You are on page 1of 1

Werdine Paes Penganten

Tata upacara pengantin adat Jawa tumrape bebrayan agung (suku Jawa) nganti saiki pranyata isih
diugemi. tata upacara mantu adat Jawa sakawit dilaksanakake ing kraton (Surakarta Hadiningrat
Ngayogyakarta Hadiningrat) minangka sumbering budaya, sabanjure ditiru dening bebrayan agung
sanajan anggone niru mau ora padha karo sanyatane. Kajaba iku uga kudu ngerti dasar-dasar wong
tua hanjodhoake putrane kang ora mung kepengen duweni putu kang hanyambung lan hanerusake
sejarah. Wong jejodohan yen ora pinaringan turun tansah ngantu-antu bebasan wit-witan kang ora
metu wohe. Tumrap wong Jawa yen arep milih calon anak mantu iku kanthi panaliti bab-bab kang
wigati, kanti pangajab amrih putrane kang wis klakon kajodhoake mau ketemu ahayu wilujeng, urip
kacukupe, sarta kinajen ing sesami. Dene tetimbang kanggo milih mantu iku ana 3 perkara : bebet
(gegayutan bab watak bebudhen), bibit (gegayutan bab kasarasan/wiji utami) lan bobot (gegayutan
bab cukupe bandha lan pendhidhikan). Paes ing tengahe bathuk awujud bunderan separuh kang
diwastani “gajah”. Dene gajah iku dadi titihane ratu. Ratu iku dadi pralampita bab kaluhuran.
Sacedheake pangapit diwastani “panitis” kang ngemu suraos bapa. Sacedhake panitis diwastani
“godheg” kang ngemu suraos turun.

You might also like