You are on page 1of 4

www.alangalangkumitir.wordpress.com.

Oleh : Mas Kumitir

KIDUNG CANDHINI
Dhandhanggula
1. Lampus ing manah atemah kingkin, sangsaya raga among turida, lepas mangkya, ing lampah, kalih titiyangipun, sangsaya raga among marga sunu kang dnlampahi, anut imbang acala, iringaning gunung, kidang umregil ing jurang,asrih tinon kearing sodama ngalih, kadya tuduhng marga. 2. Kagyat bedagan anng wanadri, bantng jajawi kidang manjangan, kancil tanggiling rwang, luwak lawan tinggalung, rasng wiro lawan kasturi, manawak lawan landak, lingsang lan weregul, walang kapa lan jalarang, luwak kapur irng aning pang alinggih, ramya amangsa wohan. 3. Kidul kilen pagagan kapering, ramya swaraning tunggu tanduran, karengo mandra calunge, ramyar sinranging wijung, tan pantara kokole muni, pareng lan taluktaka, swaranna gumuruh, kapuyan Nyi Silabrangta, kang kaesti punika rasaning pati, tansah ngesti durgama. 4. Raryan ika srih anglawuh rawi, sasoring angsana abrah mekar, ruruh sumawur sekar, lir warsa kancana rum, pindha pindha sinom nyang rawit, lir langs langs ika, ing ngapulang lulut, satpada angisep sekar, pangrengi kadya sambating dya asih. 5. Kagyat awungu Nyi Silabrangti, amiyarsa paksi awurahan, pupungun lengleng driyan, anukmng daryanipun paksi iki kadya ngaruhi, polahng brangta ing yang, tekng don aturu, angur aja nglalanaa, wetenge lan napsun dn kurateni, dadi ngucap mangkana. 6. Bi Candhini mangk aningali, babadan aar angunga jurang, asangkep tatanduran, kacang lan tebu wulung, tales cina lan katak uwi, karangdhang payodara, ing pinggiranipun, tales bakatal bilungkang, putih lalaja kakara benguk cicipir, ing pinggir cab sabrang.

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

7. Nyi Silabrangta atana aris, Mangunarsa ika tinaknan, kai sykh manira takn, ingkang iman puniku, kaya apa dn ucap dhingin, gumanti tokid ika, maripat ing pungkur, kang iselam tan dn ucap, kidul kiln marapt dn ucap dhingin. 8. Sykh Mangunarsa maksih alinggih, nora wikan yn sanak pejah, winartan dning rarn, mangk lalawad gupuh, sarawuh mangk alinggih, lawan Nyi Silabrangta, ika kang andulu, semun ana duduga, kang sawenh semun lila,aradin, wikan jatining lampah. 9. Syekh Amongraga kawuwus malih, dawaning kawiswara sang mindha, wikan Yn pejah sanak, mapan tan tulus kokum, amengameng anng jaladri, pan sinung nugraha, linabuh tumimbul, wenang angambah bramaga, tan adangu Amongraga ika prapti, dhekah ing Wanantaka. 10. Warnanen mangk Nyi Mbok Malarsih, sapanglilirira mangk nidra, angungun dning impn, supenan dn guguh, Tambangraras anakku nini, wus lipur ta manira, dning brangta wuyung, mangk katon ing supena, Tambangraras awt andadawa brangti, la edan darmanira. 11. Dan warnanen dnira kang rasmi, Ki Jayasmara lan arinira, njang kawarnaa mangk, sampun amit yaybu, adam mintar Ki Jayngrasmi, angangg wastra ina, anandhang salimut, tan ambakta panakawan, alilings samya mbakta kalam mangsi, linggar angala dsa. 12. Kang amaca rangdha nom tur sugi, Nyi Tilarsa pan jujulukira, rangdha nom becik budin, anyar kapatn kakung, katilaran anak kakalih, wadon sami diwasa, warnanipun ayu, awasta Nyi Kn Sumarsa, kang taruna wastan Nyi Ken Warsiki, lir widadari Kndran. 13. Sireping wong kabh pada guling, Jayngraga ika pinaranan, teka alinggih sandhing, aris dnira muwus, Jayangraga wuwunguwa kaih, lah ta usadanana, kaya awakisun, saksat uriping pejah, awakisun mangsa gagapa basuki, yn sira tan asiha.

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

14. Ana sanak lanang sawiji, ika karsanipun pinaranan, dhukun Rubaka wastan, wingi isun angrungu, arinisun anenggh sepi, anak kang apajar, yn lunga andhukun, isuk'e li apopoyan, Ki Waudan anenggih lara kapati, manawi sampun teka. 15. Warnanen mangk Ki Jayngrasmi, salinggarira sing Sinduraja, angca-ca lampah, sumengkng gunung-gunung, parang pringga jurang kapering, luyut punang wratmaka, dning lumut lumut, sla geng angapit margi, puchak mur lir wentis kesisan tapi, araras tiningalan. 16. Sykh Malangkarsa ana ing masjid, uninga yn wong sanak teka susunggun bungah manah, sinungan salam asruh, Malangkarsa ika nuruni, sigra anjawat asta, aris dna ngrangkul, kangen yayi sun ing sira, anauri Ki Jayasmara amanis, kakang manira nedha. 17. Rengen sakala kang anng margi, santri Monthl denira lumampah, dan Ki Panorta wuwus, lintang sadarganipun, miwah rekh Nyi Mbok Malarsih, lungan Jayasmara, angrasa kaduhung, kadya salah kapatiyan, Ki Panorta rabin dn pituturi, wuwus lir sarkara. 18. Tan warnanen tingkahira brangti, mBok Turida lan Nyi Rarasdarya, dan Ki Panorta wuwus, tanpa kiln sadalu, dipun tutuh sariranki, dning nisthaning raga, tuwa sun katungkul, ing renes lan aryatama, angur rarh samya mangun tapa bakti, tuwng sun agung mndra. 19. Sykh Amongraga kawuwus malih, apan kalanira kadhatengan, Malangkarsa tatamun, rawuh sakaomipun, Jayasmara ingkang dn iring, lawan Ki Jayngraga, punika donipun, ca dnya tetrebangan, tigang dina ing dalu tanana guling, sami agineman rasa.

20. Sampun tutug dnira anganggit, mangka dadya guyoning kang bisa, tan wruh Yn dadi cacad, ingkang awas aluhung, sumanta kapaksa kumawi, tan wruh ing basa tembang, tembung kol kaku, mung aneda pangaksama, kang sami sadya maca ningali gurit, ingkwang kang minda muda.

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

21. Sasangkalaning Kidung Candhini, ingkang tinedak babading jaman, gana utbuta saktin, lagya kinawinipun, sira wolu tenggeg tiga ing, tusan lima pawohna, ing sanunggilipun, duk kinawi palastanna, naun ejim ing sasih jumadilakir, wimba ing kawanwelas. 22. Pinmutan palasta sinrating, dinten buda tabu dwi, sang lek dulkijah wimban, ing asta watekipun, ing warsi dal kodal kadeling, ri sedeng sinangkalan, jaman kalinipun, sunna rasaning pandita, buda hijrah nabi yan sapta awari, ning soca yeka sasra.

www.alangalangkumitir.wordpress.com. Oleh : Mas Kumitir

You might also like