You are on page 1of 1

I. Wacanen!

Raden Harjuna Mbelani Abimanyu


Abimanyu gugur ing madyane paprangan ing Kurusetra. Sing merjaya Abimanyu kuwi
Raden Jayajatra.
Abimanyu kuwi putrane Raden Harjuna. Mula kuwi Raden Harjuna muntab, banjur
sumpah menawa dina iki uga ora bisa gawe piwelas merjaya Raden Jayajatra, Raden
Harjuna luwung nglampus pati obong.
Wusanane ketemu Raden Jayajatra, Raden Jayajatra dadi akeh banget ana kembarane.
Raden Harjuna ora bisa mbedakake endi sing asli lan sing palsu.
Wayahe wis mulai sore. Raden Kresna duwe reka daya kanggo mbiyantu Raden
Harjuna. Senjatane Cakrane katanemake ing angkasa kanggo ngadangi sunare srengenge.
Papan Kurusetra dadi kaya wis wengi. Raden Harjuna didhawuhi ethok-ethoke netepi
sumpahe, yaiku pati obong.
Geni wis murub gedhe. Semar lan anake padha sorak, Harjuna pati obong! Harjuna
pati obong!. Kurawa lan Raden Jayajatra banjur njedhul pengen weruh Raden Harjuna pati
obong.
Raden Harjuna weruh yen Raden Jayajatra njedhul banjur rikat mlumpat menthang
gedewa. Panah Pasopati kaya kilat merjaya Raden Jayajatra. Sanalika Raden Jayajatra tiwas.
Cakra kang katanem mau ditarik meneh. Sanalika Kurusetra dadi padhang meneh amarga
wayahe pancen durung wengi.

II. Wangsulana pitakon ngisor iki miturut wacan ing dhuwur!


1. Sapa Raden Abimanyu kuwi?__________________Putrane Harjuna______________
2. Sapa sing dibelani Raden Harjuna?____________Abimanyu_____________
3. Ana ngendi papane paprangan mau?___________Kurusetra________________
4. Sapa sing mbiyantu Raden Harjuna?___________Prabu Kresna_________________
5. Senjata apa sing dienggo ngaling-ngalingi sinare srengenge?________senjata cakra____

You might also like