You are on page 1of 1

PREDIKSI SOAL ESSAY UAS BAHASA DAERAH

1. Sebutna lan jlentrehna jinising gancaran!


Wangsulan:
a. Narasi: yaiku karangan kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut
urutan wektu.
b. Argumentasi: yaiku karangan kang isine ngenani panemu kanthi linambaran
alesan-alesan kang manthuk.
c. Deskripsi: yaiku karangan kang isine nggambarake obyek kanthi trewaca.
d. Persuasi: yaiku karangan kang isine ngajak para pemaca supaya nglakoni apa
kang dikandhakake penulis.
e. Eksposisi: yaiku karangan kang isine njlentrehake nganthi cetha kewaca.
2. Sebutna lan jlentrehna paugeran (aturan-aturan) kang ana ing tembang macapat!
Wangsulan:
a. Guru gatra, yaiku cacahing larik (baris) saben sapada
b. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra
c. Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
3. Tulisen aksara latin ing ngisor iki nggunakake basa Jawa!
a. Tuku buku ana toko kene.
b. Ibu mundhut gendhis sakilo.
Wangsulan:
a.
b.
4. Gawenen pachelaton kang paragane murid karo guru! (Cathetan: Basa sing
digunakake murid marang gurune yaiku kedah nggunakake basa krama. Nanging,
basa sing digunakake murid marang murid liyane/kanca padha kanca yaiku
nggunakake basa ngoko.)
Wangsulan:
Bu Guru: Sugeng enjing poro siswo!
Murid: Sugeng enjing, Bu!
Bu Guru: Ayo, saiki PR-e diijolke karo sisihe!
Budi: Sakedap, Bu. Kulo badhe taken rumiyin. Rencang-rencang menika kathah
ingkang dereng apal aksoro Jawi, lho. Iki pripun Bu?
Bu Guru: Ya wes, iki mengko karo daktulis neng blabag karo dakterangake sijisijine.
Budi: Nggih, Bu.
5. Gawenen crita pengalaman pribadi kang pernah kowe alami lan isih nabet ing jroning
ati (berkesan di hati) kanthi nggunakake basa ngoko alus!
Wangsulan:

You might also like