You are on page 1of 1

TEKS PRANATA ADICARA PRA TARAWIH

RAMADHAN 1435 H HIGMA


PEMBUKAAN
Assalamualaikum. Wr. Wb.
ALHAMDULILLAAHIROBBIL 'AALAMIINA. WASHSHOLAATU WASSALAAMU' ALAA
ASYROFIL ANBIYAA-I WAL MURSALINA, WA-'ALAA AALIHI WASHOHBIHI AJMA'IINA."
AMMA BA'DU.
Poro bapak poro ibu jamaah sholat isya rohimakumulloh. Monggo langkung
rumiyin kita unjukaken puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang
sampun paring mapinten pinten kanikmatan dumateng kita sedoyo, saenggo
wonten ing wekdal menika kita sedoyo tasih dipun paringi kesempatan sholat
isya kanthi berjamaah wonten ing masjid Al-Aziz menika.
Bapak ibu jamaah isya lan tarawih rohimakumullah. Kados padatanipun
saksampunipun sholat isya wonten ing wulan Romadhon dipun wonteni kultum.
Wondene ingkang paring kultum wonten ing ndalu menika injih menika
bapak ............................... . Ananging sakderengipun kultum wonten ing ndalu
menika kita
sumonggo kita awiti kanthi waosan basmallah kula
derekaken.
Saklajengipun, wekdal soho papan kula sumanggaaken dumateng
bapak....................

PENUTUPAN
Matur nuwun dumateng bapak ......................... ingkang sampun paring kultum
wonten ing ndalu menika. Mugi mugi kita saged mendhet hikmahipun saking
kultum kala wau.
Bapak ibu jamaah sholat isya rohimakumullah. Infaq kula panjenengan sedoyo
wonten ing ndalu menika makempal Rp.................................... .
Sumangga kultum wonten ing ndalu menika kita tutup sesarengan kanthi waosan
hamdalah.
Maturnuwun
Wassalamualaikum. Wr. Wb.

You might also like