You are on page 1of 7

Kawinan

Gagal

Narrator (n): Endah Rohmawati

Lakon: Kharisul Makhasin = Sunari


Linta Mustafidatul Fajriyah = Sri
Moch. Khudzaifah = Penghulu
Arif Rohman Hakim = Bapak
M.Sholahuddin = Marlut
Ananda Gunawan = Jonru
Moch. Najih Miftahul Akhyar = Peong
UUS lali jenenge
Siti Nur Kharissa
Taqwiyatul Amilia
Faisal Reza Rahmat = saksi kawinan
Kevin Adhiza Pratama = saksi kawinan
(n) = Ing sawijining panggon, ana 4 jaka sing due niatan
pengen nglamar cah wadon, merga jaka-jaka mau wis
ora betah urip dewean.

Peong = Piye iki rencanane, wes manteb?

Sunari = Aku sih wes, piye Lut, kue wes manteb?

Marlut = OTOMATIS. Wes ndang gagenan, ayo jon,


gagenan ndang kawin.

Jonru = iyo iyo, sek to, ojo kesusunan.

(n) = Jaka-jaka mau lunga moro omahe cah wadon,


nanging ora langsung nglamar bareng, sing pertama
nglamar yaiku Peong.

Peong = Assalamualaikum.

Lia = Waalaikumussalam, eh mas Peong, wonten nopo


mas?

Peong = Bapakmu ono dek?

Lia = Wonten mas, entosi sekedhap mas! Pak... Bapak..

*Arip teko

Bapak = ono opo nduk?

Lia: niki pak wonten mas Peong.

Bapak = oh yo... yo, rene dek lungguh.

*Lungguh Bareng

Bapak = jenengmu sopo dek?

Peong = Peong pak.

Bapak = Lha ono kepentingan opo sampean mrene dek?


Peong = Kula niku mriki badhe nglamar putrine
njenengan, pak.

Bapak = oh ngono to, kerjo opo sampean dek?

Peong = kula pak? Kula niku PENGACARA pak.

Bapak = oh... pinter pinter, *ngelus sirahe anake

Peong = Pengangguran BUANYAKK Cara pak !!

Bapak = lhooo..... wedhus deso *Nembak Peong.

*Najih digotong minggir karo kevin lan esol

(n) = saiki gilirane Marlut.

Marlut = Assalamualaikum.

Uus = Waalaikumussalam, ono ngopo mas kok rene?

Marlut = Bapak Endi dek?

Uus = Pak... Bapak ono mas marlut.

Bapak = ono opo cung?

Marlut = Pak kula mriki wonten Kepentingan pak !

Bapak = yo wes lungguho disik

*Lungguh

Bapak = Sopo jenengmu cung?

Marlut = kula MARLUT pak.

Bapak = Marlut?

Marlut = nggih pak, ringkesan sangking MARAI GELUT


pak!

Bapak = lhoh?

Marlut = nggih pak.

Bapak = yowes, ono perlu opo?


Marlut = Kula badhe nglamar putrine bapak.

Bapak = lha mergawe opo awakmu?

Marlut = kula pak, kula niku.. pengusaha pak, omset


kula setunggal wulan saget ngantos sepuluh
MILYAARR... *omongane ra meyakinkan

Bapak = oh oke oke.... *nyawang ngisor panggung

Bapak = Lhooo.... Tumpaane onto! *nembak Marlut

*puput digotong minggir karo esol lan kevin

(n) = sing ketelu nglamar yaiku Jonru

Jonru = Assalamualaikum.

Risa = Waalaikumussalam, eh mas Jonru.

Jonru = Bapak ono dek?

Risa = Entosi mas, pak... bapak !!

Bapak = ono opo le?

Jonru = mboten ditawani lungguh pak?

Bapak = oh yo yo... lungguho sik le.

*lungguh

Bapak = ono opo le, kok nggoleki aku?

Jonru = kula pak? Kula badhe nglamar putrine


njenengan.

Bapak = Kerjo opo sampean le?

Jonru = lha bapak piyambak merdamel nopo?

Bapak = oh aku, aku gak kerjo aku le.

Jonru = *Nembak Bapak

Bapak = LHOH...!! *nembak Jonru


*Nanda digotong esol lan kevin minggir.

(n) = sing terakhir nglamar yaiku Sunari.

Sunari = Assalamualaikum.

Sri = Waalaikumussalam.

Sunari = dek, bapak ono dek?

Sri = wonten, pak...bapak.

Bapak = ono opo nduk?

Sunari = pak kula Sunari pak.

Bapak = oh yo.. yo dek, ayo melbu sek.

Sunari = Kula badhe nglamar Sri pak.

Bapak = lha kerjo opo sampean dek?

Sunari = Kula tesih dereng gadah, pak. Tapi, sak


rampunge

kuliyah,InsyaAllah, kula badhe diwenehi pagaweyan ing


Kantor Ageng, pak.

Bapak = hmm... *mlintiri brengos* apik apik,


omonganmu keno tak percoyo dek, tak wenehi restu
sampeyan kanggo nglamar anakku

(n) = sakbare lamaran iki, sunari lan cah wadon mau


banjur nglaksanakno ijab kabul.

*esol lan kevin ngiringi Sri lan Sunari karo gowo


kembang mayang, moro omahe Sri.

Penghulu = Siap dek?

Sunari = InsyaAllah siap pak.

Penghulu = saya nikahkan Sri binti Kardono dengan


Sunari bin Hok dengan maskawin seperangkat alat
sholat dibayar tunai.
Sunari = saya terima... nikaah..emm..emmm.. sopo
jenengmu dek? *takok Sri

*saksi heboh gara gara kejadian iki

Penghulu = wes... wes.. tenang dek,ojo ndredek, baleni


maneh.

Penghulu = saya nikahkan Sri binti Kardono, dengan


Sunari bin Hok dengan maskawin seperangkat alat
sholat dibayar tunai.

Sunari = SAYA TERIMA..!!! NIKAHNYAA.!! SRIII...!!!

Saksi= MERDEKA..!!!!

*saksi heboh neh.

Penghulu = dek rene dek... *ngejak moro ngarep


panggung.

Penghulu = iki sing terakhir yo dek, ojo nganti gagal


neh, nek nganti gagal, kue ruh kan akibate *nodongno
pistol ning gulune Sunari.

Sunari = yo pak *gemeteran balik moro meja ijab kabul.

Arip = Saya nikahkan Sri binti kardono dengan Sunari


bin Hok dengan maskawin seperangkat alat sholat
dibayar tunai.

Sunari = ssa... ssaya..saaa.... tet...terima...aah..


*semaput

*saksi lan penghulu heboh, nyoba nangekno sunari.

(n) = sunari semaput merga ndredek arep ijab kabul,


akhire kawinan iki gagal.

TAMAT

You might also like