You are on page 1of 3

Bab Katresnan

1 Korinta 13 : 1 - 13
1. Sanadyan aku bisa ngucapake sarupaning basane manungsa lan
malaekat, nanging yen sepi ing katresnan, aku padha bae kaya gong
kang ngumandhang utawa bendhe kang ngangkang.
2. Sanadyan aku kadunungana peparing bisa medhar wangsit, lan
sumurup ing sakehe kawruh, lan sanadyan aku duwe pangandel
kang sampurna nganti bisa ngelih gunung, nanging yen aku sepi ing
katresnan, iku aku ora aji babar pisan.
3. Lan sanadyan aku ndanakna sabarang darbekku kabeh, malah
sanadyan aku masrahna badanku supaya diobong, nanging yen sepi
ing katresnan, iku ora maedahi apa-apa marang aku.
4. Katresnan iku sabar; katresnan iku loma, ora kumeren, ora
gumunggung lan kumenthus. 
5. Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe.
Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning
liyan. 
6. Katresnan iku ora bungah awit saka anane tumindak kang ora adil,
nanging kayekten kang mbungahake.
7. Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang,
ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.
8. Katresnan iku ora ana enteke: pamedhar wangsit iku bakal ana
pungkasane; basa roh bakal sigeg; kawruh bakal sirna. 
9. Awit kawruh kita iku ora ganep, lan pamedhar wangsit kita ora
sampurna. 
10. Nanging satekane kang sampurna, kang ora sampurna iku bakal
sirna. 
11. Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya
bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku diwasa, kaananku
kaya bocah mau wis dakbuwang.
12. Amarga kita saiki padha ndeleng gambar kang ora cetha ana ing
pangilon, nanging besuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Ing
saiki aku mung sumurup ora kalawan sampurna, nanging besuk
aku bakal sumurup kanthi sampurna, padha kaya anggonku
kapirsanan.
13. Dadine kari telung prakara iki, yaiku: pracaya, pangarep-arep lan
katresnan, nanging kang pinunjul dhewe ing antarane iku, yaiku:
katresnan.
DONGA RAMA KAWULA
DHUH, RAMA KAWULA INGKANG WONTEN ING SWARGA,
ASMA PADUKA MUGI KASUCEKAKEN.
KRATON PADUKA MUGI RAWUH.
KARSA PADUKA MUGI KALAMPAHAN WONTEN ING BUMI
KADOSDENE WONTEN ING SWARGA.
KAWULA MUGI KAPARINGAN REJEKI KAWULA
SACEKAPIPUN ING DINTEN PUNIKA.
SAHA PADUKA MUGI NGAPUTEN KALEPATAN KAWULA,
KADOSDENE KAWULA INGGIH NGAPUNTENI TETIYANG
INGKANG KALEPATAN DHATENG KAWULA.
PUNAPA DENE KAWULA MUGI SAMPUN NGANTOS
KATANDUKAKEN DHATENG ING PANGGODHA, NANGING
MUGI SAMI PADUKA UWALAKEN SAKING PIAWON.
AWITDENE PADUKA INGKANG KAGUNGAN KRATON SAHA
WISESA TUWIN KAMULYAN SALAMI-LAMINIPUN.
AMIN.
Sahadat Kalih Welas
(inggih punika Pangaken Pitados Rasuli)

1. Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa,


ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.

2. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang Putra ontang-anting,


Gusti kawula.

3. Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan


Maryam.

4. Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus,


kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing
teleng palimengan.

5. Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.

6. Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun


Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa.

7. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang


kaliyan ingkang pejah.

8. Kawula pitados dhateng Roh Suci.

9. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang


suci sarta wradin,inggih patunggilanipun para suci.

10. Punapa-dene pangapuntening dosa;

11. Tanginipun raga;

12. Sarta gesang langgeng.

You might also like