You are on page 1of 1

Pidato Kang Nritakake Bahayane Narkoba

Sugeng rawuh,sugeng lenggah kanthi eca sakeca.

Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula
hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Ingkang sepisan ,sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken tumungkul mangesti


tuggal wonten sahandap pepadhangipun Gusti maha agung , awit kita sampun
kepareng kempal manunggal ing papan punika kanthi winantu ing karaharjan
,kabagyan tuwin kabagasawarasan.

Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi
wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media
masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping
negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba,
tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang
ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro
narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil
tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun.
Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi,
mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten
sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi
narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng
saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo
kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita
gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating
tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun
dawa dumateng jurang kesesen saran.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados
akenpepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah
kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing
panggalih.

Sugeng kondur wonten dalemipun piyanbak-piyanbak.

You might also like