You are on page 1of 3

"bojomu sing marai aku teles klebes"

sebut wae :

-bogel sing senenge guyon tp sok gagal paham.

-gondrong menengan tapi sekali ngomong gawe heboh kanan kanan kirine, mergo seneng manas-
manasi.

-gaplo senenge gawe rusuh suasana,tapi sok bijaksana ngadepi polahe konco-konco, tapi malah dadi
cilokone dewe mergo bolo-bolone.

-ledhis sing paling semangat nek garapi sekitare terutama karo bogel ro gondrong.

Dino iku suasanane panas njinggrang,ledhis, ngaplo, ro bogel lagi jagongan nyantai nyambi ngobrol sek
konyol-konyol ro ece-ecean.

ora sui gondrong teko karo gowo banyu Aqua,karo crito le wingi ra sengojo diguyang banyu pel ro
bojone bogel.

Gondrong : wah iki lakon-lakone do ngumpul, koyo wes do merdeka iki uripe...

Ledhis : lho dewe kan wes merdeka tow...(karo ngekek ngece)

Ngaplo : laiyo merdeka tapi kisah yang diriwayatkan ambyaaaaarre (karo ngekek ngece)

Bogel, Gondrong, Ledhis : ngakak

Bogel : seko ndi tow kowe ndrong?

Gondrong : ha iki bar wae seko warung tuku wedang.

Bogel : walah mbok mau langsung mrene lak yow ta kei wedang tow.

Gondrong : halah nyantai wae,

Eh iyo wingi aku mrene kok kowe ra ono, mung ketemu bojomu aku,

Bogel : wingi aku sedino lagi mancing neng progo.

Ledhis : laiyo mancing oleh e ngowoh ro ngowoh,


Ngaplo : bogel kie nek mancing karo golek inspirasi, ro ajar mencintai bojone tetangga.

Ledhis : apik lho kwi,karo nunggu ambyare (wkwkwk)

Bogel : asyem, aku kie ambyar wes mbendino e (wkwkwk)

Gondrong : eh ngomong -ngomong bener juga kuwi, tetangga kuwi emang iso gawe teles kebles nganti
ndlewer-ndlewer ra karuan, buktine yow bojone bogel iso gawe aku teles kebles

Bogel : ati- ati kowe ndrong (karo ngegas)

ledhis : wah iki, nek ngono aku ta mengikuti jajakmu wae ndrong ben melu teles kebles (wkwkwk).

Bogel : waaaa iki penyakit maneh kowe kie...

Gaplo : apik kie iso dadi kisah yang diriwayatkan, ojo lali sanggane pokoke ben ora ambyar...(wkwkwkw)

Bogel : ndrong maksudmu pye kuwi, gowo-gowo bojoku iso gawe kowe teles kebles...

Ledhis : wah iki pelanggaran yow plow?

Gaplo : laiyo wayah e ambyaaaarr...(wkwkwk)

Gondrong : oraaaa ah, ngene lhooo geeelll wing critane, aku mulih seko kerjo ndilalah pengen mampir
gonmu, nah lagi arep mbengok ngundang Kowe ,eh bojomu ra weruh onobak teko guyanga banyu pel-
pelan, lak yow aku teles klebes tow,

Ledhis : plow kowe percoyo ra omongane(wkwkkwkwk)

Gaplo : yow kuwi riwayate gondrong kan durung dikisahkan jadi aku yow ra percoyo, (hahaha)

Ledhis : bener kwi, mestine ro diprakteke wae...( ro nyengir)

Bogel : wooohh bener kwi...., jal prakteke ben ak percoyo...

Gondrong : yoh, kan kowe reti maksde aku teles klebes iki lak diguyang nah contone kie ngene iki ( karo
praktek guyang banyu neng bogel)

Bogel : Lho kq kwe guyang aku banyu kie pye...?

Ledhis : plow iki rame lhooo ( hahaha)

gaplo : waiyooo kie...

Gondrong : lho jare kon praktek...

Ledhis : lho ndrong kowe kok ra mbales guyang ngene iki ( melu guyang wedang neng bogel)
Gaplo : (karo ngakak) yow kleru nek ngono kwi,kudune ngene iki ta kei solusine le bener, ngene, gel
kowe njumuk banyu sak ember...

Bogel : yooooh (karo mlaku)

Ledhis & gondrong : mulai bingung....

Gaplo : wes dow tenang kabeh...

Bogel : posisi ro mlaku ro ndremimil omong dwe (mesti aku kon guyang bales jg) Rampung balik maneh
neng gogokan, Plow aku mudeng mesti aku kon guyang ngene iki (karo guyang gaplo)

Gaplo : owaaaallllaahhh bogel bogel yang pekok tak terkira tiada tara, pekok kui oleh tapi ojo

dipelihara, ndak dadi koyo kowe kuwi...

Ledhis & Gondrong : ngakak ora uwis-uwis

--------------------------------------------------

Gaplo gowo pesan terakhir

"Gaes ojo lali pesenku nggo pemirsa setanah air, pesenku 1 "oleh edan tapi ojo pekok, oleh pekok tapi
ojo kebablasan"

You might also like