You are on page 1of 2

Pasrah Peningset

Ass wr wb. – Kawilujengan saha karahayon mugi tansah kasarira hing panjenengan sami.

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang dhahat pinundhi, para pradhataning pasamuan ingkang
dhahat kinurmat, saha sanghyanging para rawuh ingkang sutrisna.

Mugi keparenga paring samodraning pangaksami, dene kula kumawantun sumela atur saha nyahak
kamardikan penjenengan sami, nun inggih saking awrating anggen kula mundhi jejibahan ingkang
sinangkul, matur dhumateng ngarsanipun ingkang amengku-gati nun injih Bapa ........... sekaliyan Ibu
............ Kepareng kula matur.

Bapa............. sekaliyan Ibu. Kepareng kula pribadi ngaturaken salam taklim saha pakurmatan
dhumateng penjenengan sekaliyan. Wondene sowan kula ing kalodhangan menika, nun inggih mundhi
dhawuh saking panjenenganipun ibu Sunarsi-Salatiga, saperlu kinen matur wonten ngarsa panjenengan
sekaliyan.

Saestu ibu Sunarsi badhe matur piyambak, ananging kabekta saking raos bombong saha bebenging
manah, pramila panjenenganipun mboten kuwawi nyarirani matur. Pramila lajeng amiji dhateng kawula
pribadi minangka sulih sarira dalah tetalanging basa. Hing menika panjenenganipun ibu Sunarsi nyuwun
agunging pangaksami.

Wondene dhawuh ingkang kedah kula aturaken wonten ngarsa panjenengan sekaliyan, ingkang angka
sepindah, Ibu Sunarsi atur salam taklim saha pakurmatan dhumateng panjenengan bapa ...... sekaliyan
ibu. Ibu Sunarsi ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sampun kersa
hanampi kanthi sae sowanipun ibu Sunarsi ing kalodhangan samangke.

Menggah ingkang angka kalih, gegayutan werdining pirembagan ingkang sampun kalampah ing wekdal
kepengker. Inggih menika pangajab saha panyuwunipun ibu Sunarsi ingkang hangersakaken badhe
amengku putra putri kinasih panjenengan sekaliyan, ingkang asma anak-ayu ...... minangka sisihan dalah
rowanging agesang bebrayan, sesarengan putra kakungipun ingkang asma anak-mas Mikho. Saking
kanugrahaning Gusti, panjenengan bapa .... sekaliyan ibu pranyata sampun paring palilah saha
panyarujuk.

Pramila, kangge anetepi saha hanjangkepi pranataning adat, ibu Sunarsi kalajeng ngersakaken atur
pisungsun-paningset sauntawis, minangka tetali tetangsul, kanthi pangajab ndadosna paningset tumrap
sedaya werdining pirembagan ing ngajeng.

Wondene ubarampening pisungsun menika antawisipun arupi benang lawe-rinonce rinengga awujud
ageman sapengadeg, kinanthen sawarnining boga-dhedhaharan saha jinangkepan lembaraning dhana
sauntawis.Langkung saking menika, mboten kesupen ugi kasinartan saloka-tinatah arupi kalpika.

Bapa ..... sekaliyan ibu, panjenenganipun ibu Sunarsi temtu badhe rumaos bingah mbokbilih
panjenengan sekaliyan kersa hanampi pisungsung ingkang kaaturaken. Saestu bilih katitik saha kabiji,
temtu pisungsung menika mboten wonten ajinipun, ananging saestunipun sedaya menika namung
minangka pralambanging prasetya adi ingkang thukul saking trusing manah menggah ibu Sunarsi dalah
putranipun nun inggih anakmas Mikho. Pramila sumangga panjenengan kersa hanampi kanthi renaning
penggalih.

Mekaten sedaya dhawuhipun ibu Sunarsi ingkang kula pundhi, sampun kawula aturaken wonten ngarsa
penjenengan. Pramila kangge anggemeni wekdal, kawula cekapi anggen kula matur. mBok bilih
pinanggih cewet galap gangsuling atur saha kirang trapsilaning tumindak, keparenga panjenengan
angluberaken samodraning pangaksami, jer sedaya kekirangan menika nun inggih namung saking
kiranging seserepan kula. Namung semanten anggen kula kuwawi matur.

Nuwun kawula nuwun.-

==============================================================================

Pasrah Penganten Kakung

Ass wr wb. – Kawilujengan saha karahayon mugi tansah kasarira hing panjenengan sami.

Kepareng kula matur wonten ngarsanipun bapa..........sekalian ibu............, minangka ingkang hamengku
gati.

Hing madyaning pahargyan, salebeting sasana rinengga asri, kepareng kawula minangka sulih sarira
dutaning atur, ngaturaken salam taklim pakurmatan saha atur panuwun ingkang tanpa upami, saking
panjenenganipun ibu Sunarsi-Salatiga.

Minangka werdining sowan kula, saperlu mundhi dhawuh saking ibu Sunarsi, ingkang sumadya hatur
pasrah pinanganten kakung ingkang asma anakmas Mikho, ingkang sampun samapta ing gati, mugi
sageta kadhaupaken kaliyan anak ayu ......, ingkang putra putri kinasih saking bapa....sekaliyan ibu.....,
ing kalodhangan menika minangka ingkang amengku gati.

Panjenenganipun ibu Sunarsi sabrayat, namung saget pasrah bongkok-an, saborong nyumanggakaken
dhateng pangrengkuhing bapa .... sekalian garwa, tumrap titi-laksana dhauping pinanganten kekalih.
Panjenenganipun ibu Sunarsi namung saget asung donga pangestu, mugi titi-laksananing adicara
dhauping pinanganten kekalih sageta gangsar, nir ing sambekala, purwa madya dalah wasananipun.

Mekaten menggah hatur pasrah pinanganten kakung, mugi bapa .... sekalian ibu ..... kersa hanampi
kanti renaning penggalih.

Nuwun kawula nuwun.-

You might also like