You are on page 1of 3

PEMERINTAH KABUPATEN PEMALANG

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

PENILAIAN TENGAH SEMESTER 2 (PTS II)


SEKOLAH DASAR TAHUN PELAJARAN 2020/2021

LEMBAR SOAL
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VI ( Enam )
Hari / Tanggal : Selasa, 2 Maret 2021
Waktu : 90 menit

I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara a, b, c, lan d tumrap jawaban kang bener!

1. Cekap semanten anggen kula matur. Menawi wonten kaluputan, kula tansah nyuwun lumunturing
samodra pangaksama.
Perangan ing dhuwur kalebu ...
a. Atur sukur
b. Atur salam
c. Atur panuwun
d. Atur pangapura
2. Wasana cekap semanten anggen kula matur.
Ukara kasebut nuduhake kahanan ...
a. Pidhato leren sawetara
b. Pidhato arep diwiwiti
c. Pidhato wus tekan tengah-tengah
d. Pidhato arep dipungkasi
3. Nalika sesorah becik menehi atur pakurmatan. Katujokake marang para rawuh. Nanging kudu manut
urutan kang bener.
Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!
1) kanca-kanca
2) Bapak Ibu Guru
3) Bapak Komite Sekolah
4) Adhik Kelas
5) Ibu Kepala Sekolah
Urutane atur pakurmatan kang trep yaiku ...
a. 5-3-2-1-4
b. 5-3-2-4-1
c. 3-5-2-1-4
d. 3-5-2-4-1
4. Ngisor iki kang kalebu atur pakurmatan yaiku ...
a. Bapak Kepala Sekolah saha Bapak Ibu Guru ingkang kula bekteni, dalah kanca-kanca kelas VI
saha adhik kelas ingkang kula tresnani
b. Kula Nia Andriani. Menawi wonten kekirangan anggenipun matur, kula tansah nyuwun
lumunturing samodra pangaksama.
c. Para tamu sinedhahan ingkang tansah hanengenaken dhumateng tumindak kautaman lan
kasaenan, mangga adicara punika kita purwakani sesarengan. Mugi-mugi adicara ing siyang
punika tansah manggih wilujeng, widada, lan binerkahan saking pangeran.
d. Sanggyaning para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya lan ingkang tansah kula bekteni,
sampun ketindakaken kanthi rancak runtut adicara ing siyang punika.
5. Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!
1) purwaka
2) salam pembuka
3) salam panutup
4) surasa basa
5) wasana basa
Urutane teks sesorah kang trep yaiku ...
a. 2-1-4-5-3
b. 2-5-4-1-3
c. 2-4-5-1-3
d. 2-1-5-4-3
6. Mangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang tansah paring
kanugrahan lan kanikmatan dhateng sedaya.
Ukara ing dhuwur kalebu ...
a. Atur pangapura
b. Atur puji sokur
c. Atur pakurmatan
d. Atur panuwun

Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 7-10

Dadi Golekan

Yani : “Wah, elok banget ya, Candi Borobudur iki!”


Ega : “Ya, jelas, Yan. Lha wong kalebu keajaibane donya.”
Eko : “Aku tak mlaku mrana dhisik ya, Yan?”
Yani : “Ko, ati-ati aja misah saka kelompok, bisa ilang lho!”
Eko : “ (mlaku ngadoh) “Ora-orane yen ilang, wong ngerti tulisan kok. Ya takon-takon ta.”
(bocah-bocah padha nonton-nonton candhi.)
(Nalika ing bis arep mulih)
Pak Guru : “Bocah-bocah, sapa sing durung munggah bis?”
Reza : “Eko, Pak.”
Pak Guru : “Lha, Eko kelompoke sapa?”
Yani : (ngacung) “Kula, Ega, kalih Reza, Pak.”
Ega : “kala wau Eko pamit minggah candhi piyambak, Pak”
Yani : “Leres, Pak, sampun kula emutaken malah nekad.”
Pak Guru : “Ya, wis dak menyang ruang informasi dimen cepet ketemu.”
(Pak Guru nuju ing ruang informasi. Eko ditunggu ing kana. Eko ketemu banjur diajak munggah bis.)
Reza : “O, alah, Ko, ngeselake wong akeh! Mula yen dikandani manut!”
Eko : (ndungkluk) “Kanca-kanca aku jaluk ngapura ya. Wis ngrepotake kowe kabeh. Pak
Guru kula nyuwun pangapunten, Pak!.”
Pak Guru : (Eko nyalami Pak Guru) “Ya, wis dak apura, aja dibaleni meneh!”
Eko : “Inggih, Pak, matur nuwun sanget.”
(Bis terus mlaku.)

7. Kang ucul saka rombongan yaiku ...


a. Eko
b. Reza
c. Yani
d. Ega

8. Pak Guru menyang ruang informasi amarga ...


a. Goleki Eko sing durung munggah bis
b. Goleki Eko lan rombongane
c. Goleki informasi babagan Candi Borobudur
d. Goleki Yani sing durung munggah bis
9. Yen ora ngerti dalan becike ...
a. Meneng bae
b. Takon wong
c. Nangis
d. Mojok

10. Ing ngisor iki dudu cara supaya ora ilang ing papan wisata, yaiku ...
a. Mlaku bareng tanpa ijin guru
b. Mlaku nututi rombongane
c. Mlaku bebarengan karo kanca
d. Mlaku ngetutake guru

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
11. Pidhato uga diarani ...
12. Ngaturake pangapura kalebu ing perangan .... basa
13. Anggone ngadeg nalika pidhato kudu ...
14. Cara pidhato kanthi gawa cathetan cilik diarani ...
15. Ing panutuping sesorah, paraga sing sesorah njaluk ...
16. Yen arep takon papan panggonan, becike nganggo tembung ...
17. Yen arep takon regane barang kang dituku, becike nganggo tembung ...
18. isine panutuping sesorah yaiku ...
19. sing dibiji nalika maju pidhato yaiku ...
20. perangan-perangane pidhato sing kudu digawe sakdurunge nulis teks pidhato lengkap yaiku ...

You might also like