You are on page 1of 10

ANALISIS STRUKTUR DAN UNSUR TEKS SANDHIWARA

“Keong Emas”

Disusun Oleh :

KELOMPOK 6 XE
1. Atika Tafdhila N. (06)
2. Beno Zaki F.N (09)
3. Hendra Sukma N (17)
4. Jevera Akmal M (19)
5. Rinjani Reyligian H. (28)
6. Shovia Qur’amah (34)
7. Zelicha Fityatusa M. (37)

SMA NEGERI 1 MEJAYAN


TAHUN AJARAN
2022/2023
“Keong Emas”

Babak 1
Ing keraton Daha ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu
rupane, putri Candrakirana lan Putri Galuh Ajeng. Putri Candrakirana yaiku putri
kang ramah lan ayu. Dheweke arep dinikahno karo pangeran saka keraton Kahuripan
kang asma Raden Inu Kertapati.

Raja Daha : Anakku, mreneo !


Candra Kirana : Wonten menapa romo ?
Galuh : Menapa rama inggih nimbali kula ?
Raja Daha : Iyo anakku, ana seng arep tak sampekno marang kowe kabeh. Sesuk
raden Inu Kertapati saka keraton Kahuripan arep teko mrene.
Galuh : Lajeng wonten menopo romo ?
Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbakyu, Romo ?
Raja Daha : Romo wes nggawe perjanjian karo romone, yen romo arep nikahno salah
sijine saka anakku karo Raden Inu Kertapati.

Galuh : Sinten engkang badhe dipun nikahken kaleh Raden Inu, Romo ?
Raja Daha : Aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapati arep
dinikahno karo Candra Kirana.
Candra Kirana : Matur suwun sanget romo, kulo bungah banget, nggeh niki seng
kulo impi-impi aken wiwit tasik alit.
Raja Daha : Temen ta iku ? yen ngunu pancen ora salah milih awakmu kanggo calon
bojone Raden Inu. Ayo nggek ndang disipano kanggo nyambut tekane Raden Inu

Candra Kirana lan romone ninggalno ruangan karo perasaan bungah. Ananging
Galuh Ajeng nduweni roso liyo, yaiku mangkel lan kuciwo.

Galuh : Aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo’o koq Candra Kirana sing dipilih,
koq duduk aku ? padahal aku jelas luwih ayu. Iki ora adil, saiki opo seng mesti tak
lakoni ?
Aha...............
Babak 2
Galuh Ajeng kang duweni niat ala marang Candra Kirana cepet-cepet budal nang
alas.
Galuh : Kula nuwun, nopo wonten tiang teng mriki ?

Penyihir : Oh nggeh, monggo mlebet cah ayu, mreneo


Galuh : Nggeh
Penyihir : Awakmu pingin aku nglakoni opo ?
Galuh : Kula pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapati
diwurungaken.
Penyihir : Oh yo ! aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak
apakno ?

Galuh : Sedanten kula serahaken sampean, seng jelas kula pingin Candra Kirana
susah.
Penyihir : Yo wes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo deweke ora iso nikah
ambek Raden Inu.
Galuh : Matur suwun nggeh, niki dene mengko yen kutukane pon hasil kulo tambahi
seng katah.
Penyihir : Mesti wae, wes saiki aku tak nyepakno kutukan kanggo deweke.
Ha...ha...haa...

Babak 3
Sawise njaluk tulung nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang keraton, kepingin
ketemu romone.
Galuh : Romo..........romo....romo wonten pundi ?
Wonten ingkang badhe kula aturaken.
Raja Daha : Ono opo ankku ?
Galuh : Niki masalah Candra Kirana romo....
Raja Daha : Ono opo ambek Candra Kirana ?
Galuh : Niki kula nemokaken layang kang ditulis kaleh Candra teng kamare kangge
pengawal.
Raja Daha : Opo ? !!! dasar bocah nakal, wes arep dinikahno koq malah pcaran karo
pengawal, kurang ajar iku !!!
Dewi Sekar : Sabar...sabar...romo........
Raja Daha : Kirana...............kirana..............
Candra Kirana : Wonten menopo romo ?
Raja Daha : Iki wocoen !!!
Koq wanine awakmu.
Candra Kirana : Niki fitnah romo. Kula mboten nate nglampahi niki, saestu romo.
( sujud nang sikile romone )
Raja Daha : Cukup, Kira. Metu awakmu saka kene..metu karo pengawal kurang ajar
iku !!!
Candra Kirana : Namung romo (mohon-mohon)
Raja Daha : Metu..........!!!

Babak 4
Candra Kirana atine sedih banget lan deweke terus lungo ninggalno keraton. Deweke
lungo menyang pantai, lan ndok pantai ketemu penyihir.
Penyihir : Hahaha.......hee Candra Kirana yo opo kabarmu nak ?.....
Ketoke awakmu sedih banget..ha...ha..ha....
Candra Kirana : Sinten sampean ?
Nopo’o wajah sampean koq olo sanget ?...
Penyihir : Menengo !!!
Aku mrene kanggo ngutuk awakmu. Dulur macem opo dulurmu iku kok kepingin
aku ngutuk awakmu. Awakmu eroh ta deweke ora setuju ambek pernikahanmu..?
ha....ha...ha.....
Candra Kirana : Opo ? Galuh ajeng arep ngutuk aku !

Penyihir : Yo iyo dasar wong wadon bodo, rasakno iki !!!! ha..ha...ha...
Candra Kirana : Aaaaaa....................................!!!!!!
Penyihir : Ha...ha...ha......
Awakmu dadi menungsa yen awan, nanging yen bengi mbalek dadi keong maneh.
Kutukan iki bakal ilang yen awakmu ketemu Raden Inu lan deweke gelemnyium
kowe rupo keong..ha....ha...ha...

Babak 5
Candra kirana wes dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai desa Dadapan.
Salah sawijine dino ono wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Deweke
nemokno keong mas iku, terus digowo moleh
Mbok Rondo : Oh.....keong kang apik aku arep nggowo keong iki moleh.

Sak tekane ing Omah, mbok rondo nyimpen keong mas ing wadah banjur deweke
ngaso, lungguh ing kursi lan keturon.

Keong/Candra : Lho lalopo aku kok iso enek kene ? Oh iyo mau lak enek mbah sing
nggowo aku. Saknoe rek mbah iki durung mangan.
Ujug-ujug keong mas berubah dadi menungsa maneh. Candra kirana masak nang
pawon kanggo mbok rondo. Panganan ditoto rapi nang nduwur mejo. Ujug-ujug
mbok rondo tangi lan kaget ana putri.
Mbok Rondo : Ha...sopo awakmu ? (Kaget )
Candra Kirana : Kulo Candra Kirana
Mbok Rondo : Opo ? Candra Kirana ? sing temen ?
Candra Kirana : Inggih, kulo Candra Kirana Putri Raja Daha.
Mbok Rondo : Yen ngunu lha opo wakmu kok iso ono kene ?
Candra Kirana : Panjejengan sing mbeto kulo mriki, kulo niki keong sing jenengan
tumokaken kolo wau...
Mbok Rondo : Opo ? keong ? lho kok iso kowe dadi keong ?
Candra Kirana Kula dikutuk penyihir mbah. Dikengken dulur kula (anangis )

Mbok Rondo : Sakno temen awakmu ndok. Dolor macem opo iku kok tego. Yo wes
sementara wakmu manggon kene
Candra Kirana : Matur suwun mbah

Babak 6
Sementara iku ing keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapati krungu kabar soal Candra
Kirana deweke nyuwun restu romone lan ibune kanggo ndoleki Candra Kirana
Raden Inu : Romo kulo nyuwun restu badhe madosi Candra Kirana
Raja Kahuripan : Yo anakku budalo mugo-mugo Candra Kirana ndang moleh..
Raden Inu : Inggih romo...
(salam nang romo lan ibune )
Sawise iku Raden Inu ninggalake keraton Kahuripan deweke ngunem ing jero ati
Raden Inu : Ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, deweke mesti ono seng
mitnah. Aku kudunggolek weruh sopo wong iku.

Babak 7
Raden Inu budal menyang keraton Daha karo salah siji pengawale nanging thuthuk
panggone lan arep marani raja, deweke dicegat Galuh ajeng.
Galuh : Raden wonten menopo mriki ?
Raden Inu : Aku arep marani raja
Galuh : Aku ngerti..raden arep takok Candra Kirana
Raden Inu : Minggiro

Galuh : Candra kirana wes adoh. Ora mungkin mbalek, aku wis ngongkon tukang
sihir supaya nguthuk Cndra Kirana lan aku seneng karo awakmu raden....aku yo
nggae crito yen Cndra kirana lan pengawal ana hubungan asmara..
Raden Inu : Opo ? awakmu sing nglakoni iku kabeh. Tegone awakmu karo deweke...
Galuh : Yo..iku kabeh mergo aku tresno awakmu....
Raden Inu : Saiki neng ndi Candra Kirana ?
Galuh : Deweke wes adoh..ora bakal ketemu ......
Karo aku wae

Babak 8
Raden Inu ngaleh ninggalno kraton Daha. Sawise iku Raden Inu ngemboro ngoleki
Candra Kirana. Sampek deweke mlebu nang salah sawijine deso yaiku deso
Dadapan. Deweke ngaso sediluk lan ketemu mbok Rondo.
Mbok Rondo : Raden Inu la nopo panjenengan ana kene ?

Raden Inu : Kula badhe madosi putri Candra Kirana mbok..deweke ilang pirang-
pirang dinten. Kulo pingin ketemu.
Mbok Rondo : Nyuwun sewu raden, kulo ngertos Candra Kirana dateng pundi
ngesakke, nasipe ala...
Raden Inu : Hah.....dtaeng pundi mbok ?
Mbok Rondo : Ayo melu aku
Mbok Rondo mulih nang omah sareng-sareng raden Inu Kertapati lan pengawale.
Mbok Rondo : Raden.....iki lho Candra Kirana ...
(nunjuk Keong)
Raden Inu : Haah !! iki Candra ? saestu ?????
Mbok Rondo : Inggih, Candra Kirana dikutuk tukang sihir kongkonane Galuh
Raden Inu : Oh...candra ola opo kowe dadi ngene iki...(nangis lan nyium keong)
Ndilalah keong mas brubah awujud putri kang ayu rupane yaiku Candra Kirana
sawise dicium Raden Inu Kertapati. Akhire wong 2 iku mbalek nang kraton Daha
uga mbok Rondo, inu Kertapati lan Candra kirana urip bahagia sak lawase......
A. UNSUR INTRINSIK TEKS SANDHIWARA
1. Tema : Ketabahan manah (panggalih)
2. Tokoh atau penokohan :
 Inu kertapati (tokoh utama)
Watak : bijaksana, grapyak
 Candra kirana
Watak : sregep, remenulung
 Galuh ajeng
Watak : ala, ngalem, ngapus-apus

Tokoh sampingan

 Jaya Negara
Watak : dermawan, bijaksana, becik, amanah
 Jaya
Watak : bijaksana, becik, amanah
 Liku
Watak : judes, remen srengen-srengen
 Mbok rondo
Watak : apik, penyayang, welasan, grapyak
 Penyihir
 Watak : ala, licik
3. Alur cerita : Campuran
4. Latar : - Tempat : graha, lepen, omah penyihir
- Waktu : awan & bengi
5. Gaya bahasa : bahasa saben dina
6. Sudut pandang : sudut pandang tiyang kaping tiga sarwi ngertos
7. Amanat : wong tuwa ora oleh abot sawelah karo anak-anake, wong tuwo
kudu ngelakoni karo adil, becik, lan ora merlakoake dheweke kabeh kaya
pembantu. Syukurilah apa kang awak dhewe duweni aja iri karo nduwe wong
liya.
B. UNSUR EKSTRINSIK TEKS SANDHIWARA

Budaya jawa kentel banget sajroning carita rakyat iki, bab iki bisa dideleng saka
penyebutan raden kang pancen akeh digunakake dadi penyebutan para bangsawan
ing karajan jawa. saliyane iku, kostum kang kerep digunakake dening para tokoh uga
nyerminake sandhangan kang kerep digunakake dening pandhudhuk jawa ing racake.
kahanan pulitik uga dadi sawijining unsur ekstrinsik kang kentel jroning carita iki.
kaya kang awake dhewe ngerti menawa karajan kadhiri lan kahuripan pancen njalin
koalisi. mula bab iki digambarake uga jero crita tresna watara raden inu saka
kahuripan, lan candra kirana saka daha, kadhiri. sanadyan wis obah ujud, nanging
kabecikan ati tansah oleh dikenang. kaya carita rakyat keyong mas iki. katrampilan,
kabecikan tur paras kang nawan oleh nggawe sapa wae dadi sosok kang arep tansah
disenengi.
STRUKTUR TEKS SANDHIWARA

1. Orientasi : Ing keraton Daha ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe
anak 2 kang ayu rupane, putri Candrakirana lan Putri Galuh Ajeng. Putri
Candrakirana yaiku putri kang ramah lan ayu. Dheweke arep dinikahno karo
pangeran saka keraton Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapati.
2. Komplikasi : Raja Dah wes ngawe perjanjian arep nikahne salah siji anake
karo Raden Kertapati. Akhire raja sepakat arep nikahne Candra Kirana karo
Raden Kertapati, nanging galuh iri terus njaluk tulung penyihir ngutuk
Candra kirana dadi elek.
3. Resolusi : Candra kirana seng wes di kutuk dadi keong emas gemletak nang
pantai desa dadapan. Terus di temu lan digowo muleh mbok rondo. candra
kirana ketemu Karo raden Inu, nalika raden Inu golek i candra kirana lan
takon marang mbok rondho. Akhir e keong emas berubah wujud e putri kang
ayu rupane yaitu candra kirana sawise dicium raden Inu Kertapati. Akhir e
wong 2 kui mbalek nang keraton daha uga mbok rondho, Inu Kertapati lan
candra kirana urip bahagia sak lawase.
4. Amanat : Aja iri lan dengki marang wong liya, aja nyerah ing nguber soko.
Tansah nyoba kanggo apikan marang wong liya, saben tumindak ala
bakal oleh ganjaran.

You might also like