You are on page 1of 3

Asslamualaikum wr.

wb

Rahayu rahayu rahayu sagung dumadi

Dhumateng ingkang dhahat kinurmatan para pinisepuh, adisepuh, sesepuh ingkang lebda ing
pitutur saha pantes sinudarsana. Dhumateng ingkang kinurmatan para dhosen, mbak mas alumni, lan
kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga kawula dherekaken ngonjukaken raos sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
hamurbeng rat, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan, dalah kasantosan dhumateng kula lan
panjenengan sami saengga kita sedaya saged makempal wonten adicara kintun donga mengeti ambal
warsa jurusan mawa daring google meet. Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng nabi kita
Muhammad saw ingkang tansah kita rantosi syafaatipun mbenjing wonten ing yaumul akhir

Saderengipun, dipun tepangaken nami kula . ........ Kula saking kelas,........ Jurusan .........

Kula minangka pranatacara badhe medharaken rantaman adicara kintun donga mengeti ambal warsa
jurusan menika.

Angka setunggal inggih menika pambuka

Angka kalih sambutan saking kahima jbsd unesa (wilda nur baity)

Angka tiga inggih menika sambutan saking kajur(bapa surana ..)

Lan Angka sekawan inggih menika kintun donga sesarengan ingkang dipubpimpin kalihan mas shihabul
choir

Kangge mbikak adicara menika, mangga kita maos basmalah sesarengan. (Bismillahirrohmanirrohim)

Mugi kanthi waosan basmalah menika gusti allah paring rahmat lan adicara menika saged kalampahan
kanthi wilujing awit purwa ngantos wasana

RANTAMAN ADICARA

Ngancik adicara salajengipun inggih menika sambutan saking kahima jbsd mbak........
Dhumateng mbak...........kula sumanggaaken

Matur nuwun kagem mbak ingkang sampun kersa paring sambutan menika

Adicara salajengipun inggih menika sambutan saking kajur bapa.......

Dhumateng bapa..,.......kula sumanggaaken

Matur nuwun kagem bapa....

Para rawuh, samangke kita sampun ngancik wonten adicara utami inggih menika kintu donga
sesarengan ingkang badhe (dipimpin) mas.......

Dhumateng mas,.........kula sumanggaaken

Matur nuwun dhumateng mas sihabul khoir, mugi waosan dunga ingkang sampun kita aturaken saged
ndadosaken jurusan basa lan sastra jawi ingkang kita tresnani menika tansah pinaringan kasuksesan
rahayu baski, kalis ing sambikala lan tetep anjayeng buwana. Lajeng mugi dhumateng swarginipun ibu
wahyu dalah bapa murdiyanto sageda diputampi sedaya amal wonten ngarsanipun kalihan Gusti Allah
swt

Para bapak/ibu dhosen mas/ mbak alumni lan kanca-kanca, adicara wiwit purwa madya sampun
kaleksanan kanthi wilujeng . Samangke sampun dumugi adicara ingkang pungkasan inggih punika
panutup. Sumangga adicara menika kita pungkasi kanthi puji syukur waosan hamdalah sesarengan.
ALhamdulilah

Cekap semanten saking kula minangka pranatacara wonten adicara menika. Bilih wonten lepat
anggenipun matur lan solah bawa, kula lan panitiya nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Matur nuwun kagem bapak/ibu dhosen mas mbak alumni lan kanca-kanca ingkang kersa tumut
salebetipun adicara kintun donha mengeti ambal warsa jurusan.
Pungkasaning atur saking kula, wabilahitaufik wal hidyah wa ridho wa inayah ihidinassiratalmustakim
wassalamualaikum warrhamatullahi wabarakatuh

You might also like