You are on page 1of 6

UPACARA NGUPADI TUMURUNUNG WAHYU JODHO Saraya Jati :

(NEBUS KEMBAR MAYANG) Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh. Wonten ing pundi
papan dunungipun Sekar Mancawarna utawi Kembar Mayang
Adegan I : Ingkang Hamengku gati hanimbali Sang Saraya Jati, punika.
lajeng sami pangandikan, binarung Ktw. Sekartejo Sl.My
Hamengku Gati :
Saraya Jati : Miturut wasita ingkang kula tampi, papan dunung ipun Sekar
Nuwun mangke ta Bopo Eko Sri Haryanto handadosaken Manawarna punika wonten ing padhepokan Margi Pule, Ciracas,
kagyating manah kulo seneng tampi dhawuh timbalan Kalebet ing laladan Jokarto Royo Sisih Wetan.
panjenengan anggenipun sakalangkung wanter. Wonten
paridamel punapa dene hamiji sowan kula sumangga keparenga Saraya Jati :
paring pangandika dhumateng kawula. Nuwun inggih, rehning sampun cetha lan trewaca dhawuh
timbalan panjenengan, keparenga kawula nyuwun pamit madal
Hamengku gati : pasilan bidhal dinten punika daya-daya lebda ing karya.
Adhimas Saraya Jati, ing dalu kalenggahan punika kula (gendingan sriwilujeung)
katangisan anak kula estri pun Rara Syaqina Merinda Nisa
ingkang ing benjing-enjing dinten Sabtu Enjang badhe nambut Hamengku Gati :
silaning akrami, mugi antuka tumuruning Wahyu Jodho. Ingkang Nderekaken raharjaning lampah, mugi rahayu boten wonten
punika, keparenga kula hangresaya dhumateng panjenengan pringga bayaning
mugi kersoa angupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang awujud marga.
“Sekar Mancawarna” ugi sinebat “Kembar Mayang”, kinarya
jangkeping sarana adicara calon pinangantyan kekalih. Dene Keterangan : Bidhalipun Sang Saraya Jati saking pawiwahan,
menawi sampun pikantuk mugi lajeng kersoa hamboyong kaasta binarung ungeling
tumuju ing wisma pawiwahan. Ketawang Tumadhah, laras pelog pathet nem.
Adegan II : Ing padepokanPurwodadi, Ki Jati Wasesa anengga Pambanguning kulawarga yekti
Kembar Mayang, sinambi maos Sekar Macapat Dandhanggula. Adoh angger iku perlokno
Pranyata gede gunane
Kaki hamung nyai hamung sami Sandang pangan kecukup
Kang sumulih nebus Kembar Mayang Kawruh bakal mumpuni ngudi
Yekti minangka pepasrahane Manggon ora suksukan
Wiwit ing dinanipun Kasarasan tuhu
Kang wus dadi ndara sayekti Rama lan Ibu kang bakal
Kiwa tengen dinata Gula wentah putra putrine sayekti
Kanan kirinipun Hayu-hayuning bala
Temanten deniro lenggah
Amimbuhi ngenguwung cahya munari Sasampunipun suwuk katungka dhatengipun Sang Saraya Jati,
Temanten sekalian lajeng sami
pangandikan
Kembar Mayang werdine wus muni
Kembar pada mayang iku kembang
Yekti dadi kudangane Saraya Jati :
Supaya atut runtut Kawula nuwun Kyai, keparenga kula badhe sowan
Wiwit daup ngantos ing benjing Jati Wasesa :
Rukun amanggih mulya Mangga ……….. mangga2 kisanak, lajeng pinarak mlebet
Ngantos darbe turun kemawon, mangga ta keparenga pinarak ing palenggahan ingkan
Kakung putrid mung sumangga sampun sumadya.
Mrih sembada kajongko naming kalih
Ambangun kulawarga
Saraya Jati : Jati Wasesa :
Matur nuwun sanget Kyai, sak derengipun nyuwun pangapunten, Nuwun inggih, saderengipun kula pratela dhumateng
dene sowan kula sakadang boten atur cecela langkung rumiyin panjenengan ingkang rumiyin kula ugi nepangaken, bilih ingkang
kasdu hamastani kula pun Ki Jati Wasesa. Dene padhepokan
Wasesa Jati : kula mriki winastan Pruwodadi Pancen leres, inggih
Boten dados punapa kisanak, semanten ugi kula inggih nyuwun ing padhepokan Jln Pule ngriki punika cumodhokipun Sekar
pangapunten, mbok menawi anggen kula nampi karawuhan Mancawarna ingkang sinebat Kembar Mayang, Kayu Klepu
panjenengan sakadang kirang subasita, jalaran inggih naming Dewandaru Jayandaru Kalpotaru, Cengkir Gadhing
kados mekaten kawontenanipun. Nuwun mangke ta Kedhitpitu, punapadene Sadak Lawe.
kisanak, keparenga kula hanila-krami, wingking saking pundi
saha sinten asma panjenengan keraya-raya rawuh ing Saraya Jati :
padhepokan ngriki kisanak. Walah Manggih keleresan Kyai, inggih puniko ingkang dipun
kersakaken dening panjenenganipun Bapa/Ibu Eko Sri
Saraya Jati : Haryanto. Ingkang punika mugi wontena keparenging penggalih
Nuwun inggih Kyai, keparenga kula badhe nepangaken, kula tumunten Kembar Mayang kaparingna dumateng kula. Dene
sakadang wingking saking Gang Firman Jln Pule No 70 Ciracas menawi pengaji pinten kerta ajinipun, menawi mawi leliru punapa
Jakarto Sisih Wetan, nami kula pun Saraya Jati. Dene lelirunipun, waton kula saged hamboyong Kembar Mayang punika
wigatosipun sowan kula punika pinangka dados duta saraya Kyai.
saking panjenenganipun Bapa/Ibu Eko Sri Haryanto saperlu
hangupadi tumuruning Wahyu Jodho ingkang sampun cinandhi Wasesa Jati :
wonten ing Kembar Mayang, pinangka kangge sarat sarana Miturut wawangsoning jagad, boten saged dipun tumbas kanthi
anggenipun badhe kagungan kersa ngemah-emahaken putra punapa kemawon, naming sok sintena ingkang saged anegesi
putrinipun sarta kangge hanjangkepi ing upacara panggihing sri naminipun Kembar Mayang kanthi jangkep saha trep, inggih
temanten. Punapa pancen ing ngriki dunungipun Kembar Mayang punika ingkang saged hamboyong wujudipun Kembar Mayang
kala wau Kyai?. punika.
Saraya Jati : angiket raos katresnan. Sadak Lawe; Biyen sanak saiki dadi
We lha dalah, lha kok abot sangganipun Kyai, gandeng kula jodhone Kyai, gaduk kula naming semanten, dene leres lan
sampun sumanggem dados duta ngrampungi, sanadyan kados lepatipun kawula sumanggaken Kyai.
pundi kemawon badhe kula leksanani. Nyuwun pangestu Kyai
Kembar Mayang, Klepu Dewandharu, Cengkir Gadhing Kendhit Wasesa Jati :
pitu, Sadak Lawe. Kembar Mayang tembung Kembar Sang Saraya Jati, sarikma pinara sasra, kula boten nyana bilih
punika tegesipun padha. Tembung Mayang punika tegesipun Nur panjenengan ingkang saged anegesi kanti trep lan jangkep,
utawi Cahya, wonten ingkang mestani Kembang Jambe. Kembar mbok menawi inggih sampun dados kodrating jagad, bilih
Mayang punika mujudaken blegering kakung lan putrid. Kakung panjenengan ingkang kawawa hamboyong Kambar
lan putri punika satemenipun sami, dene ingkang Mayang punika. Namung kajawi punika wonten sarat
benten wadhahipun. Dene Nur utawi Cahya kalawau lenggahipun sarananipun, Sepisan, pamboyonging Kembar Mayang kaemban
wonten ing rasa jati, ingkang dipun westani Urip utawi jejaka kalih, Kaping kalih, Cengkir gadhing sak
gesangipun. Tiyang jejodhohan punika menawi kepingin langgeng pirantosipun kaasta Kenya Dhomas. Kaping tiga, lampahing
kekalihipun kedah saged manunggalaken cipto roso lan Kembar Mayang kabiwadha gendhing Ilir-ilir Sumilir. Wondene
karsanipun. Inggih manungaling rasa jati punika ingkang saged kang wekasan, murih boten alum pradapa Sekar
hambabar katentreman sarta saged hanggelar pakarti Mancawarna, supados dipun saranani mawi rengeng-rengeng
luhur. Inggih punika ingkang winastan garwa utawi sigaraning kekidungan boten ketang satunggal
nyawa winastan kembar rasane. Kayu Klepu, Dewandharu ; Kayu- kalih pada.
kayun, klepu-klepeng. Dewa titah ingkang luhur. Daru
darajating agesang, dados loro-lorone ngatunggal sampun
sagolong gayut darajating agesang. Cengkir Gadhing Saraya Jati :
Kendhitpitu ; Cengkir kencenging piker, gadhing gadhang, Nuwun inggih Kyai, badhe kula estokaken sadaya sarat
kendhitpitu, pangiket ingkang kiat sanget. Dados ringkesipun sarananipun, wondene rengeng-rengeng kekidungan sanadyan
loro-lorone atunggal samya hamung sapala, sumangga keparenga midhangetaken.
Dandang Gulo : Kinanthi :
Nut carito duk ing Nguni uni Dhuh Gusti Ywang Maha Agung,
Ilo ilo ujaring pro kino mugi kersa hamberkahi,
Sung pinundi prapteng mangkee mring temanten kekalihnya,
Kembar mayang punikuu nggennya mangun brayat sami,
Rinakiting pro widyodarii bagya mulya kang sinedya,
Kinaryo sung nugroho rahayu ingkang pinanggih.
Satrio linangkung
Ingkang asung bekti darmo Kyai, kalih pada punika kewala atur kekidungan kula, mangka
Labuh labet mring Gusti Kang Moho Luwih jangkeping sarana pamboyonging Sekar Mancawarna.
Hamberat sukerteng raat Kiranging sadayanipun, ingkang boten dados renaming
penggalih, mugi diagung pangaksamanipun.
Pangkur :
Mingkar Mingkuring kang winurseta, Wasesa Jati :
Kembang Kanthil lambanging ati suci, Sang Saraya Jati, saking keprananing manah kula, wekdal
Suci murni tresnanipun, punika ugi Kembar Mayang kula pasarahaken, sumangga
Tansah manunggal karsa, tumunten kula aturi hanampi.
Sri temanten nggennya mangun brayatipun,
Tulusa widodo mulya, Saraya Jati :
Linambaran tresna jati. Kyai, rehning sampun cekap samudayanipun, keparenga kawula
nyuwun pamit madal pasilan, lan nyuwun pangestu mugi tansah
manggiha bagya mulya salampah
kula.
Wasesa Jati :
Sang Saraya Jati, sapengker panjenengan kula pranggal puja
sesanti jaya-jaya wijayanti, sirna memala pinayungan sahing
Gusti, hayu-hayu rahayu ingkang sami pinanggih.

Gendhing Ilir-ilir Sumilir, Sang Saraya Jati sakadang


hamboyong Kembar Mayang Adegan III : Ingkang Hamengku
Gati hanampi rawuhipun Sang Saraya Jati sakadang angasta
Kembar Mayang, lajeng sami pangandikan.

Saraya Jati :
Kepareng matur dhumateng Bapa/Ibu Eko Sri
Haryanto, inggih awit saking berkah saha pangestu
panjenengan, kula sampun kelampahan hamboyong wujudipun
Kembar Mayang, ingkang punika sumangga kula aturi
nampi, mugi sageda kinarya sarana dhaupipun ingkang putra.

Hamengku Gati :
Adhimas Saraya Jati, kula tampi kanthi bingahing manah, lan
awit saking sih pitulungan panjenengan, kula sakulawarga
naming saged hangaturaken gunging panuwun tanpa upami.
Nuwun, matur nuwun.

Penutup : Gendhing Ayak-ayakan, laras slendro pathet manyura,


para paraga tangkep asta, lajeng bibaran.

You might also like