You are on page 1of 4

30 September 2021

Tugas Bahasa Jawa


Pakaryan 6-7
Pakaryan 6
 Sawise sesorah wis katulis, ijolna karo klompok liyane supaya disemak mbok menawa ana
tulisan kang kleru! Bisa ing babagan tembung utawa ukarane.

Assalamualaikum wr. Wb.


Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang
Mahakwasa ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun supados kita sadaya tasih saged
kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Surasa basa
Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Kelestarian Alam . Alam niku
ciptaanipun Gusti ingkang kwasa, dipuncipta kagem tiyang-tiyang ing ndonyo niki. Alam
niku katah jenisipun, enten gunung,alas,segara,rawa,danau,kali, lan sakliyanipun. Alam niku
dipuncipta kalih Gusti supados saged dipunrawat kalih manungsa ting ndonya niki,amargi
saumpami mboten dipunrawat alam saged mboten teratur, saged malih rusak. Tiyang-tiyang
sakniki saumpami kula amati,katah ingkang mboten peduli kalih alam,ananging katah sing
peduli kalih gadget lan ugi sakpanunggalipun.
Kita supados warga sekolah ingkang ingkang bakal dados penerus ing masa depan kudu
tansah peduli kaliyan alam.Amargi alam ingkang nyiptakke niku Gusti,menawi kita ngrusak
alam, sami mawon ngrusak ciptaanipun Gusti.Ngrawat alam niku mboten susah,ananging
kedah saking kesadaran saking piyambak,misalipun buang sampah ing tempat sampah, nanem
lan ngrawat tanduran,mboten asal mundhut ing sajrone alam,lan sakpanunggalipun,menawi
niku diterapkipun ing ndonyo niki, insyaallah alam niki saged dipunrawat saterasipun.

Panutup
Cekap Semanten atur kula, mugi-mugi wonten manfaatipun ,mbok bilih wonten kekurangan
ugi kekhilafanipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. Wb

Tulisan ingkang kleru :


1. Mahakwasa  Maha Kuasa
2. Alangan  Wilangan
3. Punopo  Menika
4. Ngrawat  Njagi
5. Buang  Kendhang
6. Mbok  Menawi
7. Susah  Sisah

 Tugas kelompok liyane njingglengi asiling sesorah kang ditulis dening klompok liya !
Wangsulan : Nggih, sampun.
 Menawa wis rampung anggone njingglengi, banjur tulisen bab bab kang narik kawigatenmu
(bisa awujud panemu utawa panyaruwa) !

Panemu :
1. Kita sedaya kudu saged njagi alam ingkang sampun Gusti Allah paring kangge kita utawa
manungsa sedaya
2. Anggemipun njagi alam iku mboten sisah, kayata kendhang sampahi ing sawijining
panggonan, mboten waton mundhut ig sajronipun alam lan sakpanunggalipun
Panyaruwa :
1. Anggenipun njagi alam saged dipuntambahi acara acra ingkang ndukung aktif karesikan
alam kayata reboisasi, “tanam 1000 pohon” lan sakpanunggalipun

 Banjur Dhiskusekna!
Wangsulan : Nggih, Sampun.
Pakaryan 7

 Magepokan karo pakaryan 4, ing pakaryan iki siswa dikarepake bisa prigel nindaake sesorah.
Mula gladhena luwih ndisik. Yen wis prigel bisa dicoba kanthi macakake gilir gumati. Banjur
kanggo siswa liyane awih pambiji. Asil lan pambijine sepira kaprigelane ngandhakke sesorah
ing babagan lafal, intonasi lan penghayatan.

Lafal Intonasi Penghayatan Gunggung Biji


Sampun cetha lan Intonasine sampun Sampun menghayati 70
jelas pelafalan pas sesuai karo kanthi temenan
anggone maos suasana anggenipun anggone maos
sesorah. isi saking sesorah. sesorah.
Duwur cendake nada
kang diucapke
sampun trep.

Pakaryan Sabacute
1. Goleka teks sesorah saka mediya liyane !

Sesorah bab Lingkungan


(https://mamikos.com/info/contoh-pidato-bahasa-jawa/)

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu


Dumateng bapak kepala sekolah
Dumateng bapak kaliyan ibu guru sekolah ingkang kula hurmati
Lan dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani ingkang kula hurmati

Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur kita sedoyo dumateng gusti
Allah SWT amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya.
Saengga kita sedaya saged makempal kanthi sehat lan afiat teng mriki.
Hadirin ingkang kulo hormati

Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi lingkungan
utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip kito sedaya. Amargi
menika kita sedaya kedah njaga lingkungan ingkang sae – sae, supados bumi
keuntungan kagem kita sedaya agem.

Hadirin ingkang kula hormati.

Babakan kebersihan lingkungan yaiku salah sepindah cara kang apik kanthi kito
sedoyo nyegah penyakit – penyakit ingkang ngintai rikala musim udan, supados kita
sedaya sehat.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken ing pidato niki, umpami wonten klenta
klentunipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

2. Oncekana structure !

Salam Pambuka  Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Atur Panuwun  Dumateng bapak kepala sekolah.Dumateng bapak kaliyan ibu guru
sekolah ingkang kula hurmati,lan dhumateng sedaya kanca ingkang kula tresnani ingkang kula
hurmati

Hadirin ingkang kulo tresnani lan kula hurmati

Ucapan Syukur Monggo kita bebarengan majukaken puja lan puji syukur kita sedoyo
dumateng gusti Allah SWT amargi sampun pinaringan berkah lan karunia dumateng kita sedaya.
Saengga kita sedaya saged makempal kanthi sehat lan afiat teng mriki.

Surasa Basa Kaping sepindhah kita sedaya perlu bahan utawi panggenan. Amargi
lingkungan utawi panggenan menika papan kangge nggantungaken urip kito sedaya. Amargi
menika kita sedaya kedah njaga lingkungan ingkang sae – sae, supados bumi keuntungan kagem
kita sedaya agem.

Hadirin ingkang kula hormati.

Dudutan  Babakan kebersihan lingkungan yaiku salah sepindah cara kang apik kanthi
kito sedoyo nyegah penyakit – penyakit ingkang ngintai rikala musim udan, supados kita sedaya
sehat.

Atur kaluputan  Cekap semanten ingkang saget kula aturaken ing pidato niki, umpami wonten
klenta klentunipun kula nyuwun pangapunten.

Salam Penutup Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.


3. Gawea sesorah kanthi tema ulang taun sekolahmu !

Assalamualaikum, wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Ibu Guru SMA N 1 Magelang
Ingkang kamulyan para tamu undangan
Ingkang kula tresnani rencang rencang siswa siswi SMA N 1 Magelang.

Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dumateng
Gusti ingkang sampun paring kanugrahan arupi kasarasan saengga ngantos wekdal
punika kula lan panjenengan sedayansaged kempal manunggal kangge
ngawontenaken adicara pengetan dinten ambal warsa wonten ing SMA N 1 Kota
Magelang.

Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, Para tamu undangan
kaliyan rencang rencangsedaya, ingkang sampun mitados dhumateng kula
kadhawuhan matur anggenipun acara Ambal Warsa SMA N 1 Magelang, ingkang
kaping 72. Ginanipun kangge ngeramekaken Ambal Warsa SMA N 1 Magelang dipun
wontenaken Pentas Seni kaliyan acara sanes-sanesipun. Kasuwunaken
partisipasinipun lan dukunganipun saking bapak ibu guru kaliyan sedaya kanca-kanca
ing acara punika.

Pramila kita makempal ing mriki, saperlu kasuwun donga dhumateng sekolah kita
mugi langkung sae, langkung majeng saged dados tauladan ing sekolah sanes-
sanesipun.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok menawi anggen kula matur kirang
tata krami, utawi kathah atur ingkang mboten mranani, kula tansah nyadhong
agunging samodra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb
4. Garapan ditumpuk ing pasenoman cedhake !
Wangsulan : Nggih, sampun.
5. Pakaryan kasebut wartakna marang kanca-kancamu ing papan liya bisa lumantar
sinau klompok, mading utawa internet!
Wangsulan : Nggih

You might also like