You are on page 1of 7

Anak kewan

 01. Anak asu arane Kirik


 02. Anak banyak arane blegur
 03. Anak baya arane krete utawa thengel
 04. Anak babi arane gembluk utawa genjik (rada gedhe)
 05. Anak bebek arane meri
 06. Anak brati arane tongki/tongking/tongti
 07. Anak bulus arane ketul
 08. Anak cecak arane sawiyah
 09. Anak celeng arane isih cilik : jagar ; rada gedhe : genjik
 10. Anak dara arane piyik
 11. Anak gajah arane bledug
 12. Anak glatik arane cecekran
 13. Anak kadhal arane tobil
 14. Anak kakap arane pelak
 15. Anak kethek arane kenyung utawa cenguk utawa munyuk
 16. Anak kebo arane gudel
 17. Anak kinjeng arane senggutru
 18. Anak kucing arane cemeng
 19. Anak kodhok arane isih cilik: cebong ; rada gedhe : precil
 20. Anak kutuk arane isih cilik: beyongan; rada gedhe: kocolan
 21. Anak kidang arane kompreng
 22. Anak jaran arane belo
 23. Anak lele arane jabrisan
 24. Anak lutung arane kowe
 25. Anak lintah arane pacet ( ana sing negesi, pacet iku lintah dharat)
 26. Anak macan arane gogor
 27. Anak menthok arane minthi
 28. Anak merak arane uncung
 29. Anak sapi arane pedhet
 30. Anak pelus arane sidhat
 31. Anak tageh arane bekel
 32. Anak tikus arane cindhil
 33. Anak tuma arane kor (yen durung netes : lingsa)
 34. Anak pitik arane kuthuk
 35. Anak trewelu arane koyor
 36. Anak warak arane plencing
 37. Anak welut arane udhet
 38. Anak urang arane mendres
 39. Anak wedhus arane cempe
 40. Anak yuyu arane beyes

Godhong
 01. Godhong aren arane dliring
 02. Godhong asem arane sinom
 03. Godhong awar-awar arane dongeng
 04. Godhong cipir arane cethethet
 05. Godhong cocor bebek arane tiba urip
 06. Godhong dhadhap arane tawa
 07. Godhong gebang arane kajang
 08. Godhong jarak arane bledheg
 09. Godhong jarak kebo arane lomah-lamAeh
 10. Godhong jipang arane bethethet
 11. Godhong jambe arane procot utawa dedel
 12. Godhong krambil arane sing isih enom : janur, sing wis tuwo :blarak
 13. Godhong kimpul arane lumbu
 14. Godhong kacang brul arane rendeng
 15. Godhong kacang dawa arane lembayung
 16. Godhong kates arane gample ng
 17. Godhong kara arane brobos
 18. Godhong kelor arane limaran utawa sapu jagad
 19. Godhong ketela rambat arane jlegor
 20. Godhong lempuyang arane lirih
 21. Godhong lombok arane sabrang
 22. Godhong mlinjo arane so
 23. Godhong ijon-ijonan arane dingkik
 24. Godhong iler arane sisikbang
 25. Godhong cekuk arane sriwadari
 26. Godhong kimpul alas arane kombang
 27. Godhong pohung arane kopral
 28. Godhong pring arane larmanyura
 29. Godhong randhu arane baladewa utawa cemara kandhi
 30. Godhong pari arane damen
 31. Godhong turi arane pethuk
 32. Godhong wuni arane pojar utawa mojar
 33. Godhong widara putih arane trawas

Isi
 01. Isi asem arane klungsu
 02. Isi kecipir arane botor
 03. Isi duren arane pongge
 04. Isi kluwih arane bethem
 05. Isi nangka arane beton
 06. Isi sawo arane kecik
 07. Isi bendha arane gundhu
 08. Isi pelem arane pelok
 09. Isi kapas arane wuku
 10. Isi randhu arane klentheng
 11. Isi semangka arane kwaci
 12. Isi salak arane geyol utawa kenthos
 13. Isi mlinjo arane klathak
 14. Isi jambe arane jebug
 15. Isi tanjung arane kecik (isi sawo uga aran kecik)

Jeneng kewan lanang wadon


 Ranggah [kewan lanang];Menjangan [kewan wadon]
 Tuhu [kewan lanang]; Kolik [kewan wadon]
 Bantheng [kewan lanang]; Jawi [kewan wadon]
 Mintuna [kewan lanang]; Mimi [kewan wadon]
 Jago [kewan lanang]; Babon [kewan wadon]
 Bence [kewan lanang]; Gemak [kewan wadon]

Kembang
 01. Kembang aren arane dangu
 02. Kembang asem arane mengos
 03. Kembang alang-alang arane mublak
 04. Kembang apukat arane kenes
 05. Kembang apel arane rantas
 06. Kembang bawang arane jelanthir
 07. Kembang blimbing arane maya
 08. Kembang anggrung arane dumeh
 09. Kembang bakung arane gapyuk
 10. Kembang bayem arane rintip
 11. Kembang bentul arane gandhen
 12. Kembang brambang arane blalo
 13. Kembang bengle arane layu
 14. Kembang erut arane sundel utawa greneng/gremeng
 15. Kembang cabe arane suguh
 16. Kembang cangkring arane rongeh
 17. Kembang cengkih arane polong
 18. Kembang cempaka arane gadhing
 19. Kembang duren arane dlongop
 20. Kembang dringo arane sendrang
 21. Kembang dhadhap arane kecelung
 22. Kembang dlima arane aku
 23. Kembang gambas arane mausari
 24. Kembang ganjong arane glelong
 25. Kembang glagah arane glonggong
 26. Kembang gadhung arane cengonglong
 27. Kembang gedhang arane tuntut
 28. Kembang jae arane lirik
 29. Kembang jarak arane ajeg
 30. Kembang jeruk arane alon/ngrenthel
 31. Kembang jambu arane karuk
 32. Kembang jati arane janggleng
 33. Kembang jambe arane mayang
 34. Kembang jambu mete arane lancang
 35. Kembang kara arane calak utawa kepek
 36. Kembang kelor arane bekethek
 37. Kembang kemangi arane gribis
 38. Kembang kemiri arane tratab
 39. Kembang kenthang arane kapiran
 40. Kembang klengkeng arane ambek
 41. Kembang kluwih arane onthel
 42. Kembang jengkol arane kecuwis
 43. Kembang kobis arane idhep
 44. Kembang kunir arane galih
 45. Kembang kacang arane besengut/bundhel
 46. Kembang kedhondhong arane liyer
 47. Kembang jagung arane sinuwun utawa jembut
 48. Kembang krokot arane nonik
 49. Kembang kedhawung arane riyip
 50. Kembang kapas arane kadi utawa kapi
 51. Kembang kopi arane blanggreng
 52. Kembang kimpul arane pancal utawa pacal
 53. Kembang kecubung arane corong/torong
 54. Kembang kangkung arane klengser
 55. Kembang kencur arane sedhet
 56. Kembang kates arane jenthit
 57. Kembang krambil arane manggar
 58. Kembang kelor arane limaran (godhonge uga limaran)
 59. Kembang lampes arane ninggil
 60. Kembang laos arane jethot
 61. Kembang lamtara arane jemu
 62. Kembang lombok arane pelik
 63. Kembang luntas arane trapus
 64. Kembang mlandhing arane jedhindhit
 65. Kembang mundhu arane kocok utawa meped
 66. Kembang maja arane jejer
 67. Kembang manggis arane kenthet
 68. Kembang mlathi arane peni
 69. Kembang mlinjo arane uceng
 70. Kembang nangka arane angkup atawa babal
 71. Kembang nipah arane dongong
 72. Kembang nanas arane katur
 73. Kembang kanthil arane gadhing
 74. Kembang pandhan arane pudhak
 75. Kembang pohung arane ingklik
 76. Kembang pring arane krosak
 77. Kembang pace arane sarweteh
 78. Kembang pete arane pendhul
 79. Kembang lempuyang arane greng
 80. Kembang pala arane bablas
 81. Kembang pari arane jepun
 82. Kembang randhu arane karuk (padha karo kembang jambu)
 83. Kembang sawo arane rikuh
 84. Kembang suruh arane drenges
 85. Kembang salak arane ketheker
 86. Kembang tales arane puncak
 87. Kembang turi arane tronggong
 88. Kembang terong arane duga-duga
 89. Kembang tebu arane gleges
 90. Kembang timun arane montro
 91. Kembang temu arane purek
 92. Kembang widuri arane brondong
 93. Kembang waluh arane doblog

Panggonan
 01. Kanthong wadhah dhuwit
 02. Endhong wadhah panah
 03. Pranji wadhah pithik
 04. Kombong panggonan bebek
 05. Rong omah ula
 06. Susuh omah manuk
 07. Krangkeng omah macan
 08. Warangka wadhah keris
 09. Leng omah gangsir
 10. Song omah landak
 11. Papon wadhah apu/injet
 12. Pragen wadhah bumbu
 13. Plangkan wadhah tumbak
 14. Slepi wadhah rokok
 15. Gayor wadhah gong
 16. Bothekan wadhah jamu
 17. Pok wadhah kinang
 18. Padaringan wadhah beras
 19. Lumbung wadhah pari
 20. Tulang wadhah jangkrik
 21. Clunthang wadhah jangkrik
 22. Kandhang panggonan Kebo-sapi-wedus
 23. Tala omah tawon
 24. Sudhung omah celeng
 25. Kurungan wadhah manuk
 26. Pagupon omah dara
 27. Selon wadhah trasi
 28. Gedhogan kandhang jaran
 29. Tangsi panggonan saradadu
 30. Mesjid panggonan sembahyang (Islam)
 31. Langgar panggonan sembahyang (Islam)
 32. Klentheng panggonan sembahyang (Cina)
 33. Greja panggonan sembahyang (Kristen/Protestan/Katholik)
 34. Dhompet wadhah dhuwit
 35. Patarangan omah pitik
 36. Bango omah kanggo dodolan
 37. Gredu omah kanggo jaga
 38. Gubug omah ing tengah sawah
 39. Hotel omah panginepan sing larang
 40. Pasanggrahan omah palereman ing gunung
 41. Bangsal omah gedhe tur endah
 42. Bale-mangu omah kanggo ngadili
 43. Panti-sari omah ing satengahing taman
 44. Padhepokan omah dununging pandhita
 45. Pacrabakan omah panggonane wiku
 46. Bale-mandhakiya omah kanggo semedi
 47. Sanggar pamujan omah kanggo semedi
 48. Sanggar palanggatan omah kanggo semedi
 49. Sanggar pemidikan omah kanggo seme di
 50. Sanggar pamelengan omah kanggo semedi

Pentil
 01. Pentil asem arane cempaluk
 02. Pentil jambu arane karuk
 03. Pentil pelem arane kruntil utawa bajangan
 04. Pentil nangka arane gori utawa tewel
 05. Pentil randhu arane karuk (padha karo pentil jambu)
 06. Pentil jambe arane bleber
 07. Pentil jagung arane jantenan utawa putren
 08. Pentil krambil arane bluluk-cengkir-degan
 09. Pentil mlinjo arane kroto
 10. PA?ntil semangka arane gendhoyo
 11. Pentil manggis arane blibar
 12. Pentil timun arane serit
 13. Pentil kacang arane besengut

Tali
 01. Tali pancing arane kenur
 02. Tali panggalan arane ewed
 03. Tali sangkal arane jangA?t
 04. Tali caping arane klanthAc
 05. Tali sapu arane suh
 06. Tali gendhewa arane sendheng/kendheng
 07. Tali kelir wayang arane jala-jala
 08. Tali pasangan arane sawed
 09. Tali gong arane pluntur
 10. Tali lapak arane amben
 11. Tali layangan arane tali-goci
 12. Tali bekungkung arane klamar
 13. Tali ing geger arane apus-buntut
 14. Tali irung arane keluh
 15. Tali sruwal arane kolor utawa usus-usus
 16. Tali arloji arane karset
 17. Tali wengku arane jejet
 18. Tali pecut arane upat-upat
 19. Tali benang layangan arane ulur
 20. Tali sendaren arane sendheng
 21. Tali lar penjawat aranAc godhi
 22. Tali kA?ndhali arane lis

Wektu
 Jam 03:00 : Wayah Fajar Sidik (Bang-Bang Wetan)
 Jam 04:00 : Wayah Bedhug Subuh
 Jam 05:00 : Wayah Saput Lemah
 Jam 06:00 : Wayah Byar
 Jam 09:00 : Wayah Tengange
 Jam 10:00 : Wayah Wisan Gawe
 Jam 12:00 : Wayah Bedhug
 Jam 13:00 : Wayah Luhur
 Jam 15:00 : Wayah Lingsir Kulon
 Jam 16:00 : Wayah Asar
 Jam 17:00 : Wayah Tunggang Gunung
 Jam 17:30 : Wayah Tribalayu
 Jam 18:30 : Wayah Surub/Candrikala
 Jam 19:00 : Wayah Bakda Magrib
 Jam 19:30 : Wayah Isya'
 Jam 20:00 : Wayah Bakda Isya'
 Jam 21:00 : Wayah Sirep Bocah
 Jam 23:00 : Wayah Sirep Wong
 Jam 24:00 : Wayah Tengah Wengi
 Jam 01.00 : Wayah Lingsir Wengi

WILANGAN

 Siji = Eka
 Loro = Dwi
 Telu = Tri
 Papat = Catur
 Lima = Panca
 Nem = Sad
 Pitu = Sapta
 Wolu = Asta
 Sanga = Nawa
 Sepuluh = Dasa
 Satus = Sata
 Sewu = Sasra
 Sepuluh ewu = Saleksa
 Satus ewu = Sakethi
 Sayuta = Sayuta

Wit
 Wit jati enom : Janggelan
 Wit krambil : Glugu
 Wit mlinjo : So
 Wit pring enom : Bung
 Wit pring tuwa : Bungkilan
 >Wit kacang : Rendeng
 Wit kapuk : Randhu
 Wit siwalan : Tal
 Wit gedhang : Debog
 Wit jambe : Pucang
 Wit pari : Damen
 Wit aren : Ruyung
 Wit telo : Lung
 Wit jagung : Tebon

Woh
 Woh uwi : Katak
 Woh turi : Klentang
 Woh so : Mlinjo
 Woh kelor : Klenthang
 Woh kanthil : Gandhek
 Woh kesambi : Kecacil
 Woh jati : Janggleng
 Woh gebang : Krandhing
 Woh cengkeh : Polong
 Woh bengkowang : Besusu
 Woh aren : Kolang kaling

You might also like