You are on page 1of 34

‫‪Khutbah Wulan Rojab 1428 H‬‬

‫‪1.‬‬
‫‪Rojab Wulan Bersejarah‬‬

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


‫الحمد هلل ‪ ,‬الحمد هلل الذى جـعـل الليـل والـنـهـارخلـفـة لـمـن أراد أن يـذكـر‬
‫أوأراد شـكـورا * أحـمـده سـبحانـه وتـعـالى وأشـكره واسـتـغـفـره وأتـوب‬
‫الـيـه من جمـيـع الـذنـوب صـغـيـرا وكـبـيـرا * أشـهـد ان ال ال ه اال هللا وح ده‬
‫ال شـريك ل ه وك ان بـعـبـاده عـفـوا غـفـورا * واشـهد أن محم دا عبـده‬
‫ورسـوله الـذي أرسـله هللا للـعـالـمـيـن بشـيرا ون ذيرا * شـهادة مـن قـال‬
‫لـهـا فـرحـمـه مـن الـخـطيئات مـغـفـورا * وتـقـبـلـه مـن الـصـالحـات وأنـالـه‬
‫ثـوابـا وأجـورا * اللهـم صـل وسـلم علىمـن يـحـب الـفقـراء والـمسـاكـيـن‬
‫ورحـم الـيـتـامى وأطفـاال وصـغيـرا * سـيد نامحمـد صـلى اللـه عـلـيـه وسـلـم‬
‫رسـوال ومبـشـرا ونـذيـرا * صالة تـنجينـا بهـا من جـمـيـع األهـوال واألفـات‬
‫بـاطـنـا وظـهـيـرا * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم مـا تـعـاقـبت األوقـات‬
‫والـسـاعـات لـيال ونـهـارا * أمـابعـد فيـا أيها األخـوان رحمكم هللا ‪ ,‬أوصــيكم‬
‫واياي بتقـوىاهلل * َوقَ ْد قَ ا َل هللاَ تَ َع الَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْيم ِ* أَع ْ‬
‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن‬
‫س ِـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْيم * يَآ أَيُّ َها الَّ ِذ ْي َن آ َمنُ ْوا اتَّقُ ْوا هللاَ‬ ‫ان ال َّر ِج ْي ِم * بِ ْ‬ ‫ش ْيطَ ِ‬ ‫ال َّ‬
‫سلِ ُم ْو َن *‬‫ق تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُم ْوتُنَّ إِالَّ َوأَ ْنتُ ْم ُم ْ‬
‫َح َّ‬

‫‪Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya‬‬


‫‪Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah‬‬
‫‪netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya‬‬
‫‪awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh‬‬
‫‪dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten‬‬
‫‪ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng‬‬
‫‪Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang‬‬
‫‪saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining‬‬
‫‪akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti‬‬
‫‪sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining‬‬
‫‪akhirat.‬‬
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Gilir gumantosing mangsa mboten kraos sampun ndumugekaken kita dateng


satunggaling mangsa, ingkang linangkung mulya menggahipun Allah sahingga pinilih
minangka satunggaling wulan ingkang kadunungan prastawa agung ingkang mboten
nate kedadosan wonten ing wulan sanes. Inggih wulan Rojab punika Allah
ngersakaken nimbali dateng Kekasih lan utusanipun Inggih Kanjeng Nabi Muhammad
Sallallahu ‘alaihi wa sallam wonten ing saminipun wulan menika. Pramila sampun
sak mestinipun wulan ingkang agung lan bersejarah punika kita mulyakaken. Dene
cara kita mulyaaken wulan menika antawisipun kanti ngatah ngatahaken dzikir, do’a
lan istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, Jalaran Allah dawuh ingkang sinebat
ing hadits :

‫ والـعـبـد عـبـدي‬, ‫ رجب شـهـري‬: ‫يـقـول هللا تـعـالى فى كل لـيـلـة مـن رجب‬
‫والـرحمـة رحمـتى والـفـضـل بـيـدي وأنـا غـافر لـمـن اسـتـغـفرني فى هـذا‬
‫الشـهر ومـعط لمـ سـألـني فـيـه‬
Allah dawuh ing saben saben dalu saking wulan Rojab, kanti pangandikanipun :
“Wulan Rojab iku wulan Ingsun lan kawula iku kawula Ingsun, rahmat iku
kawelasan Ingsun, Kanugerahan iku ing panguasa Ingsun. Lan Ingsun Allah iku Dzat
kang Paring pangapura marang sapa wae kang nyuwun pangapura.lan Ingsun iku
Dzat Kang Paring marang wongkang nyuwun marang Ingsun Ing sasi Rojab iki’.

Ma’asyiral muslmin Rahimaumullah ,


Nitik dawuh punika kita ing sak lebetipun wulan Rojab punika kedah ngatah
ngatahaken istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, sinaosa katah lan ageng dosa
lepat kita dateng Allah kita mboten kenging putus asa kedah ngagengaen roja’ kita
dateng rahmatipun Allah inggih namung panyuwunan pangapunten punika ingkang
langkung trep kita kunjuk aken wonten ngarsanipun Allah. Agengipun dosa lepatipun
kawula mboten sepintena kabanding rahmat lan maghfirahipun Allah. Sepinten
mawon ageng lan katahipun dosa kita. Dawuh dalem Kanjeng Nabi ngriwayataken
saking ngarsanipun Allah :

2 An Nida’
‫ انـك مـا دعـوتـى ورجـوتـنى غفـرت لـك مـاكان‬, ‫ يـاابـن أدم‬: ‫قـال هللا تـعـالى‬
‫ يـاابـن أدم لـو بـلـغت ذنـوك عنان الـسـمـاء ثم اسـتـغـفر ت ني‬, ‫مـك وال أبـالى‬
‫ يـاابـن أدم انـك لـو أتيـتـي بـقـراب األرض خطابـا ثم أتـيـتنى ال‬, ‫غفـرت لـك‬
. ‫تـشـرك بي شيـأ ألتـيـتـك بـقـرابـهـا مـغـفـرة‬
Allah Ta’ala ngendika :

“He, tedak turun Adam , selagine sira nyuwun marang Ingsun lan ngarep arep
rahmat Ingsun, mesti wae Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira ora
perduli. He anak putu Adam, kok umpama dosa ira iku nganti ngebaki awang
awanging langit, nuli sira nyuwun pangapura marang Ingsun, Ingsun paring
pangapura marang dosa dosa ira.

He anak putu Adam, kok umpama sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan nggawa
kaluputan sak kebake bumi, nuli sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan tanpa
nyekutokake ing Ingsun kelawan sawiji wiji, mesti Ingsun bakal paring marang sira
kelawan pangapura sak kebake bumi uga”

(HR. At Turmudzi).

Ma’asyiral muslmin Rahimaumullah ,


Minangka tiyang mukmin kita tentu tansah adang adang lan ngagengaken roja’,
harapan kita dateng rahmatipun Allah, jalaran inggih namung tiyang tiyang kafir
mawon ingkang putus asa mboten wonten pangajeng ajengipun dateng rahmatipun
Allah. Kados dawuhipun :

‫وال تـيـئـس مـن رحـمة هللا اال الـقـوم الـكا فـرون‬


“Ora putus harapan saka rahmate Allah kejaba wong wong kang pada kafir “

Pramila kanti dumuginipun wulan Rojab punika mangga kita mulyakaken kanti
ngatahaken istighfar saha ngaturaken donga panyuwunan dateng Allah, langkung
langkung nyuwun kaparingana saget manggihi wulan Ramadlon mangke, nderek
kados donga ingkang tansah kawaos Kanjeng Nabi nalika dumugi wulan Rajab ngaten
punika :

‫اللهـم بـارك لـنـا في رجب * وشـعـبـان وبـلـغــنـا زمـضـان‬

An Nida’ 3
“Duh Allah mugi maringana barokah dateng kula ing wulan Rojab punika #

Lan wulan Sya’ban, lan ugi ndumugekna dateng kula ing wulan Ramadlon”.

Mugi Mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita saget nindakaken dawuh
lan printahipun, nambahi tha’at lan ibadah kita ing wulan mulya punika , ugi tansah
kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.

ِّ ‫ت َو‬
‫الذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم‬ ِ ‫بَا َركَ هللاُ لِي َولَ ُك ْم فِي ا ْلقُ ْر‬
ِ ‫ َونَفَ َعنِي َوإِيَّا ُك ْم بِا ْاآليَا‬‫آن ْال َك ِر ْي ِم‬
‫ أَع ُْو ُذباِهللِ ِم َن‬:‫ق ا ْلقَائِلِ ْي َن‬ُ ‫ص َد‬ْ َ‫قَا َل تَ َعالَى َوه َُو أ‬ ‫اب ال َّر ِح ْيم‬ ُ ‫إِنَّهُ ه َُو التَّ َّو‬
‫ش ُهو ِر ِع ْن َد هللاِ ا ْثنَا َعش ََر‬ ِ َّ‫رح َم ِن ال‬
ُّ ‫ إِنَّ ِع َّدةَ ال‬‫رح ْي ِم‬ ْ َّ‫س ِم هللاِ ال‬ ِ َّ‫ان ال‬
ْ ِ‫ ب‬‫رج ْي ِم‬ ِ َ‫ش ْيط‬ َّ ‫ال‬
ُ‫ َذلِكَ الدِّين‬،‫ض ِم ْن َها أَ ْربَ َعةٌ ُح ُر ٌم‬ َ ‫ت َو ْاألَ ْر‬ِ ‫س َم َوا‬
َّ ‫ق ال‬َ َ‫ب هللاِ يَ ْو َم َخل‬ ِ ‫ش ْه ًرا فِي ِكتَا‬ َ
‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‬ ْ ‫ َو قُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو‬ ‫س ُك ْم‬ َ ُ‫ا ْلقَيِّ ُم فَالَ تَ ْظلِ ُموا فِي ِهنَّ أَ ْنف‬

4 An Nida’
‫‪2.‬‬
‫‪Tuladane Isra’Nabi‬‬
‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬
‫الحم د هلل الحــمد هلل ال ذ ي أســرى بــعــبــده لــيــال مــن الــمــســجـد‬
‫الــحــرام الى الــمــســجـد األ قــصى * وأراه فى الــمـســيـر أيـاتــه‬
‫الـكــبرى * ثــم أعــرجــه الى الــســمــوات الــعــلى * ثـم الى ســدرة‬
‫الــمــنـتـهى * أشـهـد أن ال ال ه اال هللا وح ده ال شـريـك له الـذي أوحى الى‬
‫عـبــده مــاأوحـى* وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـولــه المبعـوث الى ســبـيـل‬
‫الـهــدى * لــيــنــجــو قـائــلــهــا فى الــدنــيــا الى الــعــقـبـى* اللهـم صـل‬
‫وسـلم على ســــيد نــا محمـدالــمـصــطفى * وعلى ألـه وأصــحـابه ذوى‬
‫الــفـضــل والــنـهى * أمـا بـعــد فيـا أيــهــا الحاضــرون الك رام ‪ :‬أوصــيكم‬
‫وايـاي بـتــقـوى هللا فـقـدفـاز‬
‫الـمـتـقـون * وأحثـكم عـلى طاعـتـه لـعـلـكم تـفـلــحـون * ق ال تعـالى في‬
‫كتـابه الكـريـم * أعــوذبـاهلل مـن الـشــيـطان الـرجـيم * بســم هللا الرحـمــن‬
‫الرحـيـم * قــدأفــلــح الــمــؤمــنــون ‪ ,‬الــذيــن هــم فى صــالتــهــم‬
‫خــاشــعــون *‬
‫……‪Para sederek kaum muslimin rahimakumullah‬‬
‫‪Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti sarana‬‬
‫‪tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan‬‬
‫‪awisanipun , wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, swasana kados menapa‬‬
‫‪kemawon, kapan mawon, enjang lan sonten, rinten lan dalu nuju bingah utawi sisah,‬‬
‫‪nuju sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan‬‬
‫‪thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan,‬‬
‫‪kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya‬‬
‫‪punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Allah sampun njanjekaken‬‬
‫‪kanti dawuhipun :‬‬

‫وعـد اللـه الـذيـن أمـنــوا وعـمـلــوا الـصـالحــات لـهــم مـغـفــرة وأجـر‬


‫عــظـيــم‬

‫’‪An Nida‬‬ ‫‪5‬‬


“Allah wus paring janji marang wong wong kang pada iman lan pada nindakake
amal shalih, tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang
agung saka ngarsane Allah“ (Al Maidah : 9).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Wulan punika kita kawuningani minangka wulan bersejarah ingkang sanget wigatos
tumrap kita amergi minangka prastawa turunipun wahyu shalat ingkang tanpa lantaran
Malaikat Jibril, inggih amergi sanget wigatosipun dawuh shalat punika sahingga Allah
kepareng nimbali langsung dateng Kanjeng Nabi perlu maringaken wahyu perintah
shalat punika. Estunipun tanpa kita pengeti kita tetep enget dateng prastawa punika,
ananging mboten wonten awonipun kita ngawontenaken perengetan menika kangge
nggugah semanget kita ngumawula dateng Allah kanti nindakaken ibadah shalat
gangsal wedal. Menapa dene Prastawa Isra’ Mi’raj ingkang kebak piwucal lan tulada
tumrap kita . Wiwit jengkaripun Kanjeng Nabi ing wanci dalu saking Masjidil Haram
tumuju dateng Masjidil Aqsha, ingkang dipun wastani Isra’. Lan ugi saking Masjidil
Aqsha minggah ngantos dumugi ngayunan ndalem Allah Subhanahu wa Ta’ala
ingkang sinebat Mi’raj.
Tindak Isra’ipun Kanjeng Nabi kanti titian ingkang sanget istimewa mboten cekap
gumun lan ngungun kemawon, nanging kedah kita alap piwucal. Titian ingkang
miturut riwayat sanget cepet lampahipun saha edinipun bilih Kanjeng Nabi mboten
nate kraos menawi margi ingkang dipun lewati punika minggah utawi mandap,
sinaosa ngliwati pareden utawi mandap jurang, amergi sukunipun titian ingkang saget
modot lan menkeret. Ananging kawontenan tindakipun Kanjeng Nabi ingkang
mekaten kedah kita alap piwucal, bilih nalika kita tumandang ibadah tumuju dateng
ngarsa dalem Allah, kita kedah tansah ajeg lan rata kados tindak Isra’ ipun Kanjeng
Nabi. Tegesipun kita kedah istiqamah tumandang ibadah. Wonten dawuh :

‫خيـر األعـمـال أدوامهـاول قـال‬


”Sak becik becike amal iku amal kang ajeg senajan mung sitik “
Pramila mangga tulada punika kita alap piwucal, ibadah kita sageta kita jagi menggah
ajegipun sahingga saget dipun wastani istiqamah. Langkung langkung ibadah shalat
fardlu kita, ampun ngantos kita shalat, nanging musiman, menapa malih menawi

6 An Nida’
ngantos dipun wastani berling, nek kober ora eling , nek eling ora kober, ampun
ngantos. Pramila mangga ibadah kita ampun ngantos kita lirwaaken langkung
langkung shalat fardlu gangsal wekdal punika, dipun reksa kanti istiqomah, supadosa
gesang kita tansah pikantuk rahmat kanugerahan saking ngarsa dalem Allah Ta’ala.
Kados dawuhipun Allah :

‫ستَقَا ُموا تَتَنَ َّز ُل َعلَ ْي ِه ُم ا ْل َمالَئِ َكةُ أَالَّ ت ََخافُوا َوالَ ت َْح َزنُوا‬
ْ ‫ين قَالُوا َربُّنَا هللاُ ثُ َّم ا‬ َ ‫إِنَّ الَّ ِذ‬
َ ‫ش ُروا بِا ْل َجنَّ ِة الَّتِي ُك ْنتُ ْم تُو َعد‬
‫ُون‬ ِ ‫َوأَ ْب‬
“Sak temene wong kang pada ngucap : “Pangeran kita iku Gusti Allah” nuli pada
istiqamah, mangka para malaikat pada turun ngaturake kanugrahan supaya sira
kabeh aja pada wedi lan susah, lan pada bungaha sira kelawan swarga kang wis di
cawisake kanggo sira kabeh”.
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Menika tulada tindak isra’ipun Kanjeng Nabi kanti titian ingkang edi punika. Mekaten
ugi katah goda rencana ingkang dipun panggihaken Kanjeng Nabi ing sak lebetipun
Isra’ punika, minangka gambaran bilih tujuan utami lan sae punika tentu katah goda
lan gangguanipun. Langkung langung menawi seja nindakaken ibadah dateng Gusti
Allah goda mesti wonten. Hikmahipun ageng sanget kangge naker lan neter sepinten
estunipun kiat lan ihlasipun paneja punika. Tentu kita minangka kawula ingkang
ringkih, apes mboten anggadahi daya menapa menapa kangge nangkal lan nolak goda
.rencana punika, kejawi inggih awit saking pitulunganipun Allah Ta’ala
Pramila mboten wonten reka daya kangge ngadepi sedaya goda lan pepalang nalika
kita bade tumindak tumuju kasaenan, kejawi kita pasrahaken dateng ngarsa dalem
Allah Ta’ala kanti tansah nyuwun pangreksa. Kados Kanjeng Nabi nalika isra’ menika
ngadepi goda ingkang matumpa tumpa, kados nalika panjenenganipun dipun bujung
bujung dening Efrit, lajeng dipun wucal dening Malaikat Jibril supados nyuwun
pangreksa dateng ngarsa dalem Allah kanti donga :

‫أعـوذ بـوجه هللا الكريـم وبكلمـات هللا التـامـات ال تى ال يجـاوزهـن ب ر وال‬


‫فـاجر من شـرمـا ينزل من السـمـاء ومن شرمـايـعرج فيـهـا ومن شرمـاذرأ‬
‫في األرض ومن شرمـايـخرج مـنهـا ومن فـتن الليـل والـنهـار ومن‬
‫طوارق الليـل والـنهـار اال طارقـا يطرق بخيـر‬

An Nida’ 7
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Nalika kita ngadepi samu awis panggiri goda prayogi kta pasrahaken dateng Allah
kanti maos ta’awudz kados ingkang kawucalaen dening Malaikat Jibril dateng
Kanjeng Nabi kados kasebet ngajeng.

Mugi mugi kita tansah kaparingana pangreksa saking samukawis goda sahingga kita
saget netepi istiqomah tumindak ibadah dateng ngarsa dalem Allah Ta’ala.

‫ـر ِة ِعبَا ِد ِه‬ َ ‫ َوأَد َْخلَـنَا َوإِيَّا ُك ْم فِي ُز ْم‬‫َج َعلَنا َ هللاُ َوإِيَّا ُك ْم ِم َن ا ْلفَا ئِ ِز ْي َن ْاألَ ِمنِ ْي ِن‬
:‫ق ْالقائِلِ ْي َن‬ ْ َ‫ قَا َل تَ َعالَى َوه َُو أ‬ ‫اب ال َّر ِح ْي ِم‬
ُ ‫ص َد‬ ُ ‫ إِنَّهُ ه َُو التَّ َّو‬‫صالِ ِح ْي َن‬ َّ ‫ال‬
‫ يـا أيــهــا الـذيـن‬‫س ِم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم‬ ْ ِ‫ ب‬‫ان ال َّر ِج ْي ِم‬ ِ َ‫ش ْيط‬ًّ ‫أَع ُْو ُذبِاهللِ ِم َن ال‬
‫ ومـن يــفـعـل ذالـك‬, ‫أمـنـوا ال تـلـهـكـم أمـوا لـكـم وال أوالدكـم عــن ذكــرالـله‬
‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‬
ْ ‫ َوقُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو‬ ‫فـأولــئـك هــم الـخــاســرون‬

8 An Nida’
3.
Isra’ Mi’raj Kebak Hikmah
‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬
‫الحم د هلل الحــمد هلل ال ذ ي أســرى بــعــبــده لــيــال مــن الــمــســجـد‬
‫الــحــرام الى الــمــســجـد األ قــصى * وأراه فى الــمـســيـر أيـاتــه‬
‫الـكــبرى * ثــم أعــرجــه الى الــســمــوات الــعــلى * ثـم الى ســدرة‬
‫الــمــنـتـهى * أشـهـد أن ال ال ه اال هللا وح ده ال شـريـك له الـذي أوحى الى‬
‫عـبــده مــاأوحـى* وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـولــه المبعـوث الى ســبـيـل‬
‫الـهــدى * لــيــنــجــو قـائــلــهــا فى الــدنــيــا الى الــعــقـبـى* اللهـم صـل‬
‫وسـلم على ســــيد نــا محمـدالــمـصــطفى * وعلى ألـه وأصــحـابه ذوى‬
‫ أوصــيكم‬: ‫الــفـضــل والــنـهى * أمـا بـعــد فيـا أيــهــا الحاضــرون الك رام‬
‫وايـاي بـتــقـوى هللا فـقـدفـاز الـمـتـقـون * وأحثـكم عـلى طاعـتـه لـعـلـكم‬
ِ َ‫الش ْيط‬
‫ان‬ َّ ‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن‬ ْ ‫تـفـلــحـون * َوقَ ْد قَا َل هللاَ تَ َعالَى ِفي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم * أَع‬
‫الص الَةَ َك انَتْ َعلَى ا ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن ِكتَابً ا‬
َّ َّ‫س ِـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم * إِن‬
ْ ِ‫ال َّر ِج ْي ِم * ب‬
* ‫َم ْوقُ ْوتًا‬
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti
mbudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan
nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing sak lebetipun
gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita
pinaringan khusnul khatimah.
Kados dawuhipun Allah :

َ ‫ق تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُموتُ َّن إِالَّ َوأَنتُم ُّم ْسلِ ُم‬


‫ون‬ َ ‫يَاأَيُّها َ الَّ ِذ‬
َّ ‫ين َءا َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َح‬
“He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh ing Gusti Allah kelawan
sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh
minangka wong Islam” (QS. Ali Imran 102)
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Prastawa Isra’ Mi’raj ingkang kedadosan ing saminipun wulan menika inggih wulan
Rojab setunggal tahun sakderengipun hijrah jengkar dalem Kanjeng Nabi Muhammad
Sallallhu’alaihi wa sallam saking bumi wutah rahipun negari Makkah tumuju negari
Madinah, ngrupekaken prastawa luar biasa ingkang irrasional mboten pinanggih

An Nida’ 9
dening akal, mila kalebet mu’jizat tumrap Kanjeng Nabi, nanging minangka ujian
berat tumrap tiyang mukmin kala semanten. Jalaran perjalanan ingkang sanget tebih
ewon Km lan minggah ngantos nembus lapisan langit 7, namung dipun tempuh
setunggal dalu sampun pulang pergi. Nalaripun manungsa mboten dumugi mila
mboten sekedik tiyang ingkang sampun iman Islam nanging malah dados murtad
jalaran prastawa Isra’ Mi’raj punika. Tumrap tiyang Quraisy prastawa punika dados
senjata kangge nyerang tiyang Islam lan Kanjeng Nabi. Nganggep menawi Kanjeng
Nabi sampun mboten waras, Isra’ Mi’raj dados bahan kangge mencaci maki, ngolok
olok lan ngina dateng Kanjeng Nabi . Dawuh dalem Allah ing Al Qur’an :

‫ومـا جعـلـــنـاـ الـرؤيـا الـتى أريـنـا ك اال فـتـنـة للـنـاس‬


“Lan Ingsun ora wus andadek ake ing impen kang wus Ingsun weruhake ing sira
kejaba minangka pacoban tumrap para manungsa” (Qs. Al Isra’ 60).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Prastawa Isra’ Mi’raj pancen kedah kita tampi kanti manah, mboten cekap tinampi
kanti akal kemawon, jalaran akal kemawon mboten dumugi, nanging manah ingkang
pikantuk pitedah lan hidayah saking ngarsanipun Allah bade nampi bilih sedaya
saking kuasa lan kersanipun Allah , mboten wonten perkawis ingkang mukal malih
menawi Allah ngersakaken. Prastawa Isra’ Mi’raj pancen minangka kedadosan
ingkang luar biasa, kerana Allah bade ngetingalaken tanda tanda panguwaosipun
dateng kawulanipun ingkang pikantuk pitedah, supados saya kandel imanipun, kados
dawuh dalem Allah ing Al Qur’an :

‫لــنـريــه مــن أيــا تــنــا ا نــه هــو الــســمــيــع الــبــصــيرـ‬


“Kerana Ingsun meruhake ing Muhammad sebagian sangka tanda tanda Keagungan
Ingsun, Sejatine Allah iku Dzat Kang Maha Midanget lan Maha Waspada“ (QS.Al
Isra :1)
Pramila prastawa punika ndadosaken saya sasar tumrap tiyang ingkang mboten
pikantuk pitedah, nanging kosok wangsulipun tumrap tiyang mukmin ingkang
pikantuk pitedah bade saya kiyat, saya kandel lan tebel imanipun, sinaosa mboten
gaduk nalaripun, nanging manahipun saget nampi dateng sedaya perkawis ingkang
dipun kersaaken dening Allah. Nanging tiyang fasiq ingkang namung ngendelaken

10 An Nida’
dateng akalipun, bade nolak sedaya perkawis ingkang mboten pinanggih dening
akalipun, supe bilih akal punika sanget winates, mboten kongang njangkau sedaya
panguwaosun Allah, sahingga tiyang menika saya tebih kejlungup dateng juranging
kesesatan. Allah ing Al Qur’an paring dawuh :
‫يضـل بـه كـثـيـرا ويـهـدى بـه كـثـيـرا ومـا يـضـل بـه اال الـفــاسـقـيـنـ‬
“Kelawan conto iki akeh wong kang disasarake , lan uga sebab conto iki akeh wong
kang diparingi pituduh, lan ora ana wongkang disasarake dening Allah kejaba wong
kang pada fasiq” (Qs. Al Baqarah : 26).
Kaum Muslimin ingkang minulya,
Hikmah ingkang wigatos saking prastawa punika, supados iman kita saya kiyat lan
kekah, langkung langkung ngadepi zaman ingkang sampun san saya majeng tingkat
penalaran lan rasionalitasipun manungsa, ingkang samukawis mesti tansah dipun akal
akal. Menawi mboten masuk akal ditolak, purun nampi menawi masuk akalipun. Ing
mangka babagan keimanan punika bagian saking perkawis ingkang asifat ghoiru
ma’qul, irrasional tegesipun perkawis ingkang mboten masuk akal. Terutami perkawis
ingkang ghaib, tentu akalipun manungsa mboten nyandak. Pramila prastawa Isra’
Mi’raj punika mboten kedah tinampi dening nalar kita, nanging kita tampi kanti
manah, kita imani minangka perangan perkawis ghaib ingkang kedah kita yaqini lan
kita imani bilih sedaya ngrupekaken suatu kebenaran, mboten betah dateng
pembuktian cekap kanti keyakinan bilih sedayanipun awit saking kuasa lan kersanipun
Allah.
Sahingga prastawa Isra’ Mi’raj menika dados seleksi iman khususipun ing zamanipun
Kanjeng Nabi rumiyin, mboten sekedik shahabat ingkang asalipun sampun mukmin
nanging jalaran prastawa Isra’ Mi’raj punika prasasat imanipun dipun teter nanging
wusananipun leder, lecek, oncat, minggat lan pecat imanipun wangsul dateng sifat
asli kufuripun.
Wusananipun kita sesarengan nyuwun dateng Allah mugi mugi kita sedaya
kaparingana tetep Iman Islamipun ngadepi kawontenan lan pacoben menapa mawon,
syukur malah ndadosaken iman kita saya kiyat, kekah, rosa, kandel, tebel, kenceng,
ngganteng, methentheng ngantos akhir hayat kita pinaringan khusnul khotimah.

An Nida’ 11
‫ت َو ِّ‬
‫الذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم ‪ ‬إِنَّهُ‬ ‫آن ْ ‪َ ‬ونَفَ َعنِي َوإِيَّا ُك ْم بِا ْاآليَا ِ‬ ‫بَا َركَ هللاُ لِي َولَ ُك ْم فِي ا ْلقُ ْر ِ‬
‫ين قَالُوا َر ُّبنَا هللاُ ثُ َّم‬ ‫اب ال َّر ِح ْي ِم ‪‬فَقَ ْد قَا َل تَ َعالَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم‪ :‬إِنَّ الَّ ِذ َ‬ ‫ه َُو التَّ َّو ُ‬
‫ش ُروا بِا ْل َجنَّ ِة الَّتِي‬ ‫ستَقَا ُموا تَتَنَ َّز ُل َعلَ ْي ِه ُم ا ْل َمالَئِ َكةُ أَالَّ ت ََخافُوا َوالَ ت َْح َزنُوا َوأَ ْب ِ‬‫ا ْ‬
‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‪‬‬ ‫ُون‪َ ‬وقُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو ْ‬ ‫ُك ْنتُ ْم تُو َعد َ‬

‫‪12‬‬ ‫’‪An Nida‬‬


4.
Hayya’alashSholah

‫سالَ ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُ ْه‬ َّ ‫ال‬


‫ت‬ ِ ‫الص الَ ِة َعلَى ِعبَ ا ِد ِه ا ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن َو ْال ُم ْؤ ِمنَ ا‬ َّ ‫ض‬َ ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذي فَ َّر‬
‫س‬ َ ‫س ْب َحانَهُ َوتَ َع الَى َخ ْم‬ ُ ‫ض َعلَ ْينَ ا َربُّنَ ا‬ َ ‫َو َج َعلَ َه ا ِع َم ا ًدا لِ َه َذا ال ِّد ْي َن ا ْلقَ ِو ْي َم فَ َّر‬
ُ‫ أَ ْح َمـ ُده‬‫ت‬ ِ ‫س لَنَ ا ُع ْذ َر فِي تَأْ ِخ ْي ِر َه ا َع ِن ا ْل ِم ْيقَـا‬ َ ‫ لَ ْي‬‫ت‬ ٍ َ ‫س أَ ْوقا‬
ِ ‫ت ِفي َخ ْم‬ ٍ ‫صلَ َوا‬ َ
َ‫ش َه ُد أَنْ آل إِلَ ه‬ ْ َ‫ أ‬‫ت‬ ِ ‫ضلِ ِه فِي َج ِم ْي ِع ْاألَ ْوقَـا‬ ْ َ‫سنَاهُ لِ ْل َم ِز ْي ِد ِمنْ ف‬ ْ َ‫س ْب َحانَهُ َوتَ َعالَى َوأ‬ ُ
ُ‫ش َه ُد أَنَّ ُم َح َّم ًدا َع ْب ُده‬ ْ َ‫ َوأ‬‫ت‬ ِ ‫سـ َم َوا‬ َّ ‫اض ْي َن َوال‬ ِ ‫ش ِر ْيكَ لَهُ َر ُّب ْاألَ َر‬ َ َ‫إِالَّ هللاُ َو ْح َدهُ ال‬
َ‫س لِّ ْم َعلَى َع ْب ِدك‬ َ ‫ص ِّل َو‬ َ ‫ أَللَّ ُه َّم‬‫ت‬ ِ ‫ض تْ َحيَاتُ هُ فِي ِخ ْد َم ِة ا ْل َم ْخلُ ْوقَ ا‬ َ ‫س ْولُهُ َم‬ ُ ‫َو َر‬
‫ ص الة‬ ‫س يِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد ص احب األي ات والمـعجآزات‬ َ ‫ت‬ ِ ‫سيِّ ِد ا ْل َكائِنَ ا‬
َ َ‫س ْولِك‬ ُ ‫َو َر‬
‫ص َحابِ ِه ومن تبعهم بأفضـل‬ ْ َ‫ِ َو َعلَى آلِ ِه َوأ‬ ‫تـطهـرنا بهـا من جـمـيـع السـيئات‬
‫سي‬ ِ ‫اض ُر ْو َن ا ْل ِك َرا ُم أُ ْو‬
ِ ‫ص ْي ُك ْم َونَ ْف‬ ِ ‫ أَ َّما بَ ْع ُد فَيَآأَيُّ َها ا ْل َح‬ ‫الصـالة وأزكى الـتحيـات‬
ْ‫ َو َمن‬،‫ فَ َمنْ أَقَا َم َها فَقَ ْد أَقَ ا َم ال ِّد ْي ِن‬،‫صالَةَ ِع َما ُد ال ِّد ْي ِن‬ َّ ‫ َو ْاعلَ ُم ْوا أَنَّ ال‬،ِ‫ـوى هللا‬ َ ‫بِتَ ْق‬
‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن‬ ْ ‫ أَع‬:‫ َوقَ ْد قَ ا َل هللاَ تَ َع الَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم‬،‫ت ََر َك َه ا فَقَ ْد َه َد َم ال ِّد ْي ِن‬
‫الص الَةَ َك انَتْ َعلَى ا ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن‬ َّ َّ‫ إِن‬:‫ـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم‬ ِ ‫س‬ ِ َ‫ش ْيط‬
ْ ِ‫ ب‬،‫ان ال َّر ِج ْي ِم‬ َّ ‫ال‬
 ‫ِكتَابًا َم ْوقُ ْوتًا‬

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngunjukaken puji lan syukur wonten
ngarsa dalem Allah Ta’ala awit peparingipun rahat lan kanugerahan kawilujengan
dateng kita sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget sesarengan makepal ing
papan minulya punika, saperlu nindaaken kwajiban kita kanti wilujen mboten mangge
rubeda satunggal menapa. Panyuwun kita mugi sedaya amal ibadah kita tinapi wonten
ngarsa dalae Allah Ta’ala. Saak lajenipun kita ngunjukaken shalawat lan salam mugi
kunjuk katur wonten ngarsa dalem junjungan ita Kanjeng Nabi Muhamad
Sallallahu’alaihi wasallam lan sedaya kaluwarga tuwin para sahabatipun, lumeberipun
dateng sedaya para penderekipun, kalebetna ugi kita sedaya minangka ummat
ingkang nampi syafa’at mbenjang ing yaumil akhir. Amin.

An Nida’ 13
Sak lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami
kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh
dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng
Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa
Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang
dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih namung kanti iman lan taqwa punika kita
sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

‫ونــجـيــنـا الــذيــن أمــنـوـ ا وكانــواـ يــتـقــونـ‬


“Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada
tansah netepi taqwa”. (QS : Fushshilat : !8).

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……

Sampun sesarengan kita maklumi bilih kwajiban tumrap kita tumanduk ing
ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang asifat harian lan mboten saget tinilar babar pindah
inggih punika kwajiban shalat gangsal wekdal.
Dawuh wajibipun shalat gangsal wekdal punika kanti anggenipun Allah kepareng
nimbali sarana langsung dateng Kanjeng Nabi perlu paring wahyu perintah shalat
fardlu. Pramila kita sageta ngalap hikmah saking prastawa tumurunipun wahyu shalat
punika supados kita langkung anggenipun njagi dateng kwajiban kita shalat gangsal
wekdal. Upaya lan budi daya amrih tumandang ibadah tansah dipun tingkataken,
kanti tansah nyinaoni ilminipun saha tatacara shalat ingkang langkung sae. Jalaran
mboten sekedik antawis kita ingkang nindakaken shalat, nanging mboten kanti
mangertosi ilmi ilminipun, syarat rukunnipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun
shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan
piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Eman sanget tuwas kangelan
wusananipun mboten keleresan. Saking punika mbok mangga, samiya purun nyinaoni
ilmi peshalatan, mboten perlu lingsem. Amergi shalat kita menika mila tansah perlu
dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kwalitas ibadah
shalatipun. Menapa tiyang menawi sampun lawas anggenipun nindak aken shalat
mesti shalatipun sampun sae ? Mboten. Malah kadang kadang langkung mboten
kantenan tumandangipun. Amergi shalat mboten sekedar apal waosan saha

14 An Nida’
gerakanipun, nanging kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget manunggal
kumadep, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun
tumandang shalat, ruku’ sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun waosan shalat,
nanging manahipun suwung mboten nderek shalat, utawi malah kluyuran kesah
ngetutaken pengangen angenipun. Sahingga katingalipun tiyang shalat, nanging
piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab menika Allah maringaken pepenget :

‫فويل للمصـلين*ـ الذين هـم عـن صـالتـهـم سـاهـون*ـ‬


“Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada
lali karo shalate” ( QS.Al Ma’un : 4-5 ).
Pramila kita ampun ngantos lahiripun tumindak shalat, nanging nyatane supe dateng
shalat ingkang dipun tindakaken. Caranipun, manah sageta dipun kencang ampun
wonten pundi pundi, kanti angen angen dateng maknanipun lafadlipun shalat ingkang
dipun waos. Menawi shalat saget ktindakaken kanti sahe, tentu bade beta hikmah lan
faedah ingkang katah, ing antawisipun kangge ngresiki dosa kalepatan ingkang
ngregeti dateng manah kita. Kados dene dawuh dalem Kanjeng Nabi :

‫مـثـل الصـلـوات الـخـمـس كـمـثـل نـهـرجار غـمـر على بـاب أحـدكـم يـغـتـسـل‬
‫مـنـه كل يـوم خـمـس مـر ات‬
“Pepadane shalat limang wektu iku kaya dene bengawan kang mili tur akeh banyune
ana ing ngarep omahe salah sewijinira kabeh, kang wong mau adus ing kono saben
dinane limang ambalan”. (HR.Muslim).
Dawuh menika minangka bebingah turmap kita bilih salat minangka kabetahan kita,
kados dene betah kita bebersih siram saben dintenipun, tentu tiyang menika menawi
rajin siram saben dinten menapa malih menawi ngantos ambal kaping gangsal saben
dinten ipun, tentu tiyang menika ajeg kawontenanipun tansah bersih saking kotoran
lan sak warnining rereget. Mekaten ugi shalat menawi kanti sahe lan rajin kita tindak
aken saben dintenipun Insya Allah dosa lepat kita inggih tansah pinaringan pangapura
dening Allah sahingga bersih kados mboten wonten dosa sekedik sekedika.
Mila kangge nggayuh kasampurnanipun ibadah shalat kita, sanget wigatos nyinaoni
kanti ngaos, dateng sukaraos lafal ingkang sak lebetipun shalat kita waos, menapa
ingkang kita waos supados kito ugi mangertos, mboten lisane nrocos, nanging atine

An Nida’ 15
kropos, jalaran mboten purun ngaos. Ing mangka shalat minangka sakanipun agami
ingkang sanget wigatos, menawi sakanipun kropos, tentu bangunan menika ringkih
tansah ndamel manah kuwatos, amergi gampil ambruk sak wanci wanci mboten usah
lindu dipun srantos. Kanjeng Nabi paring pawartos :

‫ َو َمنْ ت ََر َك َها فَقَ ْد َه َد َم ال ِّد ْي ِن‬،‫ فَ َمنْ أَقَا َم َها فَقَ ْد أَقَا َم ال ِّد ْي ِن‬،‫صالَة ِع َما ُد ال ِّد ْي ِن‬
َّ ‫ال‬
“Shalat iku minangka cagake agama, sapa wonge njejekake shalat, mangka ateges
njejekake agama, Lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku ngrubuhake
agama”
(HR. Muslim).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Shalat ingkang dados inti lan pokokipun agami Islam mila mboten kenging dipun
sepelekaken, kedah tansah kita jagi lan kita reksa, syukur saget katindakaken kanti
jama’ah, amergi langkung enteng tanggung jawab kita, ugi ganjaran ingkang cetha kita
mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi kita kalebetna kawula ingkang
tansah nuhoni kwajiban shalat kanti ajeg lan jejeg, pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.

‫اركَ هللاُ ِلي‬َ َ‫بارك هللا لي ولكم في القـرأن الك ريم* ونفعـني واي ا كم بااالي ات ب‬
‫ت َوال ِّذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم* إِنَّهُ ُه َو‬
ِ ‫آن ا ْل َك ِر ْي ِم* َونَفَ َعنِي َوإِيَّا ُك ْم بِا ْاآليَ ا‬
ِ ‫َولَ ُك ْم فِي ا ْلقُ ْر‬
‫ان‬ َّ ‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن‬
ِ َ‫الش ْيط‬ ْ ‫ق ْالق ائِلِ ْي َن* أَع‬ُ ‫ص َد‬ ْ َ‫اب ال َّر ِح ْي ِم * قَ ا َل تَ َع الَى َو ُه َو أ‬ ُ ‫التَّ َّو‬
‫س ِـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم* إِنَّي انا هللا ال الــه اال أنــا فــا عــبــدني و‬ ْ ِ‫ال َّر ِج ْي ِم* ب‬
* ‫أقم الـصـلـوة لـذكـري‬
*‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‬
ْ ‫َوقُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو‬

16 An Nida’
‫‪Khutbah Jum’ah Tsaniyah‬‬

‫س ْب َحانَهُ َوتَ َع الَى َح ْم َد َمنْ‬ ‫ش يَآ َء * أَ ْح َمـ ُدهُ ُ‬ ‫ق ْاألَ ْ‬ ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ‪ ,‬اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذي َخلَ َ‬
‫ش َها َدةً تُ ْن ِج ْي‬ ‫ش َه ُد أَنْ آل اِلَ هَ إِالَّ هللاُ َو ْح َدهُ آل شَـ ِر ْيكَ لَ هُ َ‬ ‫ُعفِ َي ِم َن ا ْلبَالَ ِء * أَ ْ‬
‫س ْولُهُ أَ ْتقَى ْاألَ ْتقِي آ ِء* أَللَّ ُه َّم‬‫ـزا ِء* َوأَشْـ َه ُد أَنَّ ُم َح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َر ُ‬ ‫قَائِلَ َهـا يَ ْو َم ا ْل َج َ‬
‫س ِل َو ْاألَ ْنبِيآ ِء * َو َعلَى آلِ ِه ا ْل َك َرم آ ِء‬ ‫الر ُ‬‫سيِّ ِد ُّ‬ ‫سلِّ ْم َوبَا ِركْ َعلَى َ‬
‫سيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َ‬ ‫ص ِّل َو َ‬ ‫َ‬
‫ان إِلَى يَ ْو ِم اللِّقَاء ِ* أَ َّما بَ ْع ُد فَيَا ِعبَ ا َد‬ ‫س ِ‬ ‫صفِيآ ِء* َو َمنْ تُبِ َع ُه ْم بِإ ِ ْح َ‬ ‫ْ‬
‫ص َحابِ ِه ْاألَ ْ‬ ‫* َوأَ ْ‬
‫اي بِتَ ْق َوى هللاِ َوأَشْـ ُك ُر ْوهُ َعلَى ت ََوالِي النَّ َعمآ ِء‬ ‫ص ْي ُك ْم َوإِيَّ َ‬‫هللاِ أُ ْو ِ‬

‫* َوا ْعلَ ُم ْوا أَنَّ هللاَ تَ َع الَى أَ َم َر ُك ْم أَ ْم ًرا َع ِم ْي ًما * فَقَ ا َل َج َّل َجالَلُ هُ ‪ :‬إِنَّ هللاَ‬
‫َس لِ ْي ًما‬ ‫س لِّ ُم ْوا ت ْ‬ ‫ص لُّ ْوا َعلَ ْي ِه َو َ‬ ‫صلُّ ْو َن َعلَى النَّبِ ِّي* يَآأَيُّ َها الَّ ِذ ْي َن آ َمنُ ْوا َ‬ ‫َو َمالَئِ َكتَهُ يُ َ‬
‫ص ْحبِ ِه‬ ‫س لِ ْي َن* َو َعلَى آلِ ِه َو َ‬ ‫س يِّ ِد ا ْل ُم ْر َ‬‫س يِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َ‬ ‫س لِّ ْم َعلَى َ‬ ‫ص ِّل َو َ‬ ‫* اَللَّ ُه َّم َ‬
‫ار َح ْمنَ ا َم َع ُه ْم‬ ‫ان إِلَى يَ ْو ِم ال ِّد ْي َن * َو ْ‬ ‫س ٍ‬ ‫َوالتَّابِ ِع ْي َن * َوتَ ابِ ِع التَّابِ ِع ْي َن لَ ُه ْم بِإ ِ ْح َ‬
‫س لِ ِم ْي َن‬ ‫ت * َوا ْل ُم ْ‬ ‫اح ِم ْي َن * اَللَّ ُه َّم ا ْغفِ ْر لِ ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن َوا ْل ُم ْؤ ِمنَ ا ِ‬ ‫بِ َر ْح َمتِكَ يَا أَ ْر َح َم ال َّر ِ‬
‫ص لِ ْح أَئِ َمتَنَ ا َوأُ َّمتَنَا*‬ ‫ت * اَللَّ ُه َّم أَ ْ‬ ‫ب ال َّد َع َوا ِ‬ ‫ب ُّم ِج ْي ُ‬ ‫س ِم ْي ٌع قَ ِر ْي ٌ‬‫ت * إِنَّكَ َ‬ ‫سلِ َما ِ‬ ‫َوا ْل ُم ْ‬
‫اج َع ْلنَ ا ُه َداةَ‬ ‫ص الَ ًحا تَا ًّم ا َعا ًّم ا َو ْ‬ ‫ش ايِ َخنَا َ‬ ‫ض اتَنَا َو ُعلَ َما َءنَ ا َوفُقَ َها َءنَا* َو َم َ‬ ‫َوقُ َ‬
‫س لِ ِم ْي َن * أَللَّ ُه َّم‬ ‫اخ ُذ ْل َمنْ َخ َذ َل ا ْل ُم ْ‬ ‫ص َر ال ِّد ْي َن * َو ْ‬ ‫ص ْر َمنْ نَ َ‬ ‫ُم ْهتَ ِد ْي َن * اَللَّ ُه َّم ْان ُ‬
‫س ْو ِر ْي َن *‬ ‫س َر ا ْل َمأْ ُ‬ ‫ب ا ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن * َوفُ َّك أَ ْ‬ ‫أَ ْهلِكْ أَ ْع َدا َء ال ِّد ْي َن * َوأَلِّفْ بَ ْي َن قُلُ ْو ِ‬
‫الس الَ َمةَ‬ ‫ب اللَّ ُه َّم َّ‬ ‫ض ال َّد ْي َن َعلَى ا ْل َم ْديُ ْونِيـْ َن * َوا ْكتُ ِ‬ ‫َوفَ ِّر ْج َع ِن ا ْل َم ْك ُر ْوبِ ْي َن * َوا ْقـ ِ‬
‫ش ْي ٍء قَ ِد ْي ٌر *‬ ‫س افِ ِر ْي َن * إِنَّكَ َعلَى ُك ِّل َ‬ ‫َعلَ ْينَا * َو َعلَى ا ْل ُغ َّزا ِة َوا ْل ُم َجا ِه ِد ْي َن َوا ْل ُم َ‬
‫ف‬‫سيُ ْو َ‬ ‫اَلل ُه َّم ا ْدفَ ْع َعنَّا ا ْل َغاَل َء * َوا ْلبَالَ َء َوا ْل َوبَا َء* َو ْالفَ ْحشَا َء َوا ْل ُم ْن َك َر َوا ْلبَ ْغ َي َوال ُّ‬
‫اص ةً‬ ‫ش َدائِ َد َوا ْل ِم َح َن * َما ظَ َه َر ِم ْن َها َو َما بَطَ َن * ِمنْ بَلَ ِدنَا َه َذا َخ َّ‬ ‫ا ْل ُم ْختَلِفَة * َوال َّ‬
‫ش ْي ٍء قَ ِد ْي ٌر * َربَّنَ ا ا ْغفِ ْر لَنَ ا‬ ‫س لِ ِم ْي َن َعا َّمةً * إِنَّكَ َعلَى ُك ِّل َ‬ ‫ان ا ْل ُم ْ‬ ‫* َو ِمنْ بُ ْل َد ِ‬
‫ان* َوالَ ت َْج َع ْل فِ ْي قُلُ ْوبِنَ ا ِغالًّ لِّلَّ ِذ ْي َن آ َمنُ ْوا َربَّنَ ا‬ ‫باإل ْيـ َم ِ‬ ‫سبَقُ ْونَا ِ‬ ‫َو ِإل ْخ َوانِنَا الَّ ِذ ْي َن َ‬
‫إِنَّكَ َرؤ ُْوفٌ َّر ِح ْيم‬
‫ان َوإِ ْيتَا ِء ِذى ْالقُ ْربَى َويَ ْن َهى َع ِن ْالفَ ْحشَا ِء‬ ‫س ِ‬ ‫ِعبَا َد هللاِ‪ ،‬إِنَّ هللاَ يَأْ ُم ُر بِاْل َعد ِْل َو ْا ِإل ْح َ‬
‫سئَلُ ْوهُ‬ ‫ش ُك ُر ْوهُ َعلَى نِ َع ِم ِه يَ ِز ْد ُك ْم َوا ْ‬ ‫َو ْال ُم ْن َك ِر َو ْالبَ ْغ ِى يَ ِعظُ ُك ْم لَ َعلَّ ُك ْم تَ َذ َّك ُر ْو َن * َوا ْ‬
‫ضلِ ِه يُ ْع ِط ُك ْم َولَ ِذ ْك ُر هللاِ أَ ْكبَ ُر*‬ ‫ِمنْ فَ ْ‬
‫’‪An Nida‬‬ ‫‪17‬‬
5.
Fadhilatusy Sya’ban

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


* ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذي فَضــ َل الشـعـبان على سـائرالشـهـور َو ْاألَيَّا َم‬
ُ‫ش َه ُد أَنْ آل إِلَ هَ إِالَّ هللا‬ ْ َ‫وخص ليلة النصف من شـعبان بالفضـائل والـنـعـم * أ‬
ُ‫س ْولُه‬ ُ ‫ش َه ُد أَنَّ ُم َح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َر‬ ْ َ‫س الَم * َوا‬ َ ‫س ا ْل‬ُ ‫ش ِر ْيكَ لَهُ ا ْل َملِ ُك ْالقُ د ُّْو‬َ َ‫َو ْح َدهُ ال‬
‫س يِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد النَّبِ ِّي‬َ ‫سلِّ ْم َوبَا ِركْ َعلَى‬ َ ‫صلِّى َو‬ َ ‫ث َر ْح َمةً لِال ْنــَا َ ِم * اَللَّ ُه َّم‬ ُ ‫ــو‬ْ ‫ْال َم ْب ُع‬
‫ص َحابِ ِه َكالنُّ ُج ْو ِم فِي الظَّالَ ِم * َوالتَّـابِ ِع ْي َن‬ ْ َ‫ب َوا ْل َع َج ِم * َو َعلَى أَلِ ِه َوأ‬ ِ ‫سيِّــ ِد ا ْل َع َر‬
َ
‫اي بِتَ ْق َوا‬ ِ ‫ـام * أَ َّمابَ ْع ُد فَيَا ِعبَا َد هللاِ أُ ْو‬
َ َّ‫ص ْي ُك ْم َوإِي‬ ِ َ‫ــو ِم ا ْلقـِي‬
ْ َ‫ــان اِلَى ي‬
ِ ‫س‬ َ ‫تَــابِ ِع ِه ْم بِإِ ْحـ‬
‫الص يَ ِام * فِي نــصــف‬ ِّ ‫ت َوال ِّذ ْك ِر َوال ُّد َعا ِء َو‬ ِ ‫ق ا ْل َعالَّ ِم * بِاْ ِلعبَ ا َدا‬ِ ِ‫هللاِ ا ْل َخ ال‬
* ‫سالَ ِم‬ َّ ‫ار ال‬ َ ‫لح َر ِم * تَد ُْخ ُل ا ْل َجنَّةَ َد‬ َ ‫ش ْه ِر ْا‬ َّ ‫هــذاال‬
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah
kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar
utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi sesideman, kanthi
tansah nindakaken sadengah perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah,
supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem
Allah Subhanahu wa Ta’ala, Amiin.
Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita
bade manggihaken kawilujengan gesang. Kados ingkang sampun kajanjeaken dening
Gusti Allah kanti dawuhipun :

18 An Nida’
‫ونجـيـنا الـذيـن أمـنـوا وكانوا يتـقـون‬
“Lan Ingsun Allah bakal nylametake wong wong kang pada iman lan tansah pada
taqwa” (QS.Fushshilat : 18)
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih wekdal punika sampun lumebet
ing wulan Sya’ban , kalebet wulan ingkang mulya menggahipun Allah, Kados
dawuhipun Allah ing surat At Taubah:

‫ت‬
ِ ‫الس َم َوا‬
َّ ‫ق‬َ َ‫ب هَّللا ِ يَ ْو َم َخل‬ِ ‫ش ْهراً فِي ِكتَ ا‬ َ ‫ش َر‬ َ ‫الش ُهو ِر ِع ْن َد هللاِ ا ْثنَ ا َع‬ ُّ َ‫إِنَّ ِع َّدة‬
َ ُ‫ض ِم ْن َها أَ ْربَ َعةٌ ُح ُر ٌم َذلِكَ الدِّينُ ا ْلقَيِّ ُم فَالَ تَ ْظلِ ُم ْوا فِي ِهنَّ أَ ْنف‬
‫س ُك ْم‬ َ ‫َواألَ ْر‬
“Sejatine wilangane sasi sak jerone setahun, mungguhe Allah Ta’ala iku ana
rolas sasi mengkono iku wus katulis ing sak jerone lauh mahfudh nalika Allah
nitahake pira-pira langit lan bumi, saking rolas sasi mahu ana sasi papat kang di
mulyakake, (yaiku sasi Dzul Qo’dah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab), mulyaake
sasi papat mahu kalebu katetepane agama kang jejeg. Mula sira aja pada
nganiaya awake ana ing wulan-wulan mulya mahu kanti tumindak ma’shiyat“
(QS.At Taubah 36).
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya
Wulan mulya punika mboten wonten tegesipun, menawi kita mboten mulya aken kanti
tumandang ngamal ibadah, piwalesipun rupi ganjaran ugi bade dipun tikel-tikelaken
dening Allah Ta’ala.
Mulyakaken wulan Sya'ban punika mboten wonten ingkang langkung sae ngungkuli
amal sholeh, langkung langkung ibadah shalat fardlu kita , samiya dipun gatosaken
ampun ngantos dipun lirwaaken. Jalaran kamulyanipun wulan punika sambet kaliyan
kwajiban shalat fardlu. Inggih anggenipun Allah netepaken arah nalika kita madep
nindakaken shalat. Pramila shalat fardlu kta jejegaken lan kita tingkataken, ampun
ngantos sekedar tumandang, nanging sageta kita dadosaken sarana sesambetan kita
dateng ngarsanipun Allah. Minangka pasowanan kita dateng ngarsanipun Allah,
mboten sekedar absen, nanging sakestu dados sarana kumawula kita dateng Allah
Ta'ala. Kanti tansah migatosaken dateng tata cara , syarat rukun lan purun ngopeni
dateng sunnah sunnahipun langkung langkung wekdalipun. Sahingga shalat kita, saget

An Nida’ 19
minangka shalat ingkang jejeg. Menawi shalat sampun jejeg, Allah tentu bade nuhoni
paring piwales saha ngicalaken raos ajrih lan kuwatos ingkang tansah ngebaki
manahipun tiyang ing mangsa punika. Kados dawuhipun :

‫ان الـذيـن أمـنـوا وعـملـوا الـصـالحـات وأقـامـوا الـصـالة وأتـوا الـزكاة لـهـم‬
. ‫أجـرهم عـنـد ربـهـم وال خـوف عـلـيهم والهـم يـحـزنـون‬
"Sejatine wong kang pada iman lan pada ngamal shalih, lan pada njejegake shalat,
lan pada aweh zakat, tumrap wong wong mau ganjaran ing ngarsane Pangerane, lan
ora ana rasa kuwatir tumrap wong wong mau, lan uga wong wong mau ora bakal
pada susah". ( QS. )
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,
Minangka mulyaaken wulan Sya’ban ingkang agung menika kejawi kita nambahi ta’at
nanging kita ugi kedah ngeker lan mekak nafsu kita saking lampah makshiyat lan
duraka dating Allah supados Allah tansah paring pangreksa dateng kita saking
samukawis balak lan coba ing saklebetipun gesang punika. Jalaran Kanjeng Nabi
sampun paring dawuh mekaten :

‫من عـظـم شــعـبــان واتـقى هللا تـعــالى وعـمـل بـطـاعــتـه وأمـنـه وأمـسـك‬
‫نـفــســـه عـن الـمـعـصـيـة غـفر هللا تـعــالى ذنـوبـه وأمــنــه مـن ك ل مــا‬
‫يــقــون فى تـلـك الــســنــة مـن الـبـال يــا واألمرض‬
“Sing sapa wonge ngegungake wulan Sya’ban sarana taqwa marang Allah Ta’ala,
lan ngamal tha’at marang Allah, uga nahan nafsune sangka ma’shiyat, mangka
Allah bakal paring pangapura marang dosa dosane, lan Allah bakal paring slamet
sekabehe bala’ bencana lan pirang pirang penyakit kang kedadean ing tahun kuwi” .
Ningali semanten peparing kanugerahanipun Allah dateng tiyang ingkang mulyakaken
wulan Sya’ban, eman sanget menawi kita mboten nampi kanugerahan punika.
Langkung langkung ing mangsa punika mushibah kongang dumados sak wanci wanci,
seget temama dateng sinten kemawon, sahingga raos ajrih lan kuatos tansah sliweran
ing manah kita. Pramila kagem sarana wilujengan nyuwun pangreksan mboten wonten
ingkang paling leres kejawi namung dateng ingkang kagungan , inggih Allah Ta’ala.
Saweneh caranipun nderek lan nindak aken dawuh Nabi kasebat, nambahi tha’at lan
nyuda ma’shiyat ing wulan Sya’ban menika. Mekaten ugi minangka sarana

20 An Nida’
panyuwunan pangreksa dateng Allah saking sak wernining penyakit, ingkang sinaosa
mboten ganas ndumugekaken seda nanging nguras duit, sinaosa mboten nggondol
nyawa nanging nelasaken banda, punika sedaya kongang dumugi saben wanci.
Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,
Pramila mangga sami gumbregah kanti ta’at ngibadah ing wulan Sya’ban menika
kangge nyadong rahmatipun Allah langkung langkung ing dalu tengahipun wulan
menika ingkang dipun wastani Nisfu Sya’ban, wancinipun Allah ngesokaken rahmat
lan katah maringi ijabah dateng sedaya panyuwunanipun kawula. Jalaran dalu niku
kalebet dalu ijabah miderek dawuhipun Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu ‘alaihi wa
sallam wonten ing satunggaling hadist ngengingi bab menika :

‫ و لـيــلــة‬, ‫ لـيــلــة الـجمــعـة‬, ‫خمــسـة أوقــات ال فـيــهـن الــدعــا ء‬


‫ و لـيــلــة الــصـف مــن شــعـــبـان و لـيــلــة‬, ‫الـعــشـرمـن الـمـحـرم‬
‫الـعـــديــن‬
“Ora bakal di tolak dunga ingdalem limang wektu,
1. Malem jum’ah, 2. Malem sepuluh sangka wulan Muharram. 3. malem Nishfu
Sya’ban, 4. Malem riyaya Fithrah, 5. Malem riyaya Adha”.
Mila ampun ngantos dipun liwataken dalu minulya menika tanpa kita ginaaken kagem
ngatahaken pandunga panyuwunan dateng Allah Ta’ala. Mugi mugi Allah maringana
pitedah lan pitulung dateng kita, segeta tansah nuhoni dawuh nebihi pepacuh,
gumbregah ngibadah dateng Allah Ta’ala kanti istiqomah, wekasan manggih khusnul
khatimah. Amiin.

*‫ت َوال ِّذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم‬


ِ ‫آن ا ْل َك ِر ْي ِم* َونَفَ َعنِي َوإِيَّا ُك ْم بِا ْاآليَ ا‬
ِ ‫اركَ هللاُ لِي َولَ ُك ْم فِي ا ْلقُ ْر‬ َ َ‫ب‬
‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن‬ ْ ‫ق ْالق ائِلِ ْي َن* أَع‬ ُ ‫ص َد‬ ْ َ‫اب ال َّر ِح ْي ِم * قَ ا َل تَ َع الَى َو ُه َو أ‬ ُ ‫إِنَّهُ ُه َو التَّ َّو‬
‫س ِـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم* حــم * انــاأنـزلــنــاه فى لـيــلـة‬ ِ َ‫ش ْيط‬
ْ ِ‫ان ال َّر ِج ْي ِم* ب‬ َّ ‫ال‬
*‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‬
ْ ‫مـبــاركــة انــا كــنــا مــنــذريــن * َوقُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو‬

An Nida’ 21
‫‪6.‬‬
‫‪Tradisi ing Wulan Sya’ban‬‬

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬


‫الحم د هلل ‪ ,‬الحم د هلل ال ذى فضـل الشـعـبان على سـائرالشـهور واألوق ات *‬
‫وخص ليلة النصف من شـعبان بالفضـائل والبـركات * أشـهـد أن ال اله اال هللا‬
‫وح ده ال شـريك ل ه عالـم الـغـيـب والشـهـادات * وأشـهد أن محم دا عبـده‬
‫ورسـوله سيـد الخالئ ق والبريـات * اللهـم صـل وسـلم وب ارك على سـيد‬
‫نامحمـد ص احب األي ات والمـعجآزات * ص الة تـطهـرنا بهـا من جـمـيـع‬
‫السـيئات * وعلى ألـه وأصــحابه ومن تبعهم بأفضـل الصـالة وأزكى الـتحيـات‬
‫* أمـابعـد فيـا عبـادهللا أوصــيكم وايـاي بتقـوى هللا حـق تـقـاته فى جمـيـع‬
‫األوقـات والحـاالت * وافـعـلـوا الـخـيـرات واجـتـنـبـوا عـن الـسـيـأت *‬
‫واسـتبقـوا الخيـرات واجـتـنـبـوا المـحرمات *وجاهـدوا الـنفـس والشـيـطان‬
‫ألن هـما شـديـدتان علـيكم فى عـدوات * قَ ا َل هللاَ تَ َع الَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم*‬
‫ـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم * والـذيـن‬ ‫س ِ‬
‫ان ال َّر ِج ْي ِم * بِ ْ‬ ‫أَع ْ‬
‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن َّ‬
‫الش ْيطَ ِ‬
‫جـائـوامـن بـعـدهـم يـقـولـون ربـنـا اغـفـرلـنـا والخوانـنـاالـذيـن سـبـقـونـا‬
‫بـااليـمـان‬

‫‪Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya‬‬


‫‪Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu‬‬
‫‪sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi‬‬
‫‪sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan‬‬

‫‪22‬‬ ‫’‪An Nida‬‬


mawon, lan wonten ing pundi kemawon, , tansah netepana taqwa lan thaat dateng
Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan saking
ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang
dumugining akherat, Amiin . Jalaran Allah mila sampun paring dawuh :

‫ان اللـه مـع الـذيـن اتـقـوا والـذيـن هـم مــحـســنـون‬


“Lan sejatine Allah iku tansah anyertani marang wong kang
pada taqwa lan pada agawe becik” (QS. An Nahl 128).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Kita wedal punika wonten ing sak lebetipun wulan Sya’ban, wulan ingkang dipun
mulyaaken dening Allah, ugi wulan ingkang katah mbekta kesaenan tumrap para
kawulanipun. Jumbuh kaliyan naminipun Sya’ban ingkang maknanipun cawang
cawanging kebecikan. Masyarakat kita swasana pangibadahipun ing wulan punika
benten sanget kaliyan wulan wulan sanesipun. Menika minangka bukti katahipun
kesaenan ingkang tuwuh ing wulan Sya’ban punika. Laras kaliyan dawuhipun Nabi
nalika ndangu dateng para Shahabatipun

‫أتـــدرون لــمــا سمـى شــعــبــا ن ؟ قــالــوا هللا‬


‫ ألنـــه يـتــشــعـب فـيــه خـيــر كــثــيـر‬: ‫ قــال‬, ‫ورســولــه أعــلـم‬
“Apa sira kabeh pada ngerti ngapa sasi iki diarani Sya’ban? Para shahabat nuli
matur : Inggih naming Allah lan utusanipun ingkang langkung pirsa. Kanjeng Nabi
nuli ngendika : Sasi iki disebut Sya’ban kang artine cabang, jalaran ing sasi iki
kebecikane bercabang cabang dadi akeh”

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,


Kasunyatan ingkang dumados ing masyarakat kita mila mekaten, sinaosa ing
masyarakat sanes mbok bilih benten malih. Wonten ing masyarakat kita sampun dados
kabudayan ingkang sae secara turun tumurun ngantos sak menika, ingkang mboten
nate dumados ing wulan sanesipun Sya’ban. Wujudipun upacara nyadran. Tujuan
awalipun estunipun setunggal, inggih punika Birrul walidain, bektos dateng tiyang
sepuh kalih. Menika jelas ngrupekaken kwajiban tumrap sedaya manungsa. Ingkang

An Nida’ 23
dipun dawuhaken dening Allah wonten ing Al Qur’an, sami ugi tiyang sepuh tasih
sugeng utawi sampun seda. Ing antawisipun kanti cara nyuwunaken pangapunten lan
ndungakaken nyuwunaken rahmat kangge tiyang sepuh kalih. Langkung langkung
kagem tiyang sepuh ingkang sampun seda, kanti dipun ziarahi ing makamipun, dipun
suwunaken pangapunten saha dipun suwunaken rahmat kawelasan dateng Allah.
Ngaten menika antawisipun bekti dateng tiyang sepuh, kados dawuh dalem Allah
Ta’ala :

‫واعـبـدوا هللا والتشــركـوابــه شـيـأ وبـالـوالـديـن احـسـانـا‬


“Sira kabeh pada nyembaha ing Gusti Allah, lan aja pada nyekutokake sira ing Allah
kelawan apa wae . lan bada bektiya sira ing wong tuwa loro” ( An Nisa : 36 ).
Inggih kangge tujuan birrul walidain menika asal usul upacara nyadran . Karena
kasunyatan katahipun masyarakat anggadahi tujuan lan seja ingkang sami, wonten ing
wekdal lan papan ingkang sami sahingga wonten mufakatan ngleksanaaken tujuan
menika kanti sesarengan. Lajeng dipun adani upacara wonten ing wedal lan papan
ingkang dipun mufakati. Wonten ing riku tuwuh kesaenan kesaenan ingkang katah,
antawisipun saget sami silaturrahim, sami saget ngedalaken shodakohan, maos maos
kalimah dzikir lan Qur’an, kadang kadang wonten pengaosan beberipun ilmi saking
ulama lan tasih katah kesaenan sanes sanes ipun. Sedaya punika terang minangka
dawuh agami kita. Pramila estu makna Sya’ban dados jumbuh kaliyan kasunyatan,
jalaran sampun dados tradisi lan pengadatan mila prayogi kita uri uri lan kita jagi,
ampun ngantos dipun kotori kanti kemakshiyatan ingkang ngrisakaken dateng tujuan
utami upacara adat nyadran punika.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Wondene ndungakaken dateng ahli kubur saking sederek sederek kita langkung
langkung leluwur kita ingkang mukmin, sanget gamblang dawuhipun Allah wonten
ing Al Qur’an :

‫والـذيـن جـائـوامـن بـعـدهـم يـقـولـون ربـنـا اغـفـرلـنـا والخوانـنـاالـذيـن‬


‫سـبـقـونـا بـااليـمـان‬
Lan wong wong kang tumeka sak wuse wong kang pada ndisiki (Muhajirin lan
Anshar), wong wong kuwi pada ndonga “ Duh pangeran kula mugi ngapuntena

24 An Nida’
Paduka dateng kula lan sederek sederek kula ingkang sami iman langkung rumiyin
katimbang kula ”.(QS.Al Hasyr : 10).
Lan malih dawuhipun :

‫واسـتـغـفـر لـذنـبـك وللمـؤ مــنـيـن والمـؤمـنـات‬


“Lan nyuwuna ngapura sira kanggo dosanira lan dosane wong wong mukmin lanang
lan wadon “. (QS. Muhammad : 19).
Kekalih ayat kasebat kanti terang Allah ndawuhaken dateng kita supados nyuwun
ngapura kangge kita piyambak lan ugi sederek sederek kita tiyang tiyang mukmin
ingkang sampun ngrumiyini seda.
Mekaten ugi hadits hadits dawuh Nabi katah sanget ingkang ndawuhaken ita supados
nyuwunaken pangapunten dateng sederek sederek mukmin ingkang sampun seda,
antawisipun hadits ingkang dipun riwayataken saking shahabat Utsman bin Affan
RA.:

‫كان الـنبي صلى هللا علـيـه وس لم اذا ف رغ من دفـن الميـت وق ف علـيـه‬


‫ استغـفروا ألخيكم وسـلـوا لـه بـالـتسـبيـت فـانـه األن يـســأل‬: ‫وقـال‬
“Nalika Nabi Sallallahu ‘alaihi wa sallam wis rampung saka ngubur sawijining
mayit, Panjenengane jumeneng ana ing sak pinggire kubur nuli ngendika “Nyuwuna
ngapura sira kabeh kanggo sedulur ira, lan suwunna tetepe iman, amerga ing sa’at
iki deweke lagi didangu dening Malaikat”(HR.Abu Daud).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Sedaya ingkang lumampah ing masyarakat ingkang sampun dados pengadatan wonten
ing wulan Sya’ban punika, sakestu sedayanipun wonten dawuh tuntunanipun, tentu
sifatipun umum mboten dawuh ingkang sifatipun khusus kedah lumampah ing wulan
Sya’ban punika mboten.
Mugi mugi niyat lan seja ingkang sae, lan ugi kanti amaliyah ingkang sampun
lumampah punika, sageta tinampi maqbul saha pikantuk karidlan wonten saking
ngarsa dalem Allah Ta’ala.
ِّ ‫ت َو‬
*‫الذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم‬ ِ ‫آن ا ْل َك ِر ْي ِم* َونَفَ َعنِي َوإِيَّا ُك ْم بِا ْاآليَا‬
ِ ‫اركَ هللاُ ِلي َولَ ُك ْم فِي ا ْلقُ ْر‬
َ َ‫ب‬
ُ ‫إِنَّهُ ه َُو التَّ َّو‬
* ‫اب ال َّر ِح ْي ِم‬
*‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‬ْ ‫َوقُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو‬

An Nida’ 25
26 An Nida’
7.
Nishfu Sya’ban
‫سالَ ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُ ْه‬ َّ ‫ال‬
* ‫ـر ِة‬ َ ‫آلخ‬ ِ ‫سـنَى فِي ال ُّد ْنيَا َو ْا‬ ْ ‫َّـر ا ْل ُمتَّقِ ْي َن بِأَنَّ لَ ُه ُم ا ْل ُح‬
َ ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذي بَش‬
‫ص ْي ِر فِي‬ ِ ‫ف بِا ْل َع ْج ِز َوالتَّ ْق‬ ٍ ‫ش َه ُد أَنْ آل إِلَهَ إِالَّ هللاُ َو ْح َدهُ الَ شَـ ِر ْيكَ لَهُ شَـ َها َدةً ُم ْعـتَ ِر‬ ْ َ‫أ‬
‫سالَ ِة‬َ ‫الر‬
ِّ ِ‫ث ب‬ ُ ‫ـو‬ْ ‫س ْولُهُ ا ْل َم ْب ُع‬ ُ ‫س َّر ِة * َوأَشْـ َه ُد أَنَّ ُم َح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َر‬ ِ ‫طا َعتِ ِه ا ْل ُم ْن ِجيَ ِة ا ْل ُم‬َ
* ‫ت ا ْلبَـا ِه َر ِة‬ ِ ‫ـزا‬ َ ‫سـيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد ِن ا ْل ُمؤَ يَّ ِد بِا ْل ُم ْع ِج‬
َ ‫سلِّ ْم َعلَى‬ َ ‫ص ِّل َو‬ َ ‫ا ْل ُمـنِ ْي َر ِة * أَللَّ ُه َّم‬
ُ‫ْـل ا ْل َم ْغفِ َر ِة * أَ َّما بَ ْعـ ُد فَيَ ا أَيُّ َه ا ْا ِإل ْخ َوان‬ ِ ‫ص َحابِ ِه أَه ِْل التَّ ْق َوى َوأَه‬ ْ َ‫َو َعلَى آلِ ِه َوأ‬
* ِ‫اي بِتَ ْق َوى هللا‬ َ َّ‫ص ْي ُك ْم َوإِي‬ِ ‫ أُ ْو‬،ُ‫َر ِح َم ُك ُم هللا‬
ِ‫ـم هللا‬ ِ ‫س‬ ْ ِ‫ان ال َّر ِج ْي ِم * ب‬ ِ َ‫ش ْيط‬ َّ ‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن ال‬ ْ ‫ أَع‬:‫َوقَ ْد قَا َل هللاَ تَ َعالَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم‬
‫ق تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُم وتُنَّ إِالَّ َوأَنتُم‬ َّ ‫ين َءا َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َح‬ َ ‫ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم * يَاأَيُّها َ الَّ ِذ‬
‫ون‬
َ ‫سلِ ُم‬ ْ ‫ُّم‬
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti tansah netepi taat
dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun
ngantos kuma wantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi
ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.Wonten ing kawontenan kados
menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah
pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah
Ta’ala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin.
Ringkesipun tansah nindakaken amal shaleh kanti tansah netepi iman, Inggih namung
kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kebahagyaan gesang. Kados ingkang
sampun kajanjeaken dening Gusti kanti dawuhipun :
ً‫صالِ ًحا ِّمن َذ َك ٍر أَ ْو أُنثَى َوه َُو ُم ْؤ ِمنٌ فَلَنُ ْحيِيَنَّهُ َحيَاةً طَيِّبَة‬
َ ‫َمنْ َع ِم َل‬
Sing sapa wonge ’amal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing
mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur.
(QS. An-Nahl : 97)
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Kita sedaya sami ngawuningani bilih wulan Sya’ban menika kalebet wulan ingkang
mulya lan agung, inkang mekaten menika nitik tindakipun Junjungan kita Kanjeng

An Nida’ 27
Nabi Muhammad katah nindakaken prihatosan shiyam ing wulan Sya’ban ngaten
punika . Kados dawuh hadits riwayat saking Siti ‘Aisyah, Panjenenganipun ngendika :

‫مـا رأيــت رسـول هللا صـلىاهلل عـلـيـه وســلـم اسـتـكـمل صـيـام شـهـر ق ط اال‬
‫شـهـر رمـضــان ومـا رأيـتـه فى شـهـر أكـثر مــه صـيــامـا فى شـعـبــان‬
“Aku durung tahu ngerti Rasulallahu Sallallahu ‘alaihi wa sallam nyampurnaake
pasa sewulan natas sak liyane wulan Romadlon, lan aku durung tahu weruh
Panjenengane Kanjeng Nabi pasa ing sawijining wulan kang luwih akeh saka wulan
Sya’ban” (HR.Bukhari Muslim).
Saking dawuh menika saget dipun fahami bilih wulan Sya’ban menika sanget
istimewa menggah Kanjeng Nabi ngantos mboten wonten wulan sanesipun Wulan
Ramadhan ingkang katah dipun pasani dining Panjenenganipun kados dene wulan
Sya’ban. Menapa jalaranipun ? Wonten sawenehing shahabat ingkang nyuwun pirsa
dateng Kanjeng Nabi babakan menika, inggih anggenipun Kanjeng Nabi katah shiyam
ing wulan Sya’ban. Panjenenganipun lajeng paring dawuh :

‫ذلـك شـهـر يـغـفـل الـنــــاس عـنــه بـيـن رجب ورمـضــان وهـو شـهـرتـر‬
‫فــع فـيــه األعـمـال الى رب الـعــالمــين فـأحب ان يـرفـع عمــل وأنــا صــائم‬
“Wulan Sya’ban iku wulan kang akeh dilalek ake dening akehe manungsa, manggone
ing antarane wulan Rojab lan Ramadhan, ya ing wulan Sya’ban kuwi ngamale
manungsa diaturake ing ngarsane Allah Kang Mangerani kabeh alam. Mula aku
seneng menawa ngamalku diaturake lan wektu kuwi aku lagi pasa”
(HR. Abu Dawud lan Nasa’i).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Nabi mboten sekedar ndawuhi nanging ugi nyontoni, mila sakmestinipun kita nderek
dateng tindakipun, inggih amergi tindakipun kanjeng Nabi menika lajeng kita dipun
sunnataken shiyam ing wulan Sya’ban menika. Ananging kita ugi kedah faham
pranatan syari’at, jalaran shiyam wulan Sya’ban ngaten punika kedah saderengipun
tanggal setengah, bakda nisfu Sya’ban ita dipun haramaken shiyam sunnat kejawi
menawi anggenipun shiyam wiwit sak derengipun, utawi sampun ngadataken ing
saben wulanipun kadosta upaminipun ingkang sampun mbiyasakaken shiyam sunnat
Senen Kemis .

28 An Nida’
Mekaten ugi amaliyah amaliyah sanes ingkang prayogi dipun tindakaken, langkung
langkung ing wekdal malem Nishfu Sya’ban. Ingkang ugi dipun dawuhaken dening
Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam :

, ‫اذا كان لـيلـة الـنـصـف من شـعـبـان فـقـومـوا لـيـلـهـا وصـومـوا نـهــارهــا‬


‫فـان هللا تـعــالى فى تـلـك اللـيلـة يـنـزل الى سـمـاء الـدنـيـاعـنـد غ روب‬
‫ وهـل مـن‬, ‫ هـل مـن ســائل فـاعــطيــه سـؤلــه‬: ‫الـشمس فيـقـول‬
‫مـســتـغـفــر فـأغـفــرله وهـل مـن مـسـترزق فــأرزقـه حتى يـطلـع الفـجر‬
“Nalika tengahe wulan Sya’ban wis tumeka , mangka pada tangiha tumandang
ngibadah sira kabeh ing wektu bengine, lan pada pasaha ing rinane. Jalaran Allah
Ta’ala ing wengi kuwi nurunake rahmat ing langit dunya nalikane surup serngenge,
nuli paring dawuh ; “Sapa sing nyuwun mesti Ingsun paringi apa panyuwunane. Sapa
sing nyuwun apura , mesti Ingsun paringi pangapura, sapa sing nyuwun rizki mesti
Ingsun paringi, mengono iu nganti tumeka mletekke fajar”.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Pramila mangga kita dereki dawuh lan tindakipun Kanjeng Nabi, samiya mulyaaken
wulan Sya’ban punika kados ingkang dipun contokaken Panjenenganipun. Ampun
ngantos kita tumandang ngibadah nanging mboten mangertos jluntrungipun. Amergi
namung sami ngginakaken caranipun piyambak piyambak, lan ngetutaken angen
angenipun piyambak. Sedaya amaliyah kita kedah kita mangertosi tata caranipun saha
tuntunanipun , supados amaliyah kita punika ilmiyah, lan ilmu kita amaliyah, sahingga
ibadah kita tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amiin .

‫َج َعلَنَا هللاُ َوإِيَّا ُك ْم ِم َن ْالفَائِ ِز ْي َن ْاآل ِمنِ ْي َن * َوأَد َْخلَنَا َوإِيَّا ُك ْم فِى ُز ْم َر ِة ِعبَا ِد ِه‬
‫صالِ ِح ْي َن * فَقَ ْد قَا َل تَ َعالَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم * أعـوذبـاهلل من الـشــيـطان‬ َّ ‫ال‬
‫س ْل ِم‬ ِّ ‫ين َءا َمنُوا اد ُْخلُوا فِي ال‬ َ ‫الـرجـيم * بســم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم * يَاأَ ُّي َها الَّ ِذ‬
* ُُ‫ان إِنَّهُ لَ ُك ْم َعد ٌُّو ُّمبِين‬
ِ َ‫ش ْيط‬ َّ ‫ت ال‬ِ ‫َكآفَّةً َوالَ تَتَّبِ ُعوا ُخطُ َوا‬
* ‫اح ِم ْي َن‬ ِ ‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر‬ ْ ‫َوقُ ْل َر ِّب ا ْغفِ ْر َو‬

An Nida’ 29
8.
Marhaban Ya Ramadhan

‫سالَ ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ هللاِ َوبَ َر َكاتُ ْه‬ َّ ‫ال‬


*‫سـالَ ِم‬ ِ ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذي َعلَّ َم بِا ْلقَلَ ِم* َوأَ ْن َع َم َعلَ ْينَا بِنِ ْعـ َم ِة ْا ِإل ْي َم‬
ْ ‫ـان َو ْا ِإل‬
‫ـام* َوأَشْـ َه ُد‬ ِ َ‫ش َها َدةً أُ َد ِّخ ُر َها لِيَ ْو ِم ا ْلقِي‬َ ُ‫ش ِر ْيكَ لَه‬ َ َ‫ش َهـ ُد أَنْ آل إِلَهَ إِالَّ هللاُ َو ْح َدهُ ال‬ ْ َ‫أ‬
َ ‫سـالَ ِم* أَللَّ ُه َّم‬
‫ص ِّل‬ َّ ‫َّاعي بِقَ ْولِ ِه َوفِ ْعلِ ِه إِلَى َدا ِر ال‬ ِ ‫س ْولُهُ الد‬ ُ ‫أنَّ ُم َح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َر‬
‫شفِ ْينَابِ َها ِم َن الدَّآ ِء‬ ْ َ‫صالَةً ت‬ َ * ‫اح الظَّالَ ِم‬ ِ َ‫صب‬ ْ ‫سـيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد ِم‬ َ ‫سلِّ ْم َوبَا ِركْ َعلَى‬ َ ‫َو‬
‫الز َح ِام* أَ َّما بَ ْعـ ُد‬ ِّ ‫ان إِلَى يَ ْو ِم‬ ِ ‫س‬ َ ‫ص َحابِ ِه َو َمنْ تَبِ َع ُه ْم بِإِ ْح‬ ْ َ‫سـقَ ِام* َو َعلَى آلِ ِه َوأ‬ ْ َ‫َو ْاأل‬
‫ق ْاألَنَ ِام* تَد ُْخلُ ْوا َجنَّةَ َربِّ ُك ْم‬ ِ ِ‫ـوى هللاِ َخال‬ َ ‫اي بِتَ ْق‬ ِ ‫فَيَا ِعبَا َد هللاِ أُ ْو‬
َ َّ‫ص ْي ُك ْم َوإِي‬
* ‫ان ال َّر ِج ْي ِم‬ ِ َ‫ش ْيط‬ ًّ ‫ أَع ُْو ُذبِاهللِ ِم َن ال‬: ‫سـالَ ِم* فَقَ ْد قَا َل تَ َعالَى فِي ِكتَابِ ِه ا ْل َك ِر ْي ِم‬ َّ ‫بِال‬
‫س ًرا‬ ْ ُ‫ق هللاَ يَ ْج َعل لَّهُ ِمنْ أَ ْم ِر ِه ي‬ ِ َّ‫س ِم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم * َو َمن يَت‬ ْ ِ‫ب‬
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti
ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan
nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun
gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita
pinaringan khusnul khatimah.
Kados dawuhipun Allah :

‫ون‬ ْ ‫ق تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُموتُنَّ إِالَّ َوأَنتُم ُّم‬


َ ‫سلِ ُم‬ َ ‫يَاأَيُّها َ الَّ ِذ‬
َّ ‫ين َءا َمنُوا اتَّقُوا هللاَ َح‬
“He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh
ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan
sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mboten dangu malih kita sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak
mestinipun kita cawis cawis siaga kangge ngadepi kwajiban kita shiyam wajib
menika. Sikap mental lan manah kita mila kedah dipun siapaken, jalaran mboten
sekedik umat Islam ingkang nampi kwajiban siyam Ramadhan punika kanti kepeksa.
Ing mangka wusananipun tetep sami anggenipun nindakaken. Pramila mangga kita
adepi wulan suci lan kwajiban punika kanti manah bingah saha ridla, siaga nindakaken

30 An Nida’
kwajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng
faedahipun, Kanjeng Nabi paring dawuh :

‫مـن فـرح بــدخول رمضان حرم هللا جسده على النيران‬


“Sing sapa wonge bungah sebab manjinge wulan Ramadlan, mangka Allah
ngaramake jasade wong kui sangka siksa neraka”

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya


Raos bingah lan remen menika kedah kita buktekaken kanti tata tata nyawisaken samu
kawis kangge mulyaaken wulan Ramadlan . Pengadatan kita ing masyarakat sami
ngleksanaaken persiapan kangge mangayubagya dumuginipun wulan Ramadlan
ngantos malah ndamel pantia khusus kangge menika. Mila kamulyanipun lan
keberkahanipun wulan Ramadlan sampun mboten kita mamangi . Bab menika Nabi
ndawuhaken nalika sampun dumugi akriripun wulan Sya'ban ngaten punika :

‫يـاأيـهـاالـنـاس قــد أظـلــكـم شــهـر عـظــيـم مـبــارك شــهـر فــيـه لــيـلـة‬


‫ وقـيــام‬, ‫ جـعـل اللـه صـيــامـه فـريــضـة‬, ‫الــقــدر خـيـر مـن ألــف شــهـر‬
‫لـيـلـه تـطـوعـا مـن تـقــرب فـيـه بـخـصـلـة مـن حـصــال الـخـيركان كـمـن‬
‫أدى فـريــضـة فـيـمـا سـواه ومــن أدى فـريــضـة كان كـمـن أدى سـبعـيـن‬
, ‫هـو شــهـر الـصــبـر و الـصــبـر ثـوابـه الـجـنة‬, ‫فـريــضـة فـيـمـا سـواه‬
‫وشـهــر الـمـواسـاة وشـهــر يـزاد فـيـه الـرزق‬
" He eling eling para manungsa,
Temenan bakal tumeka sawijining wulan kanga agung, kang dibarokahi , kang
mayungi marang sira kabeh. Yaiku sasi Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana
sawijining wengi kan diarani Lailatul Qadar, kang kautamane ngungkuli sewu wulan,
Allah wis amajibake pasa ing sasi kuwi, lan disunatake shalat wengi ing sasi kuwi,
sing sapa wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah, ana ing sak sejerone
wulan mau, kelawan ngamal ngamal kabecikan mangka kaya kaya nindakake ibadah
fardlu ing sak jerone sasi liyane, Lan sing sapa wongwe ngibadah fardlu siji ing
wulan Ramadhan, mangka kaya kaya ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi liyane .
Lan sasi Ramadhan iku sasi sabar, dene sabar iku ganjarane swarga, Ramadhan iku
sasi kang kanggo asih asihan, Lan sasi Ramadhan iki mangsane ditambahi peparinge
rizki"

An Nida’ 31
(HR.Ibnu Khuzaimah,lan Baihaqi).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya


Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang kaparingaken ing sak
lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos
mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika. Dene
menapa sebabipun Allah maringaken rahmat ingkang semanten katahipun, jalaran
Allah nurunaken Al Qur'an ing sak lebetipun wulan Ramadhan, Kados dawuh :

‫شـهـر رمـضـان الـذي أنـزل فـيـه الـقــرأن هدى للــنـاس وبـيـنـات مـن‬
‫الـهــدى والـفــرقــان‬
"Sasi Ramadhan iku, sasi kang den turanake Qur'an ing sak jerone sasi kuwi,
minangka kanggo pituduhe para manungsa, lan kang mertelakake sangka dalaning
pituduh, lan kang ambedakake antarane perkara kang hak lan bathil"
Mugi mugi Allah maringana pitulung lan pitedah dateng kita sedaya, saget tumandang
nindakaken jejibahan shiyam kanti enteng lan maqbul ing ngarsanipun Allah Ta'ala.
ِّ ‫ت َو‬
*‫الذ ْك ِر ا ْل َح ِك ْي ِم‬ ِ ‫آن ا ْل َك ِر ْي ِم* َونَفَ َعنِي َوإِيَّا ُك ْم بِا ْاآليَا‬
ِ ‫اركَ هللاُ لِي َولَ ُك ْم فِي ا ْلقُ ْر‬ َ َ‫ب‬
‫ُـو ُذ بِاهللِ ِم َن‬ ْ ‫ق ْالقائِلِ ْي َن* أَع‬ ُ ‫ص َد‬ ْ َ‫اب ال َّر ِح ْي ِم * قَا َل تَ َعالَى َوه َُو أ‬ ُ ‫إِنَّهُ ه َُو التَّ َّو‬
‫صالِ ًحا ِّمن َذ َك ٍر أَ ْو أُنثَى‬ َ ‫س ِـم هللاِ ال َّر ْح َم ِن ال َّر ِح ْي ِم * َمنْ َع ِم َل‬ ِ َ‫ش ْيط‬
ْ ِ‫ان ال َّر ِج ْي ِم* ب‬ َّ ‫ال‬
ً‫َوه َُو ُم ْؤ ِمنٌ فَلَنُ ْحيِيَنَّهُ َحيَاةً طَيِّبَة‬
*‫ار َح ْم َوأَ ْنتَ َخ ْي ُر ال َّر ِح ِم ْي َن‬ْ ‫* َوقُ ْل َر ِّب ْاغفِ ْر َو‬

32 An Nida’
‫‪Khutbah Jum’ah Tsaniyah‬‬

‫س ْب َحانَهُ َوتَ َع الَى َح ْم َد َمنْ‬ ‫ش يَآ َء * أَ ْح َمـ ُدهُ ُ‬ ‫ق ْاألَ ْ‬ ‫اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ‪ ,‬اَ ْل َح ْم ُد ِهللِ الَّ ِذي َخلَ َ‬
‫ش َها َدةً تُ ْن ِج ْي‬ ‫ش َه ُد أَنْ آل اِلَ هَ إِالَّ هللاُ َو ْح َدهُ آل شَـ ِر ْيكَ لَ هُ َ‬ ‫ُعفِ َي ِم َن ا ْلبَالَ ِء * أَ ْ‬
‫س ْولُهُ أَ ْتقَى ْاألَ ْتقِي آ ِء* أَللَّ ُه َّم‬‫ـزا ِء* َوأَشْـ َه ُد أَنَّ ُم َح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َر ُ‬ ‫قَائِلَ َهـا يَ ْو َم ا ْل َج َ‬
‫س ِل َو ْاألَ ْنبِيآ ِء * َو َعلَى آلِ ِه ا ْل َك َرم آ ِء‬ ‫الر ُ‬‫سيِّ ِد ُّ‬ ‫سلِّ ْم َوبَا ِركْ َعلَى َ‬
‫سيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َ‬ ‫ص ِّل َو َ‬ ‫َ‬
‫ان إِلَى يَ ْو ِم اللِّقَاء ِ* أَ َّما بَ ْع ُد فَيَا ِعبَ ا َد‬ ‫س ِ‬ ‫صفِيآ ِء* َو َمنْ تُبِ َع ُه ْم بِإ ِ ْح َ‬ ‫ص َحابِ ِه ْْاألَ ْ‬ ‫* َوأَ ْ‬
‫اي بِتَ ْق َوى هللاِ َوأَشْـ ُك ُر ْوهُ َعلَى ت ََوالِي النَّ َعمآ ِء‬ ‫ص ْي ُك ْم َوإِيَّ َ‬‫هللاِ أُ ْو ِ‬

‫* َوا ْعلَ ُم ْوا أَنَّ هللاَ تَ َع الَى أَ َم َر ُك ْم أَ ْم ًرا َع ِم ْي ًما * فَقَ ا َل َج َّل َجالَلُ هُ ‪ :‬إِنَّ هللاَ‬
‫َس لِ ْي ًما‬ ‫س لِّ ُم ْوا ت ْ‬ ‫ص لُّ ْوا َعلَ ْي ِه َو َ‬ ‫صلُّ ْو َن َعلَى النَّبِ ِّي* يَآأَيُّ َها الَّ ِذ ْي َن آ َمنُ ْوا َ‬ ‫َو َمالَئِ َكتَهُ يُ َ‬
‫ص ْحبِ ِه‬ ‫س لِ ْي َن* َو َعلَى آلِ ِه َو َ‬ ‫س يِّ ِد ا ْل ُم ْر َ‬‫س يِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َ‬ ‫س لِّ ْم َعلَى َ‬ ‫ص ِّل َو َ‬ ‫* اَللَّ ُه َّم َ‬
‫ار َح ْمنَ ا َم َع ُه ْم‬ ‫ان إِلَى يَ ْو ِم ال ِّد ْي َن * َو ْ‬ ‫س ٍ‬ ‫َوالتَّابِ ِع ْي َن * َوتَ ابِ ِع التَّابِ ِع ْي َن لَ ُه ْم بِإ ِ ْح َ‬
‫س لِ ِم ْي َن‬ ‫ت * َوا ْل ُم ْ‬ ‫اح ِم ْي َن * اَللَّ ُه َّم ا ْغفِ ْر لِ ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن َوا ْل ُم ْؤ ِمنَ ا ِ‬ ‫بِ َر ْح َمتِكَ يَا أَ ْر َح َم ال َّر ِ‬
‫ص لِ ْح أَئِ َمتَنَ ا َوأُ َّمتَنَا*‬ ‫ت * اَللَّ ُه َّم أَ ْ‬ ‫ب ال َّد َع َوا ِ‬ ‫ب ُّم ِج ْي ُ‬ ‫س ِم ْي ٌع قَ ِر ْي ٌ‬‫ت * إِنَّكَ َ‬ ‫سلِ َما ِ‬ ‫َوا ْل ُم ْ‬
‫اج َع ْلنَ ا ُه َداةَ‬ ‫ص الَ ًحا تَا ًّم ا َعا ًّم ا َو ْ‬ ‫ش ايِ َخنَا َ‬ ‫ض اتَنَا َو ُعلَ َما َءنَ ا َوفُقَ َها َءنَا* َو َم َ‬ ‫َوقُ َ‬
‫س لِ ِم ْي َن * أَللَّ ُه َّم‬ ‫اخ ُذ ْل َمنْ َخ َذ َل ا ْل ُم ْ‬ ‫ص َر ال ِّد ْي َن * َو ْ‬ ‫ص ْر َمنْ نَ َ‬ ‫ُم ْهتَ ِد ْي َن * اَللَّ ُه َّم ْان ُ‬
‫س ْو ِر ْي َن *‬ ‫س َر ا ْل َمأْ ُ‬ ‫ب ا ْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن * َوفُ َّك أَ ْ‬ ‫أَ ْهلِكْ أَ ْع َدا َء ال ِّد ْي َن * َوأَلِّفْ بَ ْي َن قُلُ ْو ِ‬
‫الس الَ َمةَ‬ ‫ب اللَّ ُه َّم َّ‬ ‫ض ال َّد ْي َن َعلَى ا ْل َم ْديُ ْونِيـْ َن * َوا ْكتُ ِ‬ ‫َوفَ ِّر ْج َع ِن ا ْل َم ْك ُر ْوبِ ْي َن * َوا ْقـ ِ‬
‫ش ْي ٍء قَ ِد ْي ٌر *‬ ‫س افِ ِر ْي َن * إِنَّكَ َعلَى ُك ِّل َ‬ ‫َعلَ ْينَا * َو َعلَى ا ْل ُغ َّزا ِة َوا ْل ُم َجا ِه ِد ْي َن َوا ْل ُم َ‬
‫ف‬‫سيُ ْو َ‬ ‫اَلل ُه َّم ا ْدفَ ْع َعنَّا ا ْل َغاَل َء * َوا ْلبَالَ َء َوا ْل َوبَا َء* َو ْالفَ ْحشَا َء َوا ْل ُم ْن َك َر َوا ْلبَ ْغ َي َوال ُّ‬
‫اص ةً‬ ‫ش َدائِ َد َوا ْل ِم َح َن * َما ظَ َه َر ِم ْن َها َو َما بَطَ َن * ِمنْ بَلَ ِدنَا َه َذا َخ َّ‬ ‫ا ْل ُم ْختَلِفَة * َوال َّ‬
‫ش ْي ٍء قَ ِد ْي ٌر * َربَّنَ ا ا ْغفِ ْر لَنَ ا‬ ‫س لِ ِم ْي َن َعا َّمةً * إِنَّكَ َعلَى ُك ِّل َ‬ ‫ان ا ْل ُم ْ‬ ‫* َو ِمنْ بُ ْل َد ِ‬
‫ان* َوالَ ت َْج َع ْل فِ ْي قُلُ ْوبِنَ ا ِغالًّ لِّلَّ ِذ ْي َن آ َمنُ ْوا َربَّنَ ا‬ ‫باإل ْيـ َم ِ‬ ‫سبَقُ ْونَا ِ‬ ‫َو ِإل ْخ َوانِنَا الَّ ِذ ْي َن َ‬
‫إِنَّكَ َرؤ ُْوفٌ َّر ِح ْيم‬
‫ان َوإِ ْيتَا ِء ِذى ْالقُ ْربَى َويَ ْن َهى َع ِن ْالفَ ْحشَا ِء‬ ‫س ِ‬ ‫ِعبَا َد هللاِ‪ ،‬إِنَّ هللاَ يَأْ ُم ُر بِاْل َعد ِْل َو ْا ِإل ْح َ‬
‫سئَلُ ْوهُ‬ ‫ش ُك ُر ْوهُ َعلَى نِ َع ِم ِه يَ ِز ْد ُك ْم َوا ْ‬ ‫َو ْال ُم ْن َك ِر َو ْالبَ ْغ ِى يَ ِعظُ ُك ْم لَ َعلَّ ُك ْم تَ َذ َّك ُر ْو َن * َوا ْ‬
‫ضلِ ِه يُ ْع ِط ُك ْم َولَ ِذ ْك ُر هللاِ أَ ْكبَ ُر*‬ ‫ِمنْ فَ ْ‬

‫’‪An Nida‬‬ ‫‪33‬‬


34 An Nida’

You might also like