You are on page 1of 16

< Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec >

Karakteristik
Upacara Adat
Dening Siti Wuriyan, S.Pd
< Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec >

Nalarake
Upacara kegiyatan adat kuwi yen dinalar kadhangkala kaya ora klebu
ing nalar. Nanging merga kabeh mau mujudake budaya kang isih lumaku
ing masyarakat, mulane akeh masyarakat kang isih percaya. Krana anane
kepercayaan mau, menawa ana kang ninggalake bisa malah njalari utawa
bisa nuwuhake bebaya. Kepriye miturut penalaranmu?
Jroning wulangan iki kegiyatan nalarake sing ditindakake dening para
siswa yaiku: nganalisis lan gawe dudutan (kesimpulan) ngenani ciri ciri
khusus lumakune upacara aat, banjur latihan nulis utawa gawe laporan
ngenani kegiyatan upacara adat.
< Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec >

Upacara
Mitoni /
Tingkeban
Mitoni asalae saka tembung angka 7. Upacara adat
iki dianakake nalika calon ibu nggarbini utawa meteng 7
sasi. Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune, lan
kanggo sipate tolak balak. Jroning kandhutane ibu si
jabang bayi sing umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing
sampurna. Miturut wong jawa, umur sasi 7 iku proses
pangriptane manungsa wis nyata lan sampurna ing sasi 7.
Miturute sejarahe, tingkeban iku nyritakake sawijine pamongan (wadon) sing jenenge Niken Satingkeb karo
garwane Ki Sedya. Wong loro iku duwe anak sanga, nanging kabeh anake mati nalikane cilik. Maneka usaha
wis dilakoni amrih anake bisa tetep urip, nanging tettep ora kasil. Akhire wong loro mau ngadhep matur
marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya ngenani lelakon sing dialami.

Jayabaya maringi pamrayoga sing kudu dilakoni. Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nglakoni pirang
pirangane ritual. Kejaba iku uga nganggo syarat, wong loro mau kudu sregeb manembah mring Hyang Widhi,
tumindake kudu becik, welas asih mring sapada. Kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake
awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitung sumur utawa sumberan. Sabanjure kuwi, menehake sesajen
arupa kembang setaman lan kelapa gadhing sing isih enom.

Sawise nglakoni sakabehane ritual sing dianjurake Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng Dhumadi,
nyembaani panyuwune. Wong loro diwenehi nduweni umur kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong Jawa
padha nindhakake ritual kaya sing dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, rikala lagi meteng pitung wulan,
lan kanthi pangarep supaya bayi sing isih ana ing kandhutan lan ibune bayi bisa slamet. Ritual iku diarani
mitoni utawa tingkeban.
Tata urutan lumakune upacara mitoni / tingkeban yaiku:
1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki jiwa lan ragane. Tegese, ngresiki
sakabehaning sukerta (dosa dosane) calon ibu. Upacara siraman dipimpin dening dhukun bayi
sarta anggota keluarga kang dianggep paling tua.
2. Upacra nglebokake endhog pitik Jawa (pitik kampung) menyang njero (sarung) calon ibu kang
ditindhakake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus diculke dadi pecah. Upacara iki
ditindakake kanthi pangajab muga muga mbesuke bayi bisa lahir kanthi gangsar ora ana alangan
apa apa.
3. Upacara brojolan utawa nglebokake kelapa gadhing enom cacahe loro kang wis digambari
Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra ing njero sarung saka nduwur weteng ibu
tekan ngisor. Upacara iki mengku tegese bayi sing lair yen lanang rupane bagus kaya Kamajaya
utawa Arjuna, dene yen wadon ayu kaya Dewi Ratih utawa Sembadra.
4. Upacara ganti busana kang awujud jarit cacahe 7 (pitu) kanthi motif kang beda beda. Motif jarit
lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanthi pangarep arep mbesuk si jabang
bayi bisa nduweni sipat sipat kang becik.
5. Upacara nugel janur / lawe kang dijiretake ing weteng calon ibu. Janur / lawe bisa diganti
ngangggo godhong klapa. Upacara iki dianakake kanthi tujuan supaya laire sang jabang bayi
bisa lancar.
6. Upacara mecahke kwalilan irus kang digawe skaa bathok. Tujuane yaiku sawab (donga lan
pamuji keslametan)
7. Upacara nginum jamu sorongan, mralambangake supaya
anak kang dikandhut iku gampang lair kaya disurung.

8. Upacara nyolong endhog, mralambangake supaya kelairan


sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang
mlayu nggawa colongane. Upacara iki ditindakake dening
calon Bapak kang njupuk edhog banjur digawa mlayu kanthi
cepet.

Sawise tata urutan upacara kasebut wis ditindakake kabeh,


ateges upacara mitoi dianggep rampung banjur didongani
dening pinisepuh.

Video : https://youtu.be/Ag2eUOVbxco
Tata urutan Upacara
Temu Manten adat
Jawa / upacara
Panggih
Upacara Panggih utawi upacara temu
mnten yaiku prosesi tinemune temanten
kalih, temanten kakung kaliyan putri
wonten ing pelaminan.
https://youtu.be/C5UR7s0xvrY
1. Papag toya, manten kekarone diwenehi ngombe dening rama lan ibune
2. Balang gantal, manten kekarone sawat sawatan suruh lininting tinalenan
wenang lawe
3. Salaman, manten kekarone padha salaman kang ditempukake dening sang
pujangga jemuk
4. Ngabekten, penganten putri sungkem marang penganten kakung
5. Wiji dadi, manten lanang ngidak endhog pitik nganti pecah
6. Gandhengan, manten putri nalikane sedheku banjur digandheng dening
manten kakung
7. Sinduran, manten kekarone dituntun rama lan ibu menyang kwadhe saranaa
kaya digendhong
8. Bobot timbang, manten kekarone lungguh ing pangkonan rama lan ditimbang
bobote
9. Tanem jero, manten kekarone dilenggahke ing kwadhe dening ramane
10. Mapag besan, mapagake besan sing wis kepareng rawuh
11. Catur wredha lenggah kursi, rama lan ibu temanten lenggah ing kursi sakiwa
tengene penganten
12. Kacar kucur, manten lanang nyuntak beras kuning, dhuwit receh, kacamg ijo,
lan sapanunggalane ing pangkone manten putri
13. Dulangan, manten kekarone padha dulang dulangan
Upacara
Brokohan
Brokohan utawi barokahan iku alah sijine upacara adat jawa kanggo mangayubagya kelairan bayi.
Upacara adat iki maknane kanggo ngandharake rasa syukur marang ngersane Gusti Allah menawa
bayi sing lair bisa ginanjar slamet.
Barokahan iku asale saka basa Arab “barokah” sing maknane ngalap utawa ngarepake berkah.
Tangga teparo mligine tumrap para ibu sanajan ora diaturi rawuh nanging akeh sing padha rawuh
saperlu jagong paring berkah marang si bayi. Nalikane jagong para ibu lumrahe padha nggawa
gawan (upamane awujud wedhak, sabun, gula, kopi, lsp)
Jroning kagiyatan brokohan sing mangarsani utawa mimpin biyasane dhukun bayi sing saben dina dijaluki tulung ngedusi bayine.
Sesajen upacara brokohan sing dibutuhake yaiku:

a. Tumrap bangsawan : dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh
ayam, kembang setaman, klapa lan beras
b. Tumrap rakyat biyasa : sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh peyek, sambel goreng, tempe, mihun, jangan
menir lan pecel ayam.

Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari ari lan nyadiakake brokohan sing
didum marang para tangga.

Video: https://youtu.be/6DR-mwmTuoo
Mendhem ari
ari
Mendhem ari ari iku salah sijining upacara kelairan sing wis lumrah dianakake ing saben
saben dhaerah (ora mung ing tanah jawa wae).
Miturut kepercayaan Jawa, ana kepercayaan ngenani sesebutan seulur papat , kakang
kawah adhi ari ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari ari iku sejatine
salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi. Mulane ari ari kudu diramut lan
dijaga, upamane panggonan kanggo mendhem ari ari iku diwenehi lampu (umume
senthir), iki mujudake pralambang “pepadhang” tumraping bayi. Senthir iki diurupne
nganti 35 dina (selapan).
Sanadyan katon sepele, nanging mendhem ari ari iku isih dipercaya tumrap masyarakat
Jawa.
Tata cara mendhem ari ari
Dene tata carane mendhem ari ari yaiku:

1. Ari ari dikumbah nganti resik


2. Ari ari sing wis resik banjur dilebokake ing kendhi utawa bathok
klapa. Sadurunge ari ari dilebokake kendhi, diwenehi lemek
godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing
isih anyar lan dibuntel kain mori.
3. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ing papan
panguburan. Papan panguburane kendhi kudu ing sisih tengene
lawang omah utama. Sing mendhem kendhi kudu Bapak
kandunge si bayi.
4. Digawa ing papan penguburan.
Ruwatan

Ruwatan iku slaah sijining upacara adat Jawa sing ancase kanggo mbebasake wong / komunitas / wilayah saka ancaman
bebaya. Inti upacara ruwatan sejatine arupa dunga, nyuwun pangayomanmarang Gusti Allah saka ancaman bebaya bebaya
umpamane bancana alam lan liya liyane, uga donga nyuwun pengampunan dosa dosa lan kesalahan kesalahan kang wis
dilakoni sing nyebabake bencana.

Upacara adat iki asale saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifate sinkretis sing saiki diadaptasi lan dijumbuhake utawa
dicocokake karo ajaran agama.

Maknane ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala, ngadhekake rasa panembah marang Gusti kang
akarya jagad dimen rahayu uripe. Tembung ruwat uga tegese “bebas” saka sakehing goda, coba lan rencana, bebendu, dosa lara
lan sapanunggalane.

Ing ikepercayaane wong Jawa, ana wanti wanti supaya wong kang lagi mboot (hamil) ora pati cerak cerak ing papan kang lagi
dipatrepke ruwatan. Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi dipatrepke bisa gugurake si jabang bayi.
Bersih Desa
Bersih desa iku salah sijine upacara adat Jawa sing dianakake sabubare panen pari kanggo ngonjukake rasa syukur menawa tandurane
pari wis kasil dipanen lan asile apik.

Upacara adat iki kadang uga diarani upacara mrei desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi / mreti bumi.

Saben saben dhaerah duwe tata cara lan prosesi upacara sing seje seje miturut kabiasaan dhewe dhewe nanging tujuwane padha wae.

Img jaman biyen upacara adat iki gegayutane karo Dewi Sri (Dewine pari) sing nduweni panganggap menawa kasile panen iki merga
skaa kemurahane Dewi Sri, mula wajib disyukuri.

Tujuwane upacara bersih desa:

1. Kanggo ngonjukake rasa syukur marang Gusti Allah sing wis paring kanugrahan awujud asil panen sing mbruwah
2. Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan bab bab sing asipat goib, roh utawa arwah sing gentayangan uga
saka gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
3. Kanggo ngresiki desa lan wargane saka alangan utawa kesussahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
Tata cara upacara bersih
desa Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan sepisan utawa
methik, panggonan upacara neng sawah, kanthi dijangkepi
uberampe kayata: janur kuning, kembang setaman, menyan,
kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, sega wungkusan
(ditakir) lan gedhang. Bubar acara donga pari sing wis
dipethik digotong nang lumbung pari, neng lumbung pari uga
wis dicepakake ube rampe kang digawe saka godhong,
antarane godhong kluwih, dhahdap srep, godhong maja,
godhong tebu, godhong jati lan godhong luh. Saben saben
godhong due makna lan pralambang dhewe dhewe.
< Jan Feb Mar Apr May Jun Jul Aug Sep Oct Nov Dec >

Cekap semanten materi dinten menika

_Matur Nuwun_

You might also like