You are on page 1of 5

WACANA PERSUASI ( PANGAJAK). Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi.

persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis. Tuladha : praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos. wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.

LINGKUNGAN

Assalamualaikum Wr Wb

Nuwun, dumateng kepala sekolah SMA 6 ingkang hanggung mastuti dumateng pepoyaning kautaman Bapak dalah ibu guru ingkang satuhu kinurmatan Saha siswa-siswi, kadang werda tumaruna ingkang satuhu bagya mulya

Rahmating Gusti ingkang murbeing dumadi mugi tansah tumedak saha tumanduk wonten ing sarira panjenegan sedaya Kaparenga matur, anggen kawula kumawantun cumantaka wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, kinen saperlu bade kawula aturaken kasuwun dumateng para siswa-siswi SMA 6 kanti renaning penggalih nderek hanyengkuyung bab reresik wonten ing sakupengan sekolahan kita.Supados ndadosaken kahanan ingkang sehat, endah, edipeni, amrih nentremaken anggen kita sami ngangsu kaweruh wonten ing mriki

Pramila sumangga smiha tansa nguri-nguri bab budaya reresik menika sageda hangrembaka ngantos dumugi generasi saklajengipun

Mekaten atur kawulo, hambokbilih anggen kawula matur kathah thithaling saha kuciwaning basa, hanamung saged matur tedhak siti baga binuntel raning kalapa, apuranta sedaya kelepatan kawula, nuwun

Wassalamualaikum wr wb

PAHLAWAN

Ass. Wr.wb. Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko. Saderek-saderek sedanten.. Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri tercinta Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius.. Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten.. Wonten jaman sakniki sampun kathah pengikisan kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae.. Saderek-saderek sebongso lan setanah air. Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri tercinta Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten. Matur suwun kulo sampekaken Wassalamualaikum Wr. Wb.

NARKOBA
Assalamualaikum Wr. Wb. Katur panjenenganipun Bp ingkang kula hormati, Bp. Ibu guru ingkang kula hormati, rencangrencang ingkang kula tresnani. Naming sakderengipun, langkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin. Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran. Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya. Wassalamualaikum Wr. WB.

LINGKUNGAN
Assalamualaikum Wr. Wb. Bapak/Ibu guru lan poro rawuh ingkan kulo mulyaaken dening Allah SWT. Tepangaken asmi kulo Darmaji murid kelas gangsal Sekolah Dasar. Wonten akhir tahun pembelajaran puniko kulo badhe paring pidato masalah Sekolah ijo Poro rawuh ingkang munulyo, Ingkang diarani Ijo puniko mboten mung salah sijining werno, nanging wonteng hubungane kalian seger, nyaman, lan lingkungan kang sehat. Ting pundhi-pundhi cukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng-ageng kinoto rapi wonten tengen lan kiwane trotoar dalan. Mboten wonten macet dan sampah pating semerawut wonteng dalan. Kagem kulo, lingkungan ijo berarti kulo saget main lan seneng-seneng karo konco-konco, manas wonten ngisore srengenge tanpo kuawatir kulit dadi ireng. Kelas dadi nyaman kanggo sinau lan muleh sekolah tanpo kringetan. Poro rawuh ingkang minulyo, Kulo dilahirkan Wonten kota niki, Sangata Kota Tambang Batubara. Lan kulo saklami-lamine tetep dados penduduk Sangata. Meski Kulo nembe nyedot howo Sangata sedoso tahun, ongko kang saget diitung ngangge deriji. Nanging kulo badhe nderek urun rembug masalah Sangata. Miturut Ibu, tiyang-tiyang saking pelosok penjuru Indonesia podho sami dateng wonten Sangata sami pahos pendamelan lan pungupo jiwo. Amargi, ting Sangata wonten tambang batubara KPC, bapak kulo nyambut damel ting mriko. Wonten perusahaan sampun nerapaken aturan kesehatan lan keselametan lingkungan. Amargi kesehatan puniko penting sanget, mboten mawon dateng poro pekerja nanging ugi dateng poro siswo. Sinten ingkang badhe tanggung jawab njogo lingkungan sekolah niki lan dan Sangata dadi resik, ijo, lan sehat? Jawabane inggih puniko Kito...Kito........warga sekolah, masyarakat, lan pemerintah. Bilih kito purun disiplin, mongko kito saget wujudaken sekolah kito dadi sekolah iji, lingkungane aman, lan nyaman kangge sinau. Lan diwiwiti sangking sekolah niki, kebersihan lan lingkungan sehat Kota Sangata saget diwujudaken. Mugi-mugi mimpi kulo lan kito sami

saget dipun sembadani dening Allah. Kulo percados, bilih kito duweni coro ingkang bedo-bedo, nanging tujuane podho. Contone, kulo tanggungjawab marang lingkungan sekitar kulo, poro rawuh tanggungjawab marang lingkungane dewe-dewe. Masyarakat lan pemerintah tanggungjawab ning lingkungane, mongko kota niki bakal dados kota ingkang ijo lan sehat. Poro rawuh ingkang minulyo, Kulo percados bilih poro rawuh sarujuk kaleh usulan kulo ndadhosake sekolah niki ijo lan resik. Panggonan ~ poro rawuh gesang, Panggonan ~ poro rawuh padhos nafkah, Panggonan ~ anak-anak nulis cito-citone, lan the place where your future begins kados papan kang dipampang wonteng ngajenge sekolahan. Puniko wau urun rembug kulo, mugi-mugi saget maringi manfaat dateng kito sami. Amin ...... Akhirul kalam... Wassalamualaikum Wr. Wb

You might also like