You are on page 1of 3

Kamyaka Ing satengahipun alas gedh Kamyaka.

Nalika semana para kadang Pandhawa padha ngumpul ing sangisor wit mandira (waringin). Kang tata lair katon padha asosarira. Nanging ing bathin padha pasrah marang Kang maha Agung. Binarung tansah ling lan muja-muji, kasangsayan. R. Arjuna katon luwih tentrem lan sumarah. Awit saka kadadyan sing mentas kapungkur, ketemu karo Bathara Endra. Nanging sadurung kudu pancakara kara rasksa gedh ngdab-dabi. Rasksamu mau ngrangsang nggegirisi. Nganti R. Arjuna kapeksa menthang jemparing. Rasksa ketaman ing Ardhadhedhali tiba klumah anjrebabah. Sirnaning rasksa, katon mangjawantah Bathara Endra. Sawis nyenyuwun pituduh lan luwarsaka

paring dhawuh marang R. Arjuna, kekasihing dwa, nuli kondur menyang kahyangan, ing Endrabawana. Rupan sing isih owel lan ngundhamana R. Werkudara. Sanajan rada risi atur R. Werkudara marang kang raka, Prabu Yudhistira mung kendel. Nanging kanthi premana migatkak keng rayi anggon matur. Ing wasanan Prabu Puntadadwa dhawuh, munggah mukti wibawan satriya ora marga ana ing kedhaton, ing kasatriyan. Ora sebab dhahar lan nndra, iya ora marga donya brama, iya dudu pangkat lan kalungguhan. Mukti wibawan satriya. lamun bisa nindakak darma bektin. Labuh labet kasil, murakabi urip bebrayan, kluwih-luwih urip kawula cilik. Satriya bakal mukti wibawa lamun bisa mitulung titah kang nandhang susah. Uga satriya bakal rumangsa mukti wibawa lamun cedhak marang parajawata lan Gusti Kang Murbng Dumadi. Sasuwn padha wawan rembug ngudarasa keprungu para kadang Sata Korawa padha suka

parisuka. Padha tayub jejogdan sinambi nglenggak arak, anggur, ing sajroning kembul bojana andrawina. Korawa pancn milih panggonan kang cedhak palrnan kadang Pandhawa. Kanthi ancas pamr kamenangan lan ngc-c. Ing pamrih Pandhawa dadia sedhih nggrantes, ringkih lair batin. Sukur bag padha sirna merga nandhang dhuhkita. Korawa isi durun marem, isih iri drengki, sanajan wis kasil nundhung Pandhawa. Sarana main dhadhu Pandhawa dipaka dning Korawa. Pandhawa kalah, Korawa menang. Minangka totohan Pandhawa kudu metu, ninggalak praja Ngastina. Metu saka Ngamarta, lan kasatriyan para kadang Pandhawa kabh. Pandhawa ditundhung saka praja, manggon ana ing satengahing wanawasa, alas Kamyaka.

You might also like