You are on page 1of 4

Zulfikar (36)

11/11/2021
Pakaryan 6
 Saka asil panulise aksara Jawa ing pakaryan 5, tulisen ing papan tulis utawa ijolna
marang kanca/klompok liyane supaya ditliti mbok menawa ana panulise kang kleru!

Wangsulan:
Nggeh. Panulise aksara Jawa ing pakaryan 5 sampun kula ijolke kaliyan nggone
Faluna Aga Janitra (XI MIPA 3/14).
 Rembugen, banjur gawenen cathetan tulisan kang wis koktliti, kalebu tulisan kang
kleru.
- Tulisan kang kleru anggenipun Faluna Aga Janitra yaiku :
(1) Paragraf 1 : panulisan maturut ingkang kurang sandhangan wulu, sing bener
yaiku ngagem sandhangan wulu miturut
(2) Paragraf 2 : -
(3) Paragraf 3 : Anggenipun nulis alesan kurang nga lelet
(4) Paragraf 4 : -
Pakaryan 7
 Andharna kanthi lesan apa kang koktemokake ing panulise aksara Jawa kang ditulis
dening kanca/klompok liya!

Wangsulan:
Panulisan aksara Jawa garapanipun Faluna Aga Janitra sampun jelas, rapi, lan
bener. Ananging wonten tembung-tembung ingkang diserat ing aksara Jawa kurang
bener yaiku kirang tliti panggunaan le (le) ingkang kedahe ditulis ngangem nga lelet
(2) ing panambang (i lan -ake) kirang nambahi aksara sigeg ing pungkasaning wanda.

Pakaryan Sabacute
1. Goleka wacana aksara Jawa saka media liyane, kayata ariwarti (koran), kalawarti
(majalah), internet, buku, lan sapiturute kanthi tema tinamtu!

Aku duwe kakang sing jenenge Mas Zahinudin, dheweke kuliah ing Sukoharja,
kampuse jenenge Universitas Veteran Bangun Nusantara. Ing kana kakangku kuliah ing
Fakultas Keguruwan lan Ilmu Pendhidhikan Jurusan Bahasa lan Sastra Jawa.
Sabubare kuliah Mas Zahinudin melu kegiatan olahraga voli, jarene kakangku
kegiatan olahraga ing kana akeh banget, saliyane kanggo anjaga kasarasan olahraga voli iku
uga dadi sarana kanggo golek kanca lan nambah pasrawungan.
Mas Zahinudin duwe kanca kenthel kang jenenge Mas Fikri, Mas Fikri iku kanca
olahraga voli, dheweke kuliah ing Jurusan Fisika, Mas Fikri iku priyayine grapyak semanak
lan alus budine, mula dheweke duwe kanca akeh.
Mas Zahinudin lan Mas Fikri wis kaya sedulur dhewe, tulung pinulung ing kabecikan,
muga-muga besuk Mas Zahinudin lan Mas Fikri bisa lulus bareng lan bisa nyambut gawe
bareng.

2. Sawise bisa nemokake, banjur oncekana ukara kang ngemot aksara rekan!
(a) Mas Zahinudin [za]

(b) Universitas Veteran [va]

(c) Ing fakultas [f]

(d) Voli [v]

(e) Mas Fikri [f]

(f) Jurusan Fisika [f]

3. Garapan ditumpuk ing pasatemon sacandhake!


-Nggih, sampun
4. Pakaryan kasebut watakna marang kanca-kancamu ing papan liya, bisa lumantar sinau
klompok, madding, utawa internet!

You might also like