You are on page 1of 1

KAMARDIKAN

Dening : Hendi Widyatmoko, S.Pd.


SMA N 1 Playen

Kamardikan tumetesing ludira


Ilanging sukma
Rusaking raga
Kabeh

Mbok kurbanake kanggo kamardikaning bangsa


Ora muspra lelabuhanmu
Duh kusumaning bangsa
Awit Indonesia negri wus mardika

Muga-muga ing ambal warsaning bangsa


Kang kaping pitung puluh papat iki
Kabeh lelabuhanmu tansah dieling-eling
Dening generasining bangsa
Sanadyan sewu donga
Lan udan kembang wora-wari bebasane

Dak rasa durung cukup kanggo nebus pangorbananmu kanggo bangsa


Nanging bangsa iki wis mbudidaya
Kanggo ngeling-ngeling lelabuhanmu
Kanthi tansah junjung martabating bangsa
Gumolonging cipta rasa karsa
Lan karya namung siji yaiku MARDIKA.....

You might also like