You are on page 1of 3

“SOBAT AMBYAR”

Ing salah sijine Deso ana bocah Jenenge Amel. Dhewek’e sekolah ing SDN 2 Nusa Bangsa.
Amel isih kelas 4 SD. Ing sawijining dina ana bocah 2 anyar jenenge Mirza lan Reyhan. Bocah 2
kui pindahan saka Malang. Mirza lan Reyhan ngenalne tentang dhewek’e neng ngarep kelas.
“Hai, jenengku Mirza. Aku pindahan saka SDN Tuna Rasa Malang. Omahku ing kulon
prapatan cedek karo omahe Pak Lurah. Kapan-kapan dolano omahku”.
“Aku Reyhan. Aku pindahan saka SDN 2 Kalisirah Malang. Omahku ing kidul pertigaan
cedek karo Toko Berkah. Dolano neng omahku”.
Sawise cah 2 kenalan, cah 2 kui mau lungguh ing mburi bangkune Amel. Pelajaran diwiwiti. Jam
12.40 wayah muleh sekolah reyhan lan mirza ngajak amel muleh bareng. Ing dalan muleh Amel
takon.
“Nyapo kok kowe pindah mrene Za?”
“Aku pindah mrene mergo Bapakku ditugasne kerjo neng kene”
“La kowe nyapo kok pindah mrene Han?”
“Bapakku kerjo neng Malaysia dadi aku dititipne marang budheku”.
Ora kroso wis teko ngarep omahe Amel. Banjur Reyhan lan Mirza muleh nang omahe dewe-dewe.
Amel, Mirza lan Reyhan dadi konco sampek dheweke gedhe.
Sawijining dino Amel pamit kancane pengen kuliah ing Bandung, Jawa Barat. Sakjane
Mirza lan Reyhan ora ikhlas yen Amel kuliah ing adoh akhire konco-koncone Amel setuju lan
gawe janji.
“Yen rong taun kas bakal ketemu maneh ing panggon bocah telu kuwi pisah.
Wis rong taun bocah telu kuwi pisah ing panggon ngunu akhire ketemu maneh. Bocah telu
kuwi luapne rasa kangene. Bocah telu kuwi ngeneki acara makan-makan neng basecamp. Bocah
telu kuwi seneng-seneng bareng.
KEMBANGE ATI

Nganti saiki isih tansah kelingan, lakon mbien karo dek’e. Ananging, pikiran iki tansah
soyo ndandi lan jebule nggawe nangis ing batin. Cerita iki dimulai pas mbiyen aku lan dek’e isih
dadi anyaran mahasiswa ing Perguruan Tinggi Swasta.

“Nyapo kowe telat?! Apa pancen sengaja arepe nggoda atine kakak kelas, he?!” pakone
kakak OSIS menyang aku. Aku mung iso nundhuk lan meneng wae.
“Sepurane, kak. Wong iku telat goro-goro aku. Isuk mau bareng aku budhale, tapi aku sing
nyantai,” Ucape wong sapelantaranku sing gak tak kenali.

Loh? Aku mung iso kaget lan gak iso omong. Langsung ae kakak kelas ki mau ngehukum
wong bagus iku. Sawise kakak kelas ngaleh, aku langsung nyedeki dek’e.
“Awakmu ki ginio? Kenal ae ora, kok wani men nulung aku?” Takonku
“Aku pengin kenalan karo awakmu. Jenengku Ongky. Aku mesakne awakmu. Awakmu lara iye?”
“Eh, jenengku Arri. Sakjane maeng awakku kat isuk gak penak. Hehe.. “ Jawabku

Sawise kedadean iku, Aku lan Ongky dadi konco akrab. Kebetulan ae, Fakultas karo
jurusanku lan Ongky padha. Yaiku jurusan sastra Indonesia wis ana 1 tahun suwene terus
bebarengan. Ing liyane dino, Ongky ngajak aku ing taman. Awale tak fikir lek nyapo, jebule…

“Ri, ayo melu aku dilut. Enek hal penting sing kudu disampekne. Tapi ora ndek kene,” kata
Ongky
“Nyapota? Arep nyandi?” Takonku
“Wis to meluo numpak montor dhisik.” Jawabe Ongky

Sawise aku munggah ing montor e, Ongky nggowo aku jebule ing taman, ingkono aku
langsung dilungguhne ing kursi taman. Teros Ongky menehi aku sak lembar kertas. Tulisane

“(Sang bagaskara sumunar ing ati iki. Sinare kang endah nggawa kebahagiaan, ati tentrem
nalika bagaskara ing sandingku, bagaskaraku mung sliramu. Apa gelem sliramu dadi pacarku?)”

Moco tulisan iku atiku rasane bungah campur isin. Teros Ongky ngadek i aku lan muni
padha karo ing kertase. Let suwi aku nyauri iyo. Akhire Aku lan Ongky pacaran.

Dina candake, Ongky teros mbahagiakne aku nganti ora krasa yen wis 2 tahun. Nanging
ana kedadean tragis. Pas wayah iku usum udan, Ongky nekat neng omahku mung nguwehne
martabak. Aku wis menging, nanging gak dienggep.
Sak suwene ngenteni, jebule ana berita yen Ongky kecelakaan. Mak tratab ati langsung
nangis histeris. Ora nyangka nanging aku kudu iso ngiklasne sakabehe. Ora krasa wis ana pendhak
I Ongky lungo nemoni Gusti Allah. Aku mung iso ndonga mugo tenang ing kono. Saka aku,
kanggo kembange atiku sing paling tak sayang.

You might also like