You are on page 1of 12

NASKAH KETOPRAK 'ADEGING SINGHASARI'

(Saking blog "Sekar Jagad")

Adegan 1

Prabu Dandang Gendis ewed nggalihaken makna supenanipun

Pt. Mahesa Wungkul : "Gusti prabu katingal legeg pinten-pinten dinten boten ngawontenaken
pasewakan agung lan boten kersa paring dhawuh punapa darunanipun menawi
saged kapireng ing akathah ugi kawedara punapa ingkang damel judeging
panggalih."

Mahesa Geni : "Gusti prabu, menapa kula nandang lepat menawi pancena makaten kula sagah
nampi pidana menapa ingkang badhe kapatrapaken dumateng kawula."

Gading Kuning : "Senadyan kula ugi sagah kadhawuhan menapa kemawon sauger saged damel
lejaring penggalih Gusti Prabu Dandang Gendis."

Mahesa Walungan : “Paman Prabu, menapa wonten nayaka praja utawi negari jajahan ingkang
balela arsa jongkeng kawibawan Kediri .”

P. Dandang Gendis :”Dudu....... kabeh aturmu kleru”

Pt. Mahesa Wungkul :”Lajeng menapa ingkang damel jibeging manah?”

P. Dandang Gendis :”Wis pitung ari anggonku nggagas pangimpen kang saben ingsun mapan sare
pangimpen iku mau tansah teka ora beda. Dene pangimpen iku mau tansah
nggubel pamikirku nganti ora bisa wening wetune pamikir.”

Sangkarana :”Pangimpen kados pundi ingkang saged damel bingunging panggalih paduka
Gusti Prabu, mugi kababara mbok menawi wonten salah satunggaling nayaka
ingkang saged merdiaken pangimpen paduka?”

P. Dandang Gendis :”Ing kanane ingsun nyumurupi lamun bumi Kediri nela lan bengkah, ora ana
tetesing banyu kang tumiba, para nayaka padha nandhang cincraka nemahi
tiwas.... kira-kira lelakon apa kang bakal nempuh praja Kediri.”

Pt. Mahesa Wungkul :”Gusti prabu, jero sanget pralambang kang tuwuh ing pangimpen, kula ingkang
caket ing cubluk tebih ing lantip boten saged babar wredinipun. Mugi linuberna
pangaksami.”

Gading Kuning :”Gusti Prabu kathah para nujum pinangka paranparaning praja mbok menawi
menika ingkang saged babar werdining pangimpen.”
P. Dandang Gending :”Sangkarana klumpukna para nujum dina iki uga supaya ngadep ing
ngarsaningsun.”

Sangkarana medal.... mlebet melih kaliya nujum

P. Dandang Gendis :”Nujum (nunjuk salah sijie nujum).... Kepara maju sowanmu.”

Nujum 1 :”i......ing..... inggih..... inggih Gusti (ketakutan)”

P. Dandang Gendis :”Kowe wong waskita, kebak ing wawasan kena ingaran janma pinilih.

Anane kowe kabeh dak utus ngadhep supaya mbabarake isining pangimpenku”

Nujum 1 :”Gusti prabu nyupena menapa?”

p. Dandang Gendis :”Wis pitung dina ingsun ngimpi yen ta bumi kediri nela nganti bengkah ora ana
banyu kang tumetes tiba ing kediri, banjur apa werdining pangimpenku kuwi?”

Nujum 1 :”Menawi miturut panrawang kula menika pinangka pratanda menawi kediri
badhe nampi pacoban.”

P. Dandang Gendis :”Pacoban... ora usah dadak nganggo sanepa... wantahe kepiye?”

Nujum 1 :”Nyuwun pangapunten gusti, kula boten saget awit menika ateges ndisiki
karsanipun”

P. Dandang Gendis :”Ing kene ora ana dewa. Kang ana amung aku p. Dandang Gendis... mula age
matura”

Nujum 1 :”Kula ajrih ing sesiku”

P. Dandang Gendis :”Piye....?”

Nujum 1 :”Kula ajrih ing sesiku”

P. Dandang Gendis :”(mlampah nyaketi nujum sinambi ngunus kerise lan nyedani nujum kasebut
banjur mlampah nyaketi nujum liyane) heh pandeta kowe ngerti pacoban kang
di karepake pendeta kang wis sekarat iki.”

Nujum 2 :”Gusti prabu,menawi miturut pamanggih kula bumi kediri badhe lebur
katrajang mengsah”

P. Dandang Gendis :”Ing tanah jawa kediri kang paling gedhe ora ana praja liyane kang duwe
kuwanen nggempur kediri ... raja ngendi kang bakal wani?”

Nujum 2 :”Tumapel gusti”

Sadaya Naya Kediri :”Wahahahahhahah........”


P. Dandang Gendis :”Kowe goblog.... kowe bento.... kowe dungu....ora bakal tumapel wani ngidak
bumi Kediri.”

Nujum 2 :”Nanging gusti, sedaya sampun dados pepesthene hiyang widhi”

P. Dandang Gendis :”Piye?!... hwang widhi ... ngertia ya ingsun iki hwang widhi”

Nujum 2 :”Gusti kula aturi emut hwang widhi menika boten mapan ing jagad lan boten
saged kadulu ning saged karaosaken kawibawanipun ...ngemutanan menawi
padhuka menika titah sawantah sami kaliyan kula”

P. Dandang Gendis :”Dadi kowe ora ngakoni yen aku hwang widhi? (sinambi nyedani nujum
kasebut ).... gari kowe nujum kang ngadhep .... apa panemumu?”

Nujum 3 :”Gusti , menawi ta praja kediri badhe kecalan keblat awit kediri badhe kecalan
paran para koncatan tiyang suci satemah ingkang wonten amung hawa benther
kang ngobar jroning praja ... nanging sedaya wau saget kasuwak menawi ta
paduka kersa meminta pangaksamaning gusti.”

P. Dandang Gendis :”Piye? Aku kudu njaluk ngapura hwang widhi?.... apa benenr kandane nujum iki?
(Takon marang Nujum sing liya)”

Nujum 4 :”Boten gusti sadaya para brahmana lan nujum lan para paran paraning praja
taksih setya ngabekti ing ngarsanipun gusti prabu”

P. Dandang Gendis :”Dadi kabeh isih setya karo aku? .... (ngomong marang nujum 3 lan nyedani
nujum 3) kowe wani matur dora karo aku?”

Duginipun Gelang Pati ngelapor

Gelang Pati :”Kula ingkang sowan gusti... ngaturaken kawuningan salebeting kula jagi tapel
wates praja kula nyumerapi menawi sedaya para nujum sami ngungsi tumuju ing
tumapel”

P. Dandang Gendis :”Iblis laknat ... heh nujum kowe mau kanda yenta para brahmana isih setya
jebul kowe amung kepingin endha saka pepati (nujum 4 dipunsedani)..... mahesa
walungan kanthinen para prajurit supaya mbujung playune para nujum, yen
gelem ajaka bali ing raja kediri yen ta ora gelem patenana kabeh”

Mahesa Walungan :”Inggih sendoka dawuh paman prabu kepareng nyuwun pamit”

Adegan 2
Ing Tapel batas Kerajaan Kediri

Brahmana Maenaka :”Prayogane leren disik wus adoh..... nggone metu saka praja Kediri”

Pancali- Kalpika :”Ya kakang prayogane pancen leren luwih disik”

Brahmana Maenaka :”Wes gamblang tekadku kudu tumuju tumapel paminta pangayoman sang
akuwu ken arok, dak jaluk siadi padha memujia supaya bisa antuk
pangayomaning tumapel”

Pancali :”Ya kakang .... aku go wis ora betah mapan ana kediri kang amung katindhes
marang sahyae prabu dandang gendhis”

Kalpika :”Panguwasane prabu dandang gendhis amung kanggo sawenang-wenang ,


bebasan kaya betet sewu anggonku atur emut nanging siji wae ora ana sing
dipaelu , malah aku kadakwa wani mulang muruk nalendra, tinimbang aku
nampa pidana mula luwih becik aku oncot saka kediri golek pangayoman ing
tumapel.”

Pancali :”Ora mung sawenang-wenang malah aku nate katimbalan kang supaya ngakoni
menawa gusti prabu iku hwang widhi”

Mahesa Sagotrah ndugi

Mahesa Walungan :”Mandeg..... heh para brahmana brongkat kimpul arep menyang endi?”

Sangkarana :”Ditakoni gusti Mahesa Walungan ora padha wangsulan malah pating
pentheleng anggepmu apa?”

Begawan Maenaka :”Inggih gusti, kula sedaya badhe tumuju tumapel”

Mahesa Walungan :”Duwe karep apa tumuju tumapel?”

Begawan Maenaka :”Kula sagotrah badhe ngayom ing ngarsanipun akuwu Ken Arok”

Mahesa Walungan :”Apa praja kediri ora paring pangayoman , malah kowe kabeh wus diyasakake
sanggar pangujan”

Pancali :”Kediri sampun boten wonten pangayoman, ingkang damel ayemiing raos lan
sampun boten wonten papan ingkang saged kangge memuja ...ingkang wonten
namung papaning angkara murka”

Gelang Pati :”Aja waton langap-langap sowek cangkemmu..... pendeta ora ngerti susila!!”
Mahesa Walungan :”Heh.. para brahmana yen kena dak eman ayo bali bebarengan lan aku ing praja
kediri, mengko aku bakal njalukake pangapura ing ngarsane gusti prabu”

Kalpika :”Luwih becik aku tumekeng pati tinimbang bali ing kediri ... bali kediri padha
karo urip ana jroning naraka jahanam.”

Gelang Pati :”Prajurit... ranggaten para brahmana!!!!”

Kedados perang Prajurit Kediri kaliya para Brahmana, para Brahmana saged nyelametake dheweke

Adegan 3

Ing Taman Kaputren Tumapel

Ken Umang mlampah sinambi nikmati kaendahanipun taman lan nyanyi, Tohjaya ndugi

Tohjaya :”Kanjeng Ibu....”

Ken Umang :”Ngger Tohjaya sowan ing Taman kanthi suntrut ing pepolatan ana apa
Ngger..?”

Tohjaya :”Ibu kula aturi tumenga ing akasa kathah lintang ingkang sumorot panjeripun
nanging sedaya wau sirna kasirep soroting rembulan...Andadosaken luntur
endahipun sunaring lintang... menika sami kalih raosipun Tohjaya.”

Ken Umang :”Tohjaya pun Ibu ora ngerti apa kang kok aturake”

Tohjaya :”Kula badhe pitaken menapa kula satunggaling pangeran?...Menapa kula saged
dados narendra?”

Ken Umang :”Apa karepe pitakonmu kuwi Ngger”

Tohjaya :”Leres kula niki pangeran nanging amung pangaran-aran, kula ngertos menawi
ta kula boten badhe saged dados narendra”

Ken Umang :”Saya nglantur aturmu kaya dene wong kang ngimpi”

Tohjaya :”Kula boten ngimpi bu nanging kasunyatan.... kula pangeran nanging kang mijil
saking garwa selir, benten lan kakang Anusapati kang mijil saking garwa padmi
nggih menika ibu Kendedes dados, kula boten badhe dados narendra awit
kakang anusapati temtu nggadhahi turun ingkang badhe nglintir kawibawan
ramanipun.”
Ken Umang :”(Nangis....) ngger Tohjaya Ibu ora bisa paring waluyan, Ibu ora bisa mujudake
pepinginanmu awit ibu ora duwe panguwasa. Kabeh dadi wewenanging sang
Akuwu Ken Arok...trimak-trimakna kodratmu dadi putrane garwa selir”

Tohjaya :”Boten ibu kula boten saged nampi kodrat menika... sepisan malih kula taken
menapa kula saged dados narendra???”

Ken Arok ndugi

Ken Arok :”Bisa Ngger... sira bisa dadi narendra”

Tohjaya :”Rama......”

Ken Umang :”Kangmas sakrawuhipun bekti kawula katur”

Ken Arok :”Iya yayi wis taktampa, ora prelu si adi nggetuni kodrat ngertiya yenta kodrat iku
bisa diwiradati, sanadyan Tohjaya amung putra saka garwa selir nanging,
mbesuke Tohjaya bakal nglintir kawibawan ing tumapel.”

Ken Umang :”Kangmas”

Tohjaya :”Rama, menapa saestu? Dhawuh pangandika paduka”

Ken Arok :”Hahahahahaha....... tohjaya ora ana wong idu banjur didilat maneh pun rama
bakal mujudi unen-unen anak polah bapa kepradah”

Tohjaya :”Inggih rama, ngaturaken gunging panuwun... kepareng kula nyuwun pamit.”

(Tohjaya medal)

Ken Arok :”Yayi Ken Umang tekaku ing Taman awit kangen lan siadi, saka akehing pakaryan
nganti krasa lungkrah badanku tur maneh wus sawetara suwe pun kakang ora
mambu tanganmu.”

Ken Umang :”Ahhhh kangmas menika lho kok kados lare nem kemawon, ngantos lingsem
raos kula... mangga kangmas kula aturi pinarak.”

Ken Arok :”Ya yayi (Ken Umang memijit Ken Arok sambil nembang)”

Adegan 4

Ing Dusun Sesukan Sawetawis

Ken Ratri ndugi sinambi mbeto uba rampe sesaji dhateng pura

Jo Lempong :”Arep menyang ngendi ta, Ratri? Kok sajak kesusu”


Ken Ratri :”Paman ki piye ta? Wes cetha aku nggawa sesaji ngene iki ya mesthine arep
ning pura ta”

Jo Lempang :”Owalah ta Pong Pong. Mula kuwi yen takon ya nyawang ndhisik ora gur mak
cul....! ben dikira grapyak pa?”

Jo Lempong :”Sing mak cul ya lambemu kuwi, isih lumayan aku grapyak semanak timbang
kowe mung oleh grayak.”

Jo Lempang :”Aku grayak kowe ya melu ngrasakke wee...”

Jo Lempong :”Ngrasakke piye ta?”

Jo Lempang :”Lha turahane gawanku ya sok kok jaluk”

Jo Lempong :”Woooo...dhasar lambe lower”

Ken Ratri :”Wes Paman aja padha tutuk tinutuk. Ayo kancanana aku tumuju pura selak
bengi. Mengko yen kewengen ndak dadi pengarep-arepe simbok.”

Jo lempang Lempong :”Wayo aku ya sisan gawe arep unjuk donga.”

Adegan 5

Ing Candi Kuwu

Ken Ratri kaliyan abdi saweg ndonga ing pura, Anusapati ndugi

Anusapati :”Ratri......”

Ken Ratri :”Oh..Kanjeng Pangeran....kok nembe rawuh ta?”

Anusapati :”Ya Ratri, aku njaluk ngapura awit aku kudu ngrampungake dhawuhe Kanjeng
Ibu luwih dhisik.”

Ken Ratri :”Inggih Pangeran, sampun sakmesthinipun bab menika kedah ngrumiyinaken
dhawuhipun ibu, napa malih kanjeng Pangeran menika anggadhai tanggel jawab
ingkang ageng.”

Anusapati :”Ken Ratri, bener kandhamu....Ratri?”

Ken Ratri :”Dhawuh Pangeran”

Anusapati :”Pangeran......aku ora seneng yen nyebut aku pangeran, ben saya raket becike
anggonmu nyebut aku Anusapati ngono wae. Nadyan aku pangeran, iku amung
sawijining drajad ning kabeh mau iku amung pangarang-arang wae.”
Ken Ratri :”Inggih kula nyebatipun kangmas mawon nggih..”

Anusapati :”Ya Ratri bareng sliramu nyebut aku kangmas ana rasa adhem jro atiku awit
satemene ya mung sliramu kang dadi tresnaku.... mula Ratri isenana atiku kang
suwung iki.”

Ken Ratri :”Kangmas mboten kok kula ateges mboten ngimbangi tresna paduka, menapa
sedaya wau sampun dipun galih lan dipun petang paduka sawijining pangeran
kula amung tiyang dhusun, menapa sedaya wau badhe ngasoraken drajad
paduka.”

Anusapati :”Ratri tresna iku ora bisa lumantesan drajad pangkat, awit tresna iku rasa kang
suci kang mrenthul saka jroning ati kang suci uga. Mangertia menawa tresna iku
kanugrahan Gusti kang linunturake marang titahe kanthi dhasar rasa sengsem,
dudu adhedhasar bandha donya apadene drajad pangkat.”

Ken Ratri :”Inggih Kangmas, saksampunipun kula mireng isen-isening ati Paduka raos
tresna kula dumateng Paduka tansaya tandhes mandhes, raket keket mboten
saged pinisahaken.......”

Kekalih premesan dhatengipu pawongan ngagem Busana Sarwa Cemeng badhe mejahi Anusapati, lajeng
tetengipun Sempana atur pambiyantu marang Pangeran Anusapati.

Anusapati :”Sempana.....! lelakon apa maneh iki? Apa bener aku dudu pangeran? Yenta aku
pangeran geneya ora ana prajurit kang tansah njaga sakpundhakku”

Sempana :”Nyuwun agunging pangaksami, kula ugi mboten mangertos kenging menapa
mboten wonten prajurit ingkang ndherek jengkar Paduka”

Anusapati :”Banjur aku kudu matur karo sapa bab lelakon iki...lan sapa ta pawongan kang
kepingin nyidra patiku?”

Sempana :”Gusti, miturut pamrayogi kula paduka kula aturi sowan ing ngarsane Gusti Ayu
Ken Dedes ngaturaken sedaya lelampahan menika”

Anusapati :”Matur ibu Ken Dedes... Sempana ora bakal bisa klakon aku ora diparengake
sowan ing kaputren dening rama Ken Arok, banur kepiye anggonku ngadhep
Kanjeng Ibu Ken Dedes?”

Sempana :”Ampun masumelang kula ingkang badhe mbudidaya murih sagedipun Paduka
pinanggih kaliyan Gusti Ken Dedes”

Anusapati :”Ya Sempana, aku amung manut awit ya mung sira abdi kinasih kanjeng
Ibu....wes Ratri aja sumelang atimu, pun kakang bakal ngadhep kanjeng Ibu
ngaturake lelakon iki, sewang sewangan wae sing ngati ati salakumu.”
Ken Ratri :”Inggih kangmas, kula tansah dedonga.”

Adegan 6

Ing Margi

Galuh Suta mlayu nemui Tohjaya

Tohjaya :”Galuh Suta krenggosan napasmu katon pucet ana apa? mara age matura.....”

Galuh Suta :”Sekedhap raden......sekedhap, kula tak ngasokaken napas kula langkung
rumiyin”

Tohjaya :”Ya ora papa......”

Galuh Suta :”Nyuwun pangapunten Raden anggen kula nindakaken dhawuh Paduka mboten
saged mrantasi damel.”

Tohjaya :”Piye ora oleh gawe.......cethane piye !”

Galuh Suta :”Salebetipun kula badhe merjaya pangeran Anusapati kula katrajang ki
Sempana saking pepungkuran, sampun kula kethok karosan kula iya semanten
kula mboten saged nandingi dikdanipun Ki Sempana.”

Tohjaya :”Heh Galuh Suta bola bali kowe ora tau bisa mrantasi gawe......sing mok gedhe
gedhekake amung olehmu njaluk ganjaran, nanging pakaryanmu ora tau bisa
rampung....endah endah yen wong bodho wong ora becus tandang gawe
pamikirmu amung ngraes bandha.”

Galuh Suta :”Nyuwun pangapunten Raden menawi dipunparengaken kula nyuwun wekdal
malih, kangge ngambali pakaryan kula”

Tohjaya :”Ya.....dina iki aku isih sabar....yenta sepisan iki maneh kowe ora entuk gawe
dudu Anusapati sing mati ning Galuh Suta sing tak kethok gulune”

Para Brahmana sing dikejar Prajurit Kediri ndugi

Tohjaya :”Mengko dhisik iki para brahmana padha keplayu rontang ranting busanamu lan
kaya wong kang keweden kaya dibebujung”
B. Maenaka :”Nggih Raden kula brahmana Maenaka saking Kediri.....”

Tohjaya :”Brahmana saka Kediri......apa sebabe nganti teka ing Tumapel..?”


B. Maenaka :”Nggih raden kula sakadang Brahmana satemenipun mlajar saking Kediri
tumuju Tumapel saperlu nyuwun pangayoman”

Tohjaya :”Satemene ana lelakon apa ing Kediri...?”

Pandita Pancali :”Nggih raden kawuningana ing Kediri sampun mboten wonten papan ingkang
tentrem kangge para brahmana awit saking sawenang wenangipun Prabu
Dandang Gendhis anggenipun meksa para brahmana kedah ngakeni menawi
Prabu Dandang Gendhis menika Hwang Widhi.....”

Prajurit Kediri sing ngejar Brahmana ndugi, kedadosipun perang saka Prajurit Kediri kaliyan Tohjaya,
Prajurit Kediri kalah ing perang kasebut.

Adegan 7

Ing Taman Kaputren Tumapel

Ken Dedes :”Ngger Anusapati sowan ing ngarsane ibu tepung wimbangu kanthi polatan
kang suntrup, sajak ana pamiger kang nggubel rasamu”

Anusapati :”Kula niki putranipun sinten...??”

Ken Dedes :”Pitakonmu kok nyleneh....sira putraku”

Anusapati :”Kula sampun ngertos Ibu, nanging ingkang kula takenaken sinten sudarma
kula...??”

Ken Dedes :”Kok saya aneh...sliramu lak wis ngerti ta yen sudarmamu kuwi Sang Akuwu Ken
Arok”

Anusapati :”Ateges kula niki pangeran...??”

Ken Dedes :”Anusapati, satemene ana apa...?? aja mbebingung rasane ibu awit pitakon
pitakonmu kang aeng...”

Anusapati :”Ibu drajad pangeran kula menika satemene amung pangaran aran. Menawi
kula yekti satunggaling pangeran temtu kula menika tansah dipun kanteni
prajurit kados dene Dimas Tohjaya....kula badhe matur nembe kemawon wonten
pawongan ingkang nyidra mejah kula, menawi mboten wonten ki Sempana kula
sampun dumugi ning pejah....kenging menapa kula dipunbentenaken kaliyan
Dimas Tohjaya, menapa kula sanes putranipun Rama Ken Arok...?? (DITAMPAR
KEN DEDES)”

Ken Dedes :”(nangis) Anusapati kowe ora pantes ngucap kaya mngkono”
Anusapati :”Kenging menapa kanjeng Ibu malah nangis...?? menapa wonten wewadi
ingkang dipun tutup tutupi...malah menapa leres ingkang kula aturaken menawi
kula sanes putrane Ken Arok....??”

Ken Dedes :(meneng, nangis kaliyan ngadohi Anusapati )

Anusapati :”Kenging menapa ibu amung kendel.... ibu sumangga kula....”

Ken Dedes :”Cukup.....cukup Anusapati... aja kok bacutake pitakon pitakonmu kang aeng
kuwi.”

Anusapati :”Mboten ibu..... saderengipun kula pikantuk pawangsulan kanjeng Ibu kula
mboten badhe mandheg anggen kula taken sinten sudarma kula.”

Ken Dedes :”Ya Anusapati ibu bakal blaka, satemene sliramu dudu putrane Ken Arok
nanging putrane Sang Akuwu Tunggul Ametung panguwasa Tumapel sadurunge
Ken Arok”

Anusapati :”Lajeng Kanjeng Rama wonten Pundi..??”

Ken Dedes :”Mangertia ngger....nalika ibu ngandhut sliramu lagi umur pitung sasi Kangmas
Tunggul Ametung disedani Ken Arok, lan ibu dipeksa kudu gelem dadi garwane
Ken Arok, mula kowe lan aku tansah dipisahake supaya wewadi iki ora kaoyak,
tancepane sliramu aja nganti ngerteni lelakon iki.”

Anusapati :”Jebul wengis bebudene Ken Arok.....kula jejering putra kakung kedah saged
ngetingalaken darma bekti dumateng sudarma ingkang sampun ngukir jiwa raga
kula. Mila ibu kula nyuwun pamit badhe bela pati (Anusapati badhe medhal
nanging ditahan kaliyan Ken Dedes)”

Ken Dedes :”Aja ngger....kekarepanmu kuwi kena ing aran sulung lumebu geni awit Ken Arok
dudu tandhingmu.”

Anusapati :”Mboten ibu..... wonten unen unen utang pati kedah nyaur pati”

Ken Dedes :”Durung wancine Ken Arok ngundhuh wohing pakarti, leremna atimu kuwi
dhisikpun ibu bakal bebantu lan budidaya murih kasembadan kekarepanmu
males patine sudarman....entenana titi wancine ngger...”

Adegan 8

Ing Kerajaan Kediri

Prabu Dandang Gendis ngadakake pesta sinambi mabuk kaliyan para Dayangipu, banjur Mahesa
Walungan ndugi.
Mahesa Walungan :”Kula ingkang sowan Gusti Prabu”

Dandang Gedhis :”Heeeh...kene kene Mahesa Walungan majua, piye nggonmu dak utus
ngrangket para brahmana...??”

Mahesa Walungan :”Nyuwun pangapunten Gusti Prabu anggen kula mbujung para brahmana cabar
ing lampah, awit para brahmana dipun ayomi Raden Tohjaya putra Sang Akuwu
Ken Arok”

Dandang Gendhis :”(MARAH)....iblis laknat..keparat..ora dak nyana Tumapel gawe dak dakaning
perkara kepingin ndungkeng Kediri...apa pancen bener iki kadadeyane
pangimpenku...pirang pirang pisuhanen Ken Arok ora ngadhep ing Kediri jebul
wis digadhaki kepingin mbalela, Mahesa Walungan.”

Mahesa Walungan :”Nuwun kula wonten dhawuh”

Dandang Gendhis :”Mumpung geni sapelik durung ngobar bumbung....kanthinen para prajurit
jagul jagul, dina iki uga gecaken Tumapel”

Mahesa Walungan :”Sendika dawuh....”

Adegan 9

Ing Palagan

Wonten perang Prajurit Kediri ngelawan Tumapel, Prajurit Kediri kasil dipungebag mundur dening
Prajurit Tumapel.

Adegan 10

Ing Kerajaan Tumapel

Ken Arok didampingi 2 permaisurinipun, para brahmana lan sedaya nayaka praja ngadep. Amargi
kasilipun nggebag mundurake Prajurit Kediri Ken Arok nyatakake yen Tumapel misahno awake saking
Kerajaan Kediri lan ndirikake kerajaan anyar asmane Kerajaan “Singhasari” lan Ken Arok dadi Raja kang
nduweni gelar “Prabu Sri Rajasa Batara Sang Amurwa Bhumi”.

You might also like