You are on page 1of 4

2 November 2021

Tugas Bahasa Jawa

PAKARYAN 1

1.

2. Kanthi ati kang


krasa rinujit kepengin dakrakit gurit sanajan katon perih lan sakit nyangga panandhang
kang kudu dilampahi. Anggoleki apa maknane saripati, yen ing kanyatan tansah
tumindak agawe lara, alam bisa krasa panas bumi nangis lan amarah tan bisa diendhani,
nanging aku yakin isih ana sunar suci , sih katresnan rasa tentrem kang sumampen.

PAKARYAN 3

Menawa kita ngrembug ngenani kabudayan sejatine kita ngomongake ngenani piwulang
tartamtu kang kakandhut ing masyarakat, manawa bab iki disambung rempetake karo khasanah
kabudayan ing Indonesia kang maneka werna, kita bisa nakoni maneh sepira adohe maneka
rupa budaya kang ana iku bisa dijaga jroning upaya ambangun kabudayan Indonesia.
Miturut panaliti saka fakultas ilmu budaya Universitas Indonesia, masyarakat Indonesia
duwe cara dhewe dhewe kanggo nyrateni lingkungan alam lan urip kang maneka rupa utawa
marang obah osiking donya ing tembeburine.
Ing panyawange, jaman saiki wus sansaya ceta rusake tatanan subasita lan kasusilan ing
Indonesia. Prinsip prinsip tepa slira lan adil kayane ora didadekake lambaran kanggo ambangun
tatanan urip kang ayem tentrem lan raharja, mula akeh sikep individualistik.
Kudune manungsa Indonesia ora wedi karo akehing budaya kang beda beda amarga jati
dhirine Indonesia iku kabhinekaan kang ngliputi basa, sastra, adat lan sakabehe titah kang urip
ing alam Indonesia
PAKARYAN 4

 Aksara rekan kang mapan ing wacan dhuwur yaiku :


- Masyarakat = sy
- Khasanah = kh
- Fakultas =f
- Universitas =v
- Individualistik =v
- Kabhinekaan = bh
PAKARYAN 5

You might also like