You are on page 1of 12

BAB III ANALISIS MOTIF

A. Cerita Rakyat Jaka TIngkir Versi Bahasa Jawa Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru. Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama. Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil. Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, bayabaya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali. Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh. Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).

Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan. Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan). Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi. Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang. Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib nnsumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen. B. Analisis Motif Cerita Jaka Tingkir 1. Situasi Awal Jaka Tingkir yang juga mempunyai nama lain yaitu Mas Karebet adalah putera dari Ki Ageng Pengging. Ketika umurnya sepuluh tahun Ki Ageng Pengging meninggal karena dihukum mati akibat memberontak pada kesultanan Demak. Tak lama setelah kepergian ayahnya, ibu Jaka Tingkir juga meninggal hingga ia diangkat anak oleh Nyi Ageng Tingkir. Suatu ketika ia berpamitan pada ibu angkatnya untuk berguru. Mas Karebet belajar ilmu agama kepada Sunan Kalijaga dan juga KI Ageng Sela. Ia kemudia pergi ke Kasultanan Demak Bintoro dan tinggal di tempat Kyai Gandamustaka . Oleh Sultan Trenggono ia diangkat mejadi Lurah Wiratamtama. 2. Rangansangan aksi dan reaksi

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

Suatu ketika Demak mengadakan sayembara pemilihan prajurit. Jaka Tingkir sebagai juri dari sayembara tersebut, kemudian ia melihat seorang peserta sayembara yang jelek rupanya dan juga suka pamer bernama Dadangawuk. Jaka Tingkir tidak suka kepadanya dan mencoba menguji kesaktiannya. Seketika itu Dadangawuk mati dan atas kejadian itu Jaka Tingkir diusir dari Kerajaan Demak. Aksi 1 Jaka Tingkir berguru pada Ki Ageng Banyubiru, ia diberi lahan tanah agar bisa kembali ke Demak lagi. Dari Banyubiru ia berangkat ke Demak ditemani oleh murid Ki Ageng Banyubiru yaitu Mas Manca, Mas Wila, dan Ki Wuragil. Ide/ Cara Sesampainya di Demak ia melepaskan seekor kerbau yang telinganya dimasuki tanah. Kerbau itu mengamuk dan Sultan Trenggono melihat peristiwa itu lalu ingat kesaktian Jaka Tingkir. Jaka Tingkir dipanggil ke Demak dan dengan mudahnya ia mengatasi kerbau itu. Ia kembali diangkat sebaga Lurah Wiratamtama. Rangsangan Aksi 2 Kesaktian Jaka Tingkir menjadikannya sebagai bupati Pajang dan mengganti namanya menjadi Adipati Hadiwijaya serta memiliki isteri bernama Ratu Mas Cempaka yang tak lain adalah puteri Sultan Trenggono. Tahun 1546 Sultan Trenggono meninggal, puteranya Sunan Prawoto menunggu menjadi ratu, akan tetapi ia mati ditangan Arya Penangsang yang masih kerabatnya sendiri. Arya Penangsang juga membunuh Pangeran Kalinyamat bupati Jepara yang merupakan putera menantu Sultan Trenggono. Arya Penangsang juga menyuruh utusan untuk membunuh Hadiwijaya, namun sang utusan malah diperlakukan baik dan hormat oleh pihak Hadiwijaya. Ide/ Cara Ratu Kalinyamat meminta Hadiwijaya untuk membunuh Arya Penangsang, namun karena masih ada hubungan kekerabatan sebaiknya Arya Penangsang jangan dibunuh secara terang-terangan. Kemudian ia mengadakan sayembara siapa yang bisa membunuh Arya Penangsang maka berhak mendapatkan tanah Pati dan Mataram. Ki Ageng Pemanahan dan KI Ageng Panjawi ikut dalam sayembara tersebut, namun yang berhasil membunuh Arya penangsang adalah Ki Juru Mantani (ipar dari Ki Ageng Pemanahan). Reward Pasca kejadian tahun 1546 Ratu Kalinyamat menyerahkan kerajaan Demak kepada Hadiwijaya yang berpusat di Pajang. Hadiwijaya adalah yang pertama memerintah. Ia mengangkat Mas Manca menjadi patih yang bergelar Patih Mancanegara, serta Mas Wila dan Ki Wuragil sebagai menteri yang berpangkat ngabehi. Ki Panjawi mendapatkan wilayah Pati . Rangsangan Aksi Semua mendapat hadiah namun Ki Ageng Pemanahan belum diberi tanah Mataram. Sampai dengan tahun 1556 tanah Mataram masih ditahan Hadiwijaya dan KI Ageng Pemanahan tidak enak hati ingin meminta. Sunan Kalijaga mengetahui hal itu dan menengahi persoalan tersebut. Hadiwijaya mengatakan ia belum bisa menyerahkan tanah Mataram karena takut terhadap ramalan Sunan Prepen yang menyebutkan bahwa jika wilayah Mataram dilepas maka wilayah Jawa termasuk Pajang akan tunduk pada kekuasaannya. Solusi Sunan Kalijaga memberi nasihat kepada keduanya bahwa sebaikya Hadiwijaya tetap memenuhi janjinya untuk menyerahkan tanah Mataram kepada Ki Ageng Pemanahan serta meminta kepada Ki Ageng Pemanahan untuk tetap tunduk dan setia kepada Pajang. Pengingkaran Kesepakatan

11.

12.

13.

14.

15.

Mataram pada saat pemerintahan Ki Ageng Pemanahan berjalan dengan baik. Namun setelah sepeninggalannya Mataram dipimpin oleh Sutawijaya yang tak lain adalah putera Ki Ageng Pemanahan, Mataram semakin makmur dan maju. Tetapi Sutawijaya tidak menjalankan perjanjian sebelumnya, ia tidak mau memberikan laporan dan pajak kepada Pajang . Aksi Penyerangan Tahun 1582 Raden Pabelan (keponakan Hadiwijya) mengadakan aksi pemberontakan ke taman keputren Sekar Kedhaton (putera Hadiwijaya). Hukuman Atas tindakannya tersebut Pangeran Pabelan dihukum mati dan ayahnya yang bernama Tumenggung Mayang dibuang ke Semarang. Permohonan Bantuan Ibu Pabelan meninta bantuan kepada kakaknya yakni Sutawijaya untuk membebaskan suaminya. Aksi Penyelamatan dan Aksi Balas Sutawijaya mengirim utusan untuk menyelamatkan Tumenggung Mayang dari hukuman. Tindakan Sutawijaya ini dianggap luput oleh Hadiwijaya, kemudian pihak pajang mengadakan serangan ke Mataram. Pertempuran diakhiri dengan kalahnya Pajang ditangan Mataram. Efek Kekalahan Setelah kekalahannya Hadiwijaya pulang ke Pajang dan sakit hingga akhirnya meninggal dan dimakamkan di desa Butuh, Sragen.

C. Cerita Rakyat Kali Progo

Lakune Endang Sigaluh kandheg. Mak greg. Kaget bareng ana wong lanang gagah pidegsa nyegat dheweke. Heh cah ayu, mandheg dhisik! Hemmm! Yahmene kok liwat kene, kendel temen kowe, cah ngendi ta? Sapa jenengmu? Dibrondong pitakon ngono mung meneng wae. Endang sigaluh mencep nggemesake. Niyate ora nyepelekake sing takon, nanging pancen lagi tapa mbisu. Heee ., ayu-ayu kok suda rungu. Sapa kowe? Pambledinge tembung ngoyak. Ning sing ditakoni isih meneng. Emoh guneman sakecap-kecapo. Mula pawongan kuwi malah saya galak. Tangane sraweyan, pengin ngrangkul wanita iku. Mung wae

wanita iku nguwasani ngelmu bela dhiri. Buktine, klakon kemipat tangane nyingkang wong lanang sing arep sembrana iku nganti jekangkangan. Kurang ajar! Pisuhe, ambi ngusapi blethok ing raine. Priya brengos jebres iku terus mburu wae. Ning ora nganggo kekuwatan okol. Dheweke pengin ngunakake daya linuwih. Kanthi kekuwatan batin, priya iku nggrenjot lemah kaping telu. Njur meneng sedhelo. Pandelenge ditujokake marang wanita ayu kinyis sing wiwit semparet ninggal papan kono. Wanita iku niyate pancen tapa mbisu. Arep golek senenge ati. Lunga saka omah kang ana ing wewengkon Kali Putih, ngisor Gunung Merapi. Kanthi restu saka Pamane. Kepengin nggoleki bapake sing ngukir jiwa ragane. Merga manut tuture ibune ing wewengkon Pegunungan Menoreh kono bapake cumondhok. Emmm, aja-aja wong iki mau malah bapaku dhewe! Batine Endang Sigaluh nglantur dhewe. Njur noleh saklebatan, ning semu ora percaya. Terus wae ngunclung, are lunga munggah Pegunungan Menoreh, golek sisik menik. Takon-takon. Dheweke banjur ngetotake dalan setapak anggone munggah ing Pegunungan Menoreh. Adhuhhhhh! Endang Sigaluh kesandhung watu tiba krungkep. Dheweke ora ngerti yen satemene priya sing mbuntuti lakune kuwi sing gawe sandhungan kanthi daya kekuwatan gaib. Ya priya iku sing masangi watu kanthi nyeluman. Ngerti wanita iku nglumpruk, priya iku saya kesenengen. Dheweke saya namakake daya kemandhen. Njur nyedhaki wanita iku klewa-klewa arep tetulong. Ning satemene atine njero kana ngronjalan. Kebak rasa. Ayu tenan kowe ndhuk! Ayo, melu aku. Kana mlebu ing omah kosong kana. Kae omahku, papanku semedi ya neng kana. Ayo!

Ora krasa wanita iku ngenggelek. Tetep mbisu. Neng sakiki kaya kebo dikeluhi, manut wae marang karepe priya pidegsa iku. Dheweke rumangsa ketaman kemandhen sing luwih sekti. Ketara kringete dleweran karepe dhewe. Ateges pancen priya kuwi duwe karep. Tekan omah suwung, wanita iku ora kumecep apa-apa. Isih mbisu. Sawise aso sawetara, priya mambu ati iku nakoni maneh. Ning tetep ora diwangsuli dening Endang Sigaluh. Priya iku malah saya nekad arep kurang ajar. Tekade, yen wanita iku selak, ora gelem dijak geguyon lan dolanan asmara, mengko sisan arep dirodopeksa. Tekade wis makantar-kantar. Wong lanang dhegleng! Bejat. Edan! Ayo ta manut! . Sidane Endang Sigaluh mbukak tembung sakecap thok. Njur nyingsingake lengene. Uga jarite disilakake nganti meh tekan ndhuwur dhengkul. Niyate arep bangga yen nganti priya ing ngarepe sida tumindak neke-neka. Niyate priya iku pancen arep nrodopeksa. Kanthi cara apa wae, kudu klakon. Mosok priya nganti kalah karo polahe wong wanita ijen padha ijen. Nglengkara. Ewa semana, wanita ing ngarepe saya nantang, saya dicalikake penganggone. Jan marahi gemes banget. Getih lanang saya umeb. Mulane, ora krasa ana banyu tumetes ing ngarepe priya iku. Banyu kama kang wis angel ditahan. Gandrik! Banyu putih tur suci iku cepet banget asat, owah wujude. Dadi lading landhep mingis-mingis. Bareng karo owah-owahan kaya ngana, dadakan priya kuwi ora kuwat nglawat, kerengkeng-rengkeng sambat lara weteng. Rekane mono, Endang Sigaluh sisan arep ngetong gethinge. Ladhing kemilat ing ngarepe arep disaut kanggo nglunasi nyawane priya kuwi. Mung wae, gandheng priya iku ngangkat tangane pasrah yen kalah, njur ora sida. Ladhing iku banjur disengkelit ing wetenge ngarep. Nganti sawetara swasana emeng, meneng-menengan. Sakloron rumangsa kentekan tenaga. Lan kaya-kaya ana daya seje kang kumepyur ing awake wong sakloron. Nganti njalari papan kana katon anyep njejep.

Tanpa ngrewes priya sing nglempuruk, Endang Sigaluh gage jumangkah arep wisuh ing pengaron. Pengin ngresiki raine. Tekan sandhing pengaron, dheweke mak tratab. Kaget weruh barang kang aneh. Barang kuwi wujud iket kuning jambe. Njur diranggeh lan ditamatake. Ing kana ana tulisane Jawa deles kang muni, Dyah Srigati. Hahhhhh! Enang Sigaluh njola. Mripate kedhep tesmak, semu ngonclang angen-angene, tumlawung. Dheweke nyoba ngeling-eling piwelinge ibune. Dheweke isih cumithak banget, yen wong lanang sing ngukir jiwa ragane, kang duwe iket podhang jambe mawaprada tulisan Jawa. Tur maneh, tulisan kuwi genah nyebutake jenenge ibune. Ooohhh, Pakkk ..!!!!

Endang Sigaluh gage ngambruki priya sing lemes kekes iku. Kambi nudhake iket podhang jambe sing dikuwel-kuwel. Priya kasebut isih mlongo durong kumecap. Geneya wanita kang maune galak kuwi malik ngrerepa marang dheweke. Ngana penggagase. Yen ngana, Sampeyan kuwi bapakku dhewe, Pak? Bener. Mbokmenawa, kang gawe urip wis ngarisake. Aku lan sliramu kudu ketemu. Apurane aku ya Ndhuk? Endang Sigaluh mak tleler luhe, keranta-ranta. Angel mbendhung wetune luh. Dheweke rumangsa wis begja banget bisa ketemu bapakne, embuh ing kahanan apa wae. Dheweke uga marem, merga bapakne pancen duwe kaluwihan kaya sing tau dikojahake ibune, sadurunge seda. Yen ngana, Sampeyan ya sing tau tapa ing Gunung Tidar? Jare, nggoleki Semar lan Togok, panjalmane Sabdapalon lan Nayagenggong, iya? Bener! Ning Semar lan Togok wis ora ana kana. Wis lunga, nlayang ngetan. Ujaring kandha arep manggon ing pasareyane Bung Karno, wewengkon Blitar kana. Aku banjur njabut Sada Lanang, tinggalane Semar kang ditancepake ing pucuking Tidar. Bareng aku nggawa Sada Lanang kasebut, Aku mlaku terus, ketemu ibumu banjur omah-omah ing wewengkon Kali Puth, ngisor Gunong Merapi.

Emmmm, ten ngana bener kandhane Ibu suwargi. Hahhhhh, piye, ibumu wis ora ana ta? Ibu wis seda Pak, jaman njebluge Merapi sing gawat banget kae. Katut digawa lahar panas. Seprene aku ora ngerti jisime ana ngendi. Hoooo! Wong lanang sing aran KI Sadono Progo kuwi marem, ngampet sedhihe. Pangarep-arepe ambyar. Jane mono, dheweke kepingin banget ketemu sisihane kang wis suwe dipisahake dening pangamuke Gunung Merapi. Dheweke uga tau kontal, katut lahar. Mung wae, isih ana pitulungan, slamet awake. Sakloron mung meneng, ngungal gelane. Lagi mak gragap, semu girap-girap bareng wetenge Endang Sigaluh krasa kaya dikocok. Wetenge ting plirit, arep mukok. Ora let suwe, tangane nggrayangi, mijet sakecandhake. Ning sapira kagete, jebul ladhing kumilat kang disengkelit dadakan wis ora ana ing bengkune. Pakkkkk! Hahhh! Kaya ana daya seje, ndadak wetenge Endang Sigaluh mundhak gedhe. Persis wong nggarbini luwih nem sasinan. Mesthi wae, njalari wanita iku rikuh banget. Semana uga Ki Sadono Progo, ora ngerti larahlarahe, mung gumun. Ora kawetu krenahe. Apa merga lading sing dak sengkelit mau apa iki? Ladinge kok ora ana, embuh ilang menyang ngendi, katone kok ora tiba. Kira0kira ngono. Pancen, wiwit Gunung Merapi njeblak-njeblog kae, tekan saprene akeh kedadean sing kala-kala aneh banget. Klebu iki. Saya suwe, Endang Sigaluh lemes banget awake. Loyo. Kaya dilolosi oto bebayune. Wetenge uga saya mbenthoyot, aboy. Ora ngira babar pisan yen lading sing disengkelit jebul nuwuhake bebaya ing

awake. Mula ya mung ndonga, umpama kang dikandhut iku bayi tenan, muga-muga laire kepenak. Ora perlu ndadak nglarani. Temenan. Tekan leking jabang bayi, ora sah nganggo nggregesi. Terus brol, santer banget. Haaaa .haaaaa ..! Astakfirullah! meh bareng Endang Sigaluh lan Ki sadono Progo ngucap naono. Sakloron kamigilan weruh laire bayi saka guwa gerbange Endang Sigaluh wujud ula gedhe, tur bisa ngguyu nyekakak. Ula kuwi langsung ndlosor-ndlosor sajak ngeli banget. Njur nguntal pitik siji. Lebar kuwi ish golek kodhok sakecandhake. Nyumurupi kahanan ngono, Ki Sadono Progo wiwit siyaga. Aja nganti ula kuwi malah mangsa awake lan Endang Sigaluh, ha rak mbebayani. Mulane, sakdurunge ana kedadeyan kang ora nyenengake, Ki Sadono Progo gage njupuk Sada Lanang ing sake. Pamrih, yen ula kuwi arep mangsa awake bakal disabet Sada Lanang. ayo .., Kowe wong tuwaku. Kowe bapakku. Aku ngelak luwe, ngerti. Yen ora gelem ngakoni, wah, sida tak mangsa sisan. Heee .., aja waton ngucap. Pokoke, arep kokakoni apa ora. Yen ora gelem ngakoni, malah dakdadekake manganku sisan. Ki sadono Progo lan ula kuwi banjur gelot, namung sedilit tok. Mergane Ki Sadono Progo ora bisa nandingi ula kuwi. Emmmm iki! Ki sadono Progo gage nancepake sada kuwi ing lemah. Mesthi wae, ula gedhe kuwi nyarujuki, pengin njabut sada iku. Mosok ora kuwat, ing atase ula gedhe kok mung njabut semono ara bisa. Mokal. Ya, aku sanguh, dakcobane. , ya wis. Sakiki aku gelem ngaku anak kowe, ning angger kuwat njabut Sada Lanang

Ula kuwi enggal namakake siyunge, kanggo nggeret sada Lanang. Kocapo, bareng dijabut tenan, kuwat. Jebol. Ning saka tatune sada kasebut mili tuk sing gedhe banget nganti ula kuwi kontal katut iline banyu. Saya suwe, tuk bening kuwi saya gedhe, mumpal-mumpal. Angel diendakake. Terus mubal. Ula gedhe saya kontl, ketileb iline banyu. Ing awang-awang keprungu suwara gemonthang nyebut jenenge: Progo . Progo .. Tulong .Tulong .! Njur laporan, ilang. Wah, wis ndhuk, iki lelakon. Kudu didhadha, ora perlu ana sing digetuni. Seksenana wae, kali gedhe iki bakal dakjenengi Kali Progo. Ing kali iki, tekan embuh kapan bakal dadi sumbere panguripan. Ula kae mau, bakal keli tekan sagara Kidul. Sakloron mung kedhep tesmak. Nyawang iline banyu kali sing saya gedhe. Saya ngglontor sangkrah-sangkrah. Tuke saya ndadi. Endang Sigaluh lan Ki Sadono Proga banjur muleh neng omahe sing ana ing wewengkon kali Putih, ngisr Gunung Merapi. Neng kana wong loro kuwi urip tentrem dadi wong tani. Mangkono mula bukane Kali Progo. Kali Progo iki ana ing Pagunungan Manoreh, Windusari, Payaman, Magelang. D. Analisis Motif Carita Rakyat Kali Progo 1. Situasi Awal Diceritakan bahwa ada seorang wanita bernama Endhang Sigaluh. Ia sedang berjalan dan kaget tiba-tiba ia dihalangi oleh pria di depannya dan bertanya kepadanya siapa namanya dan mengapa ia berani sekali lewat daerah itu sendirian. Rangsangan Aksi 1 dan Reaksi Mendengar kalimat-kalimat itu Endang merasa diburu banyak pertanyaan naming ia hanya diam dan tersenyum tanpa mengindahkan si pria tersebut. Pria tadi berkomentar cantikcantik tapi bisu, ia tetap berusaha mendapatkan perhatian Endang dan merangkulnya, namun untungnya Endang menguasai ilmu bela diri. Aksi Balas kurang ajar! umpat pria tersebut Ia tetap memburu gadis itu namun ia tidak punya kekuatan otot. Apa daya, bukannya dapat yang ia inginkan justru dapat bogem mentah dari Endang. Kausa Prima Tadinya memang Endang berniat tapa bisu karena ia bermaksud mencari ayahnya yang telah mengukir hidupnya. Ia telah mendapat restu dari pamannya untuk pergi ke Pegunungan Menoreh karena ia turut apa yang dikatakan ibunya bahwa ayahnya berada di sana. Spekulasi

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

Tiba-tiba ia bertanya pada dirinya sendiri jangan-jangan pria berjenggot tadi adalah ayahnya. Kemudian ia menoleh sejenak dan dengan semu percaya namun tak lama ia melanjutkan perjalanannya ke Pegunungan Menoreh berjalan menelusuri jalan setapak. Jebakan Di tangah perjalanannya ia tersandung batu dan jatuh. Tanpa ia sadari dari tadi ia diikutu pria itu dan sebenarnya jebakan itu adalah dari pria tersebut yang membuat, seperti siluman. Aksi Melihat hal itu, pria tersebut mencoba untuk menolong. Kemudian ia menawarkan bantuan ( cantik benar kamu! Ayo ikutlah denganku, sana masuklah ke rumah kosong, itu rumahku tempat aku bersemedi, ayo! ) Menerima Bantuan Endhang sudah merasa kalah bahwa ternyata pria tersebut lebih sakti darinya, namun ia tetap bisu dan begitu saja ia menerima tawaran pria itu. Dalam hatinya tertanam bahwa ada maksud terselubung dari pria itu. Niat jahat Endang masih membisu dan ia terus diburu oleh pertanyaan-pertanyaan dari pria kurang ajar tersebut. Memang benar, pri tersebut bermaksud memperkosa Endang. Endang tidak tahan dan akhinya ia bicara Laki-laki kurang ajar! Bejat, gila . Klimaks Ia sudah bersiap-siap membuat pertahanan diri kalau-kalau pria tersebut nekat. Si Pria tetap memaksa dan Endang berkelahi dengannya. Darah pria tersebut kian membara, peluhnya bercucuran. Namun pria itu tanpa henti membabi buta. Ibarat air suci telah berubah menjadi pisau yang siap ditancapkan. Hati Endang telah berubah, ia seperti kesetanan, ia melihat ada pisau dan siap ditancapkan ke tubuh pria tersebut. Pernyataan Kalah Saat Endang siap dengan pisau tajamnya, pria yang terkapar lemah tak berdaya itu menyatakan kalah dengan mengangkat tangannya. Anti Klimaks Merasa lelah dengan tragedi tersebut, keduanya berdiam. Si pria masih lemah dan Endang terdiam dan meletakkan pisau di sabuknya. Ia kemudian berniat membersihkan badannya dan pergi ke belakang. Terkejut Di dekat tempat membersihkan diri, tiba-tiba Endang dikejutkan oleh barang berupa sabuk berwarna kuning jambe dan bertuliskan aksara Jawa asli Dyah Srigati. Ia sadar akan pesan ibunya kalau ada ada pria yang memiliki ikat berwarna kuning jambe dan terukir nama ibunya ia adalah ayahnya. Ia terkejut dan berkata Ooohhh, Pakkk ..!!!! . Aksi Endang segera menuju kepada pria tersebut dan jatuh padanya yang masih tak berdaya dengan memperlihatkan ikat tersebut. Sang pria ikut kaget, Endang bertanya Kalau begitu berarti anda adalah ayah saya? Minta Maaf Ayahnya minta maaf atas kejadian itu dan atas kesalahannya selama ini kepada Endang. Endang tak kuasa menahan air matanya. Ia merasa beruntung sekali bertemu dengan

ayahnya dan bangga bahwa ayahnya punya kesaktian yang luar biasa seperti yang diceritakan ibunya sebelum meninggal. 16. Kenangan Masa Lalu Endang bertanya apakah ayahnya tahu siapa yang bertapa di Gunung Tidar, tentang Semar dan juga Togog sang jelmaan Sabdopalon dan Nayagenggong.Ayahnya tahu semua tentang itu. Ayahnya juga bercerita kenangan masa lalu ssat ia ia pertama kali bertemu dengan ibunya setelah itu ia menikah dan tinggal di Kali Putih, kaki gunung Merapi. Endang mengiyakan perkataan ayahnya, ia becerita bahwa ibunya menininggal karena letusan gunung Merapi . Ayahnya menyesal setelah kejadian mereka dipisahkan oleh lahar Merapi ia ingin sekali bertemu dengan isterinya . 17. Kejadian Aneh Setelah mereka bercengkrama sesaat, perut Endang tiba-tiba terasa sakit luar biasa. Ia ingat pisau yang disisipkan di perutnya jangan-jangan menancap. Tetapi setelah dilihat kontan pisau itu hilang kemana. Ia terkejut. Ternyata perut Endang kian membesar tidak wajar hanya dalam waktu sekejap. Mereka berharap jikalau isi dalam perutvtersebut adalah bayi semoga kelak menjadi anak yang baik. Tiba-tiba yang keluar bukanlah bayi namun ular besar dan langsung melahap seekor ayam. Kemudian sang ular tersenyum dan berkata kepada si Pria ayah Endang yang bernama Ki Progo bahwa ia adalah anaknya. 18. Aksi Bersyarat Namun Ki Progo tak gentar dan melindungi Endang dari ular tersebut. Ia mengeluarkan sebatang lidi. Ia menantang kepada ualar itu Ia akan mengakui ular itu sebagai anaknya dengan syarat ular bisa mencabut lidi yang akan ia tancapkan. Sang Ular tidak takut dan akhirnya ia bisa dengan berhasil mencabut lidi tersebut.

You might also like