You are on page 1of 1

Nama : Nuqya Ashfannada

No : 18
Kelas : X MIPA 3

Kabeh Ana Takdire

Jenengku Ashfa. Aku seneng nggambar lan ngelukis. Dina Minggu, 27 Agustus 2018, aku lan
bapakku gladhi resik persiapan lomba kaligrafi tingkat propinsi sesuk Senin ing Sala. Al-Fatikhah ayat siji
tekan pitu tak apalake. Endi-endi wae kang kudu tak cat kuning, abang, lan ijo. Kabeh harakat tak teliti.
Bapakku mbenahke tulisan kang kurang trep lan tebal tipise. Saka esuk tekan sore aku gladhi resik
ditunggoni karo bapakku.
Kang uwis jenenge takdir, esuke asam lambungku mundhak. Jebul magg ku kambuh. Aku
muntah-muntah, ora doyan sarapan. Padahal dina kui aku kudu mangkat mewakili Kabupaten Purworejo.
Aku nangis antarane arep mangkat apa ora. “Kepenake Ashfa piye? Nek rasane ra kuat ya rasah mangkat
wae po?” bapakku ngendika. “Mboten pak. Eman-eman perjuangane, dipuncobi rumiyin. “ aku njawab
karo mili uluhe. Akhire, aku ora mangkat bareng rombongan Purworejo, tapi diterke karo bapakku.
“Bu, dongakke nggih. Mugo-mugo kula dipunparingi lancar lan sehat. Mugo-mugo apa wae hasile
nggawe manfaat.” aku ngomong karo salim astane ibukku. “Iya, ibu dongakke terus. Obate diombe karo
maem sing akeh ben cepet mari.” Ibukku ngendhika. “Nggih, bu.”
Aku mangkat diterke bapakku menyang Sala ing Asrama Haji Donohudan. Ing perjalanan, aku
ngombe obat lan maem roti sakmlebune. Kadang aku muntah lan bapakku kudu mandheg lan nunggoni
aku rampung. Magg iku lara. Amarga kui aku tak usahakke turu ben rasa lara kui ora kerasa. Namung apa
daya, aku mung bisa maca Laa haula wa laa quwwata illa billahil ‘aliyyil ‘adzim.
Saktekane Klathen, bapakku menggok ing warung sop khas Klathen. Ing kana aku ngombe obat
maneh karo nunggu pesenan sop. “Ashfa rasane kepiye?” bapakku ngendhika. “Taksih perih sanget.”aku
njawab. “Apa meh mbalik wae po?” bapakku ngendhika. Dheg. Rasane aku pengin nangis. Aku ora pengin
mbalik tapi aku rasane awake ora kepenak banget. “Mboten lah pak. Te-tetep mangkat ma-mawon.
Eman-eman.” Jawabku nangis. “Ya uwis, ora popo yen Ashfa pengene ngono. Dijajal sik ya, menang ora
menang sik penting wis usaha. Mengko maem sing akeh karo ngombe obat, ya.” Bapakku ngendhika.
Jujur, ajane sop Klathen kui enak. Tapi amarga pancen dhasare aku isih lara aku dadi ra doyan.
Tak peksakke tak maem nggo ngisi weteng.
Saktekane donohudan, iku wes wektu Dhuhur. Awit sakdurunge perjalanan aku uwis niat jamak
takhir. Ing kamar, aku ketemu kro kancaku sing wes tau lomba bareng tingkat propinsi mbiyen ing
Purbalingga. Aku ketemu karo kanca-kanca anyar sing lomba pidato, tilawah, qiro’ah, lan debat. Aku
ngombe obat lan maem snack, sabanjure aku istirahat. Sorene, aku sholat lan nata-nata barang. Ana sing
lagi padha latian. Sing lomba tilawah lan qiro’ah suarane apik-apik.
Bengine aku nyiapke nggo sesuk. Aku ngeling-eling apa sik wis dingendhikakake bapak. Karo
nyiapke, aku nonton sing latian pidhato, saka pidhato SD, SMP, lan SMA. Sakbanjure aku turu. Aku tangi
ing tengahing bengi. Aku mbolak-mbalik kamar mandi. Sakbanjure aku njupuk banyu wudhu lan
ngadhegake sholat tahajud. Donga marang Gusti mugo dipunparingi lancer lan hasil kang berkah.
Sakbanjure aku turu maneh.
Isuke lebar Sholat Subuh, adus, lan sarapan, aku siap-siap mangkat jam 8 ing Gedung Mekkah
lantai 2. Aku mangkat diterke karo official saka Purworejo, Bu Marni. Aku entuk meja mburi dhewe,
jejeran karo peserta saka Kabupaten Ambarawa. Ngarepku peserta saka Kota Semarang. Sakdurunge
kabeh peserta kumpul, aku ngemil roti supaya nyegah wetengku perih. Sakbanjure kertas dibagi lan wis
oleh mulai, aku ndonga dhisik banjur mulai ngelukis lan nyeketsa.
Wektu 6 jam saka jam 8 tekan jam 2 awan aku bakal ngadep kertas. Tak curahke kabeh sing uwis
aku sinauni. Pas azan Dhuhur diwenehi waktu isoma. Aku maem lan sholat banjur nglanjutke maneh.
Alhamdulillah wetengku ora perih awit mulai nggawe tekan rampung. Ing akhir waktu, uwis akeh wong
kang sliwar sliwer ndelok hasil karya peserta kaligrafi. Aku sempet muter sedhela, lan kabeh karyane
apik-apik. Sakbanjure aku mbalik kamar, dhewe. Aku rasane wes lega.
Bengine, aku dijak bapakku bali. Ajane aku pengin melu ndelok pengumuman, tapi daripada
larane tambah lara, aku akhire bali. Ing perjalanan, aku turu saka Klathen tekan Purworejo. Aku crita
kabeh apa sing tak rasakke pas aku lomba karo bapakku lan ibukku.
Esuke, bapakku ngendhika yen aku entuk juara 3. Alhamdulillah. Pancen kabeh kui ana takdire.

You might also like