You are on page 1of 5

1.

Kawasisan nyerat inggih punika salah setunggaling kawasisan salebetipun


migunakaken basa kanthi produktif lumantar nuwuhaken ide dados seratan
kangge sesambetan utawi paring sawijining pangertosan tumrap piyantun
sanes. Selajengipun, Tompkins kalihan Hoskisson (1991:211) nggandharaken
bilih tataran nyerat saged dipunmangertosi dados gangsal inggih punika:
1. Pranyerat, kagiyatan menika saged dipunlampahi kanthi madosi ide,
milih topik, tujuan panyeratan, wujud seratan, ngantos sasaran
pamaos.
2. Panyusunan Draft inggih punika ngrakit ide-ide seratan supados urut.
Lajeng saged dipunwiwiti kangge seratan ingkang badhe dipunserat.
3. Nindhakaken Revisi inggih punika nindhakaken sawijing ewahan
tumrap seratan supados dados langkung sae lumantar ngetrepaken
wosing seratan utawi pamilihan tembung kalihan ukara.
4. Editing utawi nindhakaken sawijining ewahan samantunipun revisi.
Khusus wonten tataran menika, seratan saged dipunewahi kanthi
panambahan, pangirangan, pangicalan, ngantos panyusunan ingkang
wekasan saking wosing seratan miturut menapa kemawon ingkang
dipunbetahaken pamaos.
5. Publishing utawi saged dipunwastani paring pawartos ngengingi
seratan ingkang sampun dipundamel tumrap tiyang sanes.

2. Acasing kawasisan nyerat tumrap calon dwija basa Jawi inggih punika:
- Ndadosaken mutu pambelajaran tumrap kawasisan nyerat dening calon
dwija Basa Jawi langkung sae.
- Ngrembakakaken profesionalitas salebetipun ngucal kawasisan nyerat
kangge para siswa.
- Ndadosaken calon dwija minangka tuladha pribadi ingkang sae salebetipun
nuwuhake minat para siswa kangge nyerat.
- Nuwuhaken ide-ide ngengingi inovasi utawi media pambelajaran lumantar
panulisan ingkang saged paring paedah tumrap calon dwija sanesipun

Ancasing kawasisan nyerat tumrap para siswa inggih punika:


- Nuwuhake kawasisan salebetipun nyerat kanthi edukatif.
- Nuwuhake tingkat pangertosan kalihan tingkat kognisi tumrap para siswa
salebetipun pasinaonan basa Jawi.
- Dipundadosake bekal kangge ngripta sawijing karya ingkang
dipunbetahaken wonten jenjang langkung inggil.
- Dipundadosaken minangka srana kangge pangajab dhumateng para siswa
kangge nuwuhake niat salebetipun nyerat lan ngasilaken karya-karya
ingkang anggadahi paedah tumrap piyantun sanes.

3. Ingkang kedah dipungatosaken saderengipun ngripta geguritan


inggih punika unsur intrinsik, unsur ekstrinsik, sasaran pamaos, konten,
pamilihan tembung, editing, revising, kalihan publikasi. Ingkang pisanan
inggih menika pamilihan topik. Topik saged kadosta bab pengalaman,
katresnan, kritik sosial, pendhidhikan, ugi sansesipun. Samantunipun
nemtokaken topik, irah-irahan ugi kedah dipunpadosi kanthi pamilihan
tembung ingkang saged narik kawigatosan pamaos, pramila bab menika
saged dipunwastani minangka bab ingkang dados pangajab dhumateng
pamaos. Wosing geguritan saged dipunwiwiti lumantar pamilihan tembung
(diksi) ingkang anggadahi makna kiasan utawi artos endhah salebetipun
geguritan punika wau. Lajeng panyegahan wosing geguritan saged lumantar
makna ingkang asipat konotatif utawi denotatif. Larik mbaka larik ugi kedah
dipungatosaken kalihan makna ingkah anggadahi sesambetan, dados makna
saben gatra mboten medal saking wos. Nanging senaosipun kados punika,
payegegahan geguritan kedah dipunserat kanthi ringkes tur mentes supados
pamaos mboten ngraos waleh. Samantunipun menika, wonten editing kalihan
revising ingkang kedah dipunlampahi kanthi tliti kangge njingglengi
tembung-tembung ingkang dereng cetha, panulisan ingkang slenca, kalihan
sanesipun supados nalika publishing mboten wonten kalepatan. Wekasan
wonten publishing, menika wigatos sanget amargi saderengipun nyerat
geguritan, punika kedah anggadahi rantaman kados pundi caranipun seratan
saged dipunwaos piyantun kathah. Bab menika nedahaken sepinten
temenipun pangripta geguritan salebetipun nyerat.
Tuladha geguritan kanthi tema “Kritik Sosial”:
Tikus kang Minulya
Setunggal bab ingkang wigatos lumantar lakuning pagesangan
Ajen tumraping piyantun sanes kedah kados mekaten
Senaos ketawis wicaksana lumantar pepanthan
Nanging sinten ingkang saged mangertosi lebetipun seganten
Minangka patuladhan, leres bilih sampun ngasilaken pakaryan
Sedaya titah unjuk atur punten
Ukaranipun panjenegan dipunsegahaken kanthi endahing semayan
Memba dumados pemerintah minangka punjering kasekten
Tumindhak menika kedah gemati wonten pertanggungjawaban
Becik sekedhik nanging awon tansah madhan

4. Salah setunggaling metode pasinaon ngripta cerkak inggih menika


kanthi metode Video Animasi Sederhana (VAS). Media pambelajaran arupi
vidheo ingkang dipunangge sesarengan kalihan modul saged maringi
motivasi psikologis ingkang dipunselarasaken kalihan kabetahanipun para
siswa. Media pasinaon kasebat ngandhut tips kalihan trik kanthi motivatif
ingkang dipunrancang ngginakaken basa Jawi tur saged ditampi dening
sedaya kalangan. Metode menika kaanggep cocok amergi media pasinaon
menika saged nuwuhaken swasana seger kalihan dinamis tumraping para
pangguna. Media menika ugi dipunjangkepi kalihan gambar animasi lan
rekaman audio. Saking VAS menika, siswa saged midhangetaken teori
pangriptanipun cerkak sarta saged migunakaken teori kasebat salebetipun
cerkak. Para siswa langkung gampil amargi mboten betah apalan utawi maos
piyambak teori ingkang wonten ing salebetipun modul. Amargi ngginakaken
IPTEK salebetipun media menika, ndadosaken para siswa langkung remen
lan saged nampi materi kanthi langkung cetha kalihan gampil. Urut-
urutanipun proses pasinaon ngripta cerkak inggih menika :
- Dwija maringi pirsa siswanipun vidheo animasi sederhana ingkang
ngandhut titilaksana ngripta cerkak.
- Siswa dipunparingi wekdal kangge nyuwun pirsa bilih wonten pitakenan
utawi wonten ingkang dereng cetha salebetipun VAS.
- Siswa miwiti ngripta cerkak kanthi basa ingkang motivatif. Saderengipun
miwiti ngripta, tataran ngripta cerkak kedah dipunjangkepi. Tataran kala
wau inggih menika nemtokaken tema, alur (plot), paraga kalihan
pamaragan, latar/setting, pamawas, majas, kalihan piwucal.
- Siswa maringi irah-irahan.
- Cerkak kala wau lajeng dipunkempalaken dhateng dwijanipun supados
dipunkoreksi kalihan dipunparingi apresiasi kangge karya asil
pangriptanipun para siswa.

5. Urip Mampir Ngombe

Gusti tansah mangertosi lampahing pagesangan. Awit miyos, para titah


taksih wonten kahanan kanthi suci. Nandhang gesang kang kathah
wernanipun. Mila wujudipun saking para titah ugi kathah. Wonten ingkang
tumandhang becik ugi wonten ingkang tumandhang awon. Sedaya punika
kawitan saking kados pundi kita maringi ancas tumrap urip. Lajeng menika
tuwuh saking niat salebetipun manah. Menapa kemawon sejatosipun kedah
trep kalihan niat. boten wonten piyantun sanes ingkang saged dados pepalang.
Nalika kita tumandhang wonten samubarang.

Minangka titah, kita boten benten kalihan sanesipun. Taksih dados sami-
sami pinaringan adil antawis sedaya titahipun Gusti. Tur, menapa kita taksih
enget ngengingi kahanan. Bilih wonten mriki kita kedah ngempalaken bekal.
Ingkang wigatos sanget kangge sesuk upami sampun tilar donya. Mila gesang
wonten ngalam donya ampun dipundamel muspra. Kedah mangertosi pundi
kemawon ingkang badhe dipundadosaken margi. Supados kita boten keraos
bingung. Mangga kita sedaya tansah tumandhang becik dhateng sami-sami.
Sejatosipun amargi wonten mriki kita mung kendel ngunjuk.
?auripMmPi/[zo[mB.

?gusTitnShmzer[tosSilmPhai=pgeszZn\,awitMi[yhs\
prtithtkSih[wonTenKannSuci.nnD=ges=k=kqhwe/
nnipun\,milwujufFipunSki==prtithaugikqh.
[wonTenHi=k=tumnD=becikHugi[wonTenHi=k=tumnD=a[won\,sefypunikk
witnSki=k[fosPunFikitmriziZanCsÒ|
mRpHurip\,lje=meniktuwuhsji=niytSlebetipunMnh,menp[km[wonSej[tosSip
unKefhte]pKlianNiyt\,[bote[nWonTenPiynÒ|
nS[nsHi=k=sgefF[fosPepl=.nlikkittumnD=[wonTenSmubr=.

?
min=ktith,kit[bote[nB[nTnKlianS[nsSipun\,tkSihf[fosSmismipinriznHfilHnTwisS
efytitaHipunG|
sTi.tu/,menpkittkSih[aze[tZzizikann\,bilih[wonTenm]ikikitkefhzemPlkenBekl\,ai
=k=wig[tosSzetK=[g[ssukHupmismPunTil/
[fov.milges=[wonTenZl[mFovamPunFipunFmelM|sP].kefhmze/
[tosSipunFi[km[wonHi=k=b[dfipunF[fosSkenM/
gi.sup[fosKi[tBotenKer[aosBizu=.m=gkitsefytnShtumnD=becikDte=smismi.sej[t
osipunHm/gi[wonTenM`kitmu==[kneFazunJ|k\,

You might also like