You are on page 1of 2

Cerkak Bahasa Jawa Persahabatan

Balapan Motor

Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang
umure sawelas tahun lan lingguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake
numpak motor, saiki dadi kebiasaane aji len dolan-dolan mesti nganggo motor.

Nanging miturut Negara, sing oleh numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo
“Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe .

“ Ji, aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah.

“ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.

Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih.

“Wah,,,, lagi teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu
marani Fatih.

“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji.

“ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas pr sekolah wes mbok rampungke
durung Ji ? “ pitakone Fatih.

“Uwes rampung ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji.

“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan wes, gelem
ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir.

“Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah”

‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih

Sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,, tengg…
tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget.

“Siap rung tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan.

“Siap ji.” Jawabe Fatih

“Siji…. Loro….. telu….”

Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor
mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan.

Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan
arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik… lik … lik awas minggir.”

Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada kuthak
kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet.

“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus
piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.

“Kulo nyuwun ngapunen Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden.

“Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli
duit”

“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,”
panyuwune Aji.

Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak
mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter
maneh.

You might also like