Professional Documents
Culture Documents
PETUNJUK UMUM:
1. Tulis nama, kelas, nomor peserta Anda pada lembar jawab.
2. Arsirlah atau hitamkan huruf A, B, C, dan D yang menurut Anda merupakan jawaban yang paling tepat.
3. Gunakan pensil 2B, dan penghapus karet yang baik.
4. Apabila ingin mengganti jawaban hapuslah jawaban tersebut dengan karet penghapus dan arsir /
hitamkan jawaban yang benar.
Dipun simak ingkang setiti, slajengipun dipun pilih satunggal wangsulan ingkang paling leres !
ARYA DAMAR
Ing pulo Medura ana nom-noman mudha taruna , gagah prakosa sing senengane dolan menyang alas. Ora
awan ora bengi, ora ngetung cedhak apa adoh, saben dina Arya Damar – arane nom-noman mau – sabeng alas. Wis
kenceng karepe, golek senenge ati ing alas. Ora ngganggu gawe tangga-tanggane, tinimbang mung ngekep dhengkul
aneng omah.
Sasuwene aneng alas, pinuju padhang bulan, Arya Damar nginep ing alas. Senajan gedhe atine, supaya ora
diganggu kewan galak, mula Arya Damar turu ing dhuwur uwit.
Wengi iku lagi liyer-liyer Arya Damar ngrungu swara wadon padha guyon sajak bungah banget. Nanging yen
ditilingake kanthi temenan, swara mau cat krungu cat ora. Pancen wis wengi tur sepi, mula swara apa bae senajan adoh
panggonane bisa keprungu ing alas iku. Arya Damar ketarik atine. Saya gedhe tekade kanggo meruhi sapa lan apa sing
kedadeyan ing wengi padhang bulan, ing tengah alas kuwi.
Arya Damar banjur menek luwih dhuwur. Padhang rembulan, mula bisa ndeleng endi-endi. Wusana Arya
Damar ngerti ing endi asale swara wadon sing padha ngguyu-ngguyu, cekikikan iku. Arya Damar mudhun alon-alon.
Tumuju ing sendhang ing tengah alas iku. Ati-ati banget anggone nyedhaki sendhang, ndelik ing grumbul supaya ora
dingerteni.
Arya Damar saya nyedak, ing sendhang ana wong wadon ayu-ayu padha adus lelumban karo gojegan. Arya
Damar mindhik-mindhik lan njupuk sandhangan siji digawa ndhelik.
Ora suwe keprungu jago kluruk. Sing padha lelumban kaya dielingake yen wis suwe olehe parisuka. Kabeh
enggal mentas banjur nganggo sandhangane lan mabur menyang langit. Ana siji widodari ora bisa bali mabur. Anggone
nggoleki nganti kesel. Atine sedhih nganti ambruk lan nangis.
Krungu tangise, Arya Damar banjur nyedhaki lan aweh pitulungan. Diwenehi sandhangan supaya ora
kadhemen. Dewi Nawang Wulan banjur dijak mulih menyang omahe. Sajak wis pasrah marang lelakone, mula Dewi
Nawang Wulan mung manut bae. Tekan omah, desane Arya Damar dadi rame. Tangga teparone padha teka. Padha
kepingin weruh lan nyatakake, yen Arya Damar oleh bojo tur ayu banget.
Anggone mangun bebrayan, kaparingan anak siji, lanang lan bagus. Arya Kedhot arane. Bareng rabi, Arya
Damar ora nate kekurangan sandhang apadene pangan. Uripe guyub rukun, tata tentrem, sarwa kecukupan…….
2. Arya Damar anggone mbangun bebrayan karo Dewi Nawangwulan kaparingan anak siji lanang, yaiku ...
a. Joko Kendil b. Joko Tole c. Arya Kedhot d. Arya Wirna
3. Piweling apa kang ana crita Arya Damar ?
a. Widadari yen adus ing bumi c. kudu jujur lan bisa dipercaya
b. kudu tresna marang kewan d. Dadi uwong ora perlu jujur
4. Dongeng Arya Damar iku padha karo utawa meh padha karo dongeng ....
a. klething kuning b. Malin kundhang c. Joko Tarub d. Bajul Segara
5. Manut dedongengan ing Medura, ratu-ratu ing Medura iku saka anak turune ....
a. Kencana Ungu b. Sawunggaling c. Aryo kendhot d. Gajah Mada
6. Dongeng iku kalebu crita rakyat kang diwarisna kanthi cara ....
a. lisan b. Bathin c. meguru d. Langsung
7. Crita dongeng iku bisa kagolongake ......sebab mujudake ekspresi budi dayaning manungsa kanthi basa tulis lan lisan,
sarta ngemu kaendahan :
a. sastra b. Klenik c. laporan d. Geguritan
8. Dongeng iku penting banget kanggo ndidhik lan mulang, sebab ing dongeng iku akeh ....
a. matrane b. Jopa-japune c. pitutur becik d. Gorohe
13. Tumrap wong jawa tindak-tanduk, ngomong, nganggo klambi iku ana ….
a. tata kramane b. panggonane c. unggah-ungguhe d. carane
14. Bu, aku njaluk pamit arep mulih. Basa kramane sing bener manut unggah-ungguh yaiku …
a. Bu, kula nyuwun pamit badhe kondur c. Bu, kula nedhi pamit ajeng kondur
b. Bu, kawula nyuwun pamit badhe manthuk d. Bu, kula nyuwun pamit badhe wangsul
17. Nggunakake basa tulis kanggo ngandakake pesen utawa kabar bias uga liwat …
a. telpon b. layang c. radio d. majalah
18. Rita arep nilpun Bulike, arep matur yen ibuke ora sida tindak Solo, menyang daleme bulike mau. Ukarane Rita ing
tilpun sing becik yaiku ….
a. Helo ? Iki Bulik ya ? Lik Ibu ora sida nang Solo, ora sida nang omahe bulik.
b. Helo, ? Bulik inggih ? dikengken Ibu criyos nek mboten sida kesah teng Solo, teng griyane bulik.
c. Hi….hi….hi Bulik ta ? He…he…he…Ibu ora sida lik, arep nang Bali timbang nang omahe sampeyan.
d. Helo ? Bulik niki Rita. Ngaturi pirsa Ibu mboten siyos tindak Solo. Boten siyos teng dalemipun Bulik.
19. Pak kula mangke badhe ….. Arema ing stadion Kanjuruhan pareng nggih ?
Tembung kang pas kanggo jangkepi ukara ing duwur yaiku …
a. nonton b. nyawang c. mirsani d. ningali
20. Tuladhane basa ngoko alus yaiku ….
a. Ton, bukumu iku lebokno tas c. mbenjing kula wangsul enjing
b. panjenengan apa wis dhahar d. sinten ingkang kagungan buku punika
23. Para siswa kudu bisa mapana dhiri pribadine manut ing panggonan, wektu lan swasanane, sifat iku jenenge ….
a. empan papan b. mapan empan c. papan dhiri d. papan becik
24. Panganggone tembung pitakon ing ukara ngisor iki kang bener yaiku ….
a. sinten reginipun computer punika mbak ? c. Ing pundit salak pondok sakilonipun ?
b. punapa rawuhipun Mas Daru ? d. kados pundit caranipun nanem apel ?
25. Asil karya sastra jawa modern, wujude puisi, ora kaiket ing aturan guru gatra, guru lagu, guru wilangan, kaendahane
mapan ing pilihan tembung lan rerenggan basa kang di gunakake, diarani…..
a. cerkak b. cerbung c. parikan d. geguritan
b. d.
37. Kolang-kaling kolak nangka, golek glali gulane kelapa. Welingku mring para mudha, …….
Ukara kang pas kanggo jangkepi parikan ing dhuwur yaiku …..
a. Aja lali sinau lan golek ilmu c. kudu ngabekti marang gusti
b. Negara iki sapa sing duwe d. aja lali watak utama
39.
40.