You are on page 1of 6

Ahmad Rizky Wahyudi

19020114034
2019-B

Unsur Instrinsik :

1. Irah-irahan : Sarwa Penak


2. Tema : Kritik Sosial
3. Paraga lan Pamaragan
a Gibran : Sregep, pinter, lan adiluhung
b Bapak : Wasis lan sareh
c Pak Bisri : Jujur
4. Alur : Alur maju
5. Latar
a Wektu : Esuk, awan, sore, lan wengi
b Panggonan : Omah, alun-alun kutha, lan Omah Pak Bisri
c Swasana : Prihatin, Susah, lan Seneng.
6. Sudut Pandang : Wong Katelu
7. Piwulang
a Aja selak karo batine
b Wong bakal ngunduh wohing pakarti
Sinopsis :
Jenenge Gibran, bocah kelas telu SMA iki panci ora kaya dene bocah sapadh-padha
lumrahe. Dheweke kudu dadi sanggane kulawarga amarga Bapake wis sepuh tur Ibuke uga
uwis tilar donya. Nanging kahanan sing kaya ngene ora bakal dadi pepalang tumrap Gibran
kanggo mujudake impen-impen sing dipengini. Senadyan donya uwis sarwa molak-malik,
pemerintahan uga kaya ora ana ajine maneh. Kuwi kabeh sing bakal dadi anggone Gibran
nuwuhake sipat sinng apik maneh tinimbang kaya dene kahanan sing wis kedaden ing jaman
saiki. Mula prinsip sing kudu diugemi tumrap dheweke.
Sarwa Penak

Ing jaman saiki, samubarang apa wae kuwi mesthi katon sarwa modern. Awit saka
teknologi, gaya urip, tetunggangan, apa maneh nganti piranti sing lumrahe digawe sedina-
dina kuwi mawa instan panganggone. Mula negara kita sing katon ajeg penduduke kaya ing
jaman saiki luwih nggagas kebutuhan urip sing sarwa instan kayata tembung sing aran
teknologi kuwi mau. Upama ngrembug babagan kepriye anggene ngepenakake pakarti,
piranti iki bener uga isa dadi solusi sing pas. Nanging senadyan bisa ngepenakake pakarti
sedina-dina, nanging piranti iki uga sing dadi sebab wong Indonesia lali karo budayane
dhewe. Bisa gawe aja maneh bocah cilik, semono uga wong tuwa dadi lali marang solah
bawa sing kudu dijaga nalika manggon ing ngendi wae kuwi papan panggonane. Dirasa-rasa,
donya tansaya molak-malik. Merga aku minangka bocah sing kalebu urip ing jaman saiki,
nanging durung tau ngicipi apa kuwi sing aran teknologi.

Jenengku Gibran, salah siji bocah sing upamane kabeh wong ngarani aku kuwi kalebu
bocah sing ora duwe ragad donya. Bapakku uwis sepuh, banjur Ibukku uwis tilar donya awit
limang taun kepengker. Urip pas-pasan lumrah dadi gelar pangkatku ing kene. Nanging,
senadyan kaya mangkono kahanane, aku ora dhemen dadi bocah sing katon ora ngupaya lan
pasrah marang kahanan. Ora peduli apa wae omongane wong liya, sing nglakoni urip iki aku,
tur ngapa kok ya aku kudu tepa slira ing babagan mengene? Ya bener panci kudu kaya kuwi,
nanging samubarang apa wa kuwi uga mesthi ana winatese. Omahku gedheg uga uwis seyeg,
senadyan kaya mengene, nanging omah sing sabendinane digawe tedheng marang panase
srengenge lan adheme hawa wengi lan iki sing dadi sebabe aku kudu ngrasa syukur marang
kahanan apik alane sing daktampa.

Merga kahanan iki, aku pengin bisa metu saka pakunjaran sing aran sarane urip lan
dadi wong sing bisa ngangkat derajat urip apa maneh kabagyane wong tua. Mula aku
ngupaya lumantar ngayahi jejibahan minangka siswa sing kudu sregep sinau. Kejaba aku
kudu golek banda ragad gawe urip saben dina, golek pangan kanggo kepreluan, ngrumat
bapak, tur ku uga golek ragad kanggo sekolah. Saiki aku uwis kelas telu SMA, ragad sing
dakgawe saiki yaiku lumantar kerja srabutan lan mulung sampah tur aku ya duwe beasiswa
sing wis dakolehake nalika prestasiku dadi juara siji ing SMA-ku awit kelas siji. Satemene
akeh Guru sing duweni kekareban pengin ngajab aku supaya dadi anak angkat, nanging
panjalukan kaya mengene isih durung bisa daktururuti amarga ora krana aku dumeh marang
kahanan, aku kudu duwe dalan critaku dhewe! Aku njaluk sepura sing akeh amarga iki,
upamane aku gelem, bakal muspra apa wae sing uwis daklakoni awit mbiyen.

Dina Setu, dina iki wancine prei sekolah, dadi iki dina sing kanggoku golek
panguripan. Nalika dina prei, wektuku kanggo mungut sampah bisa luwih akeh tinimbang
dina senen nganti jemuwah. Mula anggonku megawe iya kudu daktemeni. Hawa desaku
krasa adhem sumilire, nanging amarga cedhak karo papan panggonane pabrik ing kutha,
hawa adhem iki uga ora kerasa sejuk sing kaya dene lumrahe. Miwiti pakartiku dina iki, ora
lali aku pamitan marang Bapak, supaya ajeg anggenku golek rejeki lan mawa disangoni idi
palilah kanthi karaharjan. Nanging ana sing gawe aku bingung nalika arep budhal, amarga
nalika aku goleki sak sing lumrahe dakgawe mungut wingi, ing kasunyatane botol-botol
nganti piranti lawas non organik liyane sing uwis dakkumpulake ing sak kuwi uwis ora ana.

“Pak, upami panjenengan mangertosi bilih botol-botol lan piranti ingkang sampun
kula kempalaken wonten sak punika, kula badhe nyuwun pirsa samenika wonten pundi
inggih?” takonku marang Bapak.

“Bapak ora ngerti le, hla wingi kok ora sampeyan langsung setorake marang Pak Bisri
wae? Kok isih sampeyan gawa bali?” wangsulan saka Bapak.

“Kala wingi kula badhe setorake wonten Pak Bisri nanging tutup, dados kula bekta
wangsul kemawon Pak.”

“Ya uwis le, saiki bener panci ora ana sing ngerti kasile sampeyan mungut wingi kuwi
ing ngendi, mula saiki sampeyan aja wengi-wengi upama mulih. Supaya sabanjure sampeyan
mungut bisa langsung disetorake marang Pak Bisri tur ora digawa bali.” Tuturan saka Bapak.

“Inggih Pak, pangendikanipun panjenengan saestu kula ugemi”

Menapa kemawon ingkang sampun Panjenengan paringi, saestu kula trami Ya Gusti.
Banjut ora suwe saka kuwi, aku budhal.

Amarga aku uga kudu mangerteni, upama ing negeri sing sarwa kecukupan sandhang
pangane nanging semono uga isih akeh sing duweni nasib kaya aku, bedane wong-wong kuwi
isih duweni pikiran sing sehat lan patrap sing apik, ora kaya kahananku saiki. Senadyan aku
uga bola-bali dielokake wong-wong sing nganggep dheweke kuwi luwih apik tinimbang
kahananku saiki nalika lumaku salipan ing dalan, nanging ati iki isih kerasa tegar tur kuping
iki wis waleh uga sareh ngrungokake omongan sing kaya mengunu. Aku duweni apa sing
kudu dakugemi.

Dina iki aku ngliwati alun-alun kutha. Ing kene rame wong-wong sing gawa spanduk
sengit sing isine gugat pemerintah amarga kulina ngombe banyu mineral tur guwang botole
sakarepe dhewe. Aja, aja kaya mangkono, pikirku. Ora apa-apa, upama kaya mengene
kahanane supaya aku wae sing ngresiki. Ora prelu ana gegeran sing ora semesthine. Upama
ana perkara sing kaya mengene tur ngapa kok ya isih ana gegeran. Aja nganti rusak ajining
diri amarga perkara sing ora bisa dirampungne ing negarane dhewe. Nalika salah siji wong
ngawiti demonstrasi nywara kanthi swara sing banter. Dheweke duwe gagasan lan panemu
sing pengin dikandhakake nanging sadurunge durung bisa amarga status sosial.

“Medhunake Walikota, sadurunge lemah iki entek resik dipangan kabeh! Sadurunge
wargane dadi pemulung ing negarane dhewe, kita kudu bisa teges tumrap politisi sing
pakartine mung jinah lan korupsi, utawa upama ora kaya mangkono bakal bebayani negeri
iki, sadurunge Gusti pinaringan pageblug, mara gage pemimpine sing dhemen agawe jinah
lan korupsi supaya cepet dilengserake!” Panyruwe saka wong sing mimpin demonstrasi.

Nanging apa bener aku iki salah sijine korban saka pemimpin ing panggonan iki?, apa
aku wae sing lekas ngerti upama ing kene ana pemimpine?, kamangka aku ora duwe pangrasa
upama ora ana siji wae sing ngewigatekake wong sing kaya aku, apa maneh pemimpine
negeri iki, nganti aku bisa lali. Upama kaya mangkono panci akeh sing duwe rasa sengit
marang pemimipin ing kene. Nganti bisa-bisane kedadeyan demonstrasi kaya iki kedaden ing
kene. Kamangka ing sadawane dalan akeh wit-witan ing trotoar sing ajeg gambar pasuryan
manise para pejabat sing gendheng wewenang tur sing nganggo jas ireng lan songkok ireng
utawa sing nganggo kudhung ireng sing duweni panyaruwe krana bisa diadolake marang
warga nanging bakal dipilara ing mburi. Isine janji manis pejabat unine “Pilih aku, negeri iki
bakal dakgawe ayem tentrem gemah ripah loh jinawe!”utawa “Mangga padha-padha mangun
negeri iki supaya bisa luwih apik tinimbang negeri tangga” aku ora bisa ngira kaya apa
dadine wit-witan kuwi, kanthi lila legawa disuduk nganggo paku gawe papan nuduhake janji-
janji manise para pejabat sing nyebarake iklan palsu ing negeri iki.

Sak sing dakgawa isine wis kebak, dudu kebak janji sing ora bisa kelaksanan, nanging
kebak botol-botol sing wis dakolehake nalika ana ing gegrembelaning wong-wong sing
nglakoni demonstrasi kuwi mau. Aku uga ngrasa syukur banget amarga aku isa bali luwih
awal tinimbang kaya biasane tur kasil sing dakgawa uga tansaya akeh. Nanging sadurunge
bali aku eling pangendikane Bapak upama sabanjure mungut aku kudu setoran dhisik
menyang Pak Bisri supaya ora kedaden maneh kedadeyan sing kaya wingi.

“Sugeng Sonten Pak Bisri.” Aku ana ing ngarep omahe Pak Bisri.

“Oh, Gibran. Pinarak kene Le.” Pak Bisri buka lawang.

“Inggih Pak, ampon repot-repot, samenika kula badhe setoran kados biasane.” Aku
mudhunake sak sing dakbopong. Sabanjure kuwi kasil sing uwis dakwenehake ing dhuwur
timbangan, jebule ana luwih saka 7 kg. Banjur kuwi uwis kelebu akeh ora kaya biasane.

“Le, sadurunge aku njaluk sepura” Pak Bisri menehake setoran sing luwih marang
aku.

“Hlo, wonten menapa Pak kok panjenengan kados mekaten?”

“Wingi satemene aku ora omong marang sampeyan upama kasil sing wingi kuwi
langsung dakjupuk lumantar pegawaiku wingi, amarga panci setoran sing wingi kuwi kurang,
banjur aku bingung kudu golek ing ngendi. Mula sawis kuwi aku kelingan yen sampeyan
kuwi uga sing kulinane setoran ing kene. Nanging sawise kuwi pegawaiku kandha yen
sampeyan ora ana, dadi tinimbang wektune entek selak ditinggal karo wong sing ngeterne
kuwi mula, langsung dijupuk wae.”

“Oh upami kados mekaten inggih mboten menapa-menapa kok Pak, ingkang wigati,
panjenengan saged nguber target lan setoran kula mboten kirang, hehehe....”

Sabanjure kuwi aku langsung mulih.

Kasil dina iki panci lumayan, nanging kebutuhan saben dina uga ora tansaya saithik,
nanging malah tansaya akeh. Mula anggonku ngudi pakarti uga kudu tansaya diniati maneh
amarga kahuripan neng kene uga semesthine tansaya abot maneh. Apa maneh saiki apa-apa
wae kuwi wujude uga tansaya modern, demokrasi uga ora karuan wujude. Sing dapengine,
muga negeri iki bisa oleh pemimpin sing bakale ngerti apa wae perkara ing sajrone wargane,
ora mung dadi tikus politik sing bisane mung nggrogoti saka njero.

You might also like