You are on page 1of 1

Prabu rama lagi duka amarga dewi sinta didusta dening rahwana.

Anoman banjur diutus budhal menyang ngalengka kanggo nggolek


sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane dewi sinta.. Nanging
anggada kepingin dadi utusane rama sehingga dadi padu. prabu rama
banjur menehi sayembara sopo seng cepet tekan ngalengka.anoman
menang amarga deweke sagoh tekan ngalengka kanti wektu sedino.

Anoman banjur budal dikancani punakawan. Anoman


kepingin cepet cepet banjur punakawan dipun lebokke ning
kancing gelunge anoman. Wiwitane anoman budhal menyang
kayangan kanggo nemoni bathara surya lan matur supaya
srengengene dendek supaya dadi awan terus. Bathara surya
gelem amarga semar sng nyuwun marang bathara surya.
Sawise iku anoman midun maneh nanging lagi wae midak lemah
deweke kesedot segoro. Jebule kang nyedot ditya wil kataksini
sng jogo segoro ngalengka. Anoman diuntal menyang jero
wetenge nanging wetenge dibelah nganggo aji²ne
anoman.anomah diuntahake wil kataksini tibo ing gunung lan
semaput banjur ditulung poro punakawan lan dewi sayemprobo.
Nanging anoman dadi wuta, anoman lan punakawan dadi sedeh.

Nalika tekan taman argasoka anoman nemoni dewi trijatha lan


dewi sinta. anoman banjur ngaturake ali aline rama marang
sinta. Nalika arep bali anoman kecekel dening indrajit nganggo
panah nagapasa . anoman disowanake prabu rahwana . anoman
diukum obong ing alun alun alengka.

nanging anoman kuwi kethek sekti


mandraguna,ora tedhas diobong. Nalika
diobong anoman pencolotan sanduwure
wewangonan kraton lan omah.
Wewangunan lan wit witan sing diencoki
anoman kabeh kobong. Kraton alengka sing
maune apik saiki dadi geni sing bulat bulat.
Rahwana nesu lan mrentahake prajurit
supaya nyekel anoman. Nanging anoman
kasil lolos lan bali lapur marang prabu rama

You might also like