You are on page 1of 2

Cerkak Basa Jawa “Balapan”

Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nungganSalah sijine
Aji ingkang ngumur sewelas tahun utawa kelas lima SD. Amerga wis
ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-
dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak
montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin
Mengemudi.
Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
“Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
“ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
“Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?”
pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.
“He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
“Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune
Fatih.
“ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
“Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem
ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
“Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
“Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
“Apa hubungane ro ciduk???”
“Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore.
Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan
Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
“Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
“ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
“Siji…loro…telu…”
Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran
numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan
kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing
lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan
gugup.
“Lik….lik….lik…awas”
Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali
pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak
untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
“kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku
temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul some.
“ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja”
jawabe Aji kang kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke.
Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
“Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet
arta.”
Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli
tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji
lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

You might also like