungipun prajurit
menika winastan Surakarsan.

You might also like